KAPITAYAN
Kapitayan iku saka tembung Jawa sing linggane "Pitaya" tegese "percaya".
Oleh ater ater "Ka" lan penambang "AN".
Mula dadi tembung andhahan "Kriya Tanduk" Kapitayan tegese kapracayan, kapitadosan.
Iku ora nyangkut kapitayan siji lan sijine.
Dadi, dasa nama kapitayan iku yen basa Indonesia tegese "Kepercayaan" basa Agama "keyakinan".
Dadi padha kliru tampa yen kapitayan iku mligi duweke wong Jawa.
Kapitayan iku duweke sapa wae, sing rumangsa duwe bab sing "DIPERCAYA" bisa nentremake ati.
Menawa wae dianggep tembung kapitayan kuwi mau duweke golongan tinamtu..
Ora dadi ngapa amarga (sing mbusak) ora luput, nanging amung kurang ngerti bab tembung Jawa wae.
Mula dakbaleni maneh jeneng kapitayan mono minangka wilayah pribadi, sing ora oleh diudal saenggon enggon, iku minangka kasugihane ati, kang wujude rasa syukure manungsa marang Gusti kang murweng dat.
Ora perlu ngobok obok kasugihane liyan.
Ora perlu ngolok olok kapitayane liyan, sebab kapitayan iku ancas sedyane tumuju marang katentremane Jagad lan rahayune pribadi.
Mula Jeneng manungsa sing nyacat marang kapitayane liyan iku sejatine ora amarga kapitayane, nanging budipakarti pawongane.
Sebab pakarti kang mangkono tundhane amung gawe pasulayan lan mancing pradondi, temah bubrah anggone mangun memitran.
Wania dadi patuladhan minangka manungsa kang duwe kapitayan minangka "Gaman" (piranti) kanggo leladi/ ngabekti marang Gusti kang Murweng dat, lan kanthi laku utama marang sapadhane titah ing janaloka.