SERAT KAWRUH SANGGAMA
(BASA JAWI)
Amarsitakaken
patrap sarta mantranipun saresmi.
Ingkang
saged karaos marem tumrap wanita.
Tuwin
prayogi kadadosaning putra.
I. MULA BUKANING KAWRUH SANGGAMA
Sampun
kodrat priya punika manawi ningali wanita lajeng tuwuh manahipun remen,
sengsem, mekaten ugi kosok wangsulipun, remenipun wau beda kaliyan remen
ingkang tumrap dhateng barang. Sayektosipun lajeng kepengin sajiwa utawi
salulut dening kodrat ingkang mekaten wau kita lajeng gadhah panganggep manawi
ingkang Maha Kawasa pancen anglilani sarta paring dhawuh supados kula sadaya
bangsa manungsa sami ambabaraken tuwuh mong kaisenipun marcapada. Sinten
ingkang ngestoaken dhawuh wau sami pinaringan ganjaran kenceng : raos nikmat
ing salebetipun tutik.
Ananging
sarehning manungsa punika beda kaliyan sato sanajan, bab sarasmi punika sampun
sami saged nindakaken inggih kedah nganggeya tata karmaning sanggama utawi
susilaning sanggama punika purwanipun wonten kawruh sanggama ingkang ugi
winastanan, aji Asmara Gama. Asmara tegesipun sengseming cumbana.
Menggah
bakunipun ingkang kinajengaken dhateng ingkang ngagem aji Asmara Gama wau
wonten kalih prakawis inggih punika :
Tumrap
dhateng rasaning wanita sageda wanita ingkang sininggama punika raos lega,
rena, marem carem satemah mantep temen ambangun turut dhateng priya.
Tumrap
dhateng putra sageda apuputra ingkang kenging sinebut utawi jalaran saking
punika. Mila aji Asmara Gama wau ugi kawastanan, Asmara Dwi Paedah, tegesipun
kalih pigunanipun, rahsaning wanita tuwin putra.
Saiba
begjanipun manawi priya saged amengku garwa ingkang ambangun turut bekti ing
laki, tuwin kagungan putra ingkang utami, sangsaraning sangsara manawi kataman
kosok wangsulipun mila kainan sanget manawi priya mboten karsa marsudi sarta
ngagem aji Asmara Gama punika.
Kacarios
menggah aji Asmara Gama punika ing kinanipun ingkang ngagem namung
panjenenganipun para dewa tuwin para nabi, lajeng tumurun dhateng para sinatria
ingkang linangkung, angsalipun aji wau sarana perkaos, kedah tinumbas ing tapa
brata. Sang Hyang Giri Nata (Bathara Guru) duk jaman kina, Bathari yo sagedipun
katarima pinaringan aji wau dening Sang Hyang Tunggal inggih mawi mesu puja
brata jalaran taksih sereng marem ing galih kagungan putra sakawan mboten
wonten ingkang pinunjul. Sasampunipun Sang Hyang Giri Nata ngagem aji Asmara
Gama lajeng saged apaputra Sang Hyang Wisnu gugunganipun para dewa.
Dados
aji Asmara Gama punika pancen dede ngilmi sembarangan, mila mboten prayogi
damel kangge mainan sayekti malati. Inggih punika : manawi panggilutipun mboten
adadasar panggalih suci, resik, sisip sembiripun kesasar kerem dhateng patrap
pratingkah lalangening cumbana tuwin raos kanikmatan kemawon satemah dados
priya brancah boten pilih-pilih inggih bilahi yektos ngrisakaken jiwa raga mula
saderek kula para mudha : den awawas den emut.
II. PIRANTOSING CUMBANA TUMRAP PRIYA
Pirantosing
saresmi tumrap priya punika wonten ingkang katingal saking jawi sarta wonten
ingkang dumunung ing lebet katarengaken kados ing ngandhap punika :
1. Kalam utawi dakar
Kalam
utawi dakar inggih pasta purusa, peranganipun wonten tiga inggih punika :
1)
Otot ageng sakembaran jejer saes dhawuluh ing sanjata
panganten, otot punika ing lebet ngrokos pindha jamur karang dados pirantos
wadhah erah. Manawi nuju kothong : dakar empuk yen kilen erah dados atos saya
kathah rahipun ingkang mili mriku saya mindhak atosipun kiyat kenceng.
2)
Bolongan margi turas lan nutpah, dumunung ing sirahing
dakar kapering ngandhap.
3) Urung-urung margi turas lan nutpah, kaprenah wonten saantawisipun otot ageng sakembaran wau kaperang ngandhap saestalantakipun sanjata panganten wau. Urung-urung punika pungkasanipun ingkang satunggal dumunung wonten ing sirah. Satunggalipun wonten ing poking dakar ugi ngrokos pindha jamur karang, manawi sampun kilen erah saged melar sarta atos.
Titian
kina anggenipun nyukani paparap dhateng dakar utawi kalam wau kapendhetaken
asmanipun para dewa ingkang sinekti, kadosta : Sang Hyang Surasmara, Sang Hyang
Purusa, sapanunggilanipun. Ingkang mekaten wau saking sangeting anggenipun
ngaosi.
2. Palandhungan
Palandhungan
utawi konthol, punika wujud kulit awangun kantong saged melar sarta mangkeret
limrahipun langkung cemeng tinimbang kulit ing saranduning badan. Ing lebetipun
palandhungan punika wonten paringsilinipun kalih, jejer gumandhul wonten
pokipun dakar mawi kalet-letan ing kendhangan. Ingkang kiwa limrahipun langkung
alit katimbang ingkang tengen, nanging langkung landhang. Paringsilan punika
gembuk-gembuk saged landhung sarta mangkeret, manawi tiyang saweg ngraosaken
nikmating cumban, paringsilan punika dados atos sabab kalenanipun ing lebet
kebak isi erah. Paringsilan punika peranganipun ing jawi kepara nginggil wonten
amplokipun awangun lintah sarta wonten usus-ususipun ingkang mengkal-mengkol
saes nglangi, ciyuting bolonganipun usus-usus punika namung sarambut
pungkasanipun kempal dados satunggal kaliyan peh. Usus-usus punika dados
urung-urung wedalipun nutpah saking pringsilan. Wonten ingkang nginten manawi
tiyang kebincih punika boten saged jimak malih, nanging panginten punika lepat
sayektosipun taksih saged namung kemawon boten ngedalaken nutpah, dados boten
saged nganarki. Wunguning dakar punika boten sabab saking nutpah, inggih punika
saking kilening erah kados ingkang sampun kapratelakaken ing ngajeng.
3. Badhening nutpah
Nutpah
utawi kama punika awujud yiyit warninipun pethak monda-monda. Gandanipun
saemper kerikan balung utawi cingat. Wedalipun saking palandhungan wigunanipun
kangge netesaken badhening manungsa. Menggah kadadosanipun nutpah utawi kama
wau saking yiyit tigang prakawis. Inggih punika ingkang medal saking peh,
saking purus, tuwin yiyit ingkang medal saking impes. Yiyit ingkang medal
saking peh punika boten kenthel sarta tanpa gonad, wedalipun kantun. Dene yiyit
ingkang medal saking purus sarta impes punika wedalipun dakar dados kenceng tuwin
nalika ngraosaken nikmat. Yiyit punika pliket ugi tanpa gonda. Kempalipun yiyit
tigang prakawis punika ingkang anjalari anggonda kados dene kerikan balung.
Nanging manawi sampun kenging hawa, gonda wau sirna. Sarat manawi sampun garing
warninipun jibles pethaking tigan.
4. Satwa mani maya
Satwa
mani maya : jarwanipun kewan kama, inggih punika kewan ingkang alit sanget
ingkang dumunung wonten ing salebeting kama. Dumadosipun wonten ing pringsilan.
Wiwit lare ngangkat birahi kinten-kinten umur 15 tahun, curesipun ing badan
manawi tiyang sampun umur watawis 65 tahun. Satwa mani maya wau saking
paringsilan lumember dhateng peh. Kamaning priya ingkang taksih kadunungan
satwa mani maya, manawi saged gathuk kaliyan tigan badhening manungsa ingkang
dumunung wonten ing wanita lajeng rumesep ing tiga wau apratistha ing jeneripun
ing ngriku wanudya lajeng saged ing garbini.
5. Peh
Peh
punika wujud kekempalaning kanthongan alit-alit dados wadhahing nutpah ingkang
badhe kawedalaken cacahipun wonten kalih, sisih kiwa kaliyan tengen dunungipun
wonten ing saantawisipun impes lan usus jubur. Wangunipun kados poporing
pistol, lumahipun kebak isi jentolan. Nutpah ingkang saking pringsilan
sasampunipun lumampah anglangkungi usus-usus ingkang kados sawer nglangi wau
lajeng kendel wonten ing epeh. Ing ngriku peh lajeng ngedalaken yiyit inggih
punika lajeng dados kama ingkang medal nalika priya mungkasi cumbana.
6. Purus
Purus
punika wujud koyor angeng, warninipun pethak monda-monda, dumunung ing
saantawisipun jangganing impes wadhah turas kaliyan poking dakar. Wangunipun
memper jambu nanging gepeng, indhenipun katrajang ing urung-urung margi turas
pramila manawi purus wau dados ageng, amargi saking sanget karem olah asmara,
urung-urung wau dados kaslempit andamel pakewed manawi turas.
III. PIRANTOSIPUN CUMBANA TUMRAP WANITA
Pirantosing
cumbana tumrap wanita punika ugi wonten ingkang katingal saking jawi, wonten
ingkang dumunung ing lebet katerangaken kados ing ngandhap punika.
1. Parji utawi Pawestren
Parji
punika tembung Arab, tembungipun jawi pawestren, kawinipun baga, peranganipun :
1)
Babathuk, wujud daging alus ing gajih, kabasakaken
redinipun Sang Devi Venus inggih Sang Hyang Ratih. Milanipun anggajih
sayektosipun minongka tatanggul supados pameteking priya duk kala cumbana boten
angremekaken balung enem ingkang dumunung ing lebet, babathukipun lare estri
ingkang sampun ngangkat birahi punika adatipun kathukulan rambuting prentel,
trus mangandhap urut korining parji.
2)
Korining parji inggih punika blewehanipun parji
ingkang katingal saking jawi. Limrahipun mingkem adhames nanging wanita ingkang
metdaging utawi ingkang sampun kerep ambabaraken putra boten makaten
kawontenanipun.
3)
Lambe ageng wonten ing lebeting kori ingkang jawi
piyambak saestha wengku. Piranganipun lambe ageng ingkang jawi awujud daging
kandel pojokipun ing nginggil gandheng kaliyan kuliting bathuk sangandaping
pojok punika wonten dagingipun menthol kawastanan indreng. Lare estri jawi
ingkang sampun umur 6 utawi 7 taun, pojokipun lambe ageng ing ngandhap dumunung
ing kawet sacelakipun jubur. Manawi wanudya nglairaken jabang bayi ingkang
ageng, perangan ing ngandhap wau asring suwek, nanging lami-lami saged pulih
malih.
4)
Kawuping parji kawastanan lambe alit inggih punika
lambe ageng ing perangan lebet dados inggih gandheng kemawon kaliyan lambe
ageng wau. Awarni daging alus malerah abrit dados pirantos nuwuhaken raos
nikmat tumrap wanodya. Kuwup punika pojokipun ingkang satunggal dumunung ing
ngandhap satunggalipun nyonthong manginggil awujud daging menthol berut-berut
kawastanan purana utawi waga prana.
5)
Purana utawi Waga Prana dados pirantos tuking
kanikmatan tumraping wanita. Kadadosipun sarta lageyanipun boten beda kaliyan
dakar, inggih punika saking otot-otot ingkang alus. Waga prana punika manawi
kagepok wanita ngraosaken keri sarta nikmat kathah tiyang ingkang cawuh
ambedakaken indreng kaliyan purana utawi waga prana punika. Ing serat bau
sastra jiwa kawi : purana, waga purana, kaliyan indreng (itil) punika pancen
kadamel sami. Ing tembung walandi inggih makaten, anggenipun mastani indreng
punika kittelaar, tembungipun latin clitoris. Ing Kramers Woordentolk
anggenipun nerangaken makaten : clitoris (latijn) kittelaar, vrowelijk orgaan
der geslachtelijke prikkolbaarheid. Nanging mirit katranganan ing nginggil
sayektosipun indreng kaliyan purana punika piyambak-piyambak, indreng : punika
turutanipun lambe ageng, dumunung ing pojokipun lambe ageng ing sisih inggil
dados ragi ing jawi. Sareng purana utawi waga prana : punika turutanipun kuwup
(lambe alit) ugi ing sisih inggil dados dunungipun ragi nglebet. Ingkang saged
nuwuhaken raos nikmat tumrap wanita sarta anggadhah ing watak keri manawi
kasenggol (prikkelbaarheid) punika purana, indreng : boten.
6)
Daging song. Ing ngandhapipun babathuk baga ingkang
nglebet punika wonten dagingipun ingkang kawastanan daging song, dipun parabi
Sang Hyang Lambira. Agengipun sami kaliyan mentholing bathuk baga. Song wau
manawi kasenggol wanita karaos keri, song lajeng mekrok saestha kewan kintel
manawi kasenggol, mekrokipun wau andadosaken karaos nikmat ing sakali-kalihipun
(wanita lan priya) daging song kaliyan purana punika inggih sok jumbuh
anggenipun mastani, mungkasa yektosipun kathah sanget bedanipun, purana punika
daging menthol alit, song punika ageng : sami mentholipun baga, dunungipun
langkung lebet malih tinimbang purana. Ing serat nitimani nyebataken manawi
Sang Hyang Lambira (song) punika dunungipun wonten ing wurining purana, nanging
punapa tembung purana ing serat nitimani wau ingkang dipunkajengaken indreng,
punapa purana ingkang sebut ing wangka 5 ing nginggil punika : boten terang,
amargi ing serat nitimani boten mratelakaken bab perang-perangan wau.
7)
Margi turus, dumunung sangandhaping purana. Letipun
dados pungkasaning margi turasing impes, ingkang nama impes punika kanthongan
wadhah turas dumunung wonten sanginggilipun baga.
8)
Pastiawa. Punika lenging parji. Manawi taksih prawan
katutupan ing kendhangan alus kawastanan kulit prawan utawi beteng. Beteng
punika wonten bolonganipun ciyut manawi katemben rinurah ing kakung : beteng
wau bedhah sarta ngedalaken erah mila kenya ingkang saweg sapisan rinabasing
priya punika karaos sakit (perih). Beteng wau ugi saged bedhah jalaran dhawah
utawi kaplengkang kala alitipun.
9)
Kuwung-kuwung. Inggih punika urung-urung saking
pastiawa dhateng borining pranakan dumunung saantawisipun impes lan usus ageng
ing jubur. Wangunipun saestha bumbungan nanging gepeng saya nglebet saya
jembar. Adekipun boten jejeg lan boten sumeleh, inggih punika mayak,
kuwung-kuwung punika awujud kulit kados babad saged melar mingkup sarta tansah
teles semu kiner-kiner.
2. Pranakan
Pranakan
ugi kawastana wadhah bayi, dumunung saantawisipun impes kaliyan usus ageng ing
jubur, sumeleh ing pungkasaning kuwung-kuwung, ing kiwa tengenipun dipun
uwat-uwati kendhangan saestha lurub sarta otot gilik, adebipun pranakan wau ugi
mayak nunggil sipat kaliyan pastiawa tuwin kuwung-kuwung. Pranakan punika
wangunipun kados kalenthing, sarta bolonganipun ing nglebet kadugi namung isi
wiji jiram pesel satunggal nanging manawi sampun wonten isinipun jabang bayi
saged melar ngebat-ebati. Peranganipun wonten tiga inggih punika ingkang amba
lendhuk kawastanan badan ingkang menggik kawastanan jongga, ing pungkasaning
jongga kawastanan kesan utawi lenging pranakan gandheng kaliyan kuwung-kuwung,
warninipun lesna punika kados silet ayam, wanita ingkang sampun nate
ambabaraken putra, leng wau wonten tilasipun suwek wanita ingkang dununging
pranakanipun lebet mongka pasta purusanipun kakung kirang panjang, boten saged
puputra, amargi panyemproting satwa mani mayanipun kakung boten saged dumugi
lenging pranakan. Makaten ugi manawi lenging pranakan wau kepepetan erah
sasakit sasaminipun inggih boten saged puputra.
3. Sopanaan Tiga
Sopanaan
tiga punika talang tiganing manungsa, wujud bumbungan otot alus kados usus
cacahipun kalih, kiwa kaliyan tengen gathuk kaliyan pranakan wonten ing
lompongan ingkang wiyaripun namung cekap bobat satunggal talang tigan punika
dados marginipun tigan ingkang dumunung wonten ing urita rentah lumebet dhateng
pranakan tuwin dados marginipun kamaning kakung ingkang sampun lumebet ing
pranakan badhe methukaken lampahing tigan wau. Tigan kaliyan kama wau manawi
gathuk wanita saged anggarbini.
4. Uritan
Uritan
punika penggenanipun tigan badhening manungsa. Wangunipun bunder bligon
warninipun pethak ing nglebet abrit sarta ngrokos pindha jamur karang, isi bayu
pinten-pinten sami pluntiran, uritan punika dados timbunganipun pringsilan
kaotipun : pringsilan anggenipun nuwuhaken kewan kama (satwa mani maya) wonten
ing nglebet uritan anggenipun nuwuhaken tigan wonten ing jawi. Dunungipun
uritan punika wonten ing pungkasanipun talang tigan. Tigan saking uritan badhe
lumampah dhateng pranakan punika, boten saben-saben nurut ing talang tigan
terus saged dumugi ing pranakan nanging mawi katampen ing trompet rumiyin,
trompet punika peranganipun ing ngandhap bolong sarta ing pungkasanipun mawi
gombyok kawastanan pranye. Gombyok wau terkadhang nutupi lenging talang tigan mila
lampahing tigan wau sok sasar kecemplung ing bolonganing trompet ing ngandhap
wau, terkadhang kaalang-alangan ing pranye, satemah boten saged dumugi ing
pranakan.
IV . PATRAPING CUMBAN KANTHI ASMARA GAMA
Patrap
utawi pratingkah ing saresmi punika warni-warni, kadosta : miring, anjebing,
lenggah, mangku, ngadeg sukuning wanita dipun panggul, wanita wonten ing
nginggil, sapanunggilanipun, ingkang murih sukaning galih, ananging patrap
ingkang makaten wau sayektosipun kirang mikantuki tumprap salih-kalihipun.
Sarta kenging kabasakaken kekathahen polah boten pasaja.
Ing ngatasipun aji asmara gama, punika boten namung murih leganing prana kemawon inggih ugi amrih leganing rahsa sajati, mila kedah ngangge patrap pratingkah utawi tata kramaning sanggama ingkang prayogi (susila sanggama) sampun kadamel mainan kasukan.
Menggah
pratingkah ing cumbana ingkang mikantuki punika kacariosaken kados ing ngandhap
punika :
Manawi badhe matrapaken sacumban, punika utaminipun priyantun kawing kaliyan putri lenggah rumiyin ajeng-ajengan, ardaning driyanipun asrep-asrepa, ponca driya kaleremna, sawarni kados badhe muja semedi. Nunten astaning priya ingkang tengen anyepenga dariji manisipun wanita ingkang kiwa, lajeng kapijeta sawatawis supados wanita kraos manahipun gadhah greget saut pyur tratab, ngantos karaos ing jisimipun estri, titikanipun keketekipun estri mungel deg-deg, asring kepireng ajeng-ajengan, nunten kakung angasta agigirpun estri dumugi walikatipun tuwin angarasa poking karna ingkang wradi ngantos dumugi grananipun wanita. Tumunten angalapan pasipun estri, katariking napasipun kakung, ing batos nyipta angalap manahipun wanita wau. Lajeng angaras alarapanipun estri, sarta anyiptaa malih : ngalap warni, kala kuwan tuwin nyawanipun wanita wau sarana dipun aras embun-embunanipun, sadaya wau kedah katindakaken kalayan sabar sareh.
Menggah anggenipun mawi patrap kados ing nginggil punika wau, saking pamanggih kula ingkang dipun kajeng ngaken makaten : sapisan, supados hardaning priyanipun priya boten ngombra-ombra, panggalih boten daya-daya, pikantukipun adamel dangu medaling rahsa, satemah adamel leganing prana tiwun prayogi tumraping putra. Kaping kalih, mawi angeningken cipta angalap manah tuwin nyawanipun wanita (aji asmara cipta), punika manawi katrimah nggih prayogi sanget. Awit saged adamel lega rahsa ning wanodya ingkang sajatining rahsa, pikantukipun wanita saged karaos marem carem lair batos. Kaping tiga, mawi mijet dariji, ngaras sapanunggilanipun punika minongka panggungah supados manahipun wanita saged karaos rahsanipun saged kabuh, pikantukipun garegeting wanita saya mempeng, dununging rahsa enggal cumawis. Satemah gampil ing pangrurahipun, sayektosipun bab patrap ingkang mongka pambukaning rahsa punika inggih kenging nganggep trap sanesipun makaten punika. Namung anggeripun boten sanget saru kados satataning sato, dene utaminipun anindakna aji asmara wanita kasebut ing wingking, mongka pambukaning rahsanipun wanita wau.
Sasampunipun
makaten, wanita lajeng karangkula, kasarekaken ing kajang sirah ingkang alon
ririh, jengkuning estri kalih pisan katekuka : kasedhekusna manginggil, ragi
kabenggang sawatawis, kempol karapetna ing pupu, tungkak karapetna ing pocong
saestha kadamel nyagatki. Priya lajeng amatrapna sariranipun pribadi,
patrapipun mangkurep suku kalih pisan kaslonyjorna ingkang rapet, padharan
kaabena sami padharan. Jaja katumpangna payudara den ririh (anggah-anggah)
astaning priya ingkang tengen kasedekusna, asta ingkang kiwa kabantalna ing
cengelipun wanodya.
Manawi
sampun makaten priya lajeng amaos mantranipun aji asmara gama ing salebeting
batos kadosing ngandhap punika :
“Hong
hyang-hyang kama jaya ratih, surap sara-surap sarining asmara, ulun mawisik
wanita, satemah yumana kang rahsa, sing dayeng aji asmara gam, myang wiseseng
paduka”.
Bakda
punika lajeng amaosa mantra malih, mongka panariking wiji ingkang utami,
makaten :
“Hong
hyang-hyang dhada pratingkah, ulun manuhun lumeraheng wijining manusa wakang
minulya, mokasuting ulun sing wiseseng paduka”.
Sarampunging pamaosipun montra wau kenging lajeng miwiti nindakaken sanggama. Lebeting pas purus ingkang alon saking sakedhik, manawi pasta purus sampun dumugi ing kuwup lajeng kaangkah-angkaha sagedipun tansah anggo soka esong, pandedelipun ingkang ajeg lan alon-alon manut panjing wedalipun napas, ing salebetipun makaten bilih karsa angaras : angaras saantawising pipilan grana. Panggalintiring penthil kaangkah amurih kerinipun, thukuling raos daya-daya kedah tansah dipun perangi wontenipun namung sareh, ngarah-arah. Empaning sanggama kacipta amanggen wonten ing pucuking pasta purusa.
Manawi song wau tansah kagosok estri karaos nikmat sarta keri, adat ingkang sampun kalampahan lajeng ngedalaken toya ingkang kados yiyiting mina. Ing ngriku kerinipun saya wewah, nyarambahi ing badanipun sakojur, gregeting karsanipun estri katawis saya mempeng, sautipun pastiawa karaos saya kiyeng, watakipun lajeng buteng, inggih punika lajeng palintiran ngulat-ngulet utawi damel solah bawa sansesipun, ingkang sayektosipun ambiyantoni solah ing pasta purus : supados nyenggol ing dununging prasanipun.
Tumrap
estri ingkang sampun kawical lenyeh ing kakung, wiwit sinanggama : sampun damel
solah bawa, anggenipun damel solah bawa punika mawarni-warni, tanpa mawi
taha-taha utawi rikah-rikuh, malah pangraosipun : solah bawanipun wau
satunggaling wignyan ingkang saged damel sukaning kakung. Nanging satemenipun :
pancen inggih, kathah priyantun kakung ingkang lamlamen dhateng solah bawaning
wanita ingkang makaten wau. Dene tumrap wanita ingkang sae saha, solah bawanipun
wau namung samadya kemawon : manawi sampun karaos keri sanget jalaran inggih
rikuh manawi kadakwa lenjeh ing kakung punika wau.
Ing
wekdal wanita greget sautipun katawis saya mempeng wau, priya kedah nimbangana,
inggih punika dedel sendhalipun pasta purusa ragi kakerepana sarta karosanipun
kaajegna. Sasampunipun makaten sukuning estri lajeng kawudhara : salonjor, pupu
karapetna sami pupu, dene pupuning priya kalih pisan inggih lajeng katumpangna
ing pupuning wanita. Salajengipun bab pangaras sarta panggalintir penthil ugi
kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil utawinipun mawiya anyecep lathiningt
estri ingkang ririh, sarta sarira kagosokna sami sarira ingkang waradin, manawi
solah bawaning wanita sampun katawis saya buteng, kados bathara kala krodha badhe
anguntal jagad mratandhani manawi sampun badhe amudhar prasa, inggih lajeng
kapungkasana, sarana ngerepaken sendhal dedeling pasta purusa, adat ingkang
sampun kalampahan boten dangu wanita lajeng mudhar prasa, mila sirahing purusa
karaos kados dipun ameti ing lambening kenya gondhang, (gineget ngepuh kama).
Inggih punika korining kayanganipun Sang Hyang Kamajaya binuka medal minongka
rahsa pita. Tarkadhang asring kepireng swara mak cethut dening rosaning
panggeget amargi saking leganipun, pratandhanipun malih manawi wanita wau
sampun madhar prasa, sariranipun ngalumpruk marlupa kados oncat yitmanipun
sarta asasambat ingkang damel trenyuh ing manahipun priya. Tumrap wanodya
ingkang sampun asring-asring leledhang ing taman lambang sari, asring sambat
pejah, boten purun pisah, sasaminipun kados inggih-inggiha. Dene tumrap wanita
ingkang sae-sae, adatipun namung sasambat kapurih nyampuni, dening pancen
sampun rumaos kalegan prananing rahsa.
Dene utaminipun duk kala badhe mungkasi wau, manawi priya sampun karaos gumreget badhe ngelaken rahsa (kama), punika lajeng wiwit amegenga prasa, tancebing cipta ing gayuha utama. Manawi kama sampun medal pasta purusa katetepna den ngantos netep kakendelna panggosokipun ing ngriku lajeng amepeta ponca driya, eninging panggalih anggayuh utama kalajengna. Pikantukipun : manawi kasusupan wiji mongka lantaraning dumadi, badhe prayogi kadadosanipun.
Wonten matih patraping cumbana ingkang saged damel leganing wanita, ananging priya sok boten betah, jalaran kedah ragi sawatawis dangu ing panggosokipun, patrap wau estri salonjorna bokong kaganjela ing kasuran alit supados baganing estri saged mangal, sukuning priya kapethangkongna, (kasedhekusna mregagah), padharan ugi kaabenna sami padharan jaja katumpangna ing payudara. Panggosoking pasta purusa dedel sandhalipun kabandulna manginggil supados sageda anggosok song, kridhaning bokonging priya sawatawis kaegol-egolna manangen mangiwa. Bab pangarsa paneceping lathi, salajengipun ugi kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil.
Patraping
sanggama ingkang kasebut ing serat nitimani kados ing ngandhap punika wosipun :
Kalamun pasta purusa, wus kiyeng kiyet santos, kwehning saya wus samekta, iku nulya katindakna, umangsah ing rananggana, sayekti datan kuciwa, katempuh ing rananggana, sayekti datan kuciwa, katempuh ing bandayuda, nanging ta dipun prayitna, ing tendak aywa sembrana, gone bakal nuju prasa, mring wanita mengsahira, supaya lega ning driya, wruh antawisipun waspada, jroning pasti kono ana, musthikaning rasa mulya, rineksa para jawata, karan Sang Hyang watapatra, utawa Sang Hyang gambira (song), dumunung wuri purana, yen tinempuh dening gada, watak keri prasanira, nuli babantune prapta, pipingitan ing jrobaga, ingaran sang hyang asmara, asisilih Sang Hyang Cakra, kang abi praya sarosa, wimbuh keri ngriming ngira, anarik daya ajunya, mring Sang Hyang purnama sangko utama Sang Kamajaya, pameting rahsa mangkana, srana ngagem mawi saya, pratingkah ukeling pasta, kacarita solah hira, duk marwani lumaksana, karya pupusuking yuda, kwehning daya sanis kara, aywasi nerusa rosa, ing tindak kedah saronta, pangangkah amung muriha, keri prasaning wanita, kalawamun wus sawatara, campuh ing pring lama-lama, papalu tumempuhira, pinindha upama gada, tinangkis ing bonda baya (tameng), saking rosaning panggada, kuwating panangkis sira, wekasan metu dahana, mubal sumundhul ngakasa, susumuke ngemu pega, kukus katut samurana, prapta tumanduking prasa, kekerining mengsahira, gumriming saya andadra.
Gantya wau sang wanita, genya tadhah bonda baya, mubal wetuning dahana, sumarambah ing sarira, tan kuwawa anaenna keri gumriminging prasa, saya harda ngombra-ombra, wantu wataking wanodya, yen wus liwung kroda nira, ing budi datan saronta, sigra amusthi sanjata, warastra mongka pusaka, tuturunan sang jawata, ganjaran Hyang Girinata, piningit sajroning baga, yeka kanghru barunastra, sumembur angemu tirta, toya lir yiyiting mina, angalem pasta purusa, wauta sira sang pasta. Silem kineleming tirta, tan montra-montra riringa, ing solah saya gambira, pangeburing barunastra. Lir ombak samodra bena, gangge lumut satepinya, samodra karoban toya, ngempel ngumpu ? Lir tinata, babarisa warata bala, kadi gelar cobra banyua, bobondhot bundheting pasta, nging tan surut saya rosa, liwung pamukireng yuda, mangkya gantya cinarita, ramening prang bratayuda, nulya kono ana swara, lamat-lamat kapiyarsa, surasa asung samita, wiyosa kadya mangkana, eh kulup sira sang pasta, po mangger dipun prayitna, panarik sendhaling gada, maju miwah undur rira, papane lunyu sadaya, wus tan kena tinulaka, wit iluning barunastra, saya adres panemburnya, dene gon malumaksana, lamun lena yekti ina, yen kaplesed angsahira, rebah nindhihi gada, katikel dadya rubeda, ing jro aran roga brata, pileg ing kadadeyannya, lan kulup weruha, adat wataking wanodya, yen wus ngedalaken tirta, kang kadi yiyiting mina, gumriminge saya harda, mempeng sereng ngireng prasa, kawistara sarapira, kiyat kiyeng sariranya, sawonda kejeng sedaya, dene lamun wus mangkana, sira adar beya sedya. Tutulung mring mengsah ira, tumraping asmara gama, tan liya amung wisaya, silahing pusta purusa, sinengkakna pamukira, tempuh pamukuling gada, kang ajeg lan den kerepna, kalawan dipun waspada, amawasa ing sasmita, adat wantuning wanita, yen wus liwung pamukira, nulya kagawe lelewa, pratingkah solah ingkang ga, wit saking kurang prasaja, sajatine karsanira, biyantu solahing pasta, kinen nuju amrenahna, mring dununging prasa sira, kang supaya tinrajangnga, sinondhal pucuking pasta, ing kono dipun turuta, sakarsanireng wanodya, yen pinareng datan lama, wanita amudhar prasa, yekti ana wataranya, gara-gara jroning baga, anyodol pucuking pasta, iku saka kira-kira, laraping reca gupala, kabukaning kang wiwara. Jineking Hyang Kamajaya, aliya tondha mangkana, ing sayekti kawistara, kawawas sawarna nira, ingkang ga sakojur wanda, anglir kaoncatan yitma, lesu ngalumpruk marlupa, kadi-kadi tan kuwawa, anandhing enaking rahsa, sasambate melas sarpa, karya trenyuh ing wardaya.
Patraping cumbana ingkang kawarsitakaken ing nginggil punika wau kenging dipun wastani sampun nyekapi, liripun dene sampun seged damel leganing wanita, pratondha angganipun ngalumpruk marlupa yayah kaoncatan yitma. Ingkang prelu, ing salebetipun saremi, wau priya kedah amawasa ulat liringing wanita, tuwin inggih amawas sariranipun pribadi. Manawi panggalih sampun karaos lega, maren sarem ing salih-kalihpun upami dahahar makaten sampun karaos tuwuk prayogi kapungkasana saperlunipun, inggih punika nalika wanita mudhar prasa wau priya nyarengana wedalipun kama. Nanging manawi liringing wanita sanajan sampun wudhar prasa : nanging sajakipun dereng patosa lega, upami dhahar makaten taksih kedah tanduk utawi manawi priya pribadi ingkang rumaos dereng lega, inggih sampun anyarengi ngedalaken kama, dados wanita mudhar prasa piyambakan, dene manawi priya karaos kelayu badhe tumut mudhar prasa (ngedalaken kama) kedah dipun ampet kalayan tahan, sarananipun ngampet makaten :
Kedah manggen wonten gajeging gela, sampun ngantos kadamel lega, tegesipun : manahing priya sampun kadamel lega, angenget-angeta gelanipun, pasta purusa kakendelna rumiyin wonten ing jawi utawi wonten salebeting kuwup gumantung seneng parengipun panggalih. Manawi sampun ragi aring, raos kelayub dhemudhar prasa wau sampun ical, kenging tumunten kalajengaken malih, nanging sampun grusa-grusu, sampun daya-daya, awit sang wanita wau sariranipun marlup, mila kedah dipun arih-arih, bok manawi kapareng dhangan ing panggalih. Priya kedah angempakna tembung manuhara, manis sedhep ing wicara, den bisa nuju prana, angatingalna katresnanira. Manawi sampun wonten antawisipun kepareng, patrap pratingkahipun inggih tan prabeda kados ing nginggil, sang wanita kagugaha kerining prasanipun, adat ingkang sampun kalampahan boten antawis dangu wanita lajeng pulih malih kakiyatanipun, tandanmgipun kados raseksa badhe amangsa daging. Ing ngriku priya ingkang prayitna, kenging lajeng dipun kerepi sendhal dedeling pasta purusa, sarta lajeng angedalna kama; nyarengi pamudharing prasanipun wanita, dados wanita mudhar prasa kaping kalih, priya sapisan.
Ing serat paniti sastra, gugubahanipun bagawan palasara ingkang sampun dipun jarwakaken dening Sang prabu Jayabaya (*) ing bab 85 nyebutaken makaten : menggahing sanggama, tiyang jaler lan punika saminipun pawestri, mila pangandikanipun dewi drupadi : boten wonten pawestri tuwuk ing kakung. Nanging ungel-ungelan punika sayektosipun tumrap priya ingkang boten ngagem aji samara gama. Manawi priya saged nguja karsaning wanita kados ingkang kapratelakaken ing nginggil nika, wanita inggih saged karaos tuwuk sayaktos malah kacariyos tuwukipun wau sagen kangge ing salebetipun saminggu.
Kacariyos katrimahipun aji asmara gama ingkang makaten punika, wanita karaos angsal sarining kanikmatan ingkang linangkung, sarta tansah enget salaminipun gesang dhateng tanduk solah bawa tuwin warninipun kakung, sanajan tebih inggih tansah katingal gawang-gawangan tuwin boten kasupen raosing kanikmatan wau. Mila priya ingkang sampun widagda dhateng aji asmara gama wau, sanajan mengku pawestri ingkang lejeh pisan insya Allah saged malik dados narimah, manut miturut sapangreh ing kakung, rumaos boten saged pisah. Manawi wonten alangan pisan, mongka estri wau sinanggama ing liyan kakung, ing salebeting cumbana wau tansah karaos cuwa, gela, sarta kengetan wawentahan dhateng raosing kanikmatan nalika sinanggama ing kakung ingkang undhagi aji asmara gama wau, dening priya beda sanget raosipun awit sang widagda asmara gama wau, boten namung saking sagedipun dateng bab patraping sanggama : anuju prasaning wanita kemawon inggih saking katarimah anggenipun nyipta ngalan manah tuwin nyawanipun estri wau dados wanita karaos kalengan sanget rahsanipun sajati. Pancen inggih boten gampil nindakaken aji asmara gama punika, nanging wonten babasanipun : sapa temen-temen: tinemu. Dados manawi wonten priya karsa cumbana sarana roda paksa utawi namung kangge mainan sasaminipun punika boten kalebet ing wawarahipun kawruh sanggama punika.
Manawi priya sampun widegda sayektos nindakaken aji asmara gama makaten punika, sanajan pasta purusanipun alit utawi ageng, celaka, panjanga, sampun sami kemawon : saged damel suka renaning wanita. Nanging priya ingkang dereng saged nindakaken aji asmara gama : boten makaten, manawi pasta purusanipun alit : wanita karaos cuwa, manawi ageng : karaos sebab, yen celaka karaos kemba, yen panjangka raos sakit, dene manawi cekapanan ageng sarta panjangipun sanajan wanita sanged karaos sekeca, nanging inggih boten saged karaos lega. Dene cumbana ingkang ngantos dangu wekdalipun manawi priya dereng widagda aji asmara gama punika malah adamel anyel manahing wanita.
Wonten sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi citra tuwin saniranipun wanita punika perang pinten-pinten warni, wonten namanipun piyambak-piyambak punika manawi sinanggama inggih wonten kawruhipun piyambak-piyambak anggenipun ambukani (miwiti) nglebetaken pasta purusa, amrih enggal kabuka rahsanipun, nanging bab punika kajawi angel anggenipun mastani utawi andunungaken selehipun satunggal-tunggaling citra wau, tuwin sagedipun apal patrapipun miwiti, sayektosipun patrapipun wau inggih namung sakedhik sanget bedanipun kaliyan ingkang sampun kajarwa ing nginggil, bakunipun patraping sanggama punika namung kedah amuriha keri prasaning wanita, makaten salajengipun ngantos wanita mudhar prasa, ing ngriku priya kedah waspada ing semu, duk kala wanita badhe mudhar prasa wau, pasta purusa bedah ragi sineru sendha dedelipun, manawi wanita sampun mundhar prasa, priya anyrengana ngedalaken kama, pasta purusa katetepna ngantos pokipun dumugi ing kuwuping parji tuwin sirahipun dumugi ing lesaning pranakan lajeng kinendelan ing ngangosokipun, ing ngriku pucuking pasta purusa karaos kados dipun ameti ing lambe keyong, inggih punika wiwaraning wanita angepuh kamaning priya, manawi kaleresan wahyaning mongso kalasang wanudya lajeng saged anggarbini. Adatipun sakaliyan senggoring napas saderengana sarta mawi gonda ambeting hawa arum angambar pindha ganda sekar melathi ingkang dhedheng ambabar sari, mretandhani tumruning cahya adi mulya dhateng guwa garbaning wanita alantaran priya.
Para jajaka purun ingkang kirang seserepan sami mastani lesaning pranakan ingkang warninipun kados silit ayam punika ; kenthos sarta sami nginten manawi punika dununging prasanipun papesti. Mila manawi cumbana ngarah sagedipun sirah ing pasta purusa tansah nyenggol ing lenging pranakan wau sarana dipun tetep-tetepaken, panginten punika boten leres, awit lenging pranakan punika manawi kapetel pawestri karaos pegel kirang sakeca, nanging manawi wanita pinuju mudar prasa monga lenging pranakan wau kapetel ing sirah ing pasta purusa (dipun tetepaken) punika wanita karaos marem sanget, lega, tuwuk, anggeripun boten keseron ing pametelipun.
Wonten
malih sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi wanci wiwitipun wudharing
asmaragama tumrap wanita punika boten sami, miturut beda-bedaning kukulitanipun
wanita. Nanging bedaning wanci wau boten kathah kaotipun, namung jam-jaman
sedaya wanci dalu. Pancen prayoginipun cumbana punika inggih wanci dalu, kiwa
tengenipun tengah dalu ngantos dumugi bangun enjing, awit ing wanci mau kajawi
sirep tiyang, kawontenanipun wiji: pinuju pupul manawi dados putra wahanipun
badhe kandel wawatekanipun, manawi wayah siyang kawontenanipun, manawi wanci
siyang dening soroting suryo, manawi dados putra wahannaipun tipis
wawatekanipun. Ing sederengipun cumbana utaminipun sampung ngantos sare rumiyin
ing sakalih-kalihipun.
V. NGAGEM AJI ASMARA GAMA KEDAH MAWI LAMPAH: CATUR BRATA
Sadaya
ngelmu punika katarimahipun kedah dipun rangkepi laku (lampah), makaten ugi
ngelmi asmaragama punika inggih kedah mawi lampah. Dene lampahipun wonten kawan
prakawis (catur brata) kados ing ngandap punika :
Lila,
inggih punika lila dhateng kalong-longan, tegesipun nuruti sapa nedhanipun
estri.
Narima,
inggih punika narimah dhateng laladosan tuwin cawisanipun estri.
Temen,
tegesipun boten remen cidra, anuo lena ing patembayan.
Sabar, tegesipun boten sugih duka, para apura
ing kalepataning wanita.
Lampah
kawan prakawis ing nginggil punika manawi katarimah, saged amewahi dayanipun
aji asmara gama, inggih punika wanita saged kadunungan tresna, mantep, sregep,
tumemen nguja sakarsaning priya.
VI. RUBEDANING CUMBANA SARTA PAMBENGKASIPUN
Ingkang prelu kedah sami dipun engeti, manawi badhe nindakaken sacumbana punika : panggalih kedah sabar, saronta, sampun daya-daya lumaksana, angentosana manawi sang pasta purusa sampun kiyat kiyeng, santosa. Manawi dereng kiyat santosa saestu, mongka lajeng sineru lumaksana, punika asring ambalenjani neng wiwara, panggalihing priya dereng lega, sang wanite dereng mudhar prasa, kesaru wiyosipun Sang Hyang Kamejaya. Ingkang makaten punika, kajawi priya piyambak manggih cuwa, inggih cinedaka batosan dening wanita, amargi tiwas karaya-raya wawadi binuka, tibakipun boya montra kadamel lega, malah manggih gela, cuwa. Kacariyos wanita ingkang sampun karaos keri murinding mongka dereng ngantos mudhar prasa lajeng dipun sampuni, punika kajawi cuwa sanget manahipun inggih karaos pegel boyokipun ngantos pinten-pinten jam dangunipun, arata, rak mesakaken.
Kathah para mudha sami remen ngangge jampi awarni galepungan utawi lisah wonteng ing pasta purasanipun, supados kuwawi sacumbana dangu, punika saking pamanggih kulo kirang prayogi, awit danguning cumbana wau lajeng boten timbang kaliyan kikiyataning sarira, liripun manawi sarira ringkih mongka lajeng sinengka kangge cumbana dangu : jalanan ngangge jampi wau, punika ngrisakaken sarira, tur terkadhang jampinipun wau inggih dereng katenan manawi boteh mawi dat ingkang kirang prayogi tumrap kasaraning sarira. Punapa malih danguning wanci wau inggih dereng mesthi damel renanning manahipun wanita. Pawestri manawi sinanggama ing kakung ingkang dereng lebda dhateng aji asmara gama, danguning wanci wau malah adamel sakit, sanajan sinanggama apinten-pinten jam dangunipun. Wanita angel sagedipun mudhar prasa, (ngedalaken rah sapita), malah wewah anyelipun, sukani renaning wanita punika boten saking danguning wanci, inggih punika sidagda ngulah ing sanggama tuwin waskitha mawas kedhep liringing netra, inggih punika ingkang kawastanan kakung undhagi aji asmara gama. Mila para mudha boten prayogi ngagem jampi-jampi kasebut nginggil.
Dene sarana ingkang prayogi punika inggih sabar, sareh, boten daya-daya punika wau. Sarta panggalih kedah ening, bening, awas, eling, pikantukipun :
Eneng,
adamel dangu wedaling rahsa, angandelaken wiji, manawi dados putra badhe
panjang yuswanipun.
Ening,
saged karaos nikmat manpangat, ambeningaken wiji, manawi dados putra badhe
kadunungan watek guna, kawasa.
Awas,
saged priksa ulat liring wanita tuwin awon saening wiji.
Eling,
enget dhateng wawadosipun wanita tuwin enget amrenah wiji ingkang awon.
Samangke nerangaken rubedaning cumbana. Menggah rubedaning cumabana punika wonten pinten-pinten bab kados ing ngandhap punika :
Manawi
sariraning priya saged kataman ing arip, sakit, luwe, tuwin susah. Milanipun
manawi priya saweg kapan dukkan ing rubeda kawan prakawis wau inggih prayogi
sampun nindakaken sacumbana.
Manawi
priya cumbana kaliyan wanita ingkang prasaning rahsa boten tunggil bongsa.
Kadosta manawi lalawalen kayiyan wanita wredadha, satemah panggalih kapandukan
ing raos engah, gela, cuwa, kemba. Manawi tawanan kaliyan wanita ingkang kuciwa
ing warni, penggalih lajeng kataman ing raos ewa, merang. Menawi lawanan
kaliyan estri ingkang awon snget gandanipun satemah panggalih kadunungan raos neg,
geg, geg mila prayoginipun priya milih wanita kagem garwa punika ingkang
ngatos-atos, kedah ingkang nunggil bongsa prasaning rahsa wau.
Manawi
priya boten kapadhaning karsa ing salebeting cumbana. Mila prayoginipun priya
sampung grusa-grusu : cumbana sarana roda paksa, pangarih-arihipun den aririh,
pamilutipun den mamalat prana, rinungruma ing sabda rum sampun ngantos
purunipun saresmi wanita wau namung jalaran ajrih ing pameksa sasaminipun kedah
sarana seneng parenging panggalih.
Manawi
pasta purusa dereng kiyat santosa lajeng sineru lumaksana, kados ingkang sampun
kajarwa ing nginggil, mila prayoginipun manawi pasta purusa wau dereng kiyat
saestu, sampun ngantos katindakna sacumbana rumiyin poma den sabar.
Menggah
rubeda wangka : punika pancen kerep sanget dipun alami dening para mudha
ingkang kirang sabarana, menawi priya kataman ing rubeda wau, panulakipun
makaten : kados ingkang kasebut ing bab patraping cumbana manawi priya badhe
kelayu mudhar prasa. Ing salebetipun kendel wau priya kedah amumulya kridha,
tegesipun amumulih gagas, osik, anggelengna prasa tuwin rahsa. Manawi
katarimah, sapandurat kemawon, prasa tuwin rahsa wau saged gumeleng satemah
lajeng saged tumindak malih ingkang tan sangsaya, nanging tinimbang makaten
inggih prayogi ingkang sabar punika wau.
VII. PANGRUKTINING SARIRA
Wonten sarjana ingkang kagunggan pamanggih, para priya ingkang matekaken aji asmaragama punika perlu sanget dhahar : dhadhaharan utawi jampi ingkang gadhahi daya benter tumraping sarira, kadosta : ulam menda mawi bumbu marica pala, tigan ayam mawi madu tuwin marica, sasaminipun, utawi malih kathah para mudha ingkang sami remen ngunjuk jampi bangsanipun arak supados kiyat, punika wau sadaya menggahing kula ingging kirang condhong awit dhadhaharan utawi jampi ingkang kapratelakaken wau, dayanipun ingkang ageng namung prakawis kiyating sanggama serta ngindhakaken raos kepengin cumbana, tundonipun lajeng dados kakung ingkang barancah karem dhateng cumbana; satemah adamel risaking sarira, prasasat anggege pejah, jalaran kama punika kadadosan saking sari-sari saking otot ingkang alus-alus miwah sungsum, milanipun priya ingkang sanget karem ilah langenning asmara punika adatipun sok kataman ing sasakit ngethok, ngeres, linu, pegel suda paningal, sasaminipun sarta inggih kenging kawastanan ngecer-ecer satwa mani maya, wiji badhening manungsa, ingkang tamtu badhe angsal bebendu saking ingkang maha kuwasa. Kacariyos cumbana punika prayoginipun kerep-kerepipun ing salebetipun saminggu namung sapisan langkung saking saminggu saya prayogi.
Dene ingkang prelu kedah dipun jagi punika bab kasarasaning sarira, sarananipun resikan sampun tumandang ingkang sarwa nyengka, (langkung saking ukuran) tuwin adhahar dhadhaharan ingkang prayogi tumrap sarira, kadosta : peresan lembu, tigan ayam, sekul saking uwos ingkang taksih wuluh, kacang ijem, sayur-sayuran, sapanunggilanipun, bab punika para nupiksa tamtu boten kakilapan, manawi karsa ajajampi jawi, para sepuh paring piwulang, kacariyos lempuyang punika saged nuntumaken urat-urat ingkang lumempit uwi katilap, dene unjuk-unjukan ingkang prayogi punika : bonggoling nampu. Kaabennan oyoding lempuyang, oyoding kunir, oyodhing sedhah, oyoding rumput teki tuwin oyoding nampu punika carub dados satunggal kagodhog ing toya ingkang ngantos tanah, toyanipun kakantunaken sapalihipun.
Sadaya ingkang saged ngindhakaken raos kapengin saresmi punika saking pamanggih kula malah prayogi sanget dipun singkirna ing sawatawis, kadusta kakathahen wungu, kakathahen eses, (udud), ngunjuk kopi kakathahen dhahar lombok, sasaminipun ingkang adamel benter raosing sarira.
Pasta purusa ingkang waras wiris punika saking pamanah kula boten prayogi dipun rekadaya : dipun unjuki jampi-jampi ingkang murugaken kirang kiyet, kuwawi saresmi dangu. Awit dedehiyenging pasta purusa tuwin danguning wanyahe cumbana punika ingkang saged damel lega rahsaning wanita, manawi priya dereng saged susilaning sanggama. Ingkang murba wisesa anggenipun maringi gawuhan saranduning angga kita tamtu sampun mawi ukuran kikiyatan ingkang timbang kaliyan pigunanipun, amurih kiyating pasta purusa tuwin danguning cumbana, boten wonten sarana malih ingkang prayogi, mikantuki, kajawi namung saking sabaring panggalih punika wau.
Dene ingkang prelu tumrap para mudha punika namung sampun ngantos tumindak utawi dhahar dhaharan ingkang saged ngendhokaken pasta purusa, kadosta : kelan terong, eses mawi, uwur kalembak pucuk, sapanunggilanipun, sampun lenggah ing papan asrep andhodhok kedangon, malumpat wiyar, sadaya punika saged ngendhokkaken purus.
Nanging
manawi priya pancen kataman ing sakit kirang kiyat pasta purusanipun inggih
punika peluh utawi melur, punika inggih prayogi dipun jampeni ing saperlunipun,
adatipun priya ingkang kataman sasakit makaten punika, manawi boten kenging
alangan sanesipun, jalaranipun saking karem asmara ingkang ngantos langkung
saking taker. Jampinipun : kedah cegah sanggama rumiyin ngantos samantunipun
pungu sarta siram saben enjing, ebah ing sarira ingkang ajeg, dhahar dhadhahran
ingkang sarwa empuk sarta andamel kiyat tumraping sarira, wosipun sarira
kaliyan panggalih kedah tansah dipun seseger. Ingkang langkung prayogi inggih
punika nyuwun pitulunganipun dhokter tuwin mituhu ing sapitedahipun.
VIII. TUMURUNING WIJI INGKANG WINADI
Kacariyos
malebetipun wiji punika anyarengi lebeting napasipun bapa, Nunten umineb wonten
ing utek lajeng rembes dhateng panon, inggih punika sarining utek ingkang
manggen wonten salebeting menika, wiji ing sasampunipun wonten ing ngriku
kawawa manuksama ing pramana, sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana
andayani saeka karsa, nunten anarik daya serening sacumbana. Punika saged mewah
muncaring pangeksi, dene manawi linantur dados batur, lahiripun saged mahanani
putra.
Menggah
badhe kadadosanipun putra wau ing tembenipun punika manut empaning cipta sarta
urubing pramana wau. Awit duk kala wau wiji sumusup ing pramana lajeng nunggil
urubing pramana, punika upami tetedan : sagreneking ciptanipun wau minangka
bumbu, urubing pramananipun minangka bau. Bumbu manawi sampun kaulet ing bau,
raosipun lajeng kempal, dene matengipun kadah wonten ing pabrik ingkang
sakalangkung premati, dumuning guwa garbaning rena. Kawastanan yitna maya.
Tanda
yektinipun manawi kadadosaning putra wau miturut empan tancebing cipta nalika
sami sacumbana pupu kiran utawi wawatekaning putra punika ingkang kathah memper
kaliyan yayah renanipun, jalaran ing nalika papasihan wau tancebing cipta ing
sakalih-kalihipun sami kadunungan welad tuwin tresna. Nanging terkadhang pupu
kiran utawi wawatekaning putra wau memper kaliyan kaki nini, sanak sadherek,
tiyang ingkang sanget dipun tresnani utawi sanget dipun gethingi ing yayah
renanipun. Punika sababipun inggih saking tancebing ciptanipun yayah rena duk
kala saresmi wau saweg tumuju dhateng kaki nini, sanak sadherek tiyang ingkang
dipun tresnani utawi dipun gethingi wau. Milanipun manawi sami cumbana kaliyan
garwa dipun ngatos-atos, sampun ngantos kaselanan cipta ingkang badhe mahanani
kirang prayogi kadadosanipun, leres sanget para sepuh sami paring wasita
wanti-wanti dhateng putra wayah : manawi mentas saking kekesahan, ngabotohan,
kaget, gumun, sasaminipun sampun ngantos cumbana kaliyan garwa, ingkang dipun
kawekani : bok menawi ing salebetipun sacumbana lajeng kagagas punapa ingkang
mentos dipun sipati kala wau.
Bab
wahananing wiji miturut daya tancebing cipta punika, mila boten aneh manawi
putranipu sujanma ingkang hambek panandhita wonten ingkang boten dados abahan,
anakipun tiyang ingkang karem lampah maksiyat dados tiyang ingkang utami. Awit
sang hambek pinandhita wau duk kala saresmi kaliyan garwanipun, bok manawi
saweg kaselanan cipta ingkang adi. Inggih punika lenggahipun babasan : bangsa
punika madosi bangsanipun (soort zoekt soort). Nanging menggah lalampahanipun
sang hambek pinandhita kaliyan tiyang ingkang krempah maksiyat mau punika
kenging kawastanan saweg kawinujan utawi dumadakan (nyebal). Manawi adatipun:
tiyang ingkang kulina ulah puja brata punika yekti kathah kaengetanipun,
tancebing ciptanipun inggih kerep cipta ingkang utami. Tiyang ingkang remen
lampah maksiyatan punika tancebing ciptanipun inggih kerep cipta ingkang kirang
prayogi wusana dadosipun putra inggih sami mirib kaliyan tiyang sepuhipun,
babasanipun : kacang boten nilar lanjaranipun.
Wonten
malih katrangan bab dayaning cipta ing salebetipun sacumban, kacariyosaken
makaten : manawi nalika sacumban punika serenging priya dumunung wonten ing
priya, punika manawi ngleresi wahyaning mangsa kala saged dados putra, badhe
mahanani putra estri amargi serenging driya wau prasasat anyipta putri ingkang
endah ing warni. Kosok wangsulipun manawi dados putra mahanani putra kakung
ingkang kathah-kathah, bapa punika tresna dhateng anak estri, biyung kathah
tresnanipun dhateng anak jaler, biyung ingkang nyipta anak jaler punika wau.
Ing
serat widya kirana amratelakaken miturut suraosipun serat jitab sara,
karanganipun balawan palasara ing wukir martawu, bab wijanganing wiji punika
kados ing ngandhap punika :
Manawi
wiji wujudipun kandel, ing tembe badhe mahanani putra kandel manahipun, manawi
tipis inggih tipis manahipun, yen wiji wau ageng, mahanani budi jembar, yen
alit yekti rupah budinipun, inggih wiji wau mancorong, badhe mahanani budi
ayeman, bilih besem inggih badhe mahanani watak sungkawan.
Manawi
cumbana ing wanci siyang, ingkang tamtu wiji wau tipis amargi pramana
nedhengipun amer, yen wanci dalu kandel amargi pramana nedhengipun pupul, mila
utaminipun cumbana punika ing wanci akiring dalu dumugi bangun enjing.
Bab
wahananing wiji miturut dhateng ingkang andarbeni daya panggendeng,
kapratelakaken kados ing ngandhap punika :
Manusa
ingkang saweg tuwuh tancebing cipta welas asih, ingkang tamtu urubing pramana
warni pethak sumirat biru amaya-maya, mong kalajeng kataman eneng, punika
lajeng kawawa narik wiji, ingkang sumusup inggih sami kaliyan urubing pramana
wau, ing tembe manawi mahanani putra : sarwa jatmika, alus kabudayanipun asih
welasan ananging kirang panggraitanipun.
Manawi
manungsa saweg katuwuhan tancebing cipta : rila, legawa, murubing pramana tuwin
wiji warni jene sumirat ijem ing tembe badhe mahanani putra berbudi, lantip
pangraitanipun kajen sasamining tumitah.
Manawi
tancebing cipta pinuju mardika budayan kurubing pramananipun tuwin wiji : abrit
ambaranang, ing tembe manawi mahanani putra : limpad pasanging panggraita,
wasis ing pamicara sarta emutan ananging cugetan manah.
Manawi
manungsa saweg tuwuh tancebing cipta runtik sapanunggilanipun ingkang tamtu
urubing pramana tuwin wiji warni cemeng meles ing tembe manawi mahanani putra,
santosa dhateng kaawonan panas baranan tur bodho dhateng kabudayan.
Manawi
saweg tuwuh tancebing cipta methuthuk gumunggung, rumaos kaleresan sasolah
bawanipun urubing pramana tuwin wiji : biru muyeg sumirat amarakata, badhe
mahanani putra sae manahipun sarta andarbeni karilan ananging sanget bodho.
Manawi
saweg tuwuhan tancebing cipta drengki, urubing pramana tuwin wiji warni wungu
sumirat ing tembe badhe mahanani putra andaluya, dora ing pamacara, remen
pandamel ngiwa, asring benging sasakit gendheng tuwin wuta.
Manawi
saweg tuwuh tancebing cipta tarima, urubing pramana tuwin wiji : ijem
ungu-nguwung, ing tembe manawi mahanani putra hambek apura paramarta, rila,
terima, legawa.
Manawi
sujana makulina nungku puja brata aish sasamining dumadi, hambek paramarta,
temen narima, ingkang tamtu urubing pramana tuwin wiji warni ijem nem munycar
maya-maya, ing tembe menawi mahanani putra : wicaksana, lepasing pambudi
langkung saking sasaminipun manungsa, saged mengku darajat ageng.
Sarehning wiji punika bangsanipun alus dados saged dipun priksa inggih kedah sarana alusing pandulu, inggih punika saking eninging panggalih, sirnaning karsa, sarehing panggonda, lereming ponca driya, jatmikaning solah bawa.
Ing
ngajeng ugi sampun kapratelakaken ing salebeting sacumbana punika panggalih
kedah eneng, ening, awas, eling. Pikantukipun. Eneng : adamel dangu wedaling
rahsa tuwin ngandelaken wiji. Ening : saged karaos nikmat manpangat tuwin
ambeningaken wiji. Awas : saged pariksa awon saenipun wiji ingkang wekdal
punika. Eling : inggih punika enget amrenahaken wiji ingkang sae utawi nglebur
wiji ingkang awon, manawi wiji ingkang sumusup wau sae, kaprenahna punapa
samesthinipun, sagedipun katampen ing lenging pranakan, manawi wiji ingkang
sumusup wau awon, kedah kalebur sarana santosa, sampun ngantos korup nuruti
sengseming karsa, inggih punika kedah kasilipaken mangandhap utawi manginggil
utawi kawutahaken wonten ing jawi kemawon, wosipun sampun ngantos kamaning
priya wau katampen lenging pranakan .
IX. PANUNGGILANIPUN AJI ASMARA GAMA
Aji
asmaragama punika wonten panunggilanipun pinten-pinten samara, pararawung
kridha sami yasa nama piyambak-piyambak, ing ngandhap punika katerangaken
namung ingkang kamanah prelu-prelu kemawon :
Asmara Sabda
Asmara
tegesipun : sangsem, sabda : pangandika. Pikajengipun sangsem masa pocapana utawi
sengsem dening dayaning pangandika.
Ing
ngajeng sampun kacariosaken priya dhateng wanita ingkang pinurih tresnanipun
punika kedah angempakna tembung manis manuhara. Pamilutanipun ingkang saged
anuju prana, pangalembananipun ingkang saged anuju prana. Ing saderengipun
wiwit nandukaken sabda arum manis wau, priya mawi amaos samantranipun aji
asmara sabda ing salebeting batos makaten :
“Hong
Hyang-hyang Kamajaya dumareng karasihan surap sareng asmara, acaneng ulun
lumarapa, makecep ring wanita ika, sing dayeng aji asmara sabda, myang wiseseng
paduka”.
Aji
asmara sabda wau manawi katarimah saged ambuka sengseming wanudya satemah
kadunungan manah asih tresna, pikantukipun anggampilaken tumindakipun asmara
gama.
Ing
serat piwulang paniti sastra, gugubahanipun begawan palasara, ingkang sampun
kajarwakaken dening Sang Rrasu Jayasaya, ing bab 3, nyebutaken makaten : yen
wonten ngarsanipun mengsah umuka ing sabarang damel yen wonten ngarsanipun
pandhita angraosa sarahsaning ngelmi tuwin kawruh, yen dhateng pawestri
angungruma pangandika ingkang akarya asmaraning galih.
Asmara Cipta
Asamara
tegesipun : sengsem, cipta inggih cipta utawi osiking manah. Pikajengipun :
sengsema cipta nira utawi sengsema dening dayaning cipta.
Ing
bab patraping cumbana sampun kapratelakaken sakedhik bab aji asmara cipta,
inggih punika nalikanipun sacumbana, priya anggelengna cipta ! Angalapa pamanah
tuwin nyawanipun estri. Aji asmara cipta ingkang makaten wau, manawi katarimah,
wanita saged karaos marem terusing manah, awit boten namung kalegan dening
patrap pangulah ing sanggama kemawon sayektosipun kalegan rahsanipun sajati.
Asmara cipta ingkang kasebut ing nginggil punika boten ngangge waosan montra,
awit sampun kawengwu ing montra asmara gama.
Aji
asmara cipta punika ugi saged kangge sarana ngangkah pawestri (pangasihan)
lampahipun makaten :
Priya
kedah anyirik kasanggama tuwin asisirih ing sakeparengipun (ngingirangi dhahar
nendra) minongka lampah. Dangunipun pitung dinten pitung dalu, saya dangu malih
saya utami, upaminipun 40 dinten 40 dalu.
Manawi
ing dalunipun badhe matrapaken asmara cipta wau, priya susuciya rumiyin wiwit
sonten sampun ngantos sare. Ing wanyci tengah dulu lajeng lenggaha, sarira
kasendhekna, patrapipun kados lenggah semedi. Ing ngriku tumunten angeningaken
paningal amepeta pancadriya, pamirsa, panggonda, pamiyarsa, pangraos tuwin
pamiraos, lajeng anyiptaa ; mujudaken warnining wanodya ingkang kaangkah wau,
yen sampun wujud saluguning warni, lajeng sinanggamaa saking empaning cipta
kemawon sinartan maos montra makaten :
“Hong
Hyang-hyang Kamajaya dumareng karasikan surap sareng asmara, soteng ulun
lumarapa, makecep ring wanita ika, sing dayeng aji asmara cipta, myang wiseseng
paduka”.
Manawi
sampun widagda sayektos anggenipun matrapaken adat ingkang sampun kalampahan
wanita ingkang kaangkah wau lajeng supen kados sinanggama ing kakung ingkang
nyipta wau, satemah lajeng nandhang wiyoga (gandrung), saking sangeting wiyoga
ngantos mentala manakaken raosing priya (marahi), tarkadhang tan saronta lajeng
dateng nginggah-inggahi.
Nanging,
para mudha kedah enget ; manawi wanita wau manahipun resik suci, ahli puja
brata, punika asmara ciptaning priya wau boten saged tumama, awit kawon prabawa
kaliyan kasuciyanipun wau, satemah uwuk tanpa dadya, malah wangsulipun cipta
ingkang lumepas wau saged andadosaken kirang prayogi tumrap ingkang anggadahi
cipta, milanipun sampun nindakaken asmara cipta.
Asmara Wanita
Asmara
tegesipun : sengsem, wanita : pawestri, pikajengipun : sengsemipun dening
wawadining pawestri sampun kasumerepan.
Menggah
asmara wanita punika pigunanipun inggih kalih warni, inggih punika kangge
ambuko rahsaning wanita kaliyan kangge pangasihan.
Kacariyos
rahsaning wanita punika boten ngemungaken dumunung ing boga kemawon
sayektosipun wonten ing saranduning badan sadaya, saben sadinten sadahu aliyan,
patrapipun priya nindakaken asmara wanita punika kados nindakaken asmara cipta,
nanging pawestri kedah katingal kasat mata. Sanajan pawestri pinuju sareyan
lenggah, lumampah, ugi kenging katindakaken patrapipun makaten : priya angeningna
cipta, amepeta pancadriya, amegenga rahsaning sanggama, nunten rahsaning
sanggama wau katarika lajeng katancebna wonten ing cipta, manawi sampun boten
ewah, lajeng katarika malih katancebna wonten ing panon manawi sampun boten
ewah malih lajeng kalepasna dhateng pundi saranduning badanipun wanita ingkang
pinuju kadunungan rahsa, sinarengana maos montra makaten :
“Hong
Hyang-hyang Kamajaya dumareng karasikan surap sareng asmara, kang wanita
rumarasa, kataman kanang rahsa mulya, sing dayeng aji asmara wanita, myang
wisesang paduka”.
Manawi
sampun widagda anggenipun nindakaken wanita ingkang kalepasan wau lajeng kaget
anjingkat sanajan pinuju tilem kepati inggih meksa saged ngalilir, sarta gadhah
raos kados sinanggama. Estri ingkang katamanan makaten wau sengsemipun kados
dene kataman asmara cipta.
Dene
asmara wanita ingkang kangge pambukaning rahsa, paedahing gampilaken tumibone
kikin asmaragama, patrapipun nindakaken makaten : duk kaya rahsaning sanggama
wau sampun tumanceb ing cipta, manawi sampun boten ewah, lajeng katarika malih,
nanging boten katanjebaken ing panon inggih punika kadekeka wonten ing pucuking
dariji, dariji wau lajeng kagrayangna ing pundi saranduning badanipun wanita
ingkang pinuju kaserenan rahsa, sinartan matek montra kados ingkang kajarwa ing
nginggil, adat ingkang sampun kalampahan wanita ingkang kagrayang wau raosipun
kados sampun sinanggama, sarira gumriming marinding andhandhang minta tandhing,
korining Sang Hyang Kamajaya sampun kabuka, satemah anggampilaken tumindaking asmaragama.
Menggah
dununging rahsaning wanita ingkang saben sadinten sadalu aliyan punika
pratelanipun makaten : tanggal 1 manggen wonten ing pucuking jempol suku
ingkang tengen, minggah-minggah dumugi tanggal 15 manggen wonten ing tengahing
alis ugi ingkang tengen nunten tanggal 16 pindhah wonten tengahing alis ingkang
kiwa, mendhak-mendhak dumugi tanggal 30 wonten ing pucuking jempol suku ingkang
kiwa. Tanggal punika tanggal jawi. Terangipun amriksanana gambar ing sisih
punika. Supados gampil anggenipun ngapalaken. Kula sekaraken dhandhang gendhis
dados tigang pada, nanging dhong dhingipun inggih namung sadhawah-dhawahipun
kemawon kados ing ngandhap punika :
Rahsaning
dyah dununging mamanis.
Tanggal
pisan lawan tingang dasa.
Pucuk
jempol suku manggen. Kalih lan sangalikur, Neng tengahing tlapakan nenggih,
Tiga wolu likurnya, Tengah tungkak suku, Catur pitulikur tengah : ing kemiri :
gangsal nemlikur manggyana ing : tengah kempol punika.
Tanggal
nenem lan salawe munggih, pucuk jengku : pitu patlikurnya, tengahing pupu
sumeren, wolu lan tigalikur, tengah pocong dunungi reki, sanga kalihlikurnya,
tengah baganipun, sadasa salikur manggyan, tengah puser : sawelas lan kalih
desi, ing tengah payudara.
Kalihwelas
lan sangalas manggih, tengah janggut : tingawlas wolulas, manggen ing tengahing
lambe, pat blas pitulasipun, pucuk grana gyaning rahsadi, gangsalwelas
nembelas, tengah imba iku, tanggal kang dihin sinebat, apan kanan dekang wuri
sisih kering, ye kunut tanggal jawa.
Asmara Tantra
Asmara
tegesipun : sengsem, tantra : bala, utawi tiyang kathah, pikajengipun :
sengsema tiyang kathah punika.
Asmara
tantra punika pigunanipun : nyanggama wanita satunggal nanging wanita
pinten-pinten ingkang sampun nate sinanggama : saged karaosa sadaya, patrapipun
makaten :
Ing
salebetipun nyanggama, sasampunipun maos mantranipun aji asmara gama, utawi
boten amargi mangke badhe kawengku ing asmara tantra, priya wiwita angening
ngaken cipta anglerem poncadriya, nunten ana rika rahsaning sanggama,
(rahsanipun piyambak) rahsa wau katancebna wonten ing cipta, nunten anyiptaa :
mujudaken warnining wanita sapinten kathahipun ingkang badhe sinung rahsaning
sanggama wau. Manawi sampun wujud lagu sajatining warni, kados dene lampahing
asmara cipta, lajeng sinanggamaa salung empaning cipta kemawon, dene
mantranipun makaten :
“Hong
Hyang-hyang Kamajaya Ratih, surap sara surap sari ing asmara, ulun mawisik
wanita, matemah yumana kang rahsa, prahasa naring wanita samoa, kanang ulun
cipta, sing dayeng aji asmara tantra, myang wiseseng paduka”.
Lajeng
angedalna rahsa : inggih rahsanipun pribadi. Katarimanipun aji asmara tantra
wau, wanita-wanita ciptan wau saged karao sinanggama ing alam supena sarta
marem caremipun ugi tan prabeda kados sinanggama ing sawantahipun, kacariyos
raden dananjaya ingkang dados lananging jagad Prabu Arjunasasra ingkang
garwanipun domas (800), sarta prabu surya misesa ing Jengala Manik (Panji Inu
Kartapati), punika anggenipun nyarambahi asung rahsa sarta nguja arsaning
wanita ugi ngagem aji asmara tantra wau. Walallahu alam.
Pungkasaning Atur
Dumugi
samanten, pangraos kula sampun cekap pangimpun kula kawruh sanggama punika
manawi kula talusur malih, maksudipun aji asmara gama punika, kajawi minongka
sarana adamel lega tumraping wanita ing salebetipun cumbana, tuwin pambudidaya
sageda kasinungan putra ingkang utama, inggih ugi minongka panggarenda dhateng
para mudha, supados sami ngulinakaken angeningaken cipta, amepet pancadriya,
analiti sajatining wiji, ingkang dahat sinandi, tuwin wawadining dumadi. Manawi
dipun lampihi kanthi temen-temen ingkang tamtu inggih tinemu temenan, nanging
manawi panggilutipun sembarangan panindakipun namung kangge mainan, namung
kerem dhateng ulah kridhaning saresmi, sayekti inggih malati, angrisakaken jiwa
ragi. Mila sadherek kula para mudha ingkang kasdu maos serat punika, dipun
waspada uwosing wasita. Pemut kula :
Rasak ele yayah madu brangti, den tamamet uwosing wasita, brata lena mrih pratameng, tata susileng lulut, ketong ngesthi kotameng siwi, salamet mengku garwa, wajibing priyanung, kalamun sisip ciptanta, dhineseking tyas kerem langening resmi, risak jiwangga nira.
Keterangan
Sumber Referensi :
Kaimpun
dening : Raden Bratakesawa
Ing
ngajeng redhaktur Budi Utama ing Ngayogyakarta.
Lare
ingkang dereng dewasa kaawisan maos serat punika.
TJETAKAN
YANG KEDOEA
Kawedalaken
sarta kasade dening :
TAN
KHOEN SWIE
ING
KADIRI, 1927
Bubuka
Sampun
dangu anggen kula gadhah sedya ngarang serat kawruh sanggama punika, amargi
kala kula wiwit ngikat birahi ngantos wanci tumambirang : maos serat-serat
gugubahanipun para sarjana ing jaman kina ingkang isi kawruh bab sanggama,
kadosta : wedha asmara, nitimani, asmara gama, susila sanggama, lan sapanunggalanipun.
Pangraos kula mboten gampil sagedipun inggal dipun mangretosi suraosipun dening
saderek kula para mudha ingkang dereng kathah anggenipun dhahar jalaran
serat-serat wau satunggal kaliyan satunggalanipun wonten ingkang geseh, tur
panganggitipun sami kathah sesekaranipun sarta mawi seselang tembung kawi tuwin
tembung monca sanesipun ingkang angel sagedipun enggal cumantheling manah.
Nanging kala samanten niat kula wau dereng saged kalaksanan dening kaalangan
ing pakaryan.
Samangke
kula sampun ngancik satengah sepuh, awon ngigur maosi maleh serat-serat kasebut
nginggil cap-capan ingkang kantun kanthhil teka kathah temen ingkang pinanggih
lepat ing pangecapipun ngantos andadosaken kalintuning suraos tarkadang malah
tanpa teges, punika anjalari manah kula lajeng kagugah maleh, asreng ngarang
serat punika.
Menggah
pangarang kula serat punika sayektosipun inggih namung ngimpun sarta
ngethak-ethukaken karang-karangipun para sarjana wau, kula gubah kula
runtutaken suraosipun kula pewah, pamanggih kula piyambak ingkang sasaged-saged
kedah pinanggih ing nalar, kados karsanipun saderek kula para mudha ing jaman
samangke.
Panggubah
kula serat punika ingkang kathah ngangge tembung jarwa wantah kemawon. Mila
inggih radi ketingal lekohipun. Ing pangangkah namung sagedo cetha, ingkang
maos gampil mangertos suraosipun, mboten langkung namung aksamanipun para
nupiksa kemawon ingkang tansah kula suwun.
Rampunging
pangarangipun wonten ing kitha Kadiri, ing dinten ngakat legi, tanggal kaping
28 Pebruari 1926 tinengeran (prasa karonsih trusing ati) utawi 14 ruwah, warsa
: be 1856 tinengeran (rahsa tinata ngesthi putra).
Kathandan
: ingkang ngarang
N.B
:
Cap-capan
ingkang kaping kalih punika, mboten namung kula lepasaken ingkang lepat ing
pangecapipun kemawon : prasasat kula bangun malih, supados langkung cetha
suraosipun.

