SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU
(Dirangkum dari berbagai sumber referensi versi makna & pendapat)
Serat Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, pupuh Mijil, pada kaping :
1
Sang Hyang Endra wau duk miyarsi,
kalangkung cumemplong,
kaananing martabat dununge,
wignya terang ing sawiji-wiji,
sandining Hyang Widhi,
myang sandining kawruh.
4
Dadya ananing manungsa,
dhingin geni dadi napsu sayekti,
martandhani cahya catur,
bang ireng kuning seta,
pindho bumi dadi badan kasar iku,
mratandhani cahya papat,
sungsum balung daging kulit.
Serat Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, pupuh Pangkur, pada :
9
Dene pa dencereg ngandap,
darbe karep aja antara singgih,
ha na ca ra ka puniku,
iku teges kongkonan,
balik ka ra ca na ha teges iku,
iya pacuping neng lesan,
da ta sa wa la puniki.
Serat Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, pupuh Pangkur, pada :
13
Ambu rahsa kapatira,
pangracute si rahsa ambu warni,
lan kantha wangsul dumunung,
mring nukat gaib ika,
pan ingaran warih prawitadi iku,
ingkang warih tata darma,
gantya Hyang Wisnu turneki.
15
Tembung sadad tegese kang yekti,
nuduhken mrih weruh,
urip kudu meruhi mring date,
dad muntelak lan dad maha suci,
kaping tri kang suci,
dad kang maha luhur.
19
Sakathahing kawruh putus,
wruh marang sandining gaib,
martabat jero lan jaba,
sangkan paraning dumadi,
panjer uriping manungsa,
kang langgeng ing awal akir.
29
Tetep nyata tegesipun,
neng cahya dunungireki,
maligening gesang kita,
wignya babaraken sami,
byar katon sami sakala,
titis tegese sayekti.
Serat Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, pupuh Kinanthi, pada kaping selikur.
Panca purwanda puniku,
yen saking pamanggih mami,
tan pae lan panca cahya,
dene terange kang yekti,
ambeking surya punika,
dununge paningal yekti.
31
Yeku gentha kekeleng wus muni,
makaten kang yektos,
swara iku nyawa sajatine,
gentha iku kantha kang sejati,
kantha samar wingit,
elok jatinipun.
Serat Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, pupuh Kinanthi, pada kaping
38
Patang prakara puniku,
ageming para narpati,
tan saben janma uninga,
Hyang Wisnu umatur malih,
leres kang patang prakara,
ageming para narpati.
Serat Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, pupuh Kinanthi, pada kaping
46.
Sampurnaning balung sungsum,
nanging yektine ing benjing,
inggih sami dados cahya,
dene ta lengit puniki,
sampurnaning kulit kita,
ugi dados cahya benjing.
SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU
Tegesipun :
SASTRA = empaning kawruh,
JENDRA = saking panggarbaning tembung Harya Endra, tegesipun Harya = raharja, Endra = ratu = dewa,
HAYU = rahayu = wilujeng,
NINGRAT = jagad = enggen = badan.
Suraosipun : musthikaning kawruh ingkang kuwasa amartani ing karahayon, karaharjan, katentreman lan sapanunggalanipun.
Dene tegesipun PANGRUWATING DIYU inggih amalihaken diyu, dene diyu = danawa, raseksa, asura, buta, punika kangge pasemoning piawon, penyakit, rereged, bebaya, pepeteng, kabodhowan lan sesaminipun.
Mengku suraos : amastani ingkang saged anyirnakaken saliring piawon tuwin samubarang bebaya pakewed.
Mangertosipun sinten ingkang tansah ajeg lumintu anindakaken laku samadi bilih suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna piawonipun malih dados tiyang sae lampahipun. Tiyang sakit sirna sakitipun, dados waras. Tiyang murka daksiya lajeng narimah sabar welas asih. Tiyang goroh lajeng dados temen. Tiyang bodho dados pinter sanget. Mekaten ugi tiyang golongan sudra dados waesa, waesa dados satriya, satriya dados brahmana, brahmana sumengka pangawak braja asarira bathara.
Gampilipun sawarnining kapiawonan tuwin saliring godha rencana bebaya pakewed punapa kemawon ingkang tuwuh saking kacidraning manah pribadi, punika sedaya sirna lebur dening pangastuti ulah samadi inggih mesu cipta amurweng pandulu maworing kawula Gusti.
Kajawi saking punika supados kita saged kasembadan punapa ingkang kados kasebat ing nginggil, kita kedah taberi manekung samadi, ameleng amesu cipta sedhakep suku tunggal nutupi babahan nawa sanga, tuwin telatos anggen kita angruwat sakathahing sesuker lan beladering pancadriya.
Wontenipun tembung nutupi babahan nawa sanga wau kangge ucap-ucapanipun Nata Dwarawati utawi Sang Arjuna manawi kaleres samadi manages ing Dewa. Inggih saking tembung punika wau ingkang dipunugemi sarta lajeng dados pamanggihing umum, inggih sejatosipun namung pasemon utawi pralambang.
Ananging menggah sejatosipun kita boten saged yen anutupana salah setunggal kemawon saking babahan nawa sanga wau.
Liripun : upami kita nutupi grana margining napas, ing mangka lampahing napas punika ingkang dados tetekening ulah samadi. Sebab napas punika ingkang dados tetangsul utawi dados wahananing gesang kita. Mila yen grana kita kalantur dipuntutupi saestu badhe dumugi ing jaman sakaratil. Dados nutupi babahan nawa sanga (bolongan sanga) punika tetela saking kalintuning panampi tandha yektinipun saweg nutupi bolongan setunggal kemwon yekti tamtu boten saged tumindak.
Dene ing saleresipun tembung NAWA SANGA inggih punika :
hawa – song – nga, wetahipun kedah mungel nutupi babahan hawa, song = kosong, nga = kosonga = kosongna. Suraosipun sedaya margining hawa napsu sami kakosongna, ateges sedaya bolongan sampun ngantos dados margining hawa napsu.
Dene margining hawa napsu wau winastan INDRIYA utawi PANCADRIYA, inggih paningal, pamiyarsa, pangambu, raos ilat tuwin raos badan. Tembung Pancadiya leresipun mungel PANCEN INDRIYA, wusana aksara I = Hi, luluh dhateng Ca = tja, kantun mungel Pancen Driya, tegesipun PEPANCENING KARSA, inggih ingkang nyedhiyani, anjageni, angladosi tuwin among karsa.
Menggah ingkang AMONG KARSA punika sejatosipun wonten 6 (nem):
Ingkang satunggal inggih punika pamicara, mila lajeng jangkep tembung SAD INDRIYA, utawi Indriya Nem (ing candra sengkala watak nem, tembung Sad Rasa, Sad Guna, Sad Gana, tegesipun Rasa Nem).
Kasebat ing Mahabarata Wanaparwa ing perangan Arannyakaparwa, Sad Indriya wau lajeng winastan TAMAN LELANGENING INDRIYA NEM. Ing ngriku katetepaken panggenan ingkang dados ugering pamarsudi lan sesanggeman. Mangertosipun, kita kedah marsudi dhateng widagdaning pamepes pangrubedaning Pancen Driya nem perkawis kados kasebut ing nginggil.
Dene pambrastaning temtu boten saged sampurna namung lajeng kapiyagah kemawon sareng-sareng kalihan nalika kita mangsah samadi. Wondene inggih wonten ingkang ngaken saged angruwes sarta amiyagah, pangaken makaten wau tangeh leresipun. Awit saupami kita angengarang, punika punapa saged kalampahan mangsi saking wadhahipun lajeng kaesokaken ing dlancang kemawon lajeng saged dados ukara tuwin tembung ingkang kita kersakaken ?
Mesthinipun boten.
Menggah pambrastaning pancadriya wau, sanyata boten saged sami kalihan Hyang Pawana ingkang kuwasa ambuncang sakathahing pedhut ingkang anggendanu wonten ing antariksa. Nanging kedah mawi sarana tata titi, telatos, atul sarwa ngatos-atos dhateng saliring pakari punapa kemawon, sarta katindakaken saben dinten wonten samadyaning pasrawungan.
Mila makaten awit ing salami-laminipun, ing salebeting cipta punika sampun kaisenan dening sesuker tuwin beladering pepinginan lan kamelikan. Ingkang makaten punika wau sampun samesthinipun kemawon menawi sucinipun cipta katemah lebur sumawur sirna gempang tanpa tilas, pikantukipun namung awujud Gandana-Gandini ingkang banger bacin balrungan sapurug-purug, inggih wontenipun ganda amis ingkang manuksma wonten salebeting cipta wau punika ingkang tansah kita resiki ing saben dintenipun, srana tirtaning kawikcaksanan kanthi kasantosaning pangesthi.
Tetuladhanipun kados dene Sang Raja Putri Wiratha Dewi Durgandini sedherekipun Sang Durgandana. Tembung Durgandini tuwin Durgandana tegesipun ganda awon, mila Dewi Durgandini ugi peparap Lara Amis, sesampunipun dipunjampeni dening Begawan Palasara, lajeng sirna memalanipun (sirna piawoning pandamelipun), nunten gantos naminipun peparap Dewi Gandawati nenggih Setiyawati, tegesipun : arum pangambaring gandanipun angebaki saindenging cakrawala (sayojana).
Menggah pikajengipun : menawi sampun sanyata kuwasa ambrasta sesukering indriya, tamtu lajeng boten saged kenging pangrubeda sakathahing pandamel ingkang tuwuh saking kumayaning Sad Guna kasebut ing nginggil.
Liripun : kita wonten jagading pasrawungan boten ambedak-bedakaken satru utawi mitra, cipta kita kuwasa nanggulangi panempuhing satru ingkang maujud wanodya ingkang mameraken kaendahaning warni tuwin kasulistyan lan wiraganing tenaganipun, ing satemah teguh kataman jemparinging Sang Hyang Asmara.
Sesotya raja brana namung kasamekaken beling utawi wingka, swara ingkang mardumarduwa ingkang linindhung gambang cemplung boten beda kalihan swaraning grobag ing gragalan. Boten karem ing pangalem, boten geseng ing latuning kadoracaran. Gandaning ratusweda lan jebad kasturi saestu sami kaliyan gandane bangke ingkang bosok, boten pisan-pisan angisep-isep dhateng saliring kadurakan, pangrubedaning ilat saking saliring kanikmatan, boten pisan dipunkenyami. Dene wedaling swara manis arum anuju prana kadosdene madu pinastika tansah andamel kamartaning sasana, kadoracaran tuwin wuwus kacandhalan boten pisan kaucapaken, saliring pangandikan terus terang pratitis, nyata ing ndalem cipta tansah suci ngumalawening punapa dene boten pisan angemot piawon sanajan sawiji-wiji.
Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu
Sastra Jendra adalah sastra / ilmu yang bersifat rahasia / ghaib. Rahasia, karena pada mulanya diwedarkan hanya kepada orang-orang terpilih dan kalangan terbatas secara lisan. Ghaib, karena ilmu ini diajarkan oleh Guru Sejati lewat Rasa Sejati.
Hayuningrat berasal dari kata hayu/rahayu-selamat dan ing rat yang berarti di dunia.
Pangruwating Diyu, artinya meruwat, meluluhkan, mengubah, memperbaiki sifat-sifat diyu, raksasa, angkara murka, durjana.
Maka Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu* adalah ilmu rahasia keselamatan untuk meruwat sifat-sifat angkara di dunia ini, dunia mikro dan makro.
Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu* merupakan Ilmu yang berasal dari Tuhan Yang Maha Esa,, yang dapat menyelamatkan segala sesuatu.
Maka, tiada kawruh / pengetahuan lain lagi yang dapat digapai oleh manusia, yang lebih dalam dan lebih luas melebihi Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, sebab ini merupakan sastra adi luhung atau ilmu luhur, adalah ujung akhir dari segala pengetahuan/kawruh kasampurnan sampai saat ini.
Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu
Dalam buku FILSAFAT BUDDA JAWI WISNU LEGINO MARTO WIYONO, dituliskan tentang ilmu Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu yang terkait dengan 5 elemen semesta yaitu air, angin, api, tanah dan ether. kelima elemen ini dikuasai oleh sosok Dewata yang khusus dan ditampilan dalam dunia pewayangan Jawa.
Sastra Jendra Hayuningrat
Sastra Jendra, miturut "para wikan", Ukara “Sastra Jendra” ora ana ing Kapustakan Jawa Kuna.
Nanging lagi ing awal abad 19 utawa ing taun 1802.
Naskah "Karya Sastra" iku isa diwaca ana ing Seratane (karyane) Yasadipura lan Sindusastra ing lakon "Arjuna Sasra" saka kitab "Arjuna Wijaya.
Apa tegese ukara “Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu" ?
Sastra = Tulis (Kitab).
Jendra = Ngelmune para RAJA.
Hayuningrat =
Hayu (Slamet) ningrat (ing Jagad).
Pangruwating = Ngrumat supaya becik.
Diyu = Raseksa kang minangka lambang kamurkan.
Raja ora ateges RATU SING NGUWASANI KRATON, nanging Raja sing nguwasani Jiwa Raganing Manungsa ing alam donya iki, supaya bisa nguwasani "hawa nepsu" saka tindak angkara.
Mula kudu isa ngowahi tumindak ala tumuju marang kabecikan.
Ngelmu sing kinandhut ing "Serat Sastrajendra Hayuningrat" yaiku ajaran kawicaksanan lan kabecikan kang "kudu" diduweni dening kabeh manungsa supaya Slamet ing donya nganti delahan (alam langgeng).
Sepisan maneh yen "Sastra Jendra Hayuningrat " iku "Kitab Sing Ditulis" lan ana nyatane, dudu klenik lan dudu mistik sarta othak -athik gathuk.
Uga diarani ngelmu kebatinan.
Kebatinan iku uga dudu klenik, nanging =
Bisa maca tulisan lan maca kahanan nganggo "RASA" tumuli rasane tumus sumimpen ana ing "BATIN".
LOKAPALA.
Lokapala miturut catita Jawa araning nagara, kang jumeneng ratu tedhak turune Bathara Guru. Nanging miturut buku-buku asli Indhu, kayata Mahabharata lan Utarakandha, Lokapala iku araning pangkate dewa 4, yaiku :
Bathara Indra (ngratoni para dewa), Bathara Yama (nguwaosi nraka), Bathara Baruna (nguwaosi samodra) lan Bathara Kuwera (dewaning kasugihan, rajabrana).
Miturut serat-serat pakem padhalangan, Lokapala namanipun nagari, ratunipun ajejuluk Prabu Wisrawana utawi Prabu Danaraja, Prabu Danapati, putranipun Bagawan Wisrawa patutan kaliyan Dewi Lokati. Prabu Wisrawana punika ingkang dipuncariyosaken abala bacingah, tegesipun wadyabala campuran antawisipun wadyabala manungsa kaliyan raseksa.
Garwane jaka rara Resi Wisrawa yaiku Dewi Lokati, putrane putri Prabu Lokawana ratu ing Lokapala, apeputra kakung siji, sinung asma Wisrawana.
Wisrawa - Sukesi - Danaraja
Resi Wisrawa jumeneng ratu ing Lokapala gumanti kaprabone ingkang rama marasepuh, ajejuluk Prabu Wisrawa. Nanging bareng Wisrawana wis diwasa, Prabu Wisrawa seleh kaprabon marang ingkang putra iku, nuli mbanjurake mratapa utawa mbagawan.
Sanajan wis jumeneng narendra, Prabu Wisrawana durung nambut silaning akrama. Ing sawijining dina Prabu Wisrawana midhanget pawarta, manawa Prabu Sumali ratu Ngalengka ngedegake sayembara, kanggo malakramakake putra putrine kang sesilih Dewi Sukesi. Surasane sayembara : sing sapa bisa ngasorake yudane senapati Ngalengka kang apeparab Arya Jambumangli, bakal didhaupake karo Dewi Sukesi.
Prabu Wisrawana wis manteb tekad nedya ngleboni sayembara Ngalengka, mulane dhawuh mepak wadyabala marang Patih Banendra. Sawise samekta, lagi bae nedya budhal menyang praja Ngalengka, dumadakan Sang Prabu kerawuhan ingkang rama Resi Wisrawa.
Resi Wisrawa menggak kersane ingkang putra. Sang Resi mrayogakake Prabu Wisrawana tumuli nambut silaning akrama, nanging ora nayogyani yen olehe krama kanthi karananing pancakara. Kersane Sang Resi, Dewi Sukesi supaya disuwun kanthi aris.
Sang Resi saguh nglamarake Sang Dewi, sarana sowan marang Prabu Sumali.
Prabu Danaraja ndherek kersane ingkang rama. Awit saka iku, Sang Prabu tumuli dhawuh marang Patih Banendra, ndikakake mbubarake wadyabala, ora sida budhal menyang Ngalengka.
Resi Wisrawa tindak menyang praja Ngalengka sowan Prabu Sumali, nglamar Dewi Sukesi, nedya didhaupake karo Prabu Danapati. Tindake Sang Resi tanpa kanthi, prelune mbokmenawa panglamare ditampik, ora ana wong sing ngreti.
Praptane Resi Wisrawa ing Ngalengka anjog ing taman Argasuka. Nalika samana Prabu Sumali mbeneri lagi ngenggar-enggar panggalih ana ing sajrone taman, bebarengan karo para garwa klangenan.
Bareng priksa Resi Wisrawa rawuh, Prabu Sumali gugup gurawalan methukake.
Sang Resi didherekake menyang pantisari (omah ing satengahing patamanan), diaturi pinarak ing dhampar rukmi (mas).
Sawise bage binage kasugengan, Prabu Sumali nilakrama :
“Kakang Bagawan, wonten karsa paduka badhe dhawuh punapa dhateng kawula, dene paduka ngantos keraya-raya rawuh ing taman Argasuka.
Bingahing manah kawula ing dinten punika kados kadhawahan ndaru, jalaran kerawuhan paduka. Sajeg-jumleg dereng nate kawula rumaos begja kados ing dinten punika, jalaran kerawuhan kakang Bagawan”
Midhanget pangandikane Prabu Sumali mangkono iku, Resi Wisrawa rumangsa antuk marga olehe nedya ngendikakake sedyane.
Sawise sang Resi ngendikakake kapreluane, Prabu Sumali banjur ngendika :
“Kakang Bagawan, mugi ndadosaken ing kawuningan. Pulunan paduka pun Sukesi punika sampun wola wali kelair prasetyanipun mekaten :
"Ora nedya nambut silaning akrama, manawa durung putus ing sawarnaning sastra. Sanajan samangke piyambakipun sampun mangertos dhateng sastra maneka warni, taksih wonten satunggal ingkang dereng dipunmangertosi, inggih punika Sastrajendra hayuningrat. Pulunan paduka boten badhe purun nambut silaning akrama, sanajan ngantos dumugi nini-nini, manawi dereng saged nyakup wardininpun sastrajendra hayuningrat. Kajawi punika kakang Bagawan, mugi kawuningana, wonten pepalang ingkang ngalang-alangi ingatasipun pun Sukesi, inggih punika kaprenah nak-dherekipun pun Sukesi piyambak, ingkang apeparab Jambumangli, atmajanipun suwargi kakang Malyawan. Salugunipun Jambumangli kepengin ngrabi pun Sukesi, milanipun ngedegaken sayembara utawi pasanggiri. Priya ingkang kepengin ngrabi pulunan paduka pun Sukesi, tangeh lamun sagedipun kaleksanan, manawi boten saged ngasoraken yudanipun Jambumangli”
Resi Wisrawa ngendika :
“Yayi Prabu, ingkang ndadosaken gumuning manah kula, dene nini Dewi kok kumedah kedah nguningani sastrajendra hayuningrat. Gek sinten ingkang marahi piyambakipun mbebana aneh nyleneh makaten punika. Kawuningana yayi Prabu, sastrajendra hayuningrat punika wewadosing bawana ingkang sinengker dening Sang Hyang Jagatnata, milanipun pilih janma ingkang uninga. Sanajan pandhita linangkung, tangeh uninga bab punika, manawi dereng bontos ing kawruh. Sastrajendrahayuningrat punika inggil-inggilipun kawruh, mulya-mulyanipun gegebengan. Sato kewan ingkang mireng ungelipun sastrajendra hayuningrat, manawi pejah, yitmanipun saged ketrimah, manunggil kaliyan nyawanipun manungsa wonten ing delahan. Tiyang ingkang wuninga lan saged nyakup wardinipun sastrajendra hayuningrat, manawi palastra, suksmanipun ngalami mulya, saged manunggil kaliyan Jawata”
Midhanget ngendikane Resi Wisrawa mangkono iku, katetangi panggalihe Prabu Sumali, kepengin nguningani wardine sastrajendra hayuningrat. Awit saka iku, banget pangarerepane sang Prabu marang sang Resi, kersaa mejang wardine sastra iku.
Resi Wisrawa :
“Yayi Prabu kawuningana, sastrajendra hayuningrat pangruwating raseksa diyu, boten kenging kawedhar wonten ing sadhengah panggenan, ngemungaken wonten ing salebeting sanggar palanggatan.”
Prabu Sumali tumuli dhawuh marang abdi, ndikakake ngresiki sanggar palanggatan lan nyamektakake sawarnaning ubarampe. Sawise samekta, Prabu Sumali tumuli manjing ing sanggar palanggatan bebarengan karo resi Wisrawa. Nganti suwe pamejange resi Wisrawa marang Prabu Sumali. Sawise paripurna, sakarone miyos saka sanggar palanggatan, tindak menyang taman. Kawistara ing netra, sang Prabu banget suka rena, sajak kalegan ing panggalih priksa wardine sastrajendra hayuningrat, yaiku "sastra cetha" ugering ngaurip, kang jalari patitising pati sampurnaning kamuksan.
Resi Wisrawa sarta Prabu Sumali padha pinarak maneh ing pantisari, nuli sang Prabu dhawuh marang abdi ndikakake nimbali Dewi Sukesi. Sawise sang Dewi marak, Prabu Sumali ngendika aris :
“Nini, wruhanira, idham-idhamanira kepengin uninga wardine sastrajendra hayuningrat, bakal kaleksanan, amarga mengko bengi sira bakal winejang bab iku dening resi Wisrawa ana ing sajroning taman. Weling ingsun marang sira nini, aja sira darbe rasa ewuh pakewuh marang sang Resi, panjenengane anggepen kaya wong tuwanira dhewe. Wruhanira nini, salugune panjenengane iku mung sadrema dadi utusaning putrane, yaiku Prabu Wisrawana, ratu ing Lokapala kang banget sura sekti mandraguna, bagus respati nedheng taruna tur isih jaka. Rawuhe resi Wisrawa ing Ngalengka prelu nglamar sira, nedya didhaupake karo Pabu Wisrawana. Sang resi mengko bengi bakal ngleksani bebananira, yaiku mejang marang sira wardine sastrajendra hayuningrat. Poma nini, aja darbe rasa ewuh pakewuh marang calon maratuwanira, sajrone sira winejang sastrajendra hayuningrat dening panjenengane”
Dewi Sukesi :
“Kawula nuwun inggih rama Prabu. Kawula sendika ngestokaken dhawuh pangandika paduka”
Prabu Sumali banjur kondur ngadhaton, dene dewi Sukesi lan Resi Wisrawa isih kari ana taman Argasuka, lenggah ing pantisari.
Kocap nalika resi Wisrawa medharake wardine sastrajendra hayuningrat marang Sang Danawaraja Ngalengka, Prabu Sumali, ing marcapada tuwuh gara-gara gora reh kagiri-giri, sumuke gara-gara tekan ing Suralaya, pindha nggonjingake Jonggringsalaka.
Bathara Guru ora kasamaran marang sabab kang njalari tuwuhe gara-gara, mulane kanthi nawung duka, Sang Bathara tumuli tedhak ing taman Argasuka, didherekake Bathari Uma (Durga).
Rawuhe sang bathara bathari ing taman Argasuka ing wayah bengi, mbeneri Resi Wisrawa lagi mejang sastrajendra hayuningrat marang Dewi Sukesi. Kanthi ancas nandukake panggodha, Bathara Guru manjing ing salirane resi Wisrawa, Bathari Uma manjing ing salirane Dewi Sukesi, satemah Resi Wisrawa lan dewi Sukesi padhadene ketuwuhan panggalih kasmaran, lire :
resi Wisrawa kasmaran marang Dewi Sukesi, sang dewi kandhuhan branta marang resi Wisrawa. Awit saka iku, sang resi karo sang dewi banjur padha apulang-resmi, amongyun, Saparipurnane pulang-asmara, sakarone lagi rumangsa manawa kena ing cobaning jawata.
Ing sabanjure nganti sawatara dina suwene, sang resi lan sang dewi tansah ana ing taman wae, pijer padha pepasihan lambangsari.
Solah tingkahe Resi Wisrawa sarta Dewi Sukesi, suwe-suwe kapiyarsa dening Prabu Sumali, ndadekake gumun-ngunguning panggalihe. Wasanane sang Prabu mupus pepesthening jawata. Nanging sang Arya Jambumangli, bareng krungu pawarta lan pakartine Resi Wisrawa karo Dewi Sukesi, sanalika krodha yayah sinipi, enggal-enggal manjing ing taman Argasuka karo sesumbar maciya-ciya.
Midhanget sesumbare Arya Jambumangli, lir tinepak pasuryane Resi Wisrawa. Sawise pamitan marang ingkang garwa, Resi Wisrawa tumuli miyos saka pantisari, nedya methukake krodhane Arya Jambumangli.
Perange Resi Wisrawa lumawan Arya Jambumangli banget nggegirisi, padhadene ngetokake pangabaran warna-warna. Nanging wasanane Arya Jambumangli palastra ketaman jemparinge Resi Wisrawa.
Ing sasedane Arya Jambumangli, Resi Wisrawa dipethuk dening ingkang garwa Dewi Sukesi, banjur gegandhengan asta manjing ing pantisari. Rina wengi sang resi karo sang dewi tansah ana ing pantisari, pijer ulah raras karasikan, among lulut.
Sigeg.
Prabu Wisrawana Ratu Lokapala, uga ajejuluk Prabu Danaraja, iya Prabu Danapati, patihe apeparab Banendra. Sang Prabu abala bacingah, tegese darbe wadyabala campuran yaiku wadyabala raseksa karo wadyabala manungsa, padha mawa senapati dhewe-dhewe. Senapatine wadyabala raseksa papat, yaiku : Gohmuka, Rukmuka, Gurmuka, lan Wisnungkara. Senapatine wadyabala manungsa uga papat, yaiku Citrajaya, Citrasudirga, Citragana, lan Citrasakti.
Kreta titihane Prabu Wisrawana pinatik manik nawa retna, arane wimana Puspaka, apangirid turangga wolu. Wimana (kreta) Puspaka iku peparinge Jawata. Sanjatane Prabu Wisrawana kunta Baswara lan jemparing maneka warna.
Pawarta manawa Dewi Sukesi wis kagarwa Resi Wisrawa, ora mung keprungu ana sajrone laladan nagara Ngalengka, nanging wis sumebar kawentar tekan ing manca praja. Prabu Wisrawana uga wis miyarsa yen ingkang rama atindak cidra.
Resi Wisrawa atindak cidra marang putra, amarga ancase ing sakawit, olehe tindak menyang Ngalengka, prelu nglamar Dewi Sukesi nedya kapundhut putra-mantu, didhaupake karo Prabu Wisrawana. Nanging toging ngendhon, Dewi Sukesi jebul kagarwa dening Sang Resi dhewe.
Cidraning tindake Resi Wisrawa agawe krodhaning panggalihe ingkang putra Prabu Wisrawana. Awit saka iku, Prabu Wisrawana banjur mepak wadyabala, nedya ngrabasa praja Ngalengka sarta nedya ngrebut Dewi Sukesi, sarana mrajaya ingkang rama Resi Wisrawa. Anteping tekade Sang Prabu mangkono iku, alandhesan kapracayan mangkene :
"Senajan sudarma, manawa awatak candhala atindak cidra marang putra, putra kena midana".
Sawise wadyabala samekta sagegamaning ayuda, Patih Banendra dhawuh nembang tengara (nabuh tengara, sing ditabuh lumrahe bendhe), minangka sasmita budhaling wadyabala. Barisan wadyabala yaksa budhal dhisik, dadi lakune ana ing ngarsane Prabu Wisrawana, tinindhihan senapati papat. Kang minangka cucuking baris tinindhihan Gohmuka lan Rukmuka, nuli sinambungan barisan kang tinindhihan Gurmuka lan Wisnungkara. Lakune wadyabala manungsa ana ing sawurine Prabu Wisrawana, uga tinindhihan senapati papat, yaiku : Citrajaya, Citrasudirga, Citrasakti lan Citragana. Kang minangka panutuping barisan, kang ana ing buri dhewe, Citrayuda lan Citracapa satriya kembar ing rupa ngedhangkrang munggwing ratangga.
Bareng lakune tekan ing tepis-wiringing piaja Ngalengka, barisan wadyabala Lokapala dialang-alangi dening wadya raseksa kang njaga tapel-watesing nagara, tinindhihan dening Marica, satemah dadi pancakara. Amarga karoban lawan, wadyabala Ngalengka kasoran. Marica mlayu menyang kadhaton Ngalengka, ngaturi priksa marang Prabu Sumali yen ana mungsuh teka saka nagara Lokapala, lakuning barisane mungsuh wis ngliwati tapel-watesing praja.
Midhanget ature Mirica, Prabu Sumali gugup panggalihe, enggal-enggal nimbali Mintragna lan liya-liyane para gegedhunging wadyabala, didhawuhi mepak wadyabala, pinerang dadi rong bregada. Kang sabregada kadhawuhan nempuh mungsuh ana ing sajaban kutha, kang sabregada pacak-baris ana ing sakubenge dhatulaya.
Ora kacarita ramening campuhe wadyabala Ngalengka lumawan wadyabala Lokapala. lng sakawit perange wadyabala Ngalengka tansah unggul; akeh wadyabala Lokapala kang palastra. Nanging bareng Prabu Wiisrawana nyalirani perang, wadyabala Ngalengka keseser, kepeksa ngunduri pangangsege wadyabala Lokapala.
Undure wadyabala Ngalengka nenangi adrenging panggalihe Resi Wisrawa nedya nyalirani perang. Sawise cancut taliwanda, Sang Resi tumuli mangsah yuda.
Bareng priksa ingkang rama nyalirani perang, dukane Prabu Wisrawana kaya diububi.
Sang Prabu banget ora sranta panggalihe, kumudu-kudu enggal bisa midana marang ingkang rama. Awit saka iku, wadyabalane tumuli diabani sumisih. Wadyabala Lokapala piyak ngiwa-nengen, satemah Prabu Wisrawana banjur ayun-ayunan karo ingkang rama.
“Bapa awatak slingkuh, kepatuh nletuh atindak rusuh !”
Mangkono panguman-umane Prabu Wisrawana marang ingkang rama, banjur nglepasake jemparing dahana. Sang Resi prayitna, enggal-enggal nglepasake Barunastrsa minangka panulaking jemparing dahana.
Nganti suwe perange Resi Wisrawa lumawan ingkang putra Prabu Danaraja, padha ngadu tyasa arebut prabarwa, padhadene ngetokake aji kamayan lan pangabaran. Suwe-suwe Prabu Danaraja entek sabare, kapengin tumuli mungkasi yuda. Awit saka iku, Sang Prabu banjur ngetokake sanjata pamungkas, yaiku Kunta Baswara. Bareng priksa ingkang putra ngasta sanjata Kunta Baswara, Resi Wisrawa enggal-enggal ngeremake netra, panggalihe pasrah-sumarah marang kang murbeng bawana, wis nyipta manawa bakal tumuli palastra ketaman Kunta Baswara.
Dumadakan mak jleg ! Bathara Narada tumurun saka antariksa, nyandhak Kunta Baswara kang diasta dening Prabu Wisrawana karo ngendika :
“Lo, aja ta aja ! Aja kaki Prabu, aja ! Sira iku kena ingsun arani kebanjur wuru, parikudu atindak dudu, ndurusi budi arda nedtya mrajaya sudarma. Nadyan silih salah solahe sudarma, putra ora kena midana. Apa maneh nganti nedya mrajaya marang bapa, saya ora ndadekake keparenging dewa. Sanajan saupamane sudarmanira trima nedya sira prajaya, dewa ora bakal trima. Paribasane : Trimaa sing nglakoni, mangsa trimaa sing momong”. Wruhanira kaki Prabu ! Nadyan sanjatanira Kunta Baswara durung nganti lumepas saka astanira, sira wis binendon ing dewa, amarga ngagagi sanjata marang liya iku klebu panggawe dosa, apa maneh marang sudarma. Mangkono uga tindakira rebutan garwa karo sudarma, iya ora ndadekake keparenging dewa. Awit saka iku kaki Prabu, kesluruning tindakira rong warna mau, njalari prajanira Lokapala ing tembe bakal rinusak dening kadangira dhewe, yaiku atmajane sudarmanira kang miyos saka putri Ngalengka”.
Kaki prabu Danaraja ! Prayogane sira tumuli mundura saka rananggana, ngegungna tapa-brata, nalangsaa marang Jawata, nyuwuna pangapura kesluruning tindahira marang sudarma”.
Sawise ngendika mangkono, Bathara Narada banjur musna. Dene Prabu Wisrawana, ing sapungkure Bathara Narada, banjur nyembah ingkang rama Resi Wisrawa saka ing kreta Puspaka, banjur kondur menyang Lokapala kanthi nawung sungkawa, didherekake para wadyabala.
Dewi Sukesi lestari dadi garwane Resi Wisrawa. Sang Dewi apeputra papat, yaiku :
1. Dasamuka, 2. Kumbakarna, 3. Sarpakanaka 4. Wibisana
Sabdane Bathara Narada kalakon temenan. Pamburine praja Lokapala rinusak dening Dasamuka. Prabu Wisrawana pinulung dening Jawata, wasana banjur asalira dewa peparab Bathara Wisrawana utawa Bathara Kuwera, dewaning kasugihan utawa rajabrana.
Saka sumber manekawarna Filsafat Jawa.
Sebuah Sastra,
Yang menempati puncak. Mengutilisasi Aksara sampai kepada Ultimate nya.
Pencapaian paripurna daripada science of art sebuah Bangsa di tanah para pencari kesejatian.
Sastra pangruwating Diyu.
Sastra yang mampu meruwat napsu angkara murka di dalam diri manusia. Sastra yang mengendalikan/ menundukkan raksasa di dalam diri manusia.
Sastra Jendra. Jendra-nya Sastra.
Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu.
Sastra untuk para Jendra.
SASTRA JENDRA berbicara tentang energi, daya atau kekuatan besar yang jika ditransformasi secara tepat akan menghasilkan kemuliaan,
Secara etimologis ; "Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu " , jika diterjemahkan kata perkata, akan menemukan arti:
Sastra = Energi, Ilmu,
Jendra = Cinta Kasih ILAHI, yang bisa pula dipahami sebagai kemuliaan atau sesuatu yang bernilai namun sifatnya imaterial, sesuatu yang samar,
Hayu = Cakap, Indah, Sejahtera,
Ning = Bening, Jernih,
Rat = Jagat, Semesta Alam, Bumi,
Pangruwating = Yang mampu membersihkan, menetralisir dan mentransformasikan,
Diyu = Raksasa, sifat ketidak-sempurnaan,
Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, mengandung rahasia pengetahuan yang mampu mengubah Diyu atau Raksasa agar dapat menjadi Manusia seutuhnya,
Maka dalam pewayangan, Raksasa cenderung digambarkan sebagai mahluk yang tidak sesempurna, seperti halnya Manusia.
SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU
Sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu. Sastra utawi serat, kawruh, ajaran. Jendra utawi agung di identikan TUHAN, hayuningrat hayu utawi selamet, ningrat jagat cilik lan jagat gede, jagad cilik koyo blegere manungso, jagad gede isi alam semesta, diyu niku buto, angkoro.
Penjabaran ilmu kitab dari gusti ALLAH yang bisa menyelamatkan isi alam dunia dari angkara murka. Pemahaman engkang gampil mawon kados mekaten. Menawi kirang pas monggo diwedar sing secara umum mawon.
SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU merupakan sebuah kaweruh dalam khasanah Jawa yang mendalam. Salah satu yang terkandung dalam kaweruh ini ialah pengulasan makna dari huruf Jawa HA, NA, CA, RA, KA, sampai dengan NGA.
Dalam SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU, huruf "NGA" dimaknai atau disimbilisasikan sebagai “Ngracut Busananing Manungso“ yang berarti "Melepaskan, Mengendalikan sang EGO Pribadi manusia."
Ajaran ini mengajarkan pentingnya untuk melepaskan dan mengendalikan ego pribadi manusia. Ego seringkali menjadi sumber konflik dan ketidakbahagiaan dalam kehidupan. Dengan memahami dan mengendalikan ego, seseorang dapat mencapai kedamaian dan keselarasan dalam hubungannya dengan orang lain dan alam sekitarnya. Kaweruh ini merupakan bagian dari kearifan lokal Jawa yang mendalam, yang mengajarkan nilai-nilai spiritual dan moral yang dapat membantu individu untuk mencapai keseimbangan dalam kehidupan.
Ilmu sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu, ilmu Kejawen murni yang mana unsur-unsur dari ilmu tersebut menyambat sedulur kita ( sedulur papat kalimo pancer). Dan dulunya ilmu ini, ilmu raja-raja mataram, jadi boleh di katakan bahwa semua raja-raja mataram khususnya semua perangkat/pejabat mataram pasti menguasai ilmu ini. Dulunya sangat di rahasia kan. Kerana adanya tuntutan jaman akhirnya ilmu sastra jendra hayningrat pangruwating diyu dapat di pelajari orang biasa. Itulah sekelumit catatan dari sumber ilmu sastra jendra hayningrat pangruwating diyu.
꧋ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦲꦪꦸꦤꦶꦔꦿꦠ꧀ꦥꦔꦿꦸꦮꦠꦶꦁꦢꦶꦪꦸ꧉
Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu.
Adalah ilmu pengetahuan batin sebagai jalan menuju kesempurnaan hidup.(jnana yoga)
Dalam khazanah spiritual Jawa, ilmu Sastra Jendra Hayuningrat ini dituangkan dalam berbagai falsafah. Di antaranya :
1. Ngelmu wadining bumi kang sinengker Hyang Jagad Pratingkah (ilmu rahasia dunia atau alam semesta yang dirahasiakan atau berasal dari Tuhan Yang Maha Esa).
2. Pangruwating barang sakalir (dapat membebaskan dan menyelamatkan segala sesuatu).
3. Kawruh tan wonten malih (tiada ilmu pengetahuan lain lagi yang dapat dicapai oleh manusia).
4. Pungkas-pungkasaning kawruh (ujung dari segala ilmu pengetahuan atau setinggi-tingginya ilmu yang dapat dicapai oleh manusia)
5. Sastradi (ilmu yang luhur).
Puncak dari ilmu Nusantara adalah Serat Sastrajendra Hayuningrat Pangruwating Diyu.
Serat Sastrajendra, adalah Janna Yoga tingkat Tinggi.
Serat Sastrajendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, merupakan wejangan berupa mantra sakti untuk keselamatan dari unsur-unsur kejahatan di dunia.
Wejangan atau mantra tersebut dapat digunakan untuk membangkitkan Sedulur Papat, yang kemudian diikuti bangkitnya saudara Pancer atau sukma sejati.
Seseorang yang mendapat wejangan itu, diyakini akan mendapat kesempurnaan.
Secara harfiah Serat Sastrajendra Hayuningrat Pangruwating Diyu dapat diuraikan seperti berikut :
Serat bermakna ajaran Sastrajendra berarti Ilmu mengenai raja,
Hayuningrat memiliki arti Kedamaian,
Pangruwating bermakna Memuliakan atau mengubah menjadi baik,
dan Diyu yang artinya raksasa atau lambang keburukan.
Raja dalam konteks ini bukanlah raja secara harfiah, namun adalah sifat penguasaan hawa nafsu dan pancaindera manusia dari kejahatan.
Seorang raja harus mampu menolak, atau mengubah keburukan menjadi kebaikan.
Serat Sastra Jendra Hayuningrat juga dimaknai sebagai ajaran kebijaksanaan dan kebajikan, yang harus dimiliki manusia untuk mengubah keburukan menjadi kebaikan, agar mencapai kemuliaan dunia akhirat.
Untuk mendapatkan ilmu Sastrajendra, seseorang harus melalui metode olah bathin yang berat dan panjang.
Ia harus bisa membuktikan sendiri, dengan menyaksikan, mengalami, dan merasakan sendiri fakta di balik rahasia "alam" wadag maupun “alam” gaib.
Untuk itulah ngelmu Sastrajendra diyakini sebagai ilmu rahasia “langit”, yang berhasil diproses agar “membumi”.
Ngelmu Sastrajendra disebut pula dengan Sastra Ceta, suatu ilmu spiritual yang mengandung kebenaran faktual, nilai-nilai luhur, dan keagungan akan kesempurnaan penilaian terhadap hal-hal yang belum nyata bagi manusia pada umumnya.
Ngelmu Sastrahendra disebut pula sebagai ilmu sejati, atau pengetahuan tentang rahasia seluruh semesta alam (fisik dan metafisik) beserta dinamikanya.
Ngelmu Sastrajendra Hayuningrat Pangruwating Diyu adalah ilmu pengetahuan bathin sebagai jalan untuk mencapai kesempurnaan hidup.
Oleh karena itu dalam khazanah spiritual Jawa, ilmu Sastrajendra Hayuningrat ini dituangkan dalam berbagai falsafah di antaranya :
1. Ngelmu wadining bumi kang sinengker Hyang Jagad Pratingkah (ilmu rahasia dunia atau alam semesta yang dirahasiakan atau berasal dari Tuhan Yang Maha Esa).
2. Pangruwating barang sakalir (dapat membebaskan dan menyelamatkan segala sesuatu).
3. Kawruh tan wonten malih (tiada ilmu pengetahuan lain lagi yang dapat dicapai oleh manusia).
4. Pungkas-pungkasaning kawruh (ujung dari segala ilmu pengetahuan..., atau setinggi-tingginya ilmu yang dapat dicapai oleh manusia atau seorang sufi).
5. Sastradi (ilmu yang luhur).
SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU
sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu. Sastra utawi serat, kawruh, ajaran,. Jendra utawi agung di identikan TUHAN, hayuningrat hayu utawi selamet, ningrat jagat cilik lan jagat gede, jagad cilik koyo blegere manungso, jagad gede isi alam semesta, diyu niku buto, angkoro.
Penjabaran ilmu kitab dari gusti ALLAH yang bisa menyelamatkan isi alam dunia dari angkara murka. Pemahaman engkang gampil mawon kados mekaten. Menawi kirang pas monggo diwedar sing secara umum mawon.
Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu
Uraian singkat tentang Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu ini berdasarkan Buku Tripama Watak Satrio dan Sastra Jendra karya Ir. Sri Mulyono.
Secara harfiah Sastra Jendra berasal dari kata sastra yang berarti tulis, ilmu atau kitab. Sedangkan jendra berarti milik raja atau Gusti Hayuningrat berarti keselamatan umat dan dunia semesta. Sastra jendra dalam dunia pewayangan dikenal diajarkan oleh begawan Wisrawa dan juga diajarkan oleh Bima dalam lakon Bima Suci atau Nawaruci atau Sena Rodra juga dikenal dengan lakon Bima Paksa.
Sastra jendra ini tidak boleh diajarkan kepada sembarang orang dan cara mengajarkannya harus pada tempat yang khusus, tidak boleh dihadiri oleh wanita dan bahkan tidak boleh didengar oleh seekor binatang pun (kutu-kutu, walang, ataga), karena sifatnya sangat rahasia. Orang harus mencarinya sendiri dan jika tidak waspada atau super hati-hati akan berakibat sangat fatal, kalau manusia yang mendengarkan dapat menjadi raksasa dan bersifat sangat angkara murka, kalau binatang yang mendengar dan mengerti sastra jendra dapat berinkarnasi menjadi manusia dalam kehidupan yang akan datang.
Ketika Batara Guru mendengar bahwa Begawan Wisrawa akan mengajarkan dan menyebarluaskan Ilmu Sastra Jendra Layuningrat itu dan mengingat sifat kerahasiaannya itu, Batara Guru sangat marah dan segera mengeluarkan surat kuasa/surat perjalanan ke Areapada kepada isterinya, Betari Durga. Tugas utama Betari Durga adalah untuk menyusup (manjing) keraga Dewi Sukesi untuk menggagalkan rencana Wisrawa sehingga Resi Wisrawa runtuh imannya sewaktu melihat kecantikan Dewi Sukesi justru calon menantunya sehingga ia berbalik haluan sangat Kasmaran dan mengawininya sendiri. Dengan tidak tahu malu Resi Wisrawa melampiaskan nafsu angkara dan birahinya yang berakibat Dewi Sukesi hanggarbini (hamil). Di kemudian hari lahirlah anak-anaknya yaitu Rahwana, Kumbakarna, Sarpakanaka dan si bungsu rupawan Gunawan Wibisana.
Yang menjadi tanda tanya mengapa Batara Guru dan para dewa mengajarkan dan menyebarluaskan ilmu sastra jendra itu. Hal ini karena para dewa takut kalau ada manusia dan binatang tahu dan memahami ilmu tersebut dikhawatirkan tidak akan mempercayai dan mengakui lagi dewa-dewa tersebut. Para dewa dalam sidang paripurna secara bulat sepakat untuk merintangi dan melarang usaha penyebarluasan ilmu sastra jendra tersebut.
Dari uraian tersebut tersirat makna bahwa terdapat suatu usaha melalui wayang untuk menolak ajaran atau ilmu lain kecuali ilmu yang diajarkan oleh dewa-dewa. Menurut para ahli Barat ada yang berpendapat bahwa sastra jendra itu adalah Al Quran dan Injil atau kitab suci dari agama atau kepercayaan lain.
Sementara orang beranggapan bahwa Resi Wisrawa sebenarnya belum menguasai betul tilmu Sastra Jendra itu. Tingkatannya masih dalam perjalanan atau proses dalam meraih ilmu sehingga dalam kenyataannya ia tergelincir dalam nafsu yang dilambangkan dengan Dewi Sukesi. Konon syarat utama yang mutlak harus ditempuh bagi manusia yang ingin mencapai ilmu sastra jendra harus mampu menahan diri, atau mampu mengendalikan hawa nafsu, yaitu haru mampu menahan atau menyingkirkan nafsu angkata, nafsu perut, dan nafsu kelamin (cegah dahar lan guling) dengan jalan berpuasa.
Nafsu angkara dalam pewayangan dilambangkan dengan Raksasa, sedangkan nafsu guling dilambangkan dengan wanita. Resi Wisrawa pada waktu itu baru berhasil menyingkirkan nafsu perut (aluamah) dan nafsu amarah yang dilambangkan bahwa Resi Wisrawa berhasil membunuh secara sadis dan memotong-motong badan Raksasa Jambumangil, yaitu saudara misan Dewi Sukesi. Karena tindakan Resi Wisrawa itu maka hukum karma menimpa anaknya Kumbakarna. Kematian Kumbakarna dalam keadaan mengenaskan/mengerikan dalam perang Kera dan Ceritera Ramayana. Kematiannya dimulai dari telinga putus, tangan putus, kaki satu-persatu putus dan akhirnya lehernya terpisah dari badannya (gembung). Ini hukum karma tetapi sekaligus melambangkan keberhasilan Resi Wisrawa dalam menumpas/membunuh nafsu angkaranya, biarpun akhirnya ia tergelincir dalam nafsu kelamin dan dalam lembah kenistaan (ia melahirkan Rahwana atau Dasamuka yang melambangkan sepuluh nafsu angkara berasal dari lima nafsu Wusrawa dan lima Sukesi, yaitu amarah, mutmainah, supiah, aluaman dah mulhimah.
Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu menurut para ahli tidak pernah dimuat dalam Kepusatakaan Jawa Kuna, tetapi dikenal pada abad IXI (1820) pada karya Kiyai Yasadipura dan Kiyai Sindusastra dalam Lakon Arjuna Wijaya atau Lokapala (dikutip dalam Kitab Arjuna Wijaya) dalam pupuh Sinom yang menyatakan:
Kejawi saking punika ngungun kawula dene ta boten kadasa putra tuan nini putri, sinten ta sing marahi. Penedahanira pinku. Sastra Jendra Yu ningrat menangka wadining bumi pan sinengker dening hyang Jagat Pratingkah.
Tan kening singa ngucapa siniku ing bataradi senagyan para pandita, kang samya mandireng wukir awis ingkang ngarawuhi yen dede pandita pinunjul, kuala matur prasaja mring paduka yayi aji, kang tineda ing nini punika.
Sastra Jendra Yu Ningrat, pangruwating barang sakalir ingkang kawruh tan wonten malih wus kawengku sastradi pungkas pungkasaning kawruh ditya diyu rakseksa myong sato siningwanadri lamun weruh artine kang Sastra Jendra. Rinuwai dening Batara sampurna patine reki atmane wor lan manungsa, manungsa kang wis linuwih yen manungsa udani, wong lan dewa patinipun jawata kang minulya.
Terjemahan bebas kurang lebih sebagai berikut:
Selain dari itu, sungguh heran bahwa tidak seperti permintaan anak wanita saya ini, yaitu barang siapa dapat memenuhi permintaannya untuk menjabarkan Sastra Jendra Yu Ningrat sebagai rahasia dunia (esoteris) yang dirahasiakan oleh Sanghyang Jagat Pratingkah.
Dimana tidak boleh seorang pun mengucapkannya, karena akan mendapat laknat dari Dewa Agung walaupun para pendita yang sudah bertapa dan menyepi di gunung sekalipun, kecuali kalau pendita yang mempuni. Saya akan berkata terus terang kepada dinda Prabu apa yang terjadai permintaan putri paduka.
Adapun yang disebut Sastra Jendra Yu Ningrat adalah pengruwat segala sesuatu yang dahulu kala disebut sebagai ilmu pengetahuan yang tiada duanya, sudah tercakup dalam suatu kitab suci (ilmu luhur)= sastradi. Sastra Jendra itu juga merupakan akhir dari segala pengetahuan, segala pengetahuan Raksasa dan Diyu bahkan juga binatang yang berada di hutan belantara sekalipun, kalau mengetahui arti dar Sastra Jendra.
Akan diruwat oleh Batara matinya (nanti) akan menjadi sempurna, nyawanya akan berkumpul kembali dengan manusia yang linuwih (mumpuni), sedangkan kalau yang mengetahui Sastra Jendra nyawanya akan berkumpul dengan Dewata yang mulia.
Jelaslah kiranya bahwa arti Sastra Jendra itu adalah suatu ujung dari segala akhir ilmu atau pepuntoning laku, atau akhir dari penjelmaan hidup. Sedangkan menurut Wedatama, Sastra Jendra merupakan ilmu Kasampurnaan atau Ilmu Luhur. Sastradi Ilmu Rahasia, Ilmu Mukswa, Ilmu Kasunyatan, Ilmu sejati ma’rifat, Nawaruci, Tatwa Jnana, yaitu suatu ilmu tentang esensi daripada wujud atau ilmu kalam dan disebut juga Ilmu Theologi.
SASTRA JENDRA YUANANING RAT PANGRUWATING SIPAT DIYU
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)
Selagine jejaka tumaruna Bambang Wisrawa amangun teki wonten telenging samodra Minang Kalbu, bantering mesu raga damel gara-gara gonjingke kayangan Suralaya. Para dewa sami nibakaken guntur wisesa, guntur geni, guntur banyu, guntur angin angrocok mawi gegamane sakti ewadene teguh datan sirna tanpa sesa, pratandha pujane katarima. Lon-lonan Sang pramesthi guru anyaketi tumuli amedhar sabda :
Bethara guru : " Hong wilaheng titah ulun pujangkara Wisrawa, mungguh apa panyuwunira bakal ulun sembadani, apa kepengin kawruh sangkan paraning dumadi bakal sun udaneni."
Wisrawa : " Sewu-sewu kalepatan kula mugi ageng pangaksamadika pukulun, anggen kula mesu raga namung menepaken ati boten nyuwun punapa-punapa.
Ngambali sabda paduka babagan ngilmi kula boten kepengin, ngelingi kamirahanipun Hyang Maha Asih, sedaya ngelmu sejatine titah sami ngranggoni . Kaupamaken titah kang wujud uler atapa ngentung dados kupu, sewaune anggegilani ing wingkingipun angresepi ati.."
Bethara Guru : :Iya nanging takupamakake kaya wong wadeh ambuka wadi , amiyak kekeraning Kawasa iku ora prayoga, ora ana bedane wong bodho karo wong pinter jagad jomplang. "
Wisrawa : " Ingkang kula pikajengaken makaten pukulun, kawruh ingkang sinandhang sadengah titah ingaran Sastra Jendra yuningrat pangruwating diyu pikajengipun sinten ingkang sampun sumerep kajatosan saestu hayuningrat tegese wilujeng jagadipun.
Inggih saged winastan Sastra Cetha tegesipun kaleresan kawaskitan saestu MARDIKA ing rat, inggih punika jumeneng wijine jagad awit boten kasamaran dhateng sangkang parane dumadi. Mila piningit boten kenging kengis ing ngakatah kajawi namung para jawata.
Ingkang kena rilaning Hyang Sukma Kawekas inggih manungsa kang katarima ing puja bratanipun ."
Bethara guru : " Mangertiya purwane dumadi sing tuwa dhewe aran cahya (dew =dewa=cahya), lagi dahana, bantala, banyu samodra."
Wisrawa : " Duh pukulun nyuwun agunging pangapunten menawi boten karenan ing penggalih dhateng unjuk atur kula ing mangke."
Bethara guru : " Iya ora dadi apa Wisrawa, kawruh iku akehe ora beda kaya tukuling suket seje silit seje anggit, saben wong pinaringan pangerten dening Kawasa metu saka prenthuling ati dhewe tinampa ing pikir dadi ngelmu."
Wisrawa : " Sabda pukulun kalawau tasih lepat ing pangancas boten benten mangeran dening kawontenm sisip sembiripun sumurup dhateng teja kekuwung. Ing mangka sadherengipun wonten cahya sampun wonten swara kadi gentha kekeleng. Paduka pukulun amung anggilut larasipun. Mungguh cethanipun makaten :
Hong-hong Hyang -hyang ing ulun, .....menggah sagungbing kawontenan punika kaesthi ing kajatosan, kajatosan punika wonten ing kahanan, saidine wonten ing manungsa punika boten benten jagade donya.
Mila kabasakaken sakdurunge wonten cahya sampun wonten swara apindha gentha punika jatine kantha kekeling punika dedunungan dados dununge HAWA (swasana) wonten ing kantha.
Kantha punika artosipun samar, samar punika elok, elok punika ghoib, dene ghoibing Pangeran punika mawi sasandha ing kadadosan kabaksakaken tanpa warna tanpa rupa nanging mimbuhi ing sipat wewarnan, tan arah tan enggon nanging nglimputi sagung kawontenan, ngandhika tanpa lesan muhung Bawa, Anggandha tanpa karna muhung purba, amirsa tanpa netra muhung Waskitha, amiyarsa tanpa karna muhung Wisesa, pangraos tanpa raos muhung Heneng Hening.
Kosok wangsulipun purwane ANA saking ORA tegese witing lahir saking batin, witing rame saking hening, witing gumelar saking sonya nanging sampun kagalih tawang towang tanpa wasana bebasan mangeran ing kumandhang.
Wosipun sirik manawk nampik milih, menawi nampik punapa'a kang ginelar boten saged kagulung malih, yen amilih punapa'a boten sumerep sagunging kawontenan saking ghoib , sedaya wau sampun ngantos korup malah angurupana sampun ngantos kawimbuhan malah amimbuhana punika kemawon cekap dhateng pangesthi Jati."
Kendel ature Bambang Wisrawa, Sang Bathara Guru lega ing penggalih rumaos angsal gegebengan anggenipun kagungan pangesthi dados Sang Hyang Athma angratoni manungsa sadaya, makaten wijile pangandhika :
Bethara guru : " Iya ora dadi apa Wisrawa , Dewa karo manungsa bisa uga tuwa manungsane, mung wae elinga manungsa kadunungan sipat salah luput lan lali, lan kawruhana nadyan sira bisa ngukir langit luputmu besok ana negara Ngalengka."
Wisrawa : " Sampun sandanganipun titah milanipun wonten pitungan selapan hari, manungsa sipat titah tartamtu kagungan salah, ingkang boten salah punika sipate Hyang Agung. Paduka pukulun inggih titah boten benten Wisrawa namung paduka kang sipat cahya inggih kasinungan ciri2 kalepan ."
Bathara Guru : " Gedhe panarimane ulun, amung memuji muga atuka berkahing Widhi, Ulun kondur makayangan Wisrawa, rahayu rahayu'a sagung dumadi."
Wisrawa : " Amung sembah sungkem kula dherekaken jengkar paduka pukulun."
catetan :
AUM = HONG wonten ingkang merdeni Agni Udaka Maruta (geni banyu/lemah angin)

