Ora cetho (Gurit gemblung) ꦎꦫꦕꦼꦛꦺꦴ (ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦸꦁ)

0

 Ora cetho

(Gurit  gemblung)

ꦎꦫꦕꦼꦛꦺꦴ

(ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦸꦁ)




Sing gadang-gadang 

Nganti wis lungset pikere

Nglambrang ing awang-awang

Tanpa wirang jejogedan sadalan-dalan

Sinambi tetembangan sinom 

Lelumbane manise tembang dandanggula

Anganggit crita asamradana 

Mring kembang pereng wates kidul sebrang


Dak sawang kanti permati

Jambu ing tengah alas kae

Katon ngawe-awe  manise rasa

Kekudang ponang kang pinijil

Mecah gonku tetepungan mring  rina

Lelungguhan  kanti  tetep

Nyuwung aken driya anutup rasa lan jiwa


wulan purnama ketawang sumunar ing pasuryan

Sinambi gegawa esem kang ngrerujit ati 

Sing nenunggu sempalane jiwa

Sak ngisore wit panguripan

Gegodelan kembange yuswa


Mbuh kapan, aku ra ngerti

Lumunture katresnan

Marang  aku sing nandang 

Lara branta mring sliramu


Isih tetep tak tunggu 

Najan gunung lor jebluk

Lan segara kidul asat

Sarta jambulku malih werna

Prasetyaku marang sliramu

Ora isoh kausik marang kembang

Ing  tengah taman suarga


                            

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)