PUJINE ANASIRING MANUNGSA
Jayabaya
Ing
mangke anutugake urut-urute pralambnag kabeh, ananging tegese, sakehing para
amarsudi ngelmu pada darbe panemu dewe-dewe, bener luput amborangake ing deduga
prayogane , kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.
1. Gigiring Panglu : tegese gigiring mimis, iku
ibarat kaelokaning Dzat, dening ora arah ora enggon, ing endi saestuning
panggonane, sayekti among dumunung ana Dzating urip kita.
2. Tambining Pucang : tegese ibarat kaelokane
sifating Dzat, dene binasakake dudu lanang dudu woado dudu wandu, kaya apa
satemening sifate, sayekti amung dumunung ana sifating urip kita. Ana kang
angarani Tambining Pucang iku leng-ing grono loro, saka pangira wau bokmanawa
kaliru ing sesurupan.
3. Wekasaning Langit : tegese iku ibarat
wangenane soroting cahya, sumarambah tumeka ing sifat kita.
4. Wekasaning Samudra Tanpa Tepi : tegese iku
ibarat wangenane pangawasing rahsa, sumarambah tumeka ing sifat kita.
5. Galihing Kangkung : tegese iku ibarat
wahananing sukma, dumunung ing kahananing sifat kita.
6. Geni Sakonang Angasatake Samudra : tegese iku
ibarat hawaning nafsu, wimbuh sajroning pancadriya kita.
7. Manuk Miber Angungkuli Langit : tegese iku
ibarat rasaning budi, winbuh sajroning af’al kita.
8. Prau
Amot Samudra : tegese, prau iku
ibarating jasad, samudra iku ibarating ati sapanunggalane.
9. Angin Katarik Ing Prau : tegese iku ibarat
lakuning napas metu saka ing jasad.
10.
Susuhing Angin : tegese iku ibarat paleremaning napas, dumunung ing jantung.
Ana kang angarani Susuhing Anging iku rambut, saka pangira bokmanawa kajupuk
saka pamrayoga bae.
11. Bumi
Kapetak Sajroning Lemah
: tegese iku ibarating wujud
kita, asal saka ing lemah, ing tembe kapendem ing lemah, iya iku wahanane dadi
daging.
12.
Amek Geni Adedamar : pada karo : Geni ana Sajroning Geni, utawa : Geni Binasmi
ing Geni : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing geni tansah
andadekake geni, iya iku wahanane dadi napsu.
13. Barat Katiyub ing Angin, pada karo : Angin
Anginte Prahara : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing angin, anggung
angingsep anging ametokake angin, iya iku wahanane dadi napas.
14. Angangsu Pikulan Banyu, pada karo : Banyu ana
Sajroning Banyu, utawa : Banyu Kinum Ing Banyu : tegese iku ibarating wujud
kita, asal saka banyu tansah kailenan banyu, iya iku wahanane dadi getih, mula
ana kang ngarani, banyu sajroning banyu iku getih.
15. Srengenge Pine, surasane pada karo : Kaca
Angemu Srengenge : tegese iku ibarat cahya kasorotan ing, utawa srengenge ana
sajroning cahya, iya iku wahanane dadi pramananing netra.
16. Wiji Ana Sajroning Uwit, Uwit Ana Sajroning
Wiji : tegese iku ibarating kawula dumunung ana ing Gusti, Gusti dumunung ana
ing kawula, dibasakake pangleburan papan tulis.
17. Kakanganing Pambarep, Adining Wuragil :
tegese iku ibarating martabat Insan-Kamil, ing nalika tanajul, tiba ana wekasan
dewe, bareng tekane ing tembe dadi wiwitan, mungguh Insan-Kamil iku wahananing
urip kitapribadi.
18. Busana Kancana Retna ora Amboseni, sairib
pada karo : Busana Wastra Tanpa Seret : tegese iku ibarating jasad, busana
kancana retna wahanane dadi jasad ing jero, busana wastra wahanane dadi kulit.
19.
Tugu Manik Ing Samudra : tegese iku ibarat pantenging cipta terus marang
pelenging paningal. Ana kang angarani, tugu manik iku kalam, bokmanawa saka
pangira bae.
20.
Sawanganing Samudra Retna : dadi ibarataing babu’larbab, tegese, korining
Pangeran, iya iku hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana ing babahan
nawasanga sajroning jasad. Mungguh ing Kabudane, sawanganing samudra retna, iku
diarani : kori sela matangkep, dadi ibarat melar mingkusing maras, utawa menga
mingkeming lambe.
21.
Samudra Winaton Kilat : dadi ibarating
wot siratalmustakim, tegese dalan kang bener, iya iku hakekate pesating atma
tumeka ing chalarating Dzat. Ana kang ngarani wot siratalmustakim iku hakekate
wetuning pamicara, iku pada pakolehe.
22. Bale
Tawang Gantungan : dadi ibarating ‘arasy kursi, tegesing
‘arasy : padaupan, iya iku hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah
utawa jaja, tegese kursi : palenggahan, iya iku hakekate palenggahaning Dzat,
dumunung ana ing utek utawa jantung.
23.
Wiji Tuwuh Ing Watu : dadi ibarating loch kalam, tegesing loch : papan,
kasebut, lochilmakful, tegese papankang rineksa, iya iku hakekate sifating
Dzat, dumunung ana ing jasad, rineksa ing malaekat Kiraman, tegesing kalam :
panyeratan, iya iku hakekate wewayanganing Dzat, dumunung ana ing budi, tumuwuh
ing angen-angen, rineksa ing malaekat Katibin.
24.
Tengahing Arah : dadi ibarataing mijan, tegesing mijan : taraju, iya iku
hakekating panimbanging Dzat, dumunung ana ing paningal, pamiyarsa, pangganda,
pangrasa miwah pamiarsa.
Ing
saiki amung kajujag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang kabeh,
manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wekasan, tur ora pati andadekake perlu
ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang kagawe cangkriman, pradikane
diwawasa saka ing deduga prayoga kaya ing ngisor iki.
1. Sawarnane kang binasakake : gede, amba, dawa,
duwur, luwih, sapanunggalane iku dadi ibarate Ananing Dzat.
2. Sawarnane kang binasakake : cilik, ciyut,
cendak, endek, kurang sapanunggalane iku dai ngibarate wahananing sifat.
Upama
unen-unen : Botok Banteng winungkus ing godong asem, kabitingan ing alu
bengkong, iku pradikane : botok banteng dadi ibarat Ananing Dzat, godong asem
dadi ibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ibarat Kahananing Af’al kabeh,
mungguh dununge mangkene : Ananing Dzat kita awarana Wahananing Sifat kita,
tanda ing solah bawa kita, nanging wardine kang sejati iku ora prayoga manawa
kagawe rerasanan ing akeh, kenane kawicarakake kalayan kang wis pada tunggal
ngelmu, sarta kang wis kalumuhan deduga, tegese wis liwat tengah tuwuh, manawa
kawicarakake marang kang durung darbe deduga mundak kadinginan tuwuh, amarga
durung dumunung wahananing tumuwuh, lire kaya wirayating para sepuh, ingatase
wong urip iku awit saka lair tumeka ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating
Dzat kaping rolas, ing dalem satuwuhan, antara nem taun, kaya kang
kapratelakake ing ngisor iki.