SERAT PARAMAYOGA MIJIL Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–44)

0

SERAT PARAMAYOGA MIJIL

Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–44)

 


 

Mijil

1. hèh wruhanta sutèngsun kêkalih | dènira padudon | dadi pratăndha sira ing têmbe | sutaningsun Maya iku yêkti | bakal darbe siwi | cacahe sapuluh ||

 

2. dene sutèngsun Bathara Manik | têrtamtu yèn ing don | mung sêsanga iku atmajane | Sang Bathara Maya amangsuli | dhuh dhuh kadipundi | tuwan sung pituduh ||

 

3. anak kawula sadaya benjing | nadyan wus gumathok | dhawuh paduka nanging sarèhne | warni kawula awon nglangkungi | cêmêng datan kadi | pun Manik puniku ||

 

4. sintên tiyangipun ingkang sudi | kawulambil bojo | Sang Hyang Tunggal arum andikane | hèh sutèngsun ywa pisan darbèni | cipta yèn tan olih | jodho wruha kulup ||

 

5. saisining jagad raya iki | pasthi nganggo jodho | panas adhêm sapanunggalane | èndhèk dhuwur ala lawan bêcik | marmanira kaki | yèn pracaya tyasmu ||

 

6. pan gonmu tan darbe warna pêkik | yaktyèku pasêmon | karsèng Hyang kang ngodrat makluk kabèh | irêng langgêng ing salami-lami | kang sinung ngling nuli | sujud wantu-wantu ||

 

7. mintaksama rèh rumăngsa sisip | Hyang Maya ing kono | nulya ingusapan bun-bunane | Rêtna Dumilah dening sudarmi | Hyang Maya tumuli | salin cahyanipun ||

 

8. ngasorakên cahyaning sitèngsi | Hyang Tunggal nabda lon | hèh wruhanta mêngko sira thole | cahyanira sumunar nêlahi | Hyang Maya nauri | dhuh sang murwèng tuwuh ||

 

9. punapèstu cahyamba samangkin | awêning sumorot | Sang Hyang Tunggal nuli nganakake | warni kaca gya nabda mring siwi | hèh Maya dèn aglis | dulunên rupamu ||

 

10. Sang Hyang Maya ngilo dupi mèksi | kang cahya sumorot | sanalika sangêt dènnya kagèt | kang rama nabda hèh suta mami | sira ingsun pêsthi | têmbe madêg ratu ||

 

11. mukti anèng jagad sonyaruri | lamun sira ngaton | ana madyapada ing besuke | among trahe arimu Si Manik | lan ngong pêsthi dadi | tuwanggana kulup ||

 

12. Hyang Maya sujud konjêm mring siti | ngrasa yèn kabêndon | matur dhuh sang murba misasèng rèh | mangkya amba nyuwun pangaksami | rèh rumăngsa sisip | Hyang Tunggal nabda rum ||

 

13. lah junjungên sirahira kaki | kang sinung ngling alon | junjung sirahira wus dêngèngèk | nuli siniram ing banyu urip | sinabdan mawanti | ywa duhkita tyasmu ||

 

14. kaananing jagad sonyaruri | wruha putraningong | nora beda lan ngarcapadane | lan wruha yèn panjênêngan mami | bakal mituruti | apa panjalukmu ||

 

15. Sang Hyang Tunggal anyipta tumuli | pawèstri kang pados | tatimbanganira atmajane | sawatara nuli ana kèksi | pawèstri yu luwih | kang adarbe sunu ||

 

16. Sang Hyang Wêning nama Dyah Sênggani | Hyang Maya tumonton | sangêt kapanujon ing galihe | Sang Hyang Tunggal nabda hèh Sênggani | sira wus pinasthi | lan Hyang Maya dhaup ||

 

17. hèh sutèngsun Maya wadon iki | wus pinêsthi jodho | lawan sira salawas-lawase | sarta mêngko sira sun juluki | Sang Hyang Sêmar tuwin | Sang Hyang Jagad Wungku ||

 

18. Hyang Iswara Gaswara prituwin | Raswara kacriyos | Sang Hyang Maya winulang sakèhe | kawidigdan myang guna kasêktin | nuksmèng agal alit | sanggya wus kacakup ||

 

19. Sang Hyang Tunggal angandika malih | payo sutaningong | ywa kasuwèn lêkasana age | angratoni jagad sonyaruri | Hyang Sêmar lan swami | nuli sami sujud ||

 

20. tan antara mêsat tan kaèksi | mangkya kang kacriyos | Sang Bathara Manik lon ature | mring kang rama dhuh kang murbèng dasih | kawularsa uning | ing darunanipun ||

 

21. warni kawula saklangkung pêkik | cahyamba sumorot | ngasorakên purnama kênyare | nanging amba tan darbe kasêktin | myang kawiknyan kadi | pun kakang ing wau ||

 

22. măngka kawula sumêrêp ing sih | paduka sang kaot | dhatêng kakang Iswaya èstune | tanpa timbang Sang Hyang Tunggal angling | hèh sutèngsun Manik | aywa klèru surup ||

 

23. gon sun sêsuta ing sira kaki | nadyan ing samêngko | bangêt cingkrang saka sabarange | tuhu muhung minăngka nêksèni | lamun jênêng mami | murbèng sira kulup ||

 

24. nganakake kang durung dumadi | nyirnakkên kang katon | mungguh sih sun marang sira thole | bakal ora ana kang nimbangi | kakangmu ngratoni | alam adam makdum ||

 

25. balik sira iku ingsun pêsthi | têmbe madêg katong | angratoni jagad saisine | lah dulunên sajronirèng carmin | hara kang kaèksi | Hyang Manik gya dulu ||

 

26. sangêt ngungun dene sajêroning | paesan katongton | katriloka sangkêp saisine | muhung paduka kang tan kaèksi | amba nyuwun uning | paran ta witipun ||

 

27. Sang Hyang Tunggal rum sumambung angling | hèh Manik sutèngong | lamun sira wruh wujudmu dhewe | yêkti wruh mring panjênêngan mami | layak sira klangkip | mring warah sun mau ||

 

28. ingsun wus nunggal kaanan jati | lêbu-linêbu wor | lawan sira sawujud jatine | nunggal rasa rasaning batin |[5] tambuh pinangkèng wit | titah gusti kumpul ||

 

29. sanalika Sang Bathara Manik | ing galih cumêplong | nulya sujud mangkana ature | dhuh pukulun yèn makatên kami | botên adarbèni | cacat gêsang ulun ||

 

30. ingkang rama mangkana mangsuli | babo sutaningong | sisip gonmu miyagah tan darbe | cacat atasing uripmu kaki | sira kasiku mring | Hyang Kang Mahagung ||

 

31. têmbe cacat sikilira kering | apus kang kapindho | tênggokira pethak têlu darbe | siyung kapate tanganmu dadi | papat Sang Hyang Manik | sru panlangsanipun ||

 

32. sanalika sujud wanti-wanti | minta aksamèng don | ingkang rama ngêngimur hèh thole | aywa agung tyasira prihatin | krana wus pinêsthi | cacatira iku ||

 

33. minăngka tăndha sawijining dasih | kang budine moncol | kagadhuhan Gusti pangwasane | lamun sira suminggaha saking | ceda pa kang warni | apa sira kulup ||

 

34. apa madha kaananing Gusti | Kang Minulya kaot | nora kalabêtan ing panggawe | kang mangkono yêkti bêbayani | wuwuh-wuwuh sisip | siksanta masungsun ||

 

35. mungguh têtêpe kang aran dasih | iku rumakêt wor | nèng jiwangga catur prakarane | rusak apês murka tuwin lali | marma luwih bêcik | narimaa kulup ||

 

36. yèn sira bangkit nrima yun olih | panglipur wirangrong | wêruh durung winarah wus dene | wruh lakuning jagad surya sasi | tranggana mênuhi | basanira makluk ||

 

37. sarta bisa solan-salin warni | priya tuwin wadon | kawidigdan tuwin kamayane | lirnya ngimpun sakèhing kasêktin | tan gêsêng ing gêni | tan têlês ing banyu ||

 

38. utawa nuksma ing agal rungsit | sun ringkês sutèngong | sira ora kewran sabarange | sang atmaja sanalika lilih | duhkitaning galih | saksana umatur ||

 

39. dhuh pukulun wau tuwan paring | pitêdah yèn ing don | amba sêsuta sanga kathahe | mugi tuwan paringa samangkin | èstri kang utami | dados jodho ulun ||

 

40. Hyang Tunggal nabda sira pinêsthi | têmbe antuk jodho | manungsa saka Pèrsi asline | ayu ngluwihi pra widadari | ran Dèwi Umayi | dene kang sêsunu ||

 

41. Si Umaran trah Bagindha Salih | lah ta kulup payo | lêkasana ywa kongsi kasuwèn | gonirarsa wibawa bawani | bawana pinundhi | dening pra tumuwuh ||

 

42. sira sumulih umadêg aji | ngrênggani kadhaton | graning arga Tangguru tilase | eyangira Sang Hyang Wênang nguni | kang nunggal sêmangkin | kaanan lan ingsun ||

 

43. sêkathahing pusaka kang saking | kang eyang kacriyos | yeka Rêtna Dumilah sêdene | sung cupu kang mèsi banyu urip | lata maosadi | sinrahkên sadarum ||

 

44. maring putra Sang Bathara Manik | gya kocap kang katon | yeka ingkang dadya sasmitane | lamun Sang Hyang Tunggal sampun anis | sarêngan kapyarsi | suwara gumuntur ||

 

 

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)