SASTRA RANCANG CINANCANG JRONING KALBU
(Serat Sekar jinarwi dening Sri Harto Jati)
Sajroning pasewakan agung Negari Hastina, prabu Abiyasa angawruhaken ingkang Rama marasepuh Begawan Sentanu Dewa kapurih paring pangestu dhumateng wayah kang tasih wonten salebeting guwagarba. Lon-lonan lampahe gurawalan angenjali sumungkem pepadane sang panemban , makaten pangandikanipun:
Abiyasa : " Adhuh rama panemban, awrat manawi badhe ngaturaken bot-bote kula drajate brahmana mrosot dados Nalendra, selaminipun Abiyasa boten nate memengsahan tuwin kirang kawruhe kaprajan. Ngelingi guguripun kakang prabu Citragada dening prajurit durandara katindihan Bathara Brama. Sinten mangke ingkang saged jagi kaluhurane nagari.Hastina, Kula sumanggakaken Rama panemban."
Santanu : " Kulup anak mantu Kresna dipayana , pun Rama bakal paring nugraha jati marang putranira kang ana jroning kandungan. Nadyan nerak wewalere dewa tetep jenengingsun bakal nyembadani. Iki sarana kaluhurane Nagari Hastina"
Abiyasa : " Rama panemban, kang putra amung nyumanggakake karsa paduka, Mugi pangestunipun tansah banyu mili."
Santanu: " Iya kulup, Kanugrahan sepisan awujud Aji Lebur sakethi mungguh dayane kasekten jagad tanpa timbang, aja Amung lamaking manungsa kapara dewa wae kagrayang lebur tanpa dadi.
kaping pindhane wujud Sastra rancang, mungguh daya kuwasane bisa anelukake kawasane hyang jagad giri Pati."
Ringkesipun carios Resi Santanu lumebet wonten ing guwagarbane Dewi Ambika nurunaken Aji lebur sakethi. Selajengipun tumuli manjing guwa garbane Dewi Ambalika amisik Sastra Cetha dhumateng jabang bayi:
" Aum awigna wastu mugi rahayuha sagung dumadi, jobeng eling-eling pompa-pompa aja lali.
INGSUN iku kacekak HA tegese ANA wujud wiwitan kang kasebut Hyang Jagad purwa, lenggah ana alam purwa ya alam wasana kena ing aran sirna nanging neka, utawa DATAN KENA KINAYA NGAPA.
Nitahake yen kacekak NA tegese dawuhake (nyabda nganakake anjumenengake wujud, dadi Hyang Jagad Purwa wus andawuhake).
Cahya yen kacekak CA tegese sorot pepadang sunar kang tanpa wewayangan ya cahya Hyang Jagad Purwa pribadi.
Rasa yen kacekak RA tegese ya rasane Hyang Jagad Purwa pribadi kang wus kadawuhan utawa katitahake.
Karsa yen kacekak KA tegese karep karsane Hyang Bagas purwa dhewe (utawa pribadi).
Dadii HA NA CA RA KA.: Tegese Hyang Jagad Purwa wus paring dawuh marang cahya rasa lan karsane pribadi, kang supaya tumitis utawa tumurun. Tegese turun saka pribadine Hyang Bagas Purwa dene Hyang Bagas Purwa kuwi kena di arani SANG HYANG HUNA , tegese suara pangandika kang tanpa nganggo lesan utawa piranti. Banjur sak teruse.
DA tegese wus dadi maujud gatra wus ana, nanging gatra wujud kang isih samar. Tegese ora bisa dipirsani ngangga piranti panca driya.
Tetesan yen kacekak TA tegese tetesan sabda.
SA sarining rasa ya rasane Hyang Bagas Purwa kasebut.
Wandya kacekak WA tegese wahana kang winadi utawa wola wali ora mung sepisan dadi, wahana kang winadi kuwi sejatine ya kang di arani ora mung sepisan kuwi.
Laksana yen kacekak LA tegese tumindak utawa ditindakake lumaris, lumaku, makerti. Ya marga pakerti tumindak lan laku mau banjur bisa maujud wela- wela.
Dadi DATASAWALA tegese : ana tetesing rasa kang wola wali pakartine cetha yen kabeh kuwi ora sepisan gawe, kang ateges marambah rambah nganti kena diarani datan ana pedhote utawa langgeng tetep, ajeg kaya dene getere jejantung ira.
Pantya yen kacekak PA tegese papan, wadah, utawa panggonan bolongan, guwa, utawa sipat .
Dhawuhe yen kacekak DHA tegese parentah pakone kongkonan .
Utusane jagad yen kacekak JA tegese jagad bumi. Bawana, kelaswara, tiyambita, wewengka, ringkese di arani panguasa.
Yekti yen kacekak YA tegese sayekti, sejati temenan ora goroh sampurna pepak jangkep ora kurang.
NYA tegese manunggal kumpul ora pisah samad sinamadan, limput-linimputan
Dadi PADAJAYA NYA : wadah kang papane dawuh kang wus manunggal kalawan bumi. Tegese wadah lan isine ora bisa pisah, utawa sing dhawuhi lan sing diparingi dawuh wus nyawiji (manunggal)
Marmane kacekak MA tegese mulane, sakyatane, karmane,
Gantya yen kacekak GA tegese ganti berubah, owah sipate, owah kahanane.
Binuka yen kacekak BA tegese kabukak , menga diweruhi, kaweruhan, katon mangerti karasa, kasat ing mata,.
Thukul yen kacekak THA tegese wutuh, semi, modot, brobah saka asale pindah saka papane.
NGA tegese ngawiyat dirgantara, awang-awang dhuwur, antariksa.
Dadi MAGABATANGA anduweni teges mulane banjur owah wewujudan banjur thukul ing awang-awang. Tegese ana nanging durung kasat mata. Ya piranti kang sipat pancaindriya."
Boten dangu resi sentanu mijil saking guwa garba mekas dumateng prabu Kresna Dipayana supados tansah ngati2 baureksa ponang kandutan sebab katah jawata ingkang boten rena ing penggalih....
Sakondhure Resi Santanu dhateng Talkandha, daya-daya Resi Narada marentahaken para Dewa lumebu guwa garbane Dewi Ambika tuwin Ambalika. Jabang bayi kacocoh netranipun kareben tuna netra, ingkang satunggalipun dipun untir gulune supadhos ilang kaelingane pucet guwayane.
Kanthi lampah makaten punika para Dewa mboten diasorke kaluhuran dening manungsa Hastina, sabab dayane Sastra Rancang manungsa bisa dadi dewa, sato dadi manungsa. Sentanu murti jumeneng Sentanu Dewa kinarya tuladhane Sastra Rancang ya Tirta kamandanu.
Bathara Wisnu kaparingan purbawasesa Dening Hyang jagad girinata amidana pejah marang Prabu Sentanu, ananging kasoring yuda jroning perang tandhing ing tegal Kuru kasetra tumuli Begawan ngandika:
Sentanu : " Heh Wisnu ora ana jamak lumrahe bumi menang lumawan Surya, Semono uga dewa ora bakalan menang lumawan Sentanu. Awit dewa dumadi saka martiyukundha (Cahya dumadi saka bledosan) lan Sentanu minangka wadahe martiyukundha.
Sakcelake Srengenge ora ana peteng kang ana amung padhang, Dene yen Sira arsa ngalahake Sentanu sang pangawak Surya kudu ditandhingi Pala Sara. Mungguh werdine Palasara yaiku pala = woh, sara = lungit kang amengku pralampita Sentanu lunawan wisnu nuwuhake Palasara kang awujud uap banyu ing akhiri dadi mendhung bisa ngalahake Srengenge.
Dene mendhung kang peteng dhedhet rasane ora beda kaya wong wuta ya Drestarastra kang mawa gludug lebur sekethi. Banjur dadi udan minangka panguripane titah ing ngarcapada ora beda sastra rancang Ya Tirta kamandanune Pandu."
Boten dangu Dewa beta jago Prabu Dipakiswara inggih Palasara amundi pusaka Jalasutra. Dupi kepanggih Resi Sentanu sami gabyuk rerangkulan makaten bawane Brahmana linuwih jroning ati datan ana rasa serik anane amung Legawa, tumuli muksa sesarengan.
Wasana menawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging Pangaksami.
Salam budaya RAHAYU RAHAYU RAHAYU.
catetan :
CARAKAN dipun pendhetaken saking serat jaka lawung (Hayam Wuruk) Carakan versi empu Baliyan gunung Lawu.
Saking referensi : postingan FB, Aulia Pertiwi panji mulya 16-09-2021 Situbondo