Kucing-kucing Diraupi (Geguritan Jawa)

0

 Kucing-kucing Diraupi 

(Geguritan Jawa)




Kucing-kucing Diraupi iki nyritakake perjuangane wong tuwa sing serius lan ora isin gawe anak-anake dadi wong sing apik, contone usaha anak-anake supaya bisa lulus sekolah nganti jenjang pendidikan sing luwih dhuwur.


Kucing-kucing diraupi yaiku tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin



Analisane Geguritan Kucing-kucing Diraupi

Geguritan ingkang prasaja menika minangka wujud ekspresi jiwa panganggit ingkang ngandharaken raosipun lumantar ingkang dipuntingali, dipunpireng saha dipunraosaken. 


Kucing-kucing diraupi iki nyritakake perjuangane wong tuwa sing serius berjuang kanggo pendidikan anak, dheweke bakal nindakake apa wae kanggo mesthekake yen anake bisa nerusake pendidikane. Sanadyan aku rumangsa isin, aku kudu nyilih dhuwit utawa utang marang wong liya supaya anakku bisa sekolah.



Puisi Kucing-kucing diraupi

Aku malah kudu isin dhewe

Ora nduweni hak kuwasa apa-apa

Wira-wiri ndeleng bocah diterne wong tuwa

Padha golek sekolahan sing bisa nampa

Awit pancen kucing-kucing diraupi

Mbok, kepriye ngene iki


Aku malah kudu nagis dhewe

Ora nduwe duwit kanggo mbayar anak sekolah

Mikar-mikir golek utangan neng ngendi

Wis kadhung ketampa neng sekolah sing diangen-angen

Piye-piyelah anakku kudu isih sekolah

Nadyan kucing-kucing diraupi


Aku malah kudu njerit banter

Awan bengi ora bisa turu

Mung ngelamun urip ning panguripan iki

Pancen bener unen-unen jaman semana

Kucing-kucing diraupi

Isin-isin tetep dak lakoni


Aku uga ka atag karo unen-unen apik

Wong urip iku nggawa rejekine dhewe-dhewe

Aja nyawang wong sak ndhuwurmu

Delengen ing ngisormu isi ana sing luwih nistha

Kucing-kucing diarupi lakonana

Gusti Allah kang paring panggesangan iki




Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)