YO WIS BEN

0

 YO WIS BEN




Ala lan bêciké manungsa ing donya

Pambijiné mung wênangé Gusti

Ora pêrlu rumangsa luwih aji

Tundhané nora bisa mawas dhiri


Ana sing srêgêp pétan

Ana sing sênêng rêrasanan

Ana sing pintêr rêgêjêgan

Ya wis bèn


Ana sing umuk nganti muntruk

Ujar ora butuh nanging malah ngrayuk

Jaré têtulung jêbul malah mênthung

Ya wis bèn


Ana sing tansah lêlamisan

Ngrimuk liyan murih jangkahé aman

Obral janji bakal andum kabêgjan

Ya wis bèn


Sakabèhé bakal ana titi wanciné

Amung Gusti kang wênang nêmtokaké

Mugia kita rinêksa mêcaki dalan sing amanah

Anampi rêjêki sing kalal tur barokah.


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)