KIDUNG NUSWANTORO RAWUH

0

 KIDUNG NUSWANTORO RAWUH

(Imajiner Nuswantoro)




Kekiatan gondheli manah engkang sae lan terang.

Wujudipun kadoso awerat dipun tandangi neng sampun ketrawang.

Neng ora ketang abot kadiyo nyruput wedhang.

Kabeh ono kang barengi nyengkuyung badan wadak ugi badan kasat soco dadosaken nyilak padhang.

Ora sisah sumelang.

Ora sisah mamang.

Kersane Gusti nyilak kabeh kanthi gumilang.


Sampun dhipun kersakaken Gusti 

Sampun titahing Gusti.

Sampun kasebat murni.

Sampun wayahipun dihadiri.

Mugi sedaya tasih anggadahi cita-cita agung kang suci.

Kabeh bakal mrantasi.

Bakal nemoni kepinginan engkang agung sanget mami.


Dhipun trami kanthi leganing ati. Sedaya sampun dados kanugrahipun Gusti. 

Manungsa gendhong luput lan salah sami. 

Ora ono manungsa kang sampurna onone mung nyuwun margi mring Pengeran Gusti. 

Menopo ketawise sae wonten ngarep soco mboten tamtu sak lebete gegirisi.

Mugi Gusti paring jembaring ndalan kesaenan ugi suci. 

Nuswantoro ngalami hukum Ngalam Suci.

Nuswantoro rawuh gemati.



Sopo lali bakal keli.

Sopo kliru bakal oncat.

Sopo salah bakal seleh.

Sopo ontrang-ontrang bakal wirang.

Sopo bendung bakal larung.

Sopo siro kadiyo kuntul diunekne dandang, dandang diunekne kuntul bakal nglundung.


Nuswantoro wes ngancik

Nuswantoro wes katon melik-melik

Nuswantoro wes balik

Nuswantoro wes becik

Nuswantoro wes ketitik


Monggo sami rukune Nuswantoro

Monggo podho nyengkuyung Nuswantoro

Monggo ngrengkuh Nuswantoro

Onggo teguh ing Nuswantoro 

Monggo jejeg ing Nuswantoro

Monggo manunggal ing Nuswantoro 


****

(Atur kawulo = derek urun rerembukan dipun damel monggo mboten didamel monggo kerso)

Nuwun sewu sampun dados penggalihipun manah menawi klintu lan sembrono. 

Sepindah nyuwun duko  

Nyuwun gunge pagapuro engkang ageng sedaya kaluwarga Nuswantoro


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)