NGULAT SARIRA

0

NGULAT SARIRA




Sabên titah kadunungan luput

Panyaruwé ndlidir kanggo sing luput

Tansah métani nora urun pémut

Malah nuwuhaké kahanan kang sêmrawut


Sabên janma kanugrahan rong prêkara

Éling lan lali manunggal ing jiwangga

Awèh panyaruwé ora dadi apa

Waton nora nuwuhaké daksiya


Jroning pasrawungan 

Ngulat sarira dadia padatan

Aja mung wasis nyaruwé luputé liyan

Murih nora kélangan kawicaksanan


Ngulat sarira kudu katindakaké

Murih nora sêmbrana jroning nyaruwé

Dadi luwih bêcik ing têmbé mburiné

Nora ninggal tatu mring sêpadhané.


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)