SERAT PARAMAYOGA DHANDHANGGULA BAB 2
Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–33)
Dhandhanggula
1. lir dhinandhang narendra ing Pèrsi | Sri Dirjasta kaparag ing roga | amadal saking sakèhe | usada têmah lampus | karanane wau sang aji | tan karsa nut ing warta | mangeran Hyang Guru | Sang Prabu Anom Dastandar | kang maèlu marang gumyahing pawarti | waluya gêrahira ||
2. nuli gêntos sing jumênêng aji | ajêjuluk Sang Prabu Dastandar | minulya panjênêngane | mangrèh samining ratu | satlatahnya tanah ing Pèrsi | ambawani wibawa | lir sudarmanipun | swargi Sang Prabu Dirjasta | winursita wau Sang Dastandar Aji | sangêt kapengenira ||
3. myat ing warnanira Hyang Pramèsthi | dene luwih ing prabawanira | gya linggar saking purane | mindha sudra sang prabu | sêdya rawuh ing rawa maswi | dhumatêng mina Tirbah | nèng marga kapêthuk | lan sajuga janma priya | kang wus paham mring warnanira sang aji | dinangu matur nêmbah ||
4. ngaturakên Umaran kang nami | nangkoda gêng nagari Sablistan | lan nata nunggil karsane | kumacèlu yun wêruh | ing warnane Sang Hyang Pramèsthi | arsa tinênês marang | Sang Tirbah mina gung | ingkang dumunung ing rawa | andadoskên parênging galih sang aji | gya sarêngan lampahnya ||
5. tan winarna marga sri bupati | lan Juragan Umaran wus prapta | satêpine rawa age | sujud mring pangranipun | wanti-wanti datanpa kardi | rèh Tirbah tan katingal | kocapa Hyang Guru | ing galih tan kasamaran | marang sêdyanira Sang Dastandar Aji | myang Juragan Umaran ||
6. mila nuli mring rawa nêdhaki | rawuhira jlêg datanpa sangkan | nèng ngarêpe pasilane | Risang Dastandar Prabu | saha nitih lêmbu Andini | sruning kagyat sang nata | jêtung tanpa muwus | Sang Hyang Girinata nabda | gêgununganing janma nagara Pèrsi | lan Juragan Sablistan ||
7. aja pijêr jêtung payo nuli | pratitisna ing panêmbahira | marang ing ngêndi dununge | gonira wus sumujud | marang Tirbah bêburon warih | iku têtela sasar | manawa kalantur | nora wurung patinira | mina dulunên dèn aglis | iku sajroning rawa ||
8. Sang Aprabu Dastandar pan maksih | lêngêr-lêngêr tan sagêd ngandika | Ki Juragan datan pae | nanging bisa andulu | rêrupan kang nèng jroning warih | yèn Sang Prabu Dirjasta | ingkang sampun surut | saha wadyabalanira | kang ing nguni tan ngidhêp mring Hyang Pramèsthi | sami salah kadadyan ||
9. sirah praptèng pusêr wujud janmi | pusêr sapangandhap wujud mina | Kyai Juragan wus dene | sang nata sangêt ngungun | Sang Hyang Guru ngandika malih | samêngko sira padha | wruh pangwasaningsun | nanging sira katambuhan | tan sumurup yèn sun Pangeran sêjati | kang murwèng sèsining rat ||
10. anganake kang ora kaèksi | nyirnakake sakèhing lêlara | sang nata sapamyarsane | lan Juragan ing ngriku | nuli èngêt graitèng ati | yèn punika sanyata | kang nama Hyang Guru | misesa ing tri bawana | kang kasusra berat sakèhing sêsakit | kadwi gya sarêng nêmbah ||
11. saha nêbut asmane Hyang Mulki | sarwi matur dhuh Pangeran amba | kang minulya sajatine | ing mangke kawulèstu | ngidhêp saha sami mêmundhi | ing rèh sampun kacihna | yèn tuwan satuhu | kang murwèng rat saisinya | nanging mangkya amba kumêdah udani | kawaskithan paduka ||
12. mèsêm nabda Sang Hyang Sidhajati | sajatine sirèku Umaran | turune Bagindha Salèh | lan sira darbe sunu | wanodyayu aran Umayi | murca praptèng samangkya | sira durung wêruh | dumununge atmajanta | ewadene sêka kamurahan mami | sutanta yun kapanggya ||
13. Sang Hyang Jagadkarana tumuli | anyipta supaya mina Tirbah | tumêkaa ing ngarsane | waluyaa kang wujud | wanodyayu lir widadari | jinurung panêdyanya | ulam Tirbah wau | mêsat kombul saking rawa | dhumawah nèng ngarsanya Hyang Sidhajati | mulya jatining papa ||
14. Ki Juragan anjêlih kêpati | sutanya rinangkul tinangisan | sru nabda dhuh anakku gèr | nora nyana kalamun | sira mangkya maksih basuki | ngong sidhêp wus pralaya | Juragan ing ngriku | nabda dhuh inggih punika | suta amba kang anama pun Umayi | Hyang Guru rum ngandika ||
15. heh gêgunungane janma Pèrsi | sira mêngko padha sumurupa | manawa wiyanga gêdhe | kang sira pangran iku | kadadyane Rara Umayi | lungane saka praja | lêlana nrang kewuh | tapa têmah dadi mina | lah samêngko apa wis pracaya yêkti | sira mring jênêng ingwang ||
16. ya ta wau Sang Dastandar Aji | tuwin Kyai Juragan Umaran | nulya sujud sakarone | wusing sujud gya matur | dhuh pukulun amba samangkin | sampun botên sumêlang | yèn paduka tuhu | kang pinangeran ing jagad | mangkana rum ngandika Hyang Sidhajati | Umaran titah ingwang ||
17. liya saka bocah wadon iki | sira apan maksih darbe suta | loro uga wadon kabèh | Umaran nêmbah matur | dhawuh tuwan datan nalisir | sutamba ingkang wrêdha | pun Ngumari dhaup | lan pun Turkan plunan amba | ingkang wragil nama pun Dèwi Umani | maksih lamban samangkya ||
18. yeka arinipun pun Umayi | Sang Hyang Marcukundha angandika | saka karsèngsun mangkene | Si Umani sutamu | dadya gununganing pra janmi | dene Umayi saka | pamrayoganipun | dadya sêmbahaning janma | marga goning kêpati amangun tèki | mêminta ing bathara ||
19. jinurunga saèsthining ati | dadia sasêmbahaning janma | marma sutanta sarèhne | mantêp pangajapipun | ingsun sipat murah lan asih | sadhengah titah ingwang | kang têmên tinêmu | kang dadi sêdyaning driya | Kèn Umayi saka karsèngsun ing mangkin | dadia garwaningwang ||
20. Ki Juragan dhêku duk miyarsi | nyiptantuk kabagyan tanpa kira | nuwun sumăngga ature | saksana Sang Hyang Guru | lan kang garwa Sang Dyah Umayi | nitih Andini nulya | mêsat tan kadulu | kondur mring kahyanganira | ing pucaking ardi Tangguru kang ugi | namardi Himalaya ||
21. sapêngkêrira Sang Hyang Pramèsthi | Sri Dastandar kondur mring prajanya | Juragan Umaran dhèrèk | ing marga tan winuwus | sapraptaning pura sang aji | ngèngêti andikanya | Sang Bathara Guru | mêne sutaning Juragan |Kèn Umani cinêtha ing têmbe dadi | gêgununganing janma ||
22. milanira lalu pinèt sori | Ki Juragan dahat sukèng driya | wuwuh imbuh kabagyane | pikramane sang prabu | rinêngga lir adating aji | cinêndhak caritanya | Dyah Umani sampun | têtêp angrênggani pura | sri narendra dahat sihira mring sori | samana cinarita ||
23. para janma jajahan ing Pèrsi | agung alit tuwa nom tan ana | kang sumêlang pangidhêpe | lamun Bathara Guru | pangranira ingkang sêjati | kunêng Hyang Girinata | lawan garwanipun | nutug wênah pêpasihan | enggaling kang carita sampun sêsiwi | sakawan sami priya ||
24. putra ingkang pambayun wêwangi | Bathara Sambo nulyarènira | Bathara Brahma wastane | sundhulannya jêjuluk | Sang Bathara Endra kang rayi | Bathara Bayu nama | sawusnya Hyang Guru | kagungan putra sêkawan | kocap nuli wontên swara piniyarsi | mangkana awêwarah ||
25. hèh sutèngsun ywa anggung karon sih | lawan garwanira nini Uma | kaya manungsa carane | krana mênèk kalantur | kita bakal ora sêsiwi | kang prawirèng ayuda | sudira nrang kewuh | măngka srayaning bathara | amêmayu kaluhuranta prituwin | warga santananira ||
26. saranane ora liya kaki | mintaa mring panjênêngan ingwang | Hyang Guru sapamyarsane | graitèng tyas kalamun | sudarmane kang paring wangsit | mila ge linaksanan | mangsah mêsu kayun | sakalihan ingkang garwa | sinambadan panuwune nulya mèksi | cahya nèng ngarsanira ||
27. măncawarna murub anêlahi | Hyang Pramèsthi garjitèng wardaya | yèn jinurung sasêdyane | gya nayud pudyanipun | cinarita nulya wor rêsmi | kalawan ingkang garwa | tan lama kadulu | anggarbini Dèwi Uma | dupi praptèng samaya babar priyadi | umancur cahyanira ||
28. mawa prabawa anggêgirisi | gora guntur kêtug bayu bajra | kagiri-giri gora rèh | ing antariksa têdhuh | dhêdhêt bagaskara sumilip | kilat thathit liwêran | jladri lir kinêbur | ombak gêng anêmpuh parang | kumarangsang kumêrut nora nganggopi | bludag ngalèbi dharat ||
29. mung sakêdhap kanang prabawa nir | padhang sumilak santeroning rat | maruta merut gumèrèh | taru-taru wus tuntum | ing akasa teja dumêling | sêkar ababar gănda | mrik mardu rum-arum | yayah kadi manêmbrama | mring sang kakunging rat kang nêmbe umijil | saking garbaning rena ||
30. duk samana Hyang Guru miyarsi | tela-tela wasitaning swara | hèh kulup sutanta kiye | sun paringi jêjuluk | Sang Bathara Wisnu prituwin | Sang Bathara Kesawa | Hyang Guru uga sung | parap Hyang Sahasra Suman | myang Hyang Basu ing ngriku sang putra nuli | siniram toya gêsang ||
31. wlagang sami sakêdhap sang siwi | malah sampun katingal diwasa | Sang Hyang Wisnu caritane | cêmêng usikanipun | pama kaca ambalêrêngi | mèngèr-mèngèr lathinya | kocap tingalipun | angantarani manawa | katitisan wahyuning prajurit luwih | bèr lêbdèng pamicara ||
32. cinarita Sang Hyang Sidhajati | sawusira pêputra Hyang Suman | atêbih lawan garwane | tan galih karon lulut | kaalingan marêming galih | kunêng kang cinarita | kang jumênêng ratu | anèng jagad ruri sonya | Sang Bathara Sêmar apan wus sêsiwi | sadasa kathahira ||
33. kang pambajêng Hyang Wungku kang nami | ugi anama Sang Hyang Bongkokan | nulya Hyang Siwah arine | Hyang Wraspati puniku | nulya Sang Hyang Yamadipati | Hyang Surya gya Hyang Căndra | Kuwera Tamburu | tumuli Hyang Kamajaya | wuragilnya èstri Dyah Marmana Siti | gantya kang winursita ||