SERAT PARAMAYOGA MEGATRUH
Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–40)
Mêgatruh
1. cinarita pra janma ingkang dumunung | saloring Tangguru ardi | têrus sapangetanipun | prapta ing Cina nagari | kang pinundhi tyasing batos ||
2. wujud arca iyeka brahalanipun | pinêtha-pêtha kang warni | lapa ngranira ing dangu | kang nama Hyang Ujwalati | duk samana kacariyos ||
3. pra narendra saha wadyane sawêgung | rumanti kanang sêsaji | tuwi kabuyutanipun | kang dumunung pucak ardi | lir ngadat kang wus kalakon ||
4. yèn mêmulya dhumatêng brahalanipun | kocap Sang Hyang Sidhajati | tan kasamaran ing kalbu | gya nyipta angin gung prapti | wor riris swara gumêrot ||
5. kumarasak kêkayon gêng kabarubuh | brahala kabuncang têbih | tambuh ing tumibanipun | para janma dupi mèksi | gêtun sru ngungun andongong ||
6. gêtun dene brahalane tan kadulu | Hyang Manik rawuh ngêjlêgi | gyaning brahala ing wau | pra janma dupi umèksi | sangêt angungun ing batos ||
7. Sapyandini kawuryan jêrum nèng ngayun | rum ngandika Hyang Pramèsthi | hèh wruhanta para ratu | pun brahalanta ing nguni | samêngko salin rupa wong ||
8. pangagênging narendra tumuli matur | bilih paduka sayêkti | pangeran amba ing dangu | kang sujud brahala mangkin | pun dasih sami cumadhong ||
9. ing sih kamirahan tuwan kang lumintu | awarni toya kang saking | ardi punika tukipun | Hyang Jagad karana angling | he sakèhe titah ingong ||
10. rèh sun sipat murah asih wus tartamtu | pamintanta sun turuti | sanalika kagyat dulu | warih saking graning ardi | udaling toya gumrojog ||
11. sumbêrannya wontên ngarsane Hyang Guru | mangkana Hyang Sidhajati | nabda wruhanta pra ratu | iki tandhane yèn mami | asih marang titah ingong ||
12. para janma sruning jrih tumuli sujud | Hyang Guru gya paring uning | sadaya jêjulukipun | nulya nabda hèh pra janmi | yèn sira nêmbah maring ngong ||
13. hong mangarcamaya iku panêbutmu | Hyang Jagadnata nulya nis | pra raja sawadyanipun | tansah dènnya amêmundhi | ing dhawuh kang wus kawiyos ||
14. enggaling kang carita wau pra ratu | kondur mring prajane sami | nuli maradinkên dhawuh | ing pra wadyanya pinurih | nêmbah mring Hyang Giri Katong ||
15. Sang Aprabu Dirjasta jêjulukipun | ngadhaton nèng tanah Pèrsi | kocap saha wadyanipun | ingkang pinangeran warni | mina gung dènira manggon ||
16. anèng rawa Sablistan de namanipun | mina Tirbah angedabi | mungguhing prabawanipun | kerut tyase para janmi | sumujud trus lair batos ||
17. cinarita nuju wiwitane taun | Sang Prabu Dirjasta tuwin | pra narendra sanèsipun | rawuh ing rawa pan sarwi | ngampil sêsaji rumantos ||
18. praptaning don tinata sêsajènipun | minantranan gya binagi | mring pra janma kang nèng ngriku | wusing warata tumuli | bibaran sagung pra katong ||
19. sowang-sowang kondur marang prajanipun | kocap Sang Hyang Sidhajati | gya rawuh ing rawa ayun | manggihi mina kang dadi | sasêmbahaning sakèh wong ||
20. kaparêngan mina Tirbah wêktu wau | ngambang prabane kaèksi | sumirat-sirat ngênguwung | sisik sungsun-sungsun kadi | parang hèr gêni sumorot ||
21. kacarita Hyang Sidhajati ing ngriku | api datan ngudanèni | asale mina puniku | sinamun ngandika manis | hèh ta mina ingsun takon ||
22. sira iku iwak apa de pasmonmu | wingit wangunanta pèni | mina Tirbah dupi ngrungu | panabdaning Hyang Pramèsthi | dahat pangunguning batos ||
23. dene wontên sawênèh janma kang purun | miwiti slanggapan angling | wusana sru wêngis muwus | patut yèn sira tan uning | marang panjênêngan ingong ||
24. awit saka dèn ta dahad mudha punggung | puguh dlarung murang niti | yèn sira durung sumurup | sun iki pangraning bumi | mèsêm Hyang Guru nabda lon ||
25. hèh ta mina bangêt kliru panêmumu | kayaparan sira wani | ngaku kang murbèng tumuwuh | wruha pangran sêjati |[8] ing bawana nora loro ||
26. iya iku muhung panjênêngan ingsun | saksana Hyang Mahasidhi | matêk pangabaranipun | toyaning rawa tumuli | molah mawalikan umob ||
27. mina Tirbah saking tan kuwawanipun | nglumba adhuh sambat mati | sru manguwuh dhuh pukulun | sirêpên bêntèring warih | tan wun amba nêmah layon ||
28. Sang Hyang Guru gya nyirêp panasing banyu | wus adhêm lir wingi uni | mina Tirbah sukèng kalbu | gya matur tuwan manawi | tuhu kang murwèng dumados ||
29. èstu priksa ing tus kawijilan ulun | Sang Hyang Girinata angling | luwih mokal yèn sun tan wruh | hèh ta mina sira iki | jatine nguni wong wadon ||
30. aranira Ni Umayi sudarmamu | Juragan Sablistan nagri | Si Umaran aranipun | dene gonmu mangun tèki | minta lulusirèng wadon ||
31. pinangrana dening sarupaning makluk | têmah asalah kadadin | sira dadi mina agung | kang liningan duk miyarsi | sru jrih gya nabda ngalap sor ||
32. dhuh pangeran kang sinêmbah kang sinuhun | dening sagunging dumadi | pun dasih mangke nênuwun | waluyaning warna jati | kadi sipating wong wadon ||
33. Sang Hyang Manik mangkana panabdanipun | hèh mina sira wus pêsthi | ruwat sêka cintrakamu | pulih jatining janmèstri | nanging wruhanta samêngko ||
34. yêkti durung tumêka ing mangsanipun | mina Tirbah sukèng ati | têmah sujud wantu-wantu | murdane sumilêm warih | sakêdhap nuli mathongol ||
35. wêktu wau sakèhing bêburon banyu | pan kanut ing Tirbah nuli | sami mangeran Hyang Guru | kocap Hyang Guru wêwangi | Hyang Utipati kang artos ||
36. ratonira bêburon warih puniku | gya mêsat wus tan kaèksi | duk samana Sang Hyang Guru | sangêt kawêkèn ing galih | dènnya mrih panungkuling wong ||
37. kang wus sami mangeran maring mina gung | samana Hyang Sidhajati | antuk wênganirèng kalbu | masang kêmayan ngênani | marang sakathahing uwong ||
38. kang mangeran maring mina Tirbah wau | andadak kênèng sêsakit | lara esuk sore lampus | lara sore esuk lalis | kang urip nandhang prihatos ||
39. wayang-wuyung tilar balewismanipun | ngungsi mring tanah Ibrani | mring Yahudi Brasah Ngêrum | mring Turki Asiah Hindi | nèng Hindi antuk pawartos ||
40. lamun arsa rahayu salamènipun | mangerana Hyang Pramèsthi | pra janma ingkang maèlu | marang gumyahing pawarti | tuhu tan nêmahi layon ||