JUJUR

0

 JUJUR 




Jujur iku panganan apa ?  

Jujur iku sing bakul sapa ?  

Jujur iku regane pira ? 

Jujur iku digawe apa ?  

Apa kena nggo numpuk banda ?  

Nyatane akeh lambe menga 

Nindakake ora bisa 


Jujur iku gampang pangucape 

Nanging angel ditindakake 

Merga jujur ora neng lambe 

Nanging manggon ana atine 

Mula menungsa akeh-akehe 

Ora padha melu nduwe 


Tumindak jujur jaman saiki 

Kaya dom kecemplung kali 

Angel banget nggone nglakoni 

Mulane akeh ingkang lali 

Yenta jujur iku wigati 

Kanggo sarana sowan Illahi 


Pancen bener kang dadi tutur 

Piwelinge para leluhur 

Yen tumeka jaman tetawur 

Uripe menungsa sansaya ngawur 

Sing jujur malah ajur 

Sing goroh uripe makmur tembe gurine lan anak turune ancur

Lhaaaadalaaah..... 

Jujur tembe burune .....

Kojur....

Mujur ....

Syukur ......

Rahmat tur Batur .....

Makmur ....

Misuwur.....

Mabrur .....

Surgawur.....

Tumurune kabeh mur mur .......

Janur ........

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)