BABAD KADHIRI (BASA JAWI)
Ringkesan (Selayang Pandang)
Crita
sawijining krajan ing wewengkon fiksi lan sujarah Airlangga
Naskah
Babad Kadhiri karyane MNg Poerbawidjaja lan dirampungake dening M.Ng
Mangoenwidjaja ing Wonogiri lan dibabar dening Boekhandel Tan Khoen Swie Kediri
taun 1932 mujudake naskah kang ngandhut sujarah lan uga ngandhut crita kang
asipat fiksi.
Taun
2008 kapungkur, naskah Babad Kadhiri dibabar maneh dening Boekhandel Tan Khoen
Swie. Ing buku weton anyar iki perangan ngarep tinulis ing aksara Latin nganggo
basa Indonesia, dene ing mburi sinartan naskah sing tinulis ing aksara Jawa.
Buku
weton taun 2008 iki tetep tinulis minangka anggitane M.Ng Poerbawidjaja lan M.Ng
Mangoenwidjaja. Ing buku iki diriwayatake, M.Ng Poerbawidjaja nampa prentah saka
panguwasa pamarentah kolonial Walanda supaya nglacak sujarah hadege Kutha
Kediri utawa Nagari Kadhiri.
Kanthi
pambiyantune Ki Dermakandha, sawijining dhalang wayang klithik, lan panabuh
gamelan sing jenenge Sondhong, M.Ng Poerbawidjaja kasil nyathet wawangunem
antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya (Kyai Daha) sing mrasuk ing ragane
Sondhong.
Asil
wawangunem antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya sing mujudake titah alus
kuwi mau sabanjure disampurnakake dening M.Ng Mangoenwidjaja lan dianggit dadi
naskah Babad Kadhiri.
Yen
njingglengi kawitan panganggite naskah Babad Kadhiri sing nggunakake sumber
andharan saka sawijining titah alus sing jenenge Ki Buta Locaya, tumrap nalar
jaman modheren pancen bakal nuwuhake pambiji yen naskah Babad Kadhiri iki
kapetung naskah sing ora tinemu nalar.
Prof
Dr Edi Sedyawati, guru besar Fakultas Sastra Universitas Indonesia, ing
purwakaning buku Babad Kadhiri weton Boekhandel Tan Khoen Swie taun 2008
nelakake yen naskah sing dianggep minangka “sujarah” hadege Kutha Kadhiri iki
pancen ngemot bab sing wor suh, kepara cengkah karo nalar.
Naskah
iki bisa dianggep minangka karya sujarah sing kudu didunungake minangka karya
fiksi. Nanging bisa uga didunungake minangka cathetan kedadeyan lan
pangeling-eling jaman kawuri sing temen-temen kedadeyan.
Kanthi
mangkono tumrap saperangan paramaos, naskah Babad Kadhiri bisa dianggep
minangka crita fiksi, asil karangan. Ananging tumrap saperangan pamaos liyane
bisa dianggep minangka kronik sujarah. Panganggep iki bisa wae tuwuh saka
tembung “babad” ing irah-irahane naskah.
Nanging
ing kolofon teks naskah iki nyebut minangka crita pedhalangan. Iki nuduhake yen
apa sing dicritakake pancen mung wates rekan utawa karangan. Dene sumber
critane uga bisa dianggep minangka wates rekan utawa karangan.
Ngemot
crita kang wus kababar ing naskah sing luwih tuwa
Yen
ditliti kanthi permati naskah Babad Kadhiri cetha yen asumber budaya lisan.
Nanging ing isine naskah uga katon yen njupuk sumber saka naskah utawa teks
liya.
Ana
sesambungan antarane teks siji lan sijine ing Babad Kadhiri.
Ing
antarane naskah utawa teks sing sinebut minangka sumber yakuwi Serat Aji
Pamasa, Serat Jangka Jayabaya lan Babad Tanah Jawi. Uga ana liyane sing
kasebut, yakuwi Serat Jayakusuma. Serat Sastramiruda uga sinebut ing Babad
Kadhiri kanthi paraga sing duwe gelar Panji.
Ing
pungkasan karyane, Mangoenwidjaja nelakake yen Babad Kadhiri lan buku
sambungane, Kalam Wadi, minangka “cariyos pedhalangan”. Saengga ing kana kene
bisa ora cocog kalawan naskah sing wus luwih dhisik dimangerteni bebrayan
agung, yakuwi Pustaka Raja, Babad Tanah Jawi lan Babad Demak.
Maca
Babad Kadhiri kudu tanpa sinartan karep kanggo ngudi bebener asal usule papan
kadidene pangerten ing ilmu sujarah. Babad Kadhiri mung bisa ditegesi minangka
perkara wewangunan budaya. Utawa bisa uga kanggo ndhudhah perkara ing wewengkon
budaya.
Ing
perangan liya ana panganggep yen Babad Kadhiri tetep bisa didunungake minangka
tilasing sujarah sing ditinggalake dening bebrayan agung Jawa kanthi basa lan
cara mikir sing mligi, kebak cangkriman lan kadhangkala cengkah kalawan nalar
wong sing urip ing jaman modheren.
Kanthi
mangkono, naskah Babad Kadhiri pancen karyane M.Ng Poerbawidjaja lan M.Ng
Mangoenwidjaja, nanging intine crita sing dibabar wus ana lan lestari ing crita
pedhalangan sing wus dudu barang aneh tumrap para “kawula”.
M.Ng
Poerbawidjaja bisa ditegesi mung wates ngimpun lan nulis tilasing sujarah
hadege Kadhiri sing wus direkam ing kalangan “kawula” ing wujud crita
asal-usule sawijining desa (aetiologi), dhudhahan sawijining aran utawa jeneng
(hermeneutika), legenda, mitos, crita rakyat lan crita babad sing sabanjure
diracik dadi Serat Babad Kadhiri.
Paraga
Buta Locaya sing sinebut minangka sing njaga lan ngreksa tlatah Kediri kanyata
ora mung kasebut ing Babad Kadhiri. Jeneng Buta Locaya uga sinebut ing naskah
kuna Kidung Purwajati sing ngemot jeneng-jenenge ratu jin panguwasa Pulo Jawa.
Kanthi
mangkono ana dudutan yen jeneng Buta Locaya kuwi dudu karangane M.Ng
Poerbawidjaja, amarga wus dikenal ing naskah sing luwih tuwa.
Crita
babagan Krajan Medhangkamulan sing dikuwasani dening Prabu Sindhula kang
nurunake Dewata Cengkar uga ora mung kaemot ing Babad Kadhiri.
Lelakon
uripe Sri Jentayu memper lelakon uripe Airlangga
Crita
babagan Krajan Medhangkamulan sadurunge wus kaemot ing Serat Kandha, Babad Tanah
Jawi, Babad Sangkala lan naskah-naskah kuna Cirebonan.
Mangkono
uga babagan critane leluhuring para raja kang lair saka limang sedulur Prabu
Among Tani, Sandhang Garba, Karung Kala, Petung Malaras lan Sri Sendayu
mujudake jeneng-jeneng kuna sing cinathet ing tradhisi naskah raja-raja Jawa
lan Sunda, kayadene kang bisa diprangguli ing naskah kuna Carita Parahyangan,
Babad Tanah Jawi, Sejarah Dalem, Serat Kandha lan sapiturute.
Sing
kapetung narik kawigaten ing Serat Babad Kadhiri yakuwi gegayutan Prabu Sri
Jentayu sing duwe anak cacah lima. Yakuwi Rara Suciwanungsanya, Raden Lembu
Amiluhur, Raden Lembu Amerdadu, Raden Lembu Pangarang lan Raden Lembu Amerjaya.
Rara
Suciwaningsanya ngucap sumpah ora gelem urip bebrayan karo priya lan luwih
seneng mertapa. Raden Lembu Amiluhur jumeneng nata ing Jenggala jejuluk Prabu
Dewakusuma.Raden Lembu Amerdadu jumeneng nata ing Daha jejuluk Prabu
Pujaningrat. Raden Lembu Pangarang jumeneng nata ing Ngurawan jejuluk Prabu
Pujadewa lan Raden Lembu Amerjaya jumeneng nata ing Panaraga jejuluk Prabu
Pujakusuma.
Perangan
iki narik kawigaten jalaran Sri Jentayu kuwi jeneng enome Airlangga nalika
mundur saka dhampar keprabon lan madeg pandhita. Anak wadon pambarepe Sri
Jentayu sing jenenge Rara Suciwanungsanya, sing uga madeg pandhita lan ora urip
bebrayan kalawan priya, padha karo anak wadon pambarepe Airlangga sing dadi
Biksuni Kilisuci, yakuwi Sanggramawijaya Dharmaprasada Utunggadewi.
Dene
anak nomer lorone Sri Jentayu sing jenenge Raden Lembu Amiluhur lan jumeneng nata
ing Jenggala jejuluk Prabu Dewakusuma, memper karo anak nomer lorone Airlangga
sing jumeneng nata ing Jenggala, yakuwi Sri Samarakarma Mapanji Garasakan.
Dene
anak nomer telune Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Daha jejuluk Prabu
Pujaningrat, memper karo anak nomer telune Airlangga sing jumeneng nata ing
Daha, yakuwi Sri Samarawijaya Dharmasuparnawahana Tguh Uttunggadewa. Anak nomer
papate Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Ngurawan jejuluk Prabu Pujadewa
memper anak nomer papate Airlangga sing jumeneng nata ing Gelang-gelang, yakuwi
Sri Maharaja Alanjung Ayes sing sabanjure dadi raja ing Jenggala.
Lan
anak nomer limane Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Panaraga jejuluk Prabu
Pujakusuma, memper anak nomer limane Airlangga sing dadi raja ing Wengker,
yakuwi Sri Jayawarsa Digjayasashtraprabhu. Mempere jeneng lan kedadeyan kang
tinulis ing Babad Kadhiri ora mung wates mbeneri, ananging bisa dipindeng
minangka perangane ”tilas sujarah” sing bisa dilacak saka adate kawula sing
kerep nyampur antarane kedadeyan sujarah, legenda, dongeng asal-usule papan,
mitos, gugon tuhon sing adhakan lelandhesan othak-athik gathuk.
Ana
telung jinis Serat Jayabaya utawa Jangka Jayabaya
Ing
andharan bab legenda Kediri sing dadi perangan kawitan ing Babad Kadhiri dicritakake
menawa Buta Locaya mbabar andharan babagan dumadine tlatah Kediri.
Miturut
Bota Locaya sing micara lumantar ragane Sondhong lan banjur wawangunem kalawan
Ki Dermakandha sing memba-memba dadi MNg Poerbawidjaja, ya dheweke kuwi sing
ngawiti mbabat alas mbukak tlatah Kediri.
Sadurunge
dadi titah alus sing nguwasani tlatah Kediri nganti saiki, Buta Locaya kuwi
manungsa lumrah sing jenenge Kyai Daha. Kyai Daha duwe sedulur sing jenenge
Kyai Daka. Wong loro iki bebarengan mbabat alas ing cedhake Kali Kediri utawa
Kali Brantas kanthi tujuwan arep didadekake papan dunung.
Sabanjure
wong loro iki ditekani Sang Hyang Wisnu kang medhar sabda arep ngejawabtah dadi
manungsa lan arep jumeneng nata ing papan ding digawe dening Kyai Daha lan Kyai
Daka kuwi. Wusana Sang Hyang Wisnu ngejawantah lan jumeneng nata ing Kediri
jejuluk Prabu Sri Aji Jayabaya.
Nalika
kuwi Sang Hyang Wisnu paring jejibahan marang Kyai Daha supaya ngreksa tlatah
Kediri saklawase. Yen Kyai Daha wus tumekaning janji, dheweke bakal moksa lan
malih wujud dadi titah alus sing bakal njaga tlatah Kediri saklawase lan salin
jeneng dadi Buta Locaya. Dene sedulure, Kyai Daka, sinengkakake ngaluhur dadi
senapati kanthi jejuluk Kyai Tunggul Wulung. Jeneng Kyai Daka wusana didadekake
arane desa, yakuwi desa Daka.
Miturut
katrangan ing Kitab Ajipamasa sing sepisanan dadi raja ing Mamenang (Kediri)
yakuwi Prabu Gendrayana. Raja Kediri sepisanan iki duwe anak Prabu Aji
Jayabaya, panjilmane Bathara Wisnu, dadi dudu Wisnu sing ngejawantah.
Dununga
Krajan Kediri kuwi ing sawetane Bengawan lan sinebut Mamenang utawa Daha.
Mamemang kuwi arane sawijining krajan. Dene Daha kuwi arane sawijining tlatah,
dhaerah utawa nagari. Sinebut Mamenang jalaran nalika kuwi pancen mujudake
negara sing tansah menangan. Prabu Jayabaya kondhang ing tanah Jawa lan gedhe
perbawane tumrap raja-raja ing Jawa.
Prabu
Aji Jayabaya duwe anak wadon sing jenenge Mas Ratu Pagedhongan. Sang Prabu lan
anake wadon kerep nglelipir dhiri ing pesanggrahan Wanacatur. Saben tumeka ing
Wanacatur, Sang Prabu Jayabaya ora tau mangan sega, nanging mung wates mangan
bubur pathi kunir lan temu lawak. Dene para abdi dalem mangan sega jagung. Sang
Prabu uga ora tau mangan daging kewan lan iwak loh apadene iwak laut.
Hamula
kuwi ing kidul wetan Kutha Mamenang ana desa sing arane Desa Kunir lan Desa
Lawak jalaran desa kuwi ngasilake pametu sing dadi kekaremane Sang Prabu
Jayabaya, yakuwi kunir lan temu lawak. Miturut Ki Buta Locaya, Sang Prabu
Jayabaya iki sing nganggit Jangka Jayabaya utawa Serat Jayabaya.
Tilas
Krajan Mamenang musna jalaran kurugan lahar
Serat
Jayabaya ana telung jinis. Sepisan, anggitane Syeh Sebaki utawa Syekh Subakir,
utusane Sang Prabu Ngerum utawa Hadramaut kang menehi tumbal tanah Jawa lan
dipasang ing Gunung Tidar, Magelang.
Kaloro,
Serat Jayabaya anggitane Prabu Jayabaya sing uga kondhang kanthi sebutan Serat
Jayabaya utawa Jangka Jayabaya.
Lan
sing katelu, anggitane Pangeran Banjaransari, ratu Jenggala sing sabanjure
pindhah ing Krajan Galuh. Anggitane Pangeran Banjaransari iki sinebut Surat
Jayabaya, jalaran antarane Prabu Jayabaya lan Pangeran Banjaransari kuwi
sejatine padha. Pangeran Banjaransari kuwi titisane Prabu Jayabaya.
Sawise
ganti ratu kaping pitu, sing jumeneng nata yakuwi Raja Sindhula. Raja iku moksa
lan diganti Prabu Dewata Cengkar. Sabanjure digenteni dening Ajisaka, raja sing
ora ana sesambungan trah kalawan raja-raja sadurunge.
Ajisaka
nguwasani Krajan Mendang Kamulan sasuwene telung taun. Krajan iki banjur
dikuwasani dening Raden Daniswara, anake Dewata Cengkar, sing sabanjure jejuluk
Prabu Kaskaya utawa Prabu Maha Punggung.
Sabanjure
digenteni dening anake, Prbau Kalapa Gadhing. Sing nggenteni Prabu Kalapa
Gadhing yakuwi Prabu Mundingwangi, digenteni maneh dening paneruse, Prabu
Mundingsari. Nalika umure krajan Mendang Kamulan 120 taun, ditelukake dening
Prabu Prawatasari, raja negara Prambanan sing isih ana sesambungan trah kalawan
Prabu Mundingwangi.
Krajan
banjur dipindhah menyang Prambanan. Ing Mamenang (Kediri) mung ana adipati sing
dedunung ing Panjer. Krajan Mamenang ora ninggalake tilas jalaran, miturut Ki
Buta Lacaya, nalika wawangunem kalawan Ki Dermakandha, wus kurugan lahar sing
asale saka Gunung Kelud.
Tilas
Krajan Mamemang sing bisa kawruhan hamung candhi cacah papat asil karyane Prabu
Jayabaya. Candhi cacah papat kuwi yaiku candhi ing Desa Prundung, candhi ing
Desa Tegowangi, candhi ing Desa Surawana lan candhi Arcakuda ing Desa Bogem.
Candhi Arcakuda ing Desa Bogem iki ngemot pralambang tinamtu.
Prabu
Jayabaya nggawe candhi arupa patung jaran sing endhase loro minangka pralambang
negara Jawa. Bogem ateges papane mas-masan lan inten barlean. Patung jarane
diwenehi plangkan under kang ateges larangan, pepacuh. Jaran tanpa dlamakan
sikil ateges tanpa wewaton. Endhas loro ateges ora jumbuh, karepe ing dina
tembe wong-wong wadon ing papan kono ora setya marang priya sisihane. Mangkono
uga para priyane.
Saka
lelakone Dewi Sekartaji nganti madege krajan Islam Demak
Babagan
kadipaten Panjer dicritakake nalika adipati Panjer sepisanan mrentah ing
Panjer, duwe kekareman adu pitik. Sawijining dina nalika rame-ramene kalangan
adu pitik ing pendhapa kadipaten, ana salah sijine pasarta sing jenenge Gendam
Asmarandana, asale saka Desa Jalas.
Gendam
Asmarandana sing pancen bagus rupane kuwi wusana ndadekake para wanita
kayungyun, kalebu Nyai Adipati Panjer. Nyai Adipati sing weruh baguse Gendam
Asmarandana uga melu-melu kayungyun. Kuwi ndadekake nesunya Adipati Panjer.
Nalika Adipati Panjer sing nesu kuwi arep merjaya Gendam Asmarandana kanthi
kerise, Gendam Asmarandana kasil endha lan suwalike kasil nyabetake pedhange
ngenani bangkekane Adipati Panjer.
Adipati
Panjer sing kelaran banjur mlayu tumuju Sendhang Kalasan sing duwe kasiyat bisa
nambani kabeh lelara. Nanging durung nganti tekan sendhang kasil disusul dening
Gendam Asmarandana lan wusana mati. Gendam Asmarandana sing weruh Adipati
Panjer mati banjur mlayu tumuju omahe nanging dioyak dening wong akeh. Gendam
Asmarandana sing keweden banjur njegur ing Sendhang Kalasan.
Wong-wong
sing padha melu njegur ing sendhang, kepara ana sing nyilem barang, tetep ora
kasil nyekel Gendam Asmarandana. Wong-wong ngira yen Gendam Asmarandana wus
malih dadi danyang sing manggon ing sendhang kuwi. Sabanjure kanggo
ngeling-eling kedadeyan kuwi digawe pepethan saka watu sing ditengeri kanthi aran
Smaradana, mapan ing Desa Panjer.
Negara
Daha sing dumunung ing sisih kulone Kali Brantas, ing wetane Desa Klotok lan
Geneng banjur salin aran dadi negara Kediri. Miturut andharane Ki Buta Locaya,
nalika kuwi sing dianggep dadi sesepuhe tlatah Pulo Jawa yakuwi Pandhita Rara
Suciwanungsaya utawa Dewi Kilisuci.
Dewi
Kilisuci mujudake wanita sing ora ngalami nggarapsari utawa sinebut kedhi. Lan
Dewi Kilisuci uga mujudake wanita sing mandhireng lan kuwawa ngrampungake
jejibahan lan gaweyan apa wae tanpa pitulungane liyan. Ing budaya Jawa pawongan
sing mangkene iki sinebut dhiri.
Wanita
ing tlatah Kediri, miturut gotheking wong akeh, padha niru pribadine Dewi
Kilisuci. Akeh wanita Kediri sing rumangsa dhiri, rumangsa kuwawa ngrampungi
jejibahan lan gaweyan apa wae. Kalebu gaweyan lan jejibahane priya. Nanging
sing ditiru mung wates sikep dhiri-ne, yakuwi sikep angkuh, adigang, adigung
lan adiguna.
Sing
ditiru dudu pribadine Dewi Kilisuci sing luhur, lila legawa ngorbanake kadonyan
lan dadi pandhita kang suci lair batin. Sabanjure sing seneng niru tumindak lan
pribadine Dewi Kilisuci kuwi ora mung para wanitane, nanging ora sithik priya
Kediri sing uga tiru-tiru dadi umuk, angkuh dan dhiri, nanging dhiri-ne wanita.
Hamula,
saben ana paprangan, yen sing nantang perang kuwi wong Kediri, wong Kediri
mesthi menang. Nanging yen wong njaban Kediri sing ngrabasa utawa nantang luwih
dhisik, wong Kediri lumrahe bakal kalah.
Sabanjure
dicritakake lelakon antarane Dewi Kilisuci, Dewi Sekartaji, Raden Panji Inu
Kertapati lan kaanan Krajan Kediri lan Jenggala. Crita roman iki wus menjila
dadi crita klasik ing budaya Jawa. Kepara nganti saiki isih lestari ing wujud
wayang beber, kacihna wayang bebere dhewe prasasat wus nyedhaki musna.
Ing
perangan pungkasan Babad Kadhiri dicritakake surute Krajan Majapahit nalika
dirabasa dening Raden Patah sing sabanjure jumeneng nata ing Demak. Miturut
andharan ing Babad Kadhiri, wiwit madege Krajan Demak engga Pajang,
panguwasaning krajan ora gelem nampa wulang agama Budha. Kabeh buku kang isi
wulang agama Budha mesthi diobong nganti musna.
Nalika
madeg Krajan Mataram, wulang agama Budha bisa urip maneh ing madyaning bebrayan
agung Jawa. Lan ing jaman kuwi, ana kupiya nglumpukake naskah-naskah kuna kang
banjur dipasrahake marang para pujangga. Sabanjure para pujangga kuwi sing
nganggit naskah-naskah anyar lelandhesan naskah-naskah kuna sing banjur dadi
pakem utawa babad sing kawruhan dening generasi wong Jawa jaman saiki.
Babad Kadhiri
Bêbuka
Sêrat
Babatipun nagari Kadhiri, inggih nama Sêrat Babat Kadhiri
Anyariyosakên
wiwit cikal bakalipun nagari Kadhiri, ngantos dadosipun karaton, mawi
anyariyosakên karaton sakawan, inggih punika ing Janggala, 2. ing Ngurawan, 3.
ing Panaraga, 4. ing Kadhiri. Sarta nyariyosakên adêgipun karaton Bintara,
Dêmak, inggih wiwitipun santun agama Islam. Anggitanipun Mas Ngabèi
Purbawijaya, jaksa agêng ing nagari Kadhiri. Wiridan saking cariyosipun Ki
Butalocaya, dhanyang ing nagari Kadhiri, ingkang manuksma dhatêng Pak Sondong,
awawan ginêm kalihan dhalang ringgit kalithik nama Ki Dêrmakăndha.
Karampingakên ukaranipun, dening Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri,
Surakarta. Taun 1922. - 1852.
PENGARANG
Gambarnya
P. t. M. Ng. MANGOENWIDJOJO WONOGIRI
Di
atas ini saja tera gambarnja Almarhoem M. Ng. Mangoenwidjojo di Wonogiri,
pengarang jang tersohor dan alim kitab-kitab; banja boeah karangannja jang saja
terbitkan.
Boekh.
TAN KHOEN SWIE KEDIRI.
Sêrat Babat Kadhiri
Ing
nalika taun Walandi 1832 nagari Kadhiri sawêg mêntas katampèn ing guprêmèn,
kala samantên guprêmèn andangu babatipun kitha Kadhiri, ingkang kadangu Mas
Ngabèi Purbawijaya, bêskal ing nagari Kadhiri sapisan. Dene Mas Ngabèi
Purbawijaya wau kalêrês canggahipun Pangeran Katawêngan ing nagari Kadhiri.
Kacariyos,
ing satunggiling dintên, Mas Ngabèi Purbawijaya, lajêng nimbali dhalang ringgit
kalithik nama Ki Dêrmakăndha ing dhusun Kăndhairèn, kadhistrikan Majarata,
Kadhiri. Dhalang wau sampun sêpuh sangêt, ananging taksih tètèh tutuk, dhasar
awicarita. Sarêng dhatêng lajêng dipun ngandikani kados ing ngandhap punika.
Ki
Dêrmakăndha, mulane kowe tak undang ana parlune. Dene parlune mangkene.
Sakawit
ana pandangune kangjêng guprêmèn, iya iku andangu carita tanah Kadhiri kene,
bisane dadi nagara kapriye babate. Saka pangiraku ing sarèhning kowe iku dhalang
kuna, kang kocaritakake prakara nagara Kadhiri, Jênggala, Ngurawan, lan
Singasari. Dadi kowe mêsthi mangêrti, mara saiki caritakêna, anane nagara
Kadhiri iki, kapriye mulabukane dadi nagara, sapa kang cikal bakal. Dene kang
dak sumurupi mung wiwit caritane Panji Inokartapati, sapangisor, Panji
Kartapati mandhuwur aku durung mangêrti. Mula coba gancarêna dak tulisane.
Aturipun
Ki Dêrmakăndha. Bêndara, mênggah cariyosipun nagari Kadhiri, sêsêrêpan kula
inggih kados panjênêngan punika, amung wiwit Panji mangandhap, Panji manginggil
kula botên mangêrtos, ewodene mênawi wontên karsanipun pangagêng mundhut
katrangan babatipun nagari Kadhiri, kados kula inggih sagêd ngaturi katrangan,
awit kula gadhah pamitran jin, nama Kyai Butalocaya, ingkang manggèn wontên ing
guwa Selabale rêdi Klothok, sabab piyambakipun ratuning jin ing tanah Kadhiri
sadaya, ambawahakên rêdi Kêlut, rêdi Wilis sapangalèr dumugi watês Japan,
sadèrèngipun ing ngriki dados kitha, piyambakipun sampun ngayangan wontên ing
wana rêdi Wilis, mila kintên kula mêsthi mangêrtos babatipun kitha Kadhiri
ngriki.
Yèn
mangkono prayoga bangêt, aku bae têmokêna karo Kyai Butalocaya dak takonane
dhewe.
Aturipun
Ki Dêrmakăndha. Inggih prayogi, anggêripun purun pinanggih panjênêngan, nanging
sanadyan puruna, ingkang kadamêl warana inggih kula.
Mas
Ngabèi Purbawijaya. Iya sakarêpe, nanging yèn awakmu kang dianggo warana, aja
ngomyang, kaya adate wong kêsurupan, utawa kaya parewangan liya-liyane. Amarga
iki prakara parlu, pundhutane kang duwe nagara, kudu kăndha sabênêre, Kyai
Butalocaya kandhanana, kon carita kang sanyatane.
Aturipun
Ki Dêrmakăndha. Inggih kasinggihan, anggêr pêpak sajènipun, têmtu purun matur
prasaja. Kenging dipun pacak ing sêrat, katur ing ratu. Mila sapunika kula
kaparênga mundur rumiyin, benjing dintên malêm Jumuwah Kaliwon kemawon kula
sowan, panjênêngan kula aturi sudhiya sajènipun kados tiyang nanggap ringgit
karucil. Ki Dêrmakăndha lajêng pamit mantuk, sampun kalilan.
Sarêng
ing dintên malêm Jumuwah Kaliwon Man Ngabèi Purbawijaya sampun sudhiya
sarat-sarat tuwin sajènipun jangkêp botên kêkirangan, katata munggwing gêlaran
pasir enggal wontên ing kamar tamu.
Wanci
bakda Ngisa Ki Dêrmakăndha sampun sowan, bêkta panjak satunggal, nama Ki
Sondong sampun sêpuh sangêt. Lajêng dipun timbali dhatêng kamar kasêbut ing
nginggil, sasampunipun satata lênggah, Mas Ngabèi Purbawijaya andangu, êndi
wayange. Ki Dêrmakăndha matur: Botên susah mawi ringgit, ingkang dados ringgit
inggih kula akalihan abdi sampeyan Ki Sondong punika. Kula dados wakil
sampeyan, Ki Sondong dados pangawalipun Butalocaya. Mila mangke manawi kula
sampun bêsmi dupa, antawis Kyai Butalocaya sampun manuksma dhatêng Ki Sondong,
kula: wakil sampeyan, lajêng pitakèn dhatêng Ki Sondong, kados pundi
wangsulanipun Ki Sondong, lajêng panjênêngan sêrati kemawon.
Mas
Ngabèi Purbawijaya. Iya prayoga, wis coba lêkasana.
Ki
Dêrmakăndha lajêng bêsmi dupa, sarta matêk mantra gumrêmêng, lajêng kèndêl
sadhakêp ajêng-ajêngan kalihan Ki Sondong, sami pandêng-pandêngan, botên dangu
Ki Sondong galiyêr dhawah, amung sakêdhap lajêng anglilir linggih bagêgêg, Ki
Dêrmakăndha amindha Mas Ngabèi Purbawijaya lajêng ambagèkakên, têmbungipun
makatên :
Wilujêng
rawuh sampeyan, Kyai Butalocaya.
Ki
Sondong ingkang mindha Butalocaya. Wontên parlu punapa Mas Bèi Purbawijaya:
sampeyan andhatêngakên kula.
Mas
Ngabèi Purba. Inggih Kyai. Mila sampeyan kula aturi rawuh ing griya kula,
ingkang sapisan, kula kapengin sadherekan kalihan sampeyan, ingkang kaping
kalih pancèn wontên parlunipun, dene parlunipun makatên kyai.
Sakawitipun
kula tampi dhawuhing pangagêng, mundhut katêrangan babatipun nagari Kadhiri,
kados pundi mulabukanipun dados praja, sarta sintên ingkang murwani jumênêng
nata, gantos-gumantosipun ngantos dumugi samangke punika, kados pundi
cariyosipun. Blêjad-blêjad kula inggih sampun ragi mangêrtos gancaripun, namung
wiwit cariyosipun Panji Kudarawisrêngga sapangandhap, Panji sapanginggil kula
botên sumêrêp, mila sangêt anggèn kula ngrêdatos. Saking rêmbagipun Ki
Dêrmakăndha, kula kaprayogèkakên nyuwun sêsêrêpan dhatêng sampeyan, mila
sampeyan lajêng kula aturi punika, kula nyuwun pitulung, kaparênga madhangakên
ingkang dados pêtênging manah kula. Sampeyan amêsthi mangêrtos, awit sampeyan
ingkang angratoni sakathahing lêlêmbat ing tanah Kadhiri.
Pak
Sondong (Kyai Butalocaya) gumujêng ngakak sarwi wicantên, Mas Bèi: Mênawi
namung prakawis makatên mawon gampil sangêt, awit ingkang cikal bakal Kadhiri
ngriki pancèn kula, dene gancaripun makatên.
Kula
punika ing ngajêng manungsa, nama kula Kyai Daha, kula ngadhah sadhèrèk nèm
nama Kyai Daka, nalika samantên kula kalihan adhi kula Kyai Daka wau, sami
babat wana wontên sacêlaking lèpèn Kadhiri ngriki, nêdya badhe kula damêl
padhêkahan, dene ing ngriki taksih wana glêdhêgan dèrèng wontên tiyangipun satunggil-tunggila.
Enggalipun sarêng sampun rêsik lajêng kula griyani kalihan sadhèrèk kula Kyai
Daka wau, dangu-dangu lajêng wontên tiyang ingkang tumut gêgriya, saya lami
saya rêja, kula ingkang dados sêpuh-sêpuhipun, kalihan adhi kula Kyai Daka.
Ing
nalika samantên, kula katêdhakan Sang Hyang Wisnu, andhawuhakên dhatêng kula,
bilih panjênênganipun karsa badhe angejawantah, sarta badhe jumênêng nata
wontên ing padhêkahan kula wau, atur kula anyumanggakakên. Enggalipun Bathara
Wisnu lajêng jumênêng nata wontên ing ngriki, ajêjuluk Prabu Aji Jayabaya, nama
kula kapundhut, kangge namaning nagari, dados nagari Daha. Parlu kangge
pangèngêt-èngêt, awit kula ingkang babat wana. Kajawi kaparingan nama nagari
Daha, inggih kaparingan nama Kadhiri. Dene kula kaparingan nama: Butalocaya,
têgêsipun tiyang bodho nanging kenging dipun pitados. Dhawuh pangandikanipun
Prabu Aji Jayabaya makatên: Bênêr kowe iku wong bodho, nanging kêna dak
pêrcaya. Ing samêngko ingsun mung darma jumênêng ratu, sira kang dak pitaya
among anak putunira. Namanipun adhi kula Kyai Daka inggih kapundhut, kaangge
nama dhusun, adhi kula kaparingan nama Kyai Tunggul Wulung, kadadosakên
senapati.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn, Prabu Jayabaya anggènipun jumênêng nata wontên ing Kadhiri
laminipun pintên taun, sarta ingkang dipun trêpi kadhaton prênahipun sapunika
ing pundi.
Butalocaya
(pak Sondong), ingkang dipun trapi kadhaton wontên sawetan banawi, dipun
wastani ing Mamênang, utawi Daha. Mamênang namaning kadhaton, Daha namaning
nagari. Mila dipun wastani Mamênang, sabab ing nalika punika, satanah Jawi
mênang piyambak, asmanipun Prabu Jayabaya angèbêgi bawana, agêng
pangaribawanipun, ratu tanah sabrang kathah ingkang sami nungkul tanpa linawan
ing prang sami asok bulu bêkti raja pèni guru bakal guru dadi, angaturakên
putri minăngka parêkan cèthi, para nata măncapraja sami sayuk sumuyut, sarta
sami puruita ing pangawikan agal rêmit, lair batos, ing wasana sami ajrih asih,
anggêpipun ambathara. Para diyu danawa sami kêkês wingwrin, rêksasa ingkang
sura gora godha, sakala tinumpês tapis tan mănggasesa, mila nalika samantên,
tanah Jawi sakalangkung têntrêm, botên wontên ingkang ngrêregoni. Bêbasan
ingkang malang-malang putung, ingkang rawe-rawe rantas, mila sang prabu
sawadyabalanipun agêng alit amung tansah among langên. Sang prabu mênawi dalu
kêrêp têdhak dhatêng pasanggrahan Wanacatur, kalihan putranipun putri, nama
Ratu Pagêdhongan. Dene ingkang kakarsakakên andhèrèk namung kula kalihan adhi
kula Ki Tunggul Wulung, sarawuhipun ing pasanggrahan, lajêng lênggah ing
palataran, amriksani tiyang langkung, sarta asring angandikakakên babagan
ingkang gawat-gawat, bab rumêksaning praja tuwin sanès-sanèsipun. Mila
pasanggrahan wau dipun paringi nama Wanacatur, sabab kala-kala manawi pinuju
wontên ingkang dipun galih, kula tuwin Tunggul Wulung, lajêng kadhawuhan dhèrèk
têdhak dhatêng Wanacatur, kaajak nyatur sadaya ingkang sawêk kagalih.
Punapadene
sasumêrêp kula, Sang Prabu Aji Jayabaya, tuwin putrinipun Mas Ratu Pagêdhongan,
manawi pinuju wontên ing Wanacatur botên nate dhahar, sanadyan ngantos pitu
utawi sadasa dintên inggih botên dhahar, dene ingkang dipun dhahar amung
pathining kunir, kalihan têmu lawak, dene para abdi amung sami nêdha bubur
jagung, utawi gayam, saha sang prabu salaminipun botên nate dhaha ulam. Mila sakidul
wetan kitha Mamênang wontên dhusun nama Sikunir, tuwin Silawak, awit wêdalipun
kunir kalihan têmu lawak, dados dhahar dalêm sang prabu. Mila panggalihipun
sang prabu sakalangkung narawang, pirsa sadèrèngipun winarah, awit Wisnu
ngejawantah, kasêmbuh tansah kapati brata.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn, punapa Prabu Jayabaya punika ingkang yasa jangkaning jaman
ingkang dèrèng kalampahan, ingkang lajêng karan sêrat Jayabaya.
Ki
Sondong. Inggih. Nanging sêrat Jayabaya punika warni tiga. Ingkang satunggal
anggitanipun Sèh Sêbakir. Utusanipun sang prabu ing Ngêrum, ingkang numbali
tanah Jawi, kapasang wontên ing rêdi Tidhar: Magêlang. Utawi kapasang wontên
ing tanah Pacitan. Sarta lajêng amijèni tiyang ing tanah Jawi. Punapadene
ingkang yasa taun sirah satunggal. Dumugi samangke angkaning warsa sampun 1761.
Ingkang
kaping kalih inggih anggitanipun Prabu Jayabaya punika, karan Sêrat Jayabaya.
Ingkang kaping tiga anggitanipun Prabu Banjaransari, ratu Jênggala pungkasan,
ingkang lajêng pindhah dhatêng Galuh, ugi karan sêrat Jayabaya, sadaya wau
nunggil misah, namung pikajêngipun sami kemawon. Sabab Prabu Banjaransari
punika, inggih titisipun Prabu Jayabaya. Mila kadibyanipun sami. Sarta sagêd
ngêrèh sadaya lêlêmbat.
Ing
nalika jumênêngipun Prabu Jayabaya, nuju satunggiling dintên, ing Kadhiri
kadhatêngan danawa èstri malêbêt dhatêng nagari, têtiyang salêbêting nagari
sami gègèr, kakintên danawa èstri wau badhe damêl rêsah, lajêng dipun rampog
ing tiyang kathah, kula tuwin Tunggul Wulung inggih tumut ngrampog, danawa ambruk,
nanging dèrèng pêjah, lajêng kula pitakèni, malêbêt dhatêng nagari sêdyanipun
punapa. Wangsulanipun badhe nginggah-inggahi Sang Prabu Jayabaya. Dene
dhangkanipun ing wana Lodhoyong, satêpining sagantên kidul. Enggalipun lajêng
konjuk sang prabu, botên dangu sang prabu lajêng anêdhaki. Danawa kadangu,
aturipun badhe mawongan. Sang prabu ngandika. Yèn mangkono kang dadi sêdyamu,
dewa ora marêngake. Nanging ingsun angsung pituduh marang sira, besuk sapungkur
ingsun watara rong puluh taun, ing tanah kulon kene ana kang madêg ratu,
akêkutha ana ing Prambanan, ajêjuluk Prabu Prawatasari, iku kang pinasthi dadi jodhonira.
Dèrèng kèndêl pangandikanipun Prabu Jayabaya, danawa èstri lajêng pêjah. Sang
prabu saklangkung ngungun ing galih. Lajêng adhêdhawuh dhatêng kula. Dhusun
sakidul kitha Mamênang dipun paringi nama dhusun Gumuruh, sabab nalika kula
ngêpang danawa èstri wau wontên ing ngriku, swaraning tiyang sakalangkung rame
gumuruh. Sarta danawa èstri wau lajêng kagambar kadhapur rêca gupala, dipun
wastani rêca nyai, dumugi sapunika rêca wau taksih wontên ing dhusun Nyaèn,
sakidul tilas kitha Mamênang. Inggiling rêca kawan wêlas kaki, thêlênging
mripat sami lepekan cangkir pêlong, linggih jèngkèng.
Ing
alami-lami, Prabu Jayabaya muksa. Kula kalihan Tunggul Wulung ugi lajêng dhèrèk
muksa. Dhawuhipun Prabu Jayabaya kula kakarsakakên manggèn wontên ing guwa
Selabale, sakilèn banawi, kadhawuhan nyêpuhi para lêlêmbat ingkang manggèn ing
ngriku, Tunggul Wulung kadhawuhan manggèn wontên ing rêdi Kêlut. Angratoni lêlêmbat
ingkang manggèn ing ngriku, kula ugi kaêrèhakên dhatêng Tunggul Wulung. Prabu
Jayabaya dhawuh, kowe aja padha kaliru tămpa, mulane kowe: sing tuwa
Butalocaya, dak kon manggon ing sakulon kali, sabab sakulon kali iku tanah
adhêm, ora pati akèh prakarane, cukup dirêksa wong tuwa, mulane sing ênom Si
Tunggul Wulung, dak purih ana ing sawetan bangawan, sabab ing kono tanah panas,
akèh prakarane, sarta kêrêp ana walahar angrusakake padesan, utawa alas kang
ana pamêtune kêna dipangan wong cilik, dadi Si Tunggul Wulung dak purih
ngulatake lakuning walahar mau, aja awèh nyimpang saka dalane lawas, yèn arêp
narajang padesan, sadurunge walahar mau lumaku, wonge padha wèhana wisik, utawa
ngalamat kang luwih cêtha, wonge kon lunga saka ing desa kono, supaya padha slamêt,
lan wulu pamêtune kang dadi panganing manungsa iku rêksanên kang bêcik-bêcik,
aja kongsi katrajang ing walahar. Apadene yèn ana uwong wani-wani maangrusak
kêkayon kang gêdhe-gêdhe, kang uwohe kêna dipangan ing uwong, iku wonge kang
ngrusak mau ganggunên. Aja kongsi kabacut ngrusak. Parlune yèn ana uwong
măncanagara kang padha kamlaratan padha ngungsi mrono kêna ginawe gajul
kêkurangane, nanging aja awèh anggawa mulih marang nagarane, yèn ana kang wani
anggawa mulih ganggunên. Sasampunipun paring dhawuh makatên, Prabu Jayabaya
lajêng angayangan. Kula tuwin Tunggul Wulung lajêng sami angèstokakên, sami
nyeluman, rumêksa tanah kilèn lèpèn, Tuggul Wulung rumêksa tanah wetan
bangawan, dumugi sapunika kula tuwin Tunggul Wulung, taksih sami lastantun angestokakên
dhawuhipun Prabu Jayabaya.
Amila
dumugi samangke, têtiyang ingkang gêgriya sacêlaking rêdi Kêlut, mênawi nêgor
kajêng ingkang mêdal nipkahipun, lajêng sami kenging sêsakit utawi ewah, punika
satêmênipun dipun ganggu Tunggul Wulung. Punapadene mênawi wontên tiyang patrap
rêsah wontên ing ngriku, sami rêmênan bêbedhangan, amêsthi dipun têdha ing
sima. Dados tiyang ingkang sami gêgriya ing ngriku kêdah wilujêng manahipun,
botên kenging ambêk rêsah.
Dumugi
sapunika, tanah Kadhiri sawetan bênawi, punika kenging dipun ungsèni têtiyang
mănca ingkang kasangsara kathah ingkang dados kamulyanipun, dening angsal
sabdanipun Prabu Jayabaya, ananging mênawi sampun cêkap, măngka lajêng mantuk
dhatêng utah rahipun, sok botên widada, kathah ingkang lajêng mlarat malih.
Sabab Tunggul Wulung ingkang botên angsal.
Dumugi
sapunika, kula lêstantun angratoni lêlêmbat sakilèn bênawi. Manggèn wontên ing
guwa Selabale. Tunggul Wulung lêstantun angratoni lêlêmbat sawetan bênawi,
manggèn wontên ing rêdi Kêlut.
Nalika
samantên wontên abdinipu Prabu Jayabaya: satunggal tumut muksa, nama Ki
Kramatruna, dados seluman, lajêng kadhawuhan manggèn wontên sêndhang dhusun
Kalasan, sakidul kilènipun kitha Mamênang, sakilèning rêdi Kêlut, dados
dhanyang ing ngriku, nama lêstantun Kyai Kramatruna. Ugi kabawah dhatêng
Tunggul Wulung. Dumugi samangke, tiyang sêsabin sacêlaking dhusun Kalasan
mênawi kêkirangan toya, lajêng sami nyadran dhatêng sêndhang Kalasan, mêmule
Kyai Kramatruna, toyaning sêndhang lajêng kakêbur, botên dangu toyaning sêndhang
lajêng mindhak sawatawis, lajêng mili dhatêng pasabinan.
Ing
samuksanipun Prabu Jayabaya, wontên banjir agêng, karaton Mamênang lajêng
pindhah dhatêng Purwacarita, inggih ing Mêndhang Kamulan, kitha Mamênang lajêng
dados wana.
Kitha
Mêndhang Kamulan, sarêng angsal pitung panjênêngan nata, ingkang jumênêng ratu
nama Prabu Sindhula, muksa. Dipun gêntosi putra, nama Prabu Dêwata Cêngkar,
lajêng kasêlan Ajisaka, jumênêng ratu wontên ing Mêndhang Kamulan, namung
tigang taun, lajêng karêbat dhatêng putranipun Prabu Dêwata Cêngkar, nama Radèn
Daniswara, lajêng jumênêng, nama Prabu Kaskaya, inggih Prabu Sri Maha Punggung.
Lajêng tumurun dhatêng putra, nama Prabu Kalapa Gadhing, lajêng tumurun dhatêng
putra, nama Prabu Mundhingwangi, lajêng tumurun dhatêng Prabu Mundhingsari, ing
nalika punika umuripun karaton Mêndhang Kamulan 120 taun, lajêng dipun bêdhah
dhatêng Prabu Prawatasari, ratu ing Prambanan, sadhèrèkipun Prabu Mundhingwangi
kraton agêng lajêng ngalih dhatêng Prambanan, ing Mamênang amung dipun tanêmi adipati
kemawon, wontên ing Panjêr.
Ing
mangke mênggah cariyosing kitha sanèsipun, kados ta: ing Purwacarita, ing
Mêndhang Kamulan, ing Prambanan, kula botên sagêd anggancarakên, sabab kula
botên nyipati piyambak, dene ingkang badhe kula cariyosakên inggih amung ing
kitha Kadhiri ngriki, utawi ing Panjêr. Kados pandangu sampeyan ing ngajêng.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn, sababipun punapa, ing Mamênang têka botên wontên tilasipun
karaton.
Pak
Sondong. Sababipun saking kurugan walahar saking rêdi Kêlut, sarèhning sampun
lami măngka kêrêp katrajang walahar, tilas karaton lajêng kapêndhêm botên
katingal.
Dene
ingkang taksih katingal amung yasanipun Prabu Jayabaya, awarna candi sakawan.
Satunggal
candhi ing dhusun Prundung,
Kalih
candhi Tegawangi,
Tiga
candhi Surawana, sami wontên ing salèr wetanipun kitha Mamênang.
Sakawan
candhi Rêca Kapal, wontên ing dhusun Bogêm.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn. Prabu Jayabaya yasa rêca Kapal Lagaran mawi sirah kalih,
kadunungakên wontên ing dhusun Bogêm, dipun kubêng lêlarèn, punika nawung pêrlu
punapa.
Pak
Sondong mangsuli. Kala rumiyin dhawuhipun sang prabu makatên, anggoningsun gawe
rêca jaran ana ing desa Bogêm iki, ingsun gawe pralambang candraning nagara
Jawa. Têgêse Bogêm iku wadhah barang mas intên. Diidêri larèn, têgêse:
disêngkêr. Jaran lagaran, têgêse tanpa sarat. Nganggo êndhas loro
ungkur-ungkuran, têgêse: ing têmbe wong-wong wadon ing kene, loro paningale.
Yaiku ora narima wong lanang siji, kudu ngrasakake wong lanang loro têlu kang
dudu wajibe. Mangkono uga wong lanang, yèn arêp golèk bojo akèh kang didhêmêni
dhisik, yèn condhong atine iya diningkah, yèn ora condhong ora sida diningkah.
Pak
Sondong wicantên malih. Mas Bèi Bêskal, nyêlani atur, kula badhe andongèng. Ing
nalika jaman jumênêngipun Adipati Panjêr ingkang sapisan, kalangênanipun abên
sawung. Ing satunggiling dintên pinuju abên sawung wontên ing pandhapa, kenging
dipun tingali ing tiyang kathah. Wontên satunggiling botoh, namanipun Gêndam
Sêmaradana, gêgriya ing dhusun Jalas, warninipun anglangkungi bagus, salêbêting
tanah Jawi botên wontên ingkang ngungkuli bagusipun, dhasar bêsus radi karêngga
ing busana, mila inggih dados panjang kidung, tiyang èstri nagari Daha kathah
ingkang kedanan, kathah ingkang sami nginggah-inggahi sami bêkta arta bandhanipun
kaêsrahakên dhatêng Gêndam Sêmaradana, mila botên kêkirangan. Ing nalika
samantên, Gêndam Sêmaradana inggih sowan dhatêng kadipatèn, tumut abên sawung.
Sadhatêngipun ing ngriku, kathah tiyang èstri ingkang ngêtutakên dhatêng Gêndam
Sêmaradana, ngantos adamêl orêgipun tiyang sanagari.
Gêndam
Sêmaradana lajêng majêng dhatêng pandhapa, kiyai adipati ugi sampun lênggah
kalihan ingkang garwa. Kocapa: sarêng nyai adipati amirsani dhatêng Gêndam
Sêmaradana, sanalika manahipun gumyur kados rinontog, gogrog ambyuk dhatêng
Gêndam Sêmaradana. Supe mênawi wontên ing ngarsanipun kiyai adipati,
paningalipun tansah tumanduk dhatêng Sêmaradana sadaya. Kiyai adipati botên
kasamaran bilih ingkang garwa kasmaran dhatêng Sêmaradana. Sanalika duka
jajabang mawinga-winga, sêdhèt ngunus curiga, sarwi anjangkah Sêmaradana
dhadhanipun ginoco ing curiga, tuna dungkap kenging lèmpèngipun, Sêmaradana
anjola, lajêng malês amêdhang dhatêng kiyai adipati, kenging dhadhanipun, kiyai
adipati lajêng lumajêng dhatêng bêlik, awit kiyai adipati kagungan bêlik
ingkang kenging kaangge jampi tatu, nanging dèrèng ngantos dumugi ing bêlik,
kasêlak dipun tututi dhatêng Gêndam Sêmaradana, sarta sêsumbar, aja lumayu ayo
mandhêga yèn nyata prawira. Kiyai adipati sarêng sumêrêp yèn dipun tututi dhatêng
Sêmaradana, sarta dipun sumbari, lajêng kèndêl, nanging lajêng ambruk lajêng
pêjah. Gêndam Sêmaradana, sarêng sumêrêp kiyai adipati pêjah, lajêng lumajêng
dipun bujung ing tiyang kathah badhe dipun rampok. Sêmaradana têrus mantuk
dhatêng ing griyanipun, taksih dipun lut ing tiyang kathah, ngantos dumugi ing
griya, Gêndam Sêmaradana lumajêng malih, dumugi ting dhusun Kalasan, lajêng
ambyur ing sêndhang Kalasan, tiyang kathah têrus pambujungipun, sarta sumêrêp
Sêmaradana anggêbyur ing sêndhang, ugi lajêng tinungka ing sêndhang, dipun
gêbyuri nanging Sêmaradana ical botên kantênan, dipun ubrês ngantos sawatawis
dangu botên kapanggih. Tiyang kathah cuwa manahipun. Wusana gadhah pamanggih,
bilih Sêmaradana muksa nyiluman dados dhêmit wontên ing sêndhang Kalasan,
lajêng sami bibaran.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn. Kula mirêng wontên aji-aji, nama aji gêndam sêmaradana,
kangge gunani tiyang èstri, punapa wiwitipun saking Gêndam Sêmaradana punika.
Pak
Sondong. Inggih lêrês, nglêluri ajinipun Sêmaradana, ingkang kula cariyosakên
wau.
Sapêjahipun
Dipati Panjêr, Gêndam Sêmaradana lajêng kagambar dhatêng wayahipun ki dipati,
ingkang dipun angge sela, dados rêca karan rêca Sêmaradana. Dene rêca wau
sapunika taksih, wontên ing dhusun Panjêr. Nalika samantên ing kitha Panjêr
lajêng bondhan tanpa pangagêng ngantos salêbêting sataun.
Ing
nalika punika wontên satunggiling tiyang nama Jaka Pêgadhung, gêgriya ugi ing
dhusun Gadhung. Jaka Pêgadhung gadhah sadhèrèk jalêr kalih, ingkang satunggal
nama Jaka Bêsawa, ingkang satunggal nama Jaka Mêdada, sami gêgriya wontên
salèring rêdi Kêlut, sakilèn rêdi Arjuna. Jaka Pêgadhung sasêdhèrèkipun sadaya
wau kawartosakên sami lêpat ing pêjah, dening sami gadhah aji păncasona, sarta
sami gadhah ingon-ingon sima. Mila Jaka Pêadhung sasadhèrèkipun wau, sami
keringan ing mănca dhusun, misuwur satanah Panjêr sadaya. Punapadene Jaka
Pêgadhung sasadhèrèk wau, sugih sangêt, maesa lêmbunipun ewon, sami dipun umbar
wontên ing wana, botên wontên ingkang purun nyolong, dening ajrih
kadigdayanipun wau. Jaka Pêgadhung emah-emah angsal tiyang ing dhusun Morangan.
Ing satunggiling dintên, Jaka Pêgadhung pabên kalihan semahipun, satêmah
semahipun lajêng purik mantuk dhatêng Morangan. Jaka Pêgadhung lajêng nusul
dhatêng Morangan madosi ingkang èstri badhe dipun ajak mantuk, nanging ing
dhusun Morangan semahipun kapanggih sêpên, Jaka Pêgadhung lajêng wangsul
mantuk, sarêng lampahipun dumugi ing dhusun Prundung, Jaka Pêgadhung mampir
dhatêng griyaning têtêpanganipun panjak pangrêbab, nama Singanyêta, sawêg pinuju
ngrêbab, sarêng lumêbêt ing griya, sumêrêp semahipun sampun wontên ing ngriku,
sarta linggih sandhing Singanyêta, sanalika Jaka Pêgadhung krodha yayah sinipi,
Singanyêta lajêng dipun cêpêng sukunipun dipun larak mêdal, nanging Singanyêta
panggah budi sarosa lajêng sagêd uwal, sarta gêlut ulêng sami digdayanipun,
dugang-dinugang banting-binanting dangu botên wontên ingkang kasoran,
dangu-dangu Singanyêta kenging dipun cêpêng sukunipun malih dhatêng Jaka
Pêgadhungan, lajêng dipun bêkuk tugêl, nanging Singanyêta taksih sagêd nyandhak
sirahipun Jaka Pêgadhungan rambutipun dipun ukêl, gulunipun kauntir lajêng
kabêthot sirahipun pothol, sarèhning Singanyêta sumêrêp bilih Jaka Pêgadhungan
gadhah aji păncasona, sirahipun lajêng kasawatakên, kombul ing tawang, dhawah
wontên ing dhusun Singkal sakilèn bênawi, Jaka Pêgadhungan lêstantun pêjah
botên sagêd gêsang malih, sabab sirah kalihan gêmbung kapisah kalêtan bênawi.
Singanyêta botên dangu ugi lajêng pêjah, dados sampyuh.
Sadhèrèkipun
Singanyêta, nama Ki Jaka Baya, sarêng mirêng sadhèrèkipun pêjah sampyuh kalihan
Jaka Pêgadhung, Jaka Baya lajêng bela mêgêng napas, pêjah, ugi wontên ing
dhusun Prundung ngriku.
Sadhèrèkipun
Jaka Pêgadhung, nama Jaka Bêasawa, lan Jaka Mêdawa, kasêbut ing nginggil,
sarêng mirêng bilih kakangipun păncakara kalihan Singanyêta pêjah sampyuh, ugi
lajêng bela muksa, lajêng mriyangyang dados seluman.
Kacariyos
ing nginggil Jaka Pêgadhung gadhah ingon-ingon sima, punika satêmênipun inggih
Jaka Pêgadhung sasadhèrèkipun wau, sagêd malih dados sima, sarta dados guru,
kathah muridipun ingkang sagêd malih dados sima. Mila katêlah dumugi sapunika,
sima malihan tiyang punika dipun wastani sima gadhungan, sarta ing dhusun
Gadhung wau, dumugi sapunika taksih nama dhusun Gadhungan. Prênahipun wontên sawetaning
rêdi Kêlut, inggih punika purwanipun wontên sima gadhungan.
Sapêngkêripun
punika, Jaka Pêgadhung tuwin Singanyêta lajêng sami kagambar dhatêng anak
putunipun, kadhapur rêca, sapunika rêcanipun taksih, sarta sandhanganipun Jaka
Pêgadhung sasadhèrèk lajêng sami dipun sanggarakên, wontên ing sanggar dhusun
Pagadhungan, dumugi sapunika, sanggaripun taksih.
Ing
mangke kula badhe andumugèkakên cariyosipun nagari Prambanan, gêgancaranipun
kados ing ngandhap punika.
Kala
samantên ingkang jumênêng nata wontên ing Prambanan Prabu Prawatasari,
putranipun gangsal, kakung sadaya. Sarta sami kajumênêngakên nata sadaya.
Ingkang pambajêng nama Prabu Amongtani. Panggulu nama Prabu Sandhanggarba.
Pandhadha nama Prabu Karungkala. Panêngah nama Prabu Pêtung Malaras. Warujunipun
Prabu Srigênthayu. Prabu Amongtani angratoni tiyang among tani. Prabu
Sandhanggarba dados ratuning tiyang dagang, angadhaton wontên ing nagari
Japara. Mila dumugi samangke têtiyang dagang ing kitha Japara kathah ingkang
mêmule dhatêng Prabu Sandhanggarba, supados sêmpulur anggènipun among dagang.
Prabu Karungkala angratoni tiyang jagal. Prabu Pêtung Malaras, angratoni tiyang
dèrès. Prabu Srigênthayu kakarsakakên anggêntosi jumênêng nata ing Prambanan,
sarta sadaya wau sami kabawah ing Prambanan, kados kala samantên ingkang
jumênêng ratu binathara Prabu Srigênthayu ing Prambanan. Prabu Prawatasari
lajêng muksa.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn Punapa ratu Prambanan punika ingkang kasêbut nama Prabu
Baka, ingkang purun nêdha tiyang.
Pak
Sondong. Inggih.
Ki
Dêrmakăndha. Sabab punapa, ratu nêdha dhatêng kawulanipun, tur sami manungsa.
Pak
Sondong: Inggih. Mulabukanipun makatên. Satêmênipun ingkang kasêbut Ratu Baka
punika èstri, garwanipun Ratu Prambanan sêpuh, Prabu Prawatasari, ingkang
kasêbut ing ngajêng. Inggih punika titisipun Buta Nyai, ingkang
nginggah-inggahi Prabu Jayabaya, ingkang pêjah dipun rampog tiyang kathah
wontên ing Kadhiri, kasêbut ing nginggil. Anètèsi dhawuhipun Prabu Jayabaya,
ing têmbe dados garwanipun ratu ing Prambanan. Mila doyan nêdha tiyang, awit
titising danawa èstra. Inggih Ratu Baka punika ingkang lajêng kasêbut nama Rara
Jonggrang. Mila nama Rara Jonggrang awit agêng inggilipun angungkuli tiyang
kathah, nanging warninipun ayu sangêt angungkuli ayuning tiyang satanah Jawi.
Sarta sampun pêputra satunggal miyos kakung. Wusana karêm nêdha tiyang, dados
dipun namakakên Ratu Baka. Sarêng anggènipun nêdha tiyang kauningan ing Sri
Prabu Prawatasari, Rara Jonggrang lajêng katundhung. Rara Jonggrang lajêng
kesah dhatêng wana Panaraga, lêstantun adhêdhăngka wontên ing ngriku.
Sapêngkêripun
Rara Jonggrang, saking kaparêngipun sang prabu, Rara Jonggrang lajêng kagambar,
ingkang kaukir sela, dados dhapur rêca. Parlu kadamêl pangèngêt-èngêt,
punapadene kagêm nglêlipur ingkang putra taksih timur, manawi mular takèn
ingkang ibu. Mila dumugi sapunika tiyang èstri băngsa Jawi ingkang pantês dipun
aji-aji kasêbut nyai, awit sami nulat sêsêbutanipun Nyai Rara Jonggrang, inggih
Ratu Baka wau punika.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn. Ratu Baka punika pêputra pintên kalihan Prabu Prawatasari.
Pak
Sondong. Amung pêputra satunggal kakung, kados ingkang kula cariyosakên kala
wau. Sasedanipun ingkang rama Prabu Prawatasari, putra wau lajêng anggêntosi
jumênêng nata wontên ing Prambanan, ajêjuluk Prabu Sri Gênthayu.
Prabu
Sri Gênthayu pêputra gangsal.
1.
Ingkang pambayun, nama Rara Suci
Wanungsanya, wadat botên kêrsa krama, karêmênipun amung mandhita.
2.
Panênggak kakung, nama Radèn Lêmbu
Amiluhur,
3.
Panêngah kakung, nama Lêmbu Amêrdadu,
4.
Sumêndhi, nama Lêmbu Pangarang,
5.
Waruju ugi kakung, nama Lêmbu Amêrjaya.
Saking
kêparêngipun sang prabu, putra kakung sakawan wau kajumênêngakên nata sadaya.
Radèn
Lêmbu Amiluhur kadadosakên ratu wontên ing Jênggala, jêjuluk Prabu Dewakusuma.
Radèn
Lêmbu Amêrdadu, kadadosakên ratu wontên ing Daha, ajêjuluk Prabu Pujaningrat.
Radèn
Lêmbu Pangarang, kadadosakên ratu wontên ing Ngurawan, ajêjuluk Prabu Pujadewa.
Radèn
Lêmbu Amêrjaya, kadadosakên ratu wontên ing Panaraga, ajêjuluk Prabu
Pujakusuma. Dene ratu sakawan wau, ingkang kadadosakên ratu agêng ing Jênggala.
Karaton
Prambanan lajêng sirna botên dados karaton dumugi samangke.
Dene
Sang Pandhita Rara Suci Wanungsanya, lajêng momong dhatêng ingkang rayi-rayi
ratu sakawan wau, mênawi pinuju wontên ing Jênggala, padhepokanipun wontên ing
rêdi Pucungan. Mênawi pinuju wontên ing Daha, padhepokanipun wontên ing dhusun
Kăndhairèn.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn, karatonipun Prabu Lêmbu Amêrdadu punika pêrnahipun
samangke pundi.
Pak
Sondong. Wontên sakilèn bênawi, sawetanipun dhusun Klothok lan Gênêng, inggih
ingkang kathah banonipun pêthak punika.
Dene
Radèn Malayakusuma, inggih Radèn Gunungsari, dalêmipun wontên ing Sabrang
wetan, ringin kurungipun Radèn Gunungsari samangke dados pêkên, nama pêkên
Gunungsari, lêstantun dumugi sapunika taksih nama pêkên Gunungsari.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn. Punapa sababipun têka nagari Daha kasantunan nama nagari
Kadhiri.
Pak
Sondong. Inggih. Sababipun makatên, rèhning jaman samantên, ingkang dipun
sêpuh-sêpuh tiyang satanah Jawi, Pandhita Rara Suci, inggih Dèwi Kilisuci.
Sarta Dèwi Kilisuci wau, wanita ingkang botên nate ngêdalakên rah, dados
pêrsasat kêdhi. Mila sarêng Prabu Lêmbu Mêrdadu jumênêng nata wontên ing nagari
Daha, nagari Daha lajêng dipun lih nama nagari Kadhiri. Kangge prasêmon bilih ingkang
bok ayu Dèwi Kilisuci wau, kêdhi. Utawi gadhah têgês, bilih ingkang bok ayu wau
wanodya ingkang inggil pambêkanipun, botên purun kawon kalihan tiyang jalêr,
nanging wadat botên karsa krama.
Têtiyang
èstri ing tanah Kadhiri kathah ingkang nulat pambêkanipun Dèwi Kilisuci,
nanging nulat dhirinipun kemawon, dene wadatipun tuwin anggènipun ulah
kapandhitan botên wontên ingkang purun nulat. Tular-tumularing watêk, ngantos
têtiyang Kadhiri jalêr èstri, gadhah pambêkan dhiri, nanging dhirining tiyang
èstri, dados nagari Kadhiri wau nagari èstri. Mila manawi mangun prang, mênawi
dipun lurugi asring kawon, mênawi nglurug asring mênang. Sabab tiyang èstri
punika mênawi wontên paran kajèn, mênawi wontên griya dados kawonan. Ki
Dêrmakăndha pitakèn, kados pundi lêrêsipun kados ingkang kasêbut ing sêrat
Jayakusuma. Putra Jênggala nama Radèn Kuda Rawisrêngga, krama angsal putri
Kadhiri, nama Dèwi Sêkartaji, pangantèn kaundhuh dhatêng Jênggala numpak baita,
sarêng dumugi sagantên rupak, inggih punika bêngganganipun Balambangan kalihan
Bali, ing ngriku baitanipun pêcah, têtiyang ingkang sami andhèrèkakên kathah
ingkang pêjah kabalabag, ingkang wilujêng buyar, sami rêbat gêsang
piyambak-piyambak, pangantèn sakalihan tuwin kadang kadeyan ugi wilujêng,
nanging pisah botên sagêd kêmpal, dening sami pados gêsang piyambak-piyambak
wau.
Pangantèn
jalêr Radèn Kuda Rawisrêngga, dhawah wontên ing nagari Balambangan, sangêt
kawêlasarsa, lajêng mantuk dhatêng Jênggala.
Pangantèn
èstri Dèwi Sêkartaji, Dèwi Ragil Kuning, Menak Agung, Menak Cao, dhawah wontên
ing nagari Bali. Wontên ing Bali Dèwi Sêkartaji lajêng mindha kakung, sarta
jumênêng nata, asêsinglon nama Prabu Jayalêngkara. Dèwi Ragil Kuning ugi mindha
priya, kadadosakên patih, nama Patih Jayaasmara, Menak Agung Menak Cao, sami
kadadosakên nayaka.
Dèrèng
watawis dangu jumênêngipun nata Prabu Jayalêngkara, kapiyarsa saking nagari
Ngurawan, bilih ing Bali wontên ingkang madêg nata enggal, botên nyuwun lilah
dhatêng nagari Ngurawan, sang nata ing Ngurawan lajêng ngaturi uninga dhatêng
ing Jênggala, lajêng dipun lurugi, ingkang kautus dados senapatining prang,
Radèn Panji Jayakusuma, inggih Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, putra ing
Jênggala. Inggih pangantèn jalêr ingkang kasêbut ing nginggil. Dipun kanthèni
ingkang rayi Radèn Panji Sastramiruda, miwah para adipati bawah Jênggala tuwin
bawah Ngurawan. Ingkang makatên wau lêrêsipun kados pundi kyai.
Pak
Sondong mangsuli sarwi gumujêng. Mas Bèi, cariyosipun sêrat Jayakusuma wau,
sadaya dora.
Ing
nalika samantên tanah Jawi namung wontên ratu sakawan, tur sasadhèrèk, dados
tanah Jawi santosa sangêt, tanah Bali tuwin Madura kabawah ing tanah Jawi,
binatharanipun wontên ing Jênggala. Ing Bali dhatêng Ngurawan kalihan dhatêng
Jênggala, cêlak dhatêng Jênggala. Dados saupami ing Bali wontên ingkang madêg
nata enggal, sarta niyat ambalela dhatêng tanah Jawi, ingkang mirêng rumiyin
sarta ingkang anglurugi amêsthi Jênggala, awit ing Jênggala mênang cêlak sarta
mênang kuwasa. Botên ing Ngurawan. Mila cariyos wau nelakakên manawi dora.
Punika amung saking wasising pujăngga kemawon, awit satêmênipun ing nalika
samantên, sajumênêngipun ratu sadhèrèk sakawan wau, ing tanah Jawi gêmah ripah
tata raharja sayêktos, botên wontên pêrang, botên wontên prakawis agêng,
ingkang adamêl rêntênging nagari. Panjênêngan nata sakawan sawadyabalanipun
amung tansah atut rukun, tansah sami among sênêng among langên. Tiyang alit
sami jibar-jibur mirah sandhang têdha. Dados ing nalika punika botên wontên
ingkang kacariyosakên dados babat, awit jaman têntrêm, para luhur amung sami
tansah mangun suka. Mila para pujăngga lajêng nganggit-anggit, damêl pralambang
lêlampahan, kangge cacriyosan ing wingking.
Dene
satêmênipun kala jaman samantên punika makatên.
Ratu
ing Jênggala Sang Prabu Lêmbu Amiluhur punika, putranipun ingkang miyos saking
padmi tiga. Kakung kalih, putri satunggal.
Ingkang
sêpuh inggih Radèn Panji Kuda Rawisrêngga wau. Nuntên Radèn Panji Sastramiruda.
Ragilipun inggih Dèwi Ragil Kuning. Dene ingkang mêdal saking ampeyan kathah.
Nanging namanipun botên kula cariyosakên.
Ratu
Kadhiri Lêmbu Mêrdadu, putranipun tiga.
Ingkang
sêpuh inggih Dèwi Sêkartaji wau, inggih Dèwi Căndrakirana. Nuntên Radèn
Gunungsari, inggih Radèn Malayakusuma. Ragilipun nama Rêtna Mindaka.
Ratu
Ngurawan, Prabu Pujadewa. Ugi pêputra tiga.
Ingkang
sêpuh nama Dèwi Surèngrana. Nuntên Dèwi Kumudaningrat. Wuragilipun jalêr, nama
Radèn Sinjanglaga.
Ing
nalika samantên, saking kaparêngipun Ratu Jênggala Prabu Lêmbu Amiluhur,
putranipun sêpuh Radèn Panji Kuda Rawisrêngga wau, badhe kakramakakên angsal
putranipun ingkang rayi ratu ing Kadhiri, nama Dèwi Sêkartaji kasêbut ing
nginggil.
Ing
satunggiling dintên, Sang Prabu Jênggala animbali patihipun, nama Patih
Kudanawarsa. Dipun ngandikani badhe kautus dhatêng Kadhiri maringakên nawala
dhatêng ingkang rayi sinuhun ing Kadhiri. Dene parlunipun mundhut putranipun
putri, Dèwi Sêkartaji, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Kuda Rawisrêngga. Sarta
Radèn Kuda Rawisrêngga kadhawahan ngirit pisan, sowan dhatêng Kadhiri, supados
sumêrêp warninipun Dèwi Sêkartaji, punapadene Dewi Sêkartaji, ugi sumêrêpa
warninipun Radèn Panji Rawisrêngga. Sarta malih Dèwi Onêngan, ugi kadhawuhan
sowan dhatêng ing Kadhiri, supados sumêrêp dhatêng para sadhèrèkipun,
putranipun ingkang paman sinuhun ing Kadhiri. Dipun kanthèni pun Jurudèh tuwin
Prasănta.
Kyai
Patih Kudanawarsa aturipun sandika, nawala lajêng kaparingakên, botên antawis
dintên lajêng bidhal. Ing margi botên kacariyos, samantên sampun dumugi ing
nagari Kadhiri, lajêng sowan ing sang prabu, matur saparlunipun tuwin nyaosakên
nawala. Sêrat sampun katupiksa ing Sang Prabu Kadhiri, punapa suraosipun sadaya
sampun kadriya, sang prabu amung andhèrèk saking karsanipun ingkang raka,
sinuhun ing Jênggala, saha sakalangkung suka amarwata suta. Radèn Kuda
Rawisrêngga tuwin ingkang rayi Dèwi Onêngan lajêng kadhawuhakên andhèrèk
malêbêt ing kadhaton. Radèn Kuda Rawisrêngga tuwin Dèwi Onêngan, lajêng sami
ngabêkti dhatêng ingkang ibu pramèswari, sarta sampun kapanggihakên dhatêng
ingkang rayi-rayi, sami kasok sukaning galih. Lajêng kasêgah lêlangên sarimpèn.
Enjingipun
Panji Kuda Rawisrêngga kadangu dhumatêng ingkang paman sang prabu ing Kadhiri,
punapa sampun tamat dhatêng ingkang rayi Dèwi Sêkartaji, sarta punapa sampun
kadugi momong. Aturipun Panji sampun, sarta sampun sandika kadhaupakên.
Sang
Prabu Kadhiri lajêng damêl sêrat wangsulan katur ingkang raka sang prabu ing
Jênggala, sarta sampun kaparingakên dhatêng Patih Kudanawarsa, sarta Radèn
Panji Kuda Rawisrêngga, kadhawuhan wangsul rumiyin dhatêng ing Jênggala. Amung
Dèwi Ragil Kuning tuwin Jurudèh Prasănta, kadhawuhan kantun wontên ing Kadhiri,
among Radèn Panji dipun suwun tumuntêna kaparingakên wangsul dados pangantèn.
Ingkang tampi dhawuh aturipun sami sandika.
Enjingipun
Patih Kudanawarsa, tuwin Panji Rawisrêngga sami nyuwun pamit ing sang prabu,
sampun kaparêng lajêng bidhal.
Sapêngkêripun
Patih Kudanawarsa, sang prabu ing Kadhiri lajêng dhawah tata-tata amiranti
ngrakit pura, tuwin saupakartinipun badhe kagungan damêl mantu sampun samapta
sadaya.
Kacariyos
Patih Kudanawarsa tuwin Panji Kuda Rawisrêngga sampun dumugi ing Jênggala,
sarta sampun sowan ing sang prabu, sêrat sangking ingkang rayi nata ing Kadhiri
sampun kacaosakên, suraosing sêrat sang prabu ing Kadhiri, amung sandika
andhèrèk sakaparêngipun ingkang raka. Punapadene Panji Kuda Rawisrêngga, ugi
sampun rêmên dhatêng Dèwi Sêkartaji, mila amung cumadhong dhawuh, ing
samăngsa-măngsa Panji Rawisrêngga kaparingakên wangsul dhatêng Kadhiri, lajêng
kadhaupakên. Sang prabu ing Jênggala sakalangkung pirênaning galih, mila lajêng
paring sêrat wangsulan dhatêng ingkang rayi nata ing Kadhiri, suraos aparing
ubaya anggènipun badhe maringakên ingkang putra Radèn Rawisrêngga.
Ing
sadèrèngipun dumugi patêmbayan, Radèn Panji Kuda Rawisrêngga alêledhang basiyar
ing salêbêting kitha, lajêng ampir[15] ing kapatihan, sadumugining kapatihan,
Radèn Panji lajêng têrus dhatêng pêngkêran, sumêrêp putrinipun Kiyai Patih
Rêtna Angrèni, pinuju ambathik, lajêng dipun parpêki, Dèwi Angrèni sarêng dipun
parpêki ingkang raka Radèn Rawisrêngga, lajêng angadêg têrus malêbêt ing dalêm
botên mêdal-mêdal.
Radèn
Kuda Rawisrêngga, sadangunipun aningali lampahipun Dèwi Angrèni malêbêt ing
dalêm, tansah amandêng kêdhèp têsmak, saha sakalangkung cuwa dene lajêng botên
mêdal. Saha sakalangkung ngungun gêgêtun, dene Kyai Patih darbe putri
sakalangkung endah ing warni. Ing sanalika ngriku, Radèn Panji kataman
turidasmara, botên kenging sinayutan. Mila tansah anglênggêr botên sagêd
ngandika. Patih Kudanawarsa waspada ing sêmu, bilih Radèn Panji kasabêt ing
turidagati. Lajêng dipun aturi malêbêt dhatêng ing dalêm, Radèn Panji botên
lênggana, lajêng pinarak wontên ing dalêm. Patih Kudanawarsa matur. Punapa
darunanipun têka paduka kawistara kados kataman gêrah dadakan.
Sarêng
sampun sawatawis, Radèn Panji napasipun sampun aring, lajêng angandika. Dhuh
paman patih, walèh-walèh punapa, mila kula makatên, inggih awit saking pandamêl
sampeyan, dene paman masangi wisa ingkang cumalorot kados lintang rêntah ing
siti.
Patih
Kudanawarsa, sampun anampèni kêclaping pangandika, bilih Radèn Panji kasabêt
ing turidagati, brănta dhatê ingkang putra Dèwi Angrèni. Lajêng tumungkul èsmu
ngungun sarta dangu botên wacana.
Radèn
Panji lajêng ngandika malih. Paman, rare ayu ingkang pindha kusumaning Ratih
punika wau sintên, punapa putra sampeyan, têka sagêd adamêl tratabing manah,
ngantos mèh sumaput kula.
Patih,
dhuh anggèr gusti kawula, walèh-walèh punapa, rare èstri punika wau, inggih
abdi sampeyan anak kula èstri.
Radèn
Panji. Putra sampeyan namanipun sintên, paman.
Patih.
Kula namakakên Rara Angrèni.
Radèn
Panji. Dhuh adhiku dhewe Ngrèni, Ngrèni. Idhêpa yèn duwe kadang cêdhak pinunjul
ing warna, ora parlu kadhakalan nontoni marang Kadhiri. Paman patih, kula botên
ngintên pisan-pisan bilih bibi kagungan putra èstri sampurna ing warni, kados
yayi Angrèni. Ing mangke adrênging manah kula botên kenging dipun sayuti, kula
suwun ing jawata, amung yayi Angrèni dadosa têtimbangan kula wontên ing
marcapada dumugi ing dêlahan. Mila sangêt-sangêt ing panyuwun kula dhatêng
paman patih, yayi Ngrèni kaparênga kula êmong piyambak, sarta sapunika ugi,
yayi Ngrèni lajêng kula boyong dhatêng ing kadipatèn. Wondene pacangan kula
yayi Sêkartaji, kula sandèkakên.
Kyai
Patih Kudanawarsa, sarêng mirêng pangandikanipun Radèn Kuda Rawisrêngga, sangêt
anglênggêr, pitung pandurat botên angandika. Pangunandikaning galih. Dhuh dewa
bathara, iki kapriye, lamun ingsun anuruti kang dadi karsane pangeran adipati,
gèk kapriye dadine ing têmbe. Saiba dukane sang prabu. Sabab wus ubaya dina
sasine bakal dhauping pangantèn, jêbul ana lêlakon mangkene. Wusana lajêng
matur dhatêng Radèn Panji Kuda Rawisrêngga. Dhuh gusti kula, manawi makatên
ingkang dados karsa paduka, pun paman inggih sakalangkung amundhi, sangêt
kalinggamurda. Nanging kula ajrih anglangkungi rama paduka sang prabu. Ing
mangke paduka kula aturi kondur rumiyin, mangke sontên kula badhe matur ing
sang prabu, punapa ingkang dados karsa paduka wau.
Radèn
Panji. Inggih sakarsa sampeyan paman, nanging kula botên mantuk dhatêng
Kadipatèn, manawi botên kalihan yayi Ngrèni.
Sanalika
Patih Kudanawarsa, lajêng malêbêt dhatêng kadhaton, munjuk ing sang prabu. Sang
prabu sarêng amidhangêt aturipun kyai patih, sakalangkung kagèt ing galih,
dahat dukaning wardaya, nanging sinamun ing netra, pangunadikaning galih,
kaelokan narking mungbèng pasthi, têka Si Panji bisa têmên gawe moga, kang
murangtataning silakrama. Yèn ingsun anurutana karêpe Si Panji, ora wurung
bakal gawe kusuting praja, saiba cuwane yayi Prabu Kadhiri. Nanging yèn ora sun
turutana, iya ora wurung bakal ruara. Dangu kagagas ing wardaya, wusana wontên
wêwênganing galih, lajêng angandika.
Patih
Kudanawarsa, mungguh prakara iki, karsaningsun mangkene bae. Si Panji mêsthi
sida dak dhaupake karo putrine yayi Prabu Kadhiri. Nanging sarèhning Si Panji
kedanan bangêt marang anakmu Si Ngrèni, ing mêngko dak pituruti, saiki uga, dak
dhaupake karo anakmu, nanging mung minăngka sêlir tuwa bae. Besuk têkaning dina
ubaya, Si Panji iya uga dak kirimake marang Kadhiri, kaya dhawuh ingsun ing
ngarêp. Kaya ora andadèkake runtike yayi prabu, amarga satriya gêdhe, wus
jamake sugih sêlir ayu-ayu. Ing samêngko kapriye mungguh pamikirmu, sira apa
rila anakmu mung dadi sêlir bae.
Patih.
Dhuh gusti kula sinuhuni, mênggah raosing manah kawula, abdi dalêm anak kawula
pun Ngrèni, abdi dalêm botên rumaos anggadhahi, amung sadarmi angukir, sampun
malih ingkang kagêm garwa paminggir, dhumatêng putra dalêm gusti kawula prabu
anom, sanadyan kapundhut pawongan cèthi, kakarsaksakên dados juru dêdaha, juru
ngangsu nyapu, abdi dalêm kawula saèstu amung anyumanggakakên. Sampun malih
abdi dalêm anak kawula kapundhut kagêm kalangênan, botêna kawula unjukakên,
sanadyan pêjah gêsang kawula, kapundhuta enjing utawi sontên, abdi dalêm muhung
sumarah sakarsa dalêm, samêndhang botên anggarantês.
Sang
prabu. Kudanawarsa, ing sarèhning sira wus nyumanggakake apa kang dadi
kaparênging karsaningsun, ing mêngko sira muliha, anakmu Si Panji, lan Si
Ngrèni, banjur angkatêna lêbokna marang kadhaton, mêngko sore banjur dak
dhaupake.
Patih.
Matur sandika, lajêng mêdal. Sadumuginipun kapatihan, lajêng matur dhatêng
Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, kados dhawuhipun sang prabu, Radèn Rawisrêngga
sangêt trusthaning galih. Botên kacariyos rêroncènipun, Radèn Kuda Rawisrêngga
lajêng kondur ing kadhaton, Dèwi Angrèni kabêkta. Sadumugining kadhaton lajêng
kapanggihakên, sarta lajêng kaparingakên dhatêng kapatihan, kêkalihipun sami
sih-sinisihan botên wontên sangsayanipun.
Botên
antawis dangu sampun dumugi ing dintên ubayaning sri narendra, Radèn Kuda
Rawisrêngga badhe kaangkatakên dhatêng Kadhiri, nanging Radèn Rawisrêngga mopo,
botên saèstu purun anglampahi dhaup kalihan putri Kadhiri, sampun narimah
jatukrama kalihan Dèwi Angrèni kemawon, saupami kapêksa ngaturakên pêjah
gêsang.
Sang
prabu, sakalangkung lêgêg ing galih, saupami sande anggènipun badhe bêbesanan
kalihan ingkang rayi nata ing Kadhiri, sakalangkung merang ing galih. Sang
prabu lajêng ngaturi ingkang bok ayu Dèwi Kilisuci, ingkang amartapa wontên ing
rêdi Kapucangan, Rêsi Kilisuci sampun rawuh, lajêng lênggah satata wontên ing
Sanasewaka. Sang prabu lajêng angaturakên ingkang dados ribênging galih, purwa
madya wusana sampun katur sadaya, sang prabu nyuwun timbangan dhatêng ingkang
bok ayu, kados pundi mênggah sakecaning lampah.
Sarêng
Dèwi Kilisuci amidhangêtakên pangandikanipun ingkang rayi sri narendra ing
Jênggala, sakalangkung ngungun, wupana[20] angandika. Yayi prabu, yèn mangkono
karêpe Si Panji bakal ngrusak wijining karaton, măngka mungguh utamane, wiji
karaton mau bisa lulus murni, putraning nata kudu dhaup lawan putrining
narpati, kaya karsane yayi prabu. Ing mêngko kang dadi panêmuku, sayogane Si
Ngrèni disirnakake bae. Yèn Si Ngrèni wus ora ana, Si Panji amêsthi gêlêm dhaup
karo Si Sêkartaji.
Sang
Prabu Jênggala: matur. Kakang bok, makatên punika
botên
lêrês. Ngrèni dipun sirnakakên lêpatipun punapa. Sabab prakawis punika sanès
sêdyanipun Ngrèni, sarta sanès pikajêngipun Kudanawarsa, amung saking
kadêrêngipun putra sampeyan pun Panji piyambak. Mila saupami kalampahan pun
Ngrèni kula lunasi, sampun tamtu kula katêtêpakên ratu angkara, ratu candhala
purun angrisak adil, amêjahi tiyang tanpa dosa. Kula ajrih sêsikuning jawata.
Kaping kalih Patih Kudanawarsa, sampun mêsthi manahipun botên anarimah. Ing
măngka piyambakipun patih wasesa, saupami sarêmbag kalihan para nayaka, saèstu
sagêd damêl rêngkaning praja.
Rêsi
Kilisuci ngandika. Pilih êndi, kang sapisan bakal ngrusak turun, kang kaping
pindho gawe lingsêming sadulur tur sapadhaning ratu, karo matèni wong siji.
Dene mungguh patine Si Ngrèni, lamun murih Kudanawarsa narima atine, gampang
bae masalahe. Mangkene. Anggènira utusan matèni, aja kongsi kawanguran ing
liyan, apadene Patih Kudanawarsa. Yèn wus kalakon, kang matèni purihên minggat
dhisik, sawuse Si Kudanawarsa, banjur dhawuhana ngupaya, yèn katêmu kaulur
prakarane, lan bakal dirampungi apa bênêre. Mulane katêmune kajibahna
Kudanawarsa, sabab dhèwèke patih wasesa. Yayi
prabu sangadia ora narima mungguh patine putramu mantu.
Sang
prabu kèndêl botên ngandika. Rêsi Kilisuci ngandika malih. Yayi prabu, prakara
iki, sira aja sandeya, karana kabèh-kabèh wus ana ingsun, yèn ana dêdukaning
dewa têmpuhna marang ingsun. Awit anane lêlakon iki, ingsun wus ora kasamaran,
mula gugua marang pratikêl ingsun.
Sang
prabu sarêng midhangêt pangandikanipun ingkang raka Dèwi Kilisuci, ajrih
amaoni. Awit angèngêti, bilih ingkang bok ayu pandhita linangkung, kinasihan
ing jawata. Mila lajêng matur, andhèrèk karsanipun ingkang raka. Anggêripun
botên manggih dêdukaning jawata.
Dèwi
Kilisuci ngandika malih. Yayi prabu, yèn jênêng sira mêksa sumêlang, cêkake
mangkene bae, jênêng sira kadhatona, prakara iki dak rampungane dhewe, sira aja
mèlu-mèlu.
Sang
prabu lajêng pamit angadhaton, laju tumamèng sanggar pamêlêngan, amêminta ing
jawata raharjaning kang parasdya.
Sajêngkaripun
sang prabu. Rêsi Kilisuci lajêng nimbali ingkang putra Radèn Nilaprabăngsa,
putra Jênggala ingkang sêpuh, mêdal saking ampeyan, sarêng sumiwi, lajêng dipun
pangandikani kawontênanipun lêlampahan sadaya, sarta lajêng winisik sajatining
karsa. Radèn Nilaprabăngsa sampun tampi ing wardaya, punapadene sandika
nglampahi punapa sapitêdahipun ingkang uwa.
Dèwi
Kilisuci ngandika. Nilaprabăngsa, ing samêngko Si Panji bakal dak timbali, dak
purih ngatêrake mulih marang Kapucangan, ana ing kana bakal dak êndhêg sawatara
dina. Mula sapungkur ingsun lan Si Panji, sira banjur mênyanga ing kadipatèn,
Si Ngrèni pêthukên, warahên yèn dak undang marang Kapucangan, lan Si Panji
angêntèni ana ing kana, awit kapengin lêlangên ana ing pratapan lawan dhèwèke
Si Ngrèni. Ing kono yèn wis ana ing dalan, Si Ngrèni banjur rampungana, sauwise
sira banjur lungaa kang adoh, singitana ana ing gunung Wilis, mindhaa pandhita,
ngaliha aran Wasi Curiganata, poma, aja kongsi kadêngangan[21] ing wong akèh.
Enggaling
cariyos, Radèn Panji sampun dipun timbali, sarta sampun andhèrèkakên konduripun
ingkang uwa Dèwi Kilisuci, dhatêng pratapan ing Kapucangan.
Kocapa,
sapêngkêripun Dèwi Kilisuci, Radèn Nilaprabăngsa lajêng dhatêng kapatihan,
kapanggih Dèwi Angrèni, sangadi dipun utus Radèn Panji Kuda Rawisêngga, Dèwi
Angrèni dipun timbali dhatêng pratapan Kapucangan, Dèwi Angrèni botên lênggana,
lajêng bidhal dhatêng Kapucangan, sarêng dumugi ing margi ingkang kiwa Dèwi
Angrèni dipun lunasi dening Radèn Nilaprabăngsa, sasampunin Radèn Nilapabăngsa
lajêng singidan dhatêng rêdi Wilis, asêsilih nama Wasi Curiganata.
Radèn
Panji wontên ing Kapucangan sampun wolung dintên, tansah onêng dhatêng ingkang
garwa Dèwi Angrèni, nyuwun pamit dhatêng ingkang uwa, mantuk dhatêng ing praja,
Rêsi Kilisuci sampun marêngakên, Radèn Panji lajêng bidhal dhatêng ing
Jênggala, sadumugining praja jujug ing kapatihan, ingkang garwa Dèwi Angrèni
kapanggih sêpên, lajêng andangu dhatêng pawongan, aturipun dipun ajak Radèn
Nilaprabăngsa, dhatêng Kapucangan.
Radèn
Panji sarêng mirêngakên aturipun pawongan, kumêsar salêbêting galih, sampun
angintên bilih ingkang garwa dipun pêjahi dening ingkang raka, ingkang raka
dipun padosi botên pinanggih. Radèn Panji lajêng gandrung, sarta lajêng gêrah
sangêt. Sarêng sampun ragi sênggang lajêng dipun timbali dhatêng ingkang rama
sang prabu, badhe kaarak dhatêng Kadhiri, Radèn Panji mopo, ngantos wali-wali
mêksa mopo. Sang prabu sangêt duka, Radèn Panji lajêng kadhawuhan tundhung.
Radèn Panji lajêng kesah angikis ratri, amung kadhèrèkakên ingkang rayi Rad
Pènji Sastramiruda, ingkang sinêdya ing galih badhe sowan ingkang paman Sang
Prabu Pangarang ing Ngurawan.
Kocapa,
Patih Kudanawarsa, lajêng amilênggahakên dhatêng sang prabu, bilih yoganipun
Dèwi Angrèni dipun cidra dening Radèn Nilaprabăngsa. Kyai Patih nyuwun adil.
Sang
prabu apingungun ing galih, lajêng adhêdhawuh dhatêng Kudanawarsa, Radèn
Nilaprabăngsa kadhawuhan madosi, manawi kacêpêng badhe dipun patrapi punapa
lêrêsipun, nanging manawi botên kacêpêng prakawis kaebrakakên, sabab dakwanipun
miruda.
Sang
prabu ing Jênggala, lajêng utusan paring priksa dhatêng ingkang rayi Nata
Kadhiri, Ngurawan, tuwin dhatêng Panaraga, bab sandenipun anggèning badhe
miwaha putra, awit Radèn Panji anis saka praja.
Mila
kacariyos ing padhalangan ringgit krucil, pisahipun putra Jênggala kalihan
putri Kadhiri, layar wontên sagantên rupak, têgêsipun sami panjênêngan nata
rêmbag badhe bêbesanan, sampun kêkênthêngan dintên, dados sampun rupak
parlunipun, wusana sande. Lajêng kaanggit ing pujăngga, pisahipun putra lan
putri sami anis saka praja, nyabrang sagantên rupak.
Kacariyos,
sarêng sang prabu ing Kadhiri tampi sêratipun ingkang raka sinuhuni ing
Jênggala, anyandèkakên anggènipun bêbesanan, sakalangkung ngungun ing galih.
Wusana mupus karsaning dewa, bokmanawi putranipun pancèn sanès jodhonipun putra
ing Jênggala.
Kocapa,
lampahipun Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, akalihan ingkang rayi Radèn Panji
Sastramiruda, sampun dumugi ing nagari Ngurawan, lajêng sowan ingkang paman
Sang Prabu Lêmbu Pangarang, sang prabu kapita ing galih, dening lêlancaran
botên mawi kadhèrèkakên punggawa, sampun ngintên bilih purik dipun dukani
ingkang rama. Radèn Panji matur prasaja punapa ingkang dados darunanipun,
miwiti malah mêkasi sampun katur sadaya.
Sang
Prabu Ngurawan sangêt ngungun ing galih. Wêkasan ngandika karsa angêmong
dhatêng ingkang putra Radèn Kuda Rawisrêngga, tuwin Radèn Panji Sastramiruda.
Sang prabu ngandika malih dhatêng Panji Rawisrêngga. Kulup Panji Rawisrêngga,
bokmanawa Si Sêkartaji pancèn dudu jodhomu, ing samêngko saka karsaningsun, yèn
sira rujuk, sira ingsun pundhut mantu dhewe, ingsun dhaupake lawan arimu Si
Surèngrana. Aturipun Radèn Panji sandika, amung andhèrèk punapa ingkang dados
kêparêngipun ingkang paman. Enggalipun lajêng kadhaupakên kalihan rêringkêsan,
botên mawi ngaturi uninga dhatêng Jênggala, tuwin dhatêng para sadhèrèk,
pangantèn sakalihan sampun atut runtut tanpa sangsaya.
Ing
antawis lami, Rêsi Kilisuci rawuh têtuwi dhatêng ing Jênggala. Ingkang rayi
prabu ing Jênggala matur bab mirudanipun ingkang putra kakintên dhatêng ing
Ngurawan.
Dhawuhipun
Dèwi Kilisuci, yèn mangkono aku arêp mênyang Ngurawan, anyatakake kahanane Si
Panji. Sang prabu amung nyumanggakakên. Dèwi Kilisuci lajêng dhatêng Ngurawan,
sarawuhipun ing Ngurawan, kapanggih ingkang rayi sang prabu ing Ngurawan,
sampun satata lênggah wontên ing kadhaton. Dèwi Kilisuci ngandika, yayi prabu,
têkaku ing kene anglari putranira Si Panji Rawisrêngga, lan Sastramiruda, apa
ana ing kene.
Aturipun
ingkang rayi, inggih saèstu wontên ngriki.
Wis
pirang sasi.
Sampun
ganggsal pêncorong punika.
Apa
yayi prabu wus ngaturi uninga marang kakangira nata ing Jênggala, utawa
Kadhiri.
Dèrèng.
Sabab
apa jênêng para katêkan Si Panji ora cêcala marang kang ayêyoga.
Mila
kula botên ngaturi uninga dhatêng kakang prabu ing Jênggala, tuwin ing Kadhiri,
sabab pun Panji kula dangu, aturipun mila kesah, jalaran kadhawuhan tundhung
dhumatêng kakang prabu. Prakawis dipun dhaupakên kalihan pun Sêkartaji, pun
Panji mopo botên purun. Mila saupami kula ngaturana uninga, bokmanawi malah
dados duka. Saking pamanggih kula pun Panji kajêngipun lêrêm manahipun rumiyin,
mêsakakên manahipun sawêg bingung. Ing wingking kula masthi ngaturi uninga
kakang prabu. Kalihdene malih, pun Panji wontên ing Jênggala, wontên Ngurawan,
Kadhiri, Panaraga, sami kemawon botên wontên bedanipun. Malah sapunika pun
Panji sêpuh sampun kula pêndhêt mantu, kula dhaupakên kalihan putra sampeyan
pun Surèngrana. Saking pamanah kula, sarèhning pun Panji sande dados mantunipun
kakang Prabu Kadhiri, eman-eman manawi kamantu tiyang sanès, mila sarêng kula
tantun purun, inggih lajêng kula panggihakên kemawon, rampung sêkul salèmpèr,
botên ngaturi uninga para sadhèrèk, ngaturana uninga măngsa kaparênga rawuh
botên.
Dèwi
Kilisuci mèsêm ing galih lajêng angandika. Yayi prabu, rekamu iku têka ana
bênêre, nanging kabênêrên, pancène mono, dadi ya kêpriye-kêpriye, iya kudu
pêpoyan marang kang duwe anak, dadi wêruh amis bacine.
Sang
prabu, inggih sampun kakang bok kula lêpat, nyuwun pangaksama. Nanging sanadyan
pamrih, manawi sae rak inggih prayogi ta.
Rêsi
Kilisuci. Iya uwis, sarèhning Si Panji kotêmu kuwuk, bocahe wus narima, baya
uwis dadi panduming jawata, ora liwat padha karia slamêt, aku mulih marang
Kapucangan, Dèwi Kilisuci lajêng kondur.
Ing
nalika punika misuwur satanah Jawi, malah dumugi sabrang, bilih Sang Prabu
Jênggala anggènipun badhe bêbesanan kalihan ingkang rayi, nata ing Kadhiri
sande. Mila lajêng kathah para ratu măncanagari sami nglamar dhatêng Kadhiri,
nanging namung sinanggi ing krama, dèrèng wontên ingkang dipun tampèni, awit
dèrèng wontên ingkang dados condhonging galih.
Kacariyos,
ing talatah Indhu wontên raja binathara, ajêjuluk Prabu Klana Sêwandana, bidhal
saking prajanipun bêkta prajurit satus kapal, dhatêng ing Kadhiri nglamar Dèwi
Sêkartaji. Ing nalika punika, bênawi ing Kadhiri agêng, kenging dipun ambah ing
baita kapal, mênawi katimbang kalihan sapunika, ical ingkang kawan pra gangsal,
kantun sapara gangsalipun.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn. Sababipun punapa têka bangawan Kadhiri wiyaripun kantun
sapara gangsal.
Pak
Sondong. Sababipun tanah Jawi punika kathah rêdi ingkang mêdal latunipun, kêrêp
murub sarta jêblos mêdal ladhunipun, tuwin walahar saha jawah awu utawi wêdhi,
măngka kêrêp, dados dangu-dangu kathah sumbêr utawi tuk ingkang katutupan,
satêmah udaling tuk alit, toyanipun kirang kathah, andadosakên aliting
lèpèn-lèpèn, ladhu pasir kiwa têngêning lèpèn lajêng atos dados siti.
Punapadene wana-wana rêdi-rêdi ingkang kathah kayonipun agêng, sampun kathah
ingkang dipun têgori, kababat dados dhusun sabin utawi patêgilan, punika inggih
andadosakên sabab anjalari aliting lèpèn, awit kêkajêngan agêng punika ugi
gadhah daya angêdalakên tuk utawi jawah.
Ingkang
kaping tiga têtiyang Jawi sapunika sampun sami malik pangidhêpipun, sami
ngangge agama Mêkah, dados lajêng katularan hawanipun siti tumut bêntèr, tuwin
kirang jawah. Tumusing siti asrêp kala jaman rumiyin, tiyangipun sami
ayêm-ayêm, sapunika tiyangipun sami grahuyang anggarangsang.
Dêrmakăndha.
Kyai sampeyan dumugèkakên cariyosipun Prabu Klana Sewandana, sarêng dumugi
nagari Kadhiri ngriki, lajêng kados pundi.
Pak
Sondong. Sarêng Sang Prabu Klana Sewandana sampun masanggrahan, inggih lajêng
ngaturi uninga ing Sang Prabu Kadhiri, bilih sowanipun parlu anglamar putri
nata Dèwi Sêkartaji.
Dhawuhipun
Sang Prabu Kadhiri, Prabu Klana Sewandana kapapanakên masanggrahan wontên ing
sawetan lèpèn, salèr dalêmipun Radèn Gunungsari. Sarta sang prabu dhawuh,
wadyabalanipun Prabu Klana botên kaparêng nyabrang dhatêng sakilèn lèpèn, awit
tiyang kitha Kadhiri sami ajrih dhatêng wadyanipun Prabu Klana, sabab
warninipun angajrih-ajrihi, kulitipun cêmêng sêmu biru, untunipun pêthak.
Mênawi wontên ingkang nglanggar dipun patrapi.
Punapadene
têtiyang Indhu wau wontên ing Kadhiri dipun wastani băngsa Jong, mila
pasanggrahanipun karan pasanggrahan Jongbiru. Saking băngsa Jong: kulitipun
biru. Sapunika sampun dados dhusun, inggih dipun namèkakên dhusun Jongbiru.
Antawis
dintên, Prabu Klana Sewandana dipun timbali dhatêng karaton, sarêng sang prabu
amirsani wujudipun, Prabu Klana, ing galih sangêt gawokipun, bumi langit
kalihan warninipun ingkang putra Dèwi Sêkartaji. Saupami kadhaupakên saèstu
badhe botên prayogi kadadosanipun. Nanging sang prabu ing Kadhiri ajrih
anampik, sabab Sang Prabu Klana Sêwandana, kaloka sakti măndraguna,
abăndha-bandhu sudirèng laga. Mila lajêng kasanggi ing krama, kapurih
masanggrahan rumiyin, sangadi badhe karêmbag rumiyin kalihan para nayakaning
praja. Sang Prabu Klana botên sawala, lajêng kondur masanggrahan, wontên ing
panggenan kados ingkang sampun kadhawuhakên, sarêng sampun sawatawis dintên,
Sang Prabu Klana lajêng yasa guwa kangge panêpèn. Wontên ing rêdi Klothok, sela
agêng dipun êsong, lajêng dipun ukir-ukir dipun dèkèki rêca kangge pamujan,
majêng mangetan manglung ing margi ingkang saking dhepok Kăndhairèn, sarêng
sampun dados dipun namakakên guwa Selamanglung, lajêng karan guwa Selamanglèng.
Kacariyos
sang prabu ing Kadhiri, sadangonipun[25] nampèni panglamaripun Prabu Klana
Sewandana, saklangkung èmêng ing galih, awit saupami dipun tampik amêsthi
lajêng gêcak ing Kadhiri, sintên ingkang sagêd nanggulangi. Saupami dipun
tampèni mêsakakên ingkang putra sang putri, awit sangêt botên timbang. Saking
ribênging panggalih sang prabu lajêng mangsah sêmèdi, anêgês karsaning dewa
ingkang linangkung, botên watawis dangu katarimah pamêsunipun, angsal
wangsiting jawata, kadhawuhan masang sarana, kapurih damêl kukusan panjang,
kakêthok sapalih, dados dhapur kukus bolong, kapurih anggantung wontên ing
têngahing bênawi, ing ngandhap kacêmplungakên toya sakêdhik. Lajêng kadhawuhan
damêl sayêmbara, kabyawarakakên
ing
kathah, sintên ingkang sagêd angisèni băndha rajabrana ing kukusan ngantos
kêbak, kadhaupakên kalihan Dèwi Sêkartaji, botên mawang sok tiyanga, sanadyan
wong pidak padarakan, kere cekelan bale, anggêr sagêd andhatêngi sayêmbara
nata, inggih punika ingkang jatukrama kalihan sêkaring pura.
Sang
prabu lajêng luwar saking pamujan, sarta lajêng angèstokakên sawasitaning
wangsit, enggaling cariyos sang prabu ing Kadhiri sampun amasang sayêmbara,
tuwin sampun andhawuhakên bayawara waradin.
Kalampahan
sayêmbara nata, kathah para satriya, tuwin para sudagar sugih sami andhatêngi
sayêmbara, kêbak wontên satêpining bênawi, nanging sami wêgah, dening sayêmbara
prabu sakalangkung awrat.
Sang
Prabu Klana ugi amirsani, saking adrênging galih sêlak badhe mondhong Dèwi
Sêkartaji, lajêng dhawuh angusung rajabrananipun ingkang saking sabrang,
ngantos pintên-pintên gotongan, katumpuk wontên satêpining bênawi, lajêng
kaisèkakên ing kukusan, nanging botên sagêd kêbak, sabab băndha larut kèntir
mangandhap. Amila dumugi sapunika, kathah tiyang ingkang manggih êmas intên
wontên ing bênawi Kadhiri, awit saking rajabrananipun Sang Prabu Klana kasuntak
wontên ing ngriku. Utawi mênawi wontên baya dumugi ing bêngawan Kadhiri, inggih
lajêng ngambang, botên purun silêm sabab ajrih rajabrana ingkang wontên
dhasaring bênawi.
Ing
nalika samantên, rajabrananipun Prabu Klana ngantos têlas, mêksa botên sagêd
ngêbaki kukusan, awit kukusan bolong dipun isèni, mêsthi botên sagêd kêbak, bandhanipun
têrus larut mangandhap.
Ing
ngriku Prabu Klana Sewandana rumaos manawi dipun paeka, sarta dipun tampik
panglamaripun, lajêng duka amêpak wadyabala, badhe angrêmêt nagari Kadhiri,
angrêbat Dèwi Sêkartaji.
Sang
prabu ing Kadhiri, sarêng midhangêt bilih Prabu Klana Sewandana sampun pacak
baris, badhe soroh amuk ngrêbat Dèwi Sêkartaji, lajêng gugup, ngaturi uninga
ingkang raka sang prabu ing Jênggala, tuwin paring pirsa dhatêng ingkang rayi
Prabu Ngurawan, Panaraga, nyuwun bantu prajurit. Sarta dhawuh dhatêng Patih
Dipawacana, kinèn sawega ing jurit, saha sampun ajêng-ajêngan.
Sang
prabu ing Kadhiri maras ing galih, awit prajurit Indhu langkung sakêthi,
prajurit Kadhiri sampun kêrik amung gangsal èwu, dados rumaos karoban tanding,
mênawi botên angsal pitulunging dewa, kitha Kadhiri amêsthi rêmuk dados karang
abang.
Sang
prabu lajêng minggah ing sanggar palanggatan manêgês karsa.
Botên
antawis dangu, Rêsi Kanekaputra rawuh aparing wasita makatên: He, Sang Prabu
Kadhiri aja uwas atinira, dumèh karoban tandhing, ana sarate murih unggul ing
yuda, sira utusana ngupaya watu marang alas Baladewa sakuloning gunung Kêlut,
miliha kang gêdhe gawenên lumpang kênthèng, yèn wus dadi banjur amèka lêmah
marang gunung Punjul, lan lêmah ing desa Sêmèn, lan golèka godhong gamêt marang
desa Sugihwaras, lan amèka babakan kayu sakalakoswa wêton ngalas kurung, kabèh
iku dhêplokên dadi siji ana ing lumpang kênthèng mau, banyonana banyu
Sumbêrurip, iku gawenên sarana, êndi prajuritira kang nandhang tatu, banjur
bobokana lawêtan mau, amasthi waluya padha sanalika, kêna koadu manèh. Ngiras
ngêntèni têkaning prajurit banton saka sadulur-sadulurira. Lan prajuritira
aranana prajurit nirbaya. Wis nuli lakonana, ingsun jurung puja măntra. Sang
Hyang Narada lajêng muksa.
Sapêngkêripun
Rêsi Kanekaputra, sang prabu luwar saking pahoman, lajêng dhawuh ngupados sarat
kados wasitanipun Sang Hyang Narada, botên dangu angsal sadaya sarta sampun
dipun lawêt wontên ing lumpang gênthèng. Sadaya prajurit ingkang nandhang tatu
sami kausadanan, sakala wahuya jati, lajêng mangsah malih nir baya nir wikara,
prajurit Indhu miris manahipun, dening sumêrêp prajurit Kadhiri prasasat botên
kenging pêjah. Pêrangipun ngantos sawulan dèrèng wontên ingkang kasêsêr.
Nêdhêngi
campuhing ayuda, prajurit banton saking Jênggala, saking Ngurawan, tuwin saking
Panaraga dhatêng, Radèn Panji Kuda Rawisrêngga, dados senapatining prajurit
Ngurawan, lajêng narambul prang, sakalangkung rame, dangu-dangu wadyabala Indhu
karoban lawan, kathah ingkang pêjah. Sang Prabu Klana ajêng-ajêngan kalihan
Radèn Kuda Rawisrêngga, lajêng prang tandhing. Sang Kalana kalindhih, lajêng
morot lumajêng sawadyabalanipun ingkang kantun, lajêng sami numpak baita, dipun
usir dhatêng prajurit ing Kadhiri, dumugi bênawi baitanipun dèrèng sagêd
lumampah, dipun drèl saking dharatan dipun karutug sela dening prajurit
Kadhiri, baitanipun ngantos kêlêm, Prabu Klana sawadyabalanipun pêjah
têtumpêsan. Prajurit ing Kadhiri lajêng wangsul, Patih Dipawacana matur ing
sang prabu, bilih Prabu Klana Sewandana pêjah tumpês saprajuritipun, prabu ing
Kadhiri sakalangkung trusthaning galih. Patih Dipawacana matur malih ing sang
prabu, bilih Radèn Malayakusuma botên tumut ngungsi Prabu Kalana, amung mêmpên
nungku sêliripun wontên ing dhusun Ngêpung sakidul nagari.
Sang
prabu sakalangkung duka, ingkang putra Radèn Malayakusuma dipun timbali, sarta
dipun dukani kathah-kathah, kang putra rumaos lêpat, nyuwun pangapuntên.
Sarêng
sampun têntrêm para prajurit banton sami nyuwun pamit mantuk dhatêng
nagarinipun. Sang prabu marêngakên, sarta paring suka panarima.
Sabibaripun
prang Kadhiri Dèwi Kilisuci botên kasamaran ingkang dados sêngkêling galihipun
nata ing Kadhiri, dening putranipun Dèwi Sêkartaji dèrèng angsal jodho sarta
anggalih mênawi Dèwi Sêkartaji dèrèng palakrama, amasthi badhe anjalari dados
prang agêng. Dèwi Kilisuci lajêng rawuh dhatêng Jênggala, andhawuhakên ingkang
dados raosing galih wau. Dhatêng ingkang rayi sinuhun ing Jênggala.
Sinuhun
ing Jênggala amung pasrah dhatêng ingkang bok ayu, kados pundi tarekahipun
amurih sandening prang agêng.
Dèwi
Kilisuci ngandika, wurunge prang gêdhe saranane kudu Si Panji dipêksa
didhaupake karo Sêkartaji, yèn wis dhaup tamtu anjalari têntrêming nagara.
Sang
Prabu Jênggala matur. Putra sampeyan pun Panji sampun kapêndhêt mantu yayi
Prabu Ngurawan, kadhaupakên kalihan anakipun pambajêng nama Surèngrana. Kula
ajrih nantun, manawi nyidrani kados ingkang sampun mindhak anglêlingsêmi malih.
Dèwi
Kilisuci. Aku wis wêruh yèn Si Panji wis rabi, dhaup karo Surèngrana, iku
gampang bae masalahe wus anèng aku.
Sang
prabu, kula amung nyumanggakakên kakang mbok, panantunipun dhatêng pun Panji
tuwin dhatêng mara sêpuhipun.
Dèwi
Kilisuci lajêng pamit dhatêng ingkang rayi sang prabu badhe rawuh dhatêng
Ngurawan.
Sang
prabu anyumanggakakên.
Dèwi
Kilisuci mangkat, sarawuhipun ing Ngurawan anjujug ing kadhaton, sampun satata
lênggah kalihan ingkang rayi nata ing Ngurawan, Panji ngadhêp ing ngarsa.
Sasampuning bage-binage, Dèwi Kilisuci ngandika dhatêng ingkang rayi, amêdhar
wigatining karsa kados ingkang kacariyos ing ngajêng.
Ingkang
rayi nata ing Ngurawan matur. Prakawis punika, wontên ingkang badhe nglampahi,
sumăngga kadhawuhana piyambak, mapan wontên tiyangipun.
Dèwi
Kilisuci lajêng ngandika dhatêng Radèn Panji. Kulup Panji, saka karêpku kowe
rabia manèh, entuk pacanganmu lawas Si Sêkartaji, aku kang ngrêmbugake karo
pamanmu yayi Prabu Kadhiri. Sanadyan kowe wus duwe bojo mêsthi awèhe, yèn saka
karêpku.
Panji.
Inggih nyumanggakakên, kula amung sadarmi nglampahi, janji kangjêng paman
sampun marêngakên, kula amung andhèrèk sakaparêngipun uwa rêsi. Nanging taksih
wontên wagêlipun malih, yayi dèwi dèrèng katantun, purun dipun wayuh punapa
botên.
Dèwi
Surèngrana nyambêti, kula makatên angsal kemawon, janji sarirane karsa
nglampahi, malah mayar, sae-saenipun dipun ladosi piyambak, sae dipun ladosi
tiyang tiga sakawan.
Radèn
Panji. Têmênan yayi.
Surèngrana.
Yêktos.
Radèn
Panji. Uwa, punika yayi dèwi sampun angsal.
Kilisuci.
Gèr, Surèngrana kowe manuta pratikêling wong tuwa, aja sawala atimu, bêcik êndi
dadi hara-huru karo ora, tênèh bêcik ora, dadi slamêt sakabèhe. Yayi prabu,
sarèhning wus padha sarujuk apa kang dadi rêmbugku, ing mêngko sira gawea
layang marang kakangmu yayi nata Kadhiri, surasane mangkene: Si Sêkartaji
suwunên, kopèk mantu dhewe, ajodhoa karo Si Panji Kuda Rawisrêngga, pacangane
awas,[28] mulane mangkono amarga kakangamu prabu ing Jênggala wus mutung karo
Si Panji, dadi sira kang ngangkat, dadi sira katon bêcik marang kakangmu nata
ing Kadhiri. Mula ora susah mêtu saka aku utawa saka kakangmu nata ing
Jênggala. Dene aku ora mulih marang ing
Kapucangan,
ngêntèni rampunge prakara iki.
Sang
Prabu Ngurawan lajêng damêl nawala kados dhawuhipun ingkang raka Dèwi Kilisuci,
sarêng sampun rampung lajêng nimbali mantri kêkalih, nama pun Cangcung, lan pun
Cêlbung, kadhawuhan nyaosakên nawala wau dhatêng Kadhiri, Cangcung Cêlbung
sampun bidhal dhatêng Kadhiri, sadumugining Kadhiri, nawala lajêng katur ing
sang prabu, sampun kawaos, sigra kaparingakên dhatêng ingkang putra Radèn Malayakusuma,
sarta kapundhutan pamanggih. Radèn Malayakusuma lajêng dangu dhatêng utusan
mantri Cangcung Cêlbung. Kakang Panji Kuda Rawisrêngga, lan kakang
Sastramiruda, apa ana ing Ngurawan. Utusan matur: wontên. Wis pirang sasi.
Sampun nêm căndra lumampah punika. Apa wis krama. Sampun. Olèh sapa. Angsal
rayi sampeyan Dèwi Surèngrana.
Radèn
Wukirkusuma lajêng matur ing sang prabu. Mênawi saking pamanggih kula,
panyuwunipun paman Prabu Ngurawan punika botên pantês dipun turuti, awit kakang
Kuda Rawisrêngga kamantu piyambak, dados kakang bok Sêkartaji nama kawayuh
kalihan sadhèrèk, punika botên prayogi.
Sang
prabu. Kulup Malayakusuma, bab anggone bok ayumu diwayuh, iku ora dadi ngapa,
awit wis jamake satriya gêdhe tur calon ratu binathara, iku sugih garwa, malah
dadi kautamane. Lawan manèh satêmêne wus atas karsaning dewa, yèn bok ayumu
Sêkartaji jinodho lawan kakangmu Kuda Rawisêngga. Mulane sanadyan dimaru satus,
ing têmbe kang pinasthi dadi wadhahing wiji kang murni lan minulya, iku
kakangira Si Sêkartaji, sira aja sumêlang. Dadi ing samêngko saka panuwune
pamanira yayi prabu ing Ngurawan ingsun parêngake.
Gunungsari
matur. Mênawi makatên kula inggih dhèrèk sakarsanipun kangjêng dewadi. Ananging
kakang bok Onêngan kula suwun dadosa jodho kula kangge jampi lingsêm.
Sang
prabu. Prakara karêpmu iku gampang, kakang Prabu Jênggala mêsthi parênge.
Samêngko gawea layang wangsulan yèn ingsun wus marêngake kaya kang kasêbut
layange pamanira. Botên dangu nawala sampun rampung konjuk sang prabu. Sang
prabu dhawuh. Kulup Wukirkusuma, ing mêngko sira dhewe manira utus maringake
layang iki marang pamanira yayi Prabu Ngurawan. Radèn Gunungsari aturipun
sandika lajêng bidhal sarêng utusan Ngurawan, Radèn Gunungsari bêkta punakawan
gangsal, satunggal nama :
1.
Ki Tisnapati,
2.
2. Wiranala,
3.
3. Singaburêng,
4.
4. Tirtayuda,
5.
5. Sêcareka.
Sadhatêngipun
ing Ngurawan lajêng sowan ing sang prabu, nawala kaunjukakên, sampun kawaos,
sang prabu sakalangkung sukaning galih. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng
Radèn Gunungsari, bilih Radèn Gunungsari kaêndhêg botên parêng wangsul dhatêng
Kadhiri, wangsulipun benjing kemawon sarêng pangaraking pangantèn, Radèn
Gunungsari ngandika andhèrèk sakaparêngipun ingkang paman.
Sang
prabu lajêng utusan nyaosi sêrat malih dhumatêng Kadhiri, suraos nyuwun dhawuh
benjing punapa anggènipun nyowanakên pangantèn jalêr. Caraka sampun bidhal
dhatêng ing Kadhiri.
Radèn
Gunungsari lajêng kadhawuhan lêrêp wontên kapatihan. Sontênipun Radèn
Gunungsari tuwin para putra sadaya, kakung putri sami katimbalan bujana wontên
ing nglêbêt kadhaton. Radèn Panji sêpuh anèm, Radèn Sinjanglaga, Radèn
Malayakusuma sampun sumiwi sadaya, lajêng kêmbul bujana ăndrawina. Sabibaring
bujana lajêng sarimpèn tuwin badhayan. Ingkang dados pangajênging sarimpi putra
panênggak Dèwi Kumudaningrat. Radèn Malayakusuma, inggih Radèn Gunungsari,
sarêng pirsa warninipun Dèwi Kumudaningrat, sakalangkung brantaning driya,
pangunadikaning galih: E la, yayi Kumuda, jêbul ayu têmênan, ngungkuli kakang
bok Dèwi Onêngan, idhêpa yèn ayu yayi Kumudaningrat, aku ora nyuwun kakang bok
Onêngan. Sasolahbawanipun Dèwi Kumuda tansah tinut ing tingal. Ananging Dèwi
Kumudaningrat, katingal tansah anawat liring dhatêng ingkang raka Radèn Panji
Sastramiruda. Radèn Wukirkusuma rumaos botên kasamèn karsa dhatêng ingkang rayi
Kumudaningrat, mila tansah barubah ing galih, rongèh pasilanipun.
Sang
prabu waspada ing tingal bilih Radèn Gunungsari kasmaran dhatêng Dèwi
Kumudaningrat, sarimpèn lajêng kabibarakên. Radèn Gunungsari masanggrahan
dhatêng kapatihan. Sabên sontên katimbalan malêbêt mirsani badhayan.
Kacariyos,
Radèn Panji Sastramiruda kalampahan astra lungiyan kalihan Dèwi Kumudaningrat.
Ing
wanci dalu Radèn Panji Sastramiruda pinuju pêpanggihan kalihan Dèwi
Kumudaningrat, wontên ing pasarean, Radèn Gunungsari dhatêng badhe nyidra
rêsmi, lajêng păncakara kalihan Panji Sastramiruda. Radèn Gunungsari kasuduk
kenging pupunipun tatu lajêng lumajêng dhatêng kapatihan, kapanggih kalihan
abdinipun gangsal, Tisnapati, Wiranala, Singaburêng, Tirtayuda, Sêcareka, Radèn
Malayakusuma paring sumêrêp yèn manggih tiwas, păncakara kalihan Panji
Sastramiruda, nandhang kanin pupunipun kiwa, prakawis rêbatan putri.
Aturipun
abdi gangsal, gusti: punika prakawis agêng, panjênêngan tamu, wusana
purun-purun malêbêt dhatêng kaputrèn badhe nyidra rêsmi, mênawi kêmirêngan rama
paduka sang prabu, amêsthi botên prayogi ingkang pinanggih. Sayoginipun sami
lolos kemawon kondur dhatêng ing Kadhiri.
Radèn
Malayakusuma. Mungguh rêmbugmu iku bênêr kabèh, ayo budhal saiki bae. Jarane
dandanana. Labêtipun lajêng kabalêbêt ing cinde. Sarêng sampun rumantos nulya
bidhal.
Kacariyos,
lampahipun Radèn Malayakusuma, saabdinipun sampun tigang dintên tigang dalu,
wanci têngah dalu dumugi satêngahing wana agêng, wah masa pêtêngan lêbêt sarta
jawah riwis-riwis, Radèn Gunungsari sangêt susah ing galih, tansah ngadhuh
anêtah sarira, tatunipun sangsaya karaos sakit, tuwin karaos luwe sangêt.
Lajêng ngandika ngajak rèrèh ing pinggir margi, dèrèng kèndêl anggènipun
ngandika sarwi lumampah, ing ngajêng pinggir margi katingal wontên dilah
mêlik-mêlik, dilah wontên salêbêting griya atêp gêdhègipun pating sarowang.
Sarêng cêlak padhêkahan, griyanipun amung satunggal botên wontên tangganipun.
Radèn Malayakusuma saabdinipun lajêng sami kèndêl wontên ing ngriku, ingkang
gadhah griya lajêng dipun gugah dening abdi, botên dangu tangi, dipun sajari
bilih ingkang rawuh punika Radèn Malayakusuma putra ing Kadhiri. Ingkang gadhah
griya mangêrtos manawi gustinipun lajêng dharakalan mêdal ngadhêp makidhupuh.
Kadangu namanipun, ngakên nama Pak Sogol.
Radèn
Gunungsari ngandika, mundhut lêrêp ing griyanipun sakêdhap, ngasokakên kapal,
tuwin prasaja mênawi kêluwèn, mênawi taksih gadhah sêkul kapundhut kagêm jampi
lêsu.
Aturipun
ingkang gadhah griya, sêkulipun sampun têlas, mênawi kaparêng ngêntosi badhe
dipun liwêtakên rumiyin, sarta dipun aturi malêbêt ing griya.
Radèn
Gunungsari kaparêng. Kapalipun lajêng sami dipun cancangi, Radèn Gunungsari
saabdinipun lajêng malêbêt ing griya, Radèn Gunungsari lajêng sarean ing salu,
abdi gangsal sami totor wontên ing jogan, ingkang gadhah griya jalêr èstri sami
wontên pawon angratêngi sêkul. Botên antawis dangu sêkul lajêng kaladosakên,
ulamipun amung tigan kamal satunggal kalihan sambêl tanpa traos. Radèn
Gunungsari lajêng dhahar sakêdhik sampun karaos tuwuk, lajêng kalorodakên
dhatêng abdi gangsal, sami nêdha kalihan gêgujêngan rêbatan sambêl, sêkul
saliwêtan pêdhot sami kraos tuwuk sadaya.
Sasampunipun
Radèn Gunungsari lajêng ngandika dhatêng Pak Sogol. Pak Sogol, mungguh sugatamu
marang aku katarima bangêt, ing têmbe yèn ingsun wus têkan ing praja, ingsun
bakal malês marang sira sakuwasaningsun.
Pak
Sogol. Dhuh gusti sasêgah botên misra, kula ingkang nyuwun gunging pangapuntên,
dene ingkang abdi kamipurun saos dhahar ingkang botên murwat sangêt.
Radèn
Gunungsari. Aja sira analăngsa, awit wus sun anggêp nugrahaning dewa. Amung ing
mêngko ingsun gawe pêpèngêt, dhukuhira iki ingsun arani ing dhukuh Kamal, lan
sira ingsun êlih namanira, arana Ki Sugata. Minăngka pangeling-eling,
sugatanira marang ingsun, sêga liwêtan lan êndhog kamal, andadèkake pamarêm
ingsun lan abdiningsun lêlima.
Pak
Sogol matur sandika badhe angèstokakên.
Ki
Singaburêng matur dhatêng Radèn Gunungsari. Gusti, mênawi saking pamanggih
kula, paduka botên prayogi mênawi kondur dhatêng Kadhiri, amargi mênawi rama
paduka nata, amirsani gêrah paduka: nandhang kanin saking curiga, mênawi
kadangu kados pundi atur paduka. Mênawi prasaja, amêsthi andadosakên bênduning
rama paduka. Sansaya mênawi katungka sêrat saking Ngurawan, paduka kaaturakên
ing rama paduka, wontên ing Ngurawan sangêt amurang tata, rama paduka ing galih
tamtu rumaos kalingsêman agêng, sisip sêmbiripun, paduka dipun lunasi.
Radèn
Gunungsari, sarêng mirêngakên aturipun Singaburêng, lajêng anglênggêr tigang
pandurat botên ngandika. Wusana alon manabda. Singaburêng, dak rasak-rasakake,
aturira iku bênêr kabèh, sarambut ora ana kang luput. Ing samêngko kapriye
rêmbugira ingkang kêpenak ingsun lakoni.
Singaburêng.
Mênawi paduka andhahar atur kula, suwawi sami singidan wontên ing rêdi Wilis
kemawon rumiyin, angupados jampi mundhut pitulunganipun ajar-ajar ing rêdi,
kalihan angisêp-isêp pawartos, bab murca paduka, kados pundi rêmbagipun rama
paduka ing Ngurawan wau miwah Kadhiri.
Radèn
Malayakusuma sarêng mirêng aturipun Singaburêng, sangêt karênaning galih,
lajêng angandika. Paman Singaburêng, ingsun wus ora bisa pisan-pisan amaoni
panêmunira, cêkake ingsun mung manut apa kang dadi pratikêlira, ayo mangkat
marang gunung Wilis saiki. Ki Sugata sampun dipun wisik saparlunipun, lajêng sami
bidhal. Sadumuginipun ing rêdi Wilis, Radèn Gunungsari aningali pratapan,
lajêng dipun parpêki, pitakèn dhatêng cantrik sintên ingkang martapa wontên ing
ngriki, winangsultan[29] ingkang martapa nama Rêsi Curiganata, (inggih punika
Radèn Nilaprabăngsa ingkang mêjahi dèwi Angrèni), Radèn Gunungsari lajêng sowan
ing sang wiku, sampun satata lênggah, kalih-kalihipun sami katambêtan bilih
sadhèrèk nak sanak, sang tapa atur pambage. Radèn Gunungsari amrasajakakên nama
tuwin pinangkanipun, punapadene amratelakakên purwanipun anandhang tatu, mila sowanipun
dhatêng sang rêsi, kajawi nyuwun usada, dhapur badhe ngungsi gêsang.
Sang
wiku sarêng mirêng sajaripun Radèn Gunungsari, lajêng angrangkul sarta
ngandika. Dhuh yayi ariningsun, kalinganea, sajatine ingsun iki kakangira, iya
ingsun Nilaprabăngsa, putra Jênggala kang tuwa dhewe, Radèn Nilaprabăngsa ugi
lajêng amalèhakên lêlampahanipun, purwa madya wusana, ngantos dumugi anggènipun
martapa wontên ing rêdi Wilis, sampun tinutur sadaya. Radèn Gunungsari lajêng
sumungkêm ing pangkonipun sarwi lara karuna, ingkang raka ugi anênggak waspa.
Wasi
Curiganata alon angandika, wis yayi aja akèh kang rinasa, samêngko rêrêpa ing
kene dhingin lawan atêtămba, ingsun kang ngusadani, yèn wus waras muliha marang
Kadhiri, ambarêngana têmuning pangantèn, kaya-kaya mungguh kaluputanira wus ora
dadi ngapa, paman aji sakalihan têmtu paring pangaksama. Radèn Gunungsari
andhèrèk sadhawuhipun ingkang raka lajêng kèndêl wontên ing ngriku.
Kocapa
nagari ing Ngurawan, sapêngkêripun Radèn Gunungsari, Patih Ngurawan sampun
ngaturi uninga ing sang prabu, bilih Radèn Gunungsari miruda ing dalu,
prakawisipun păncakara kalihan Radèn Panji Sastramiruda wontên salêbêting pura.
Nanging lajêng kasidhêm botên kapanjangakên. Sabab parlu anggalih anggènipun
badhe mêmanton, kantun ngêntosi wangsulan sêrat saking ingkang raka nata ing
Kadhiri. Dupi sampun angsal wangsulan saking ing Kadhiri ingkang anamtokakên
panyantrining pangantèn kakung, nata ing Ngurawan lajêng nyaosi sêrat dhumatêng
ingkang raka sang prabu ing Jênggala, kaaturan rawuh ing Ngurawan. Nanging sang
prabu ing Jênggala botên karsa rawuh, amung paring pangèstu kemawon. Pangantèn
kaparingan nama Radèn Panji Klana Jayakusuma, inggih Panji Asmarabangun.
Têgêsipun ambangun pacangan lami. Punapadene paring wadyabala dhatêng Ngurawan
supados andhèrèk ngarak dhatêng ing Kadhiri. Sarêng sampun dumugi ing dintên
ubaya, pangantèn kakung lajêng kaarak dhatêng ing Kadhiri, botên kacariyos
rêrêngganing margi, pangantèn sampun dumugi ing Kadhiri. Enggaling cariyos,
pangantèn sampun kapanggihakên langkung agêng bawahanipun.
Sabibaring
pamiwaha, Dèwi Kilisuci kaaturan lêrêm wontên ing Kadhiri, lajêng adhêdhepok
wontên ing guwa Selamanglèng, inggih ing Kăndhairèn.
Taman
Bagendha yasanipun Prabu Aji Jayabaya kabangun malih, kangge lêlangên sang
pinangantèn.
Radèn
Panji Sastramiruda tuwin Dèwi Surèngrana, ugi andhèrèk wontên ing Kadhiri.
Radèn
Gunungsari lêstantun dhaup kalihan Dèwi Onêngan, sadaya sami wontên ing
Kadhiri, sami atut runtut tanpa sangsaya.
Kala
samantên Radèn Gunungsari, sarêng sampun rumaos wilujêng sarta manggih
kasênêngan, èngêt dhatêng labuh labêtipun abdi gangsal, Tisnapati, Wiranala,
Singaburêng, Tirtayuda, tuwin Sêcareka, lajêng sami kaganjar dhusun. Katêlah
dumugi samangke wontên dhusun nama: Tisnapatèn, Wiranalan, Burêngan,
Tirtayudan, tuwin Sêcarekan.
Kocapa
Dèwi Surèngrana sarêng kawayuh kalihan Dèwi Căndrakirana, inggih Dèwi
Sêkartaji, manahipun kirang rêna, awit manawi ingkang raka anggiliri
sariranipun, Dèwi Sêkartaji duka, ingkang raka dipun uman-uman, sarta Dèwi
Sêkartaji kêrêp purik sowan ingkang uwa dhatêng guwa Selamanglèng.
Botên
antawis lami, Radèn Panji Kalana Jayakusuma, dipun timbali ingkang rama sinuhun
ing Jênggala, lajêng kajumênêngakên nata wontên ing Jênggala, Prabu Lêmbu
Amiluhur lajêng muksa.
Ki
Darmakăndha pitakèn dhatêng Pak Sondong. Karaton ing Jênggala punika umuripun
pintên taun, sarta pintên panjênêngan nata Pak Sondong. Laminipun satus taun,
kawan panjênêngan :
1.
Prabu Lêmbu Amiluhur,
2.
Panji Kuda Rawisrêngga,
3.
Kuda Laleyan,
4.
Prabu Banjaransari.
Sarta
sadaya wau sami ajêjuluk Prabu Dewa Kusuma. Karaton ing Jênggala sirna, pindhah
dhatêng Galuh.
Mangsuli
cariyos kula ing ngajêng. Nalika Prabu Panji Kuda Rawisrêngga jumênêng wontên
ing Jênggala, samuksanipun para paman, nata ing Kadhiri, Ngurawan, Panaraga,
para pangeran patinipun amung kadadosakên adipati sadaya.
Kala
samantên, adipati ing Kadhiri Radèn Malaya Kusuma, inggih Radèn Gunungsari,
runtik galihipun, lajêng ambalela, badhe jumênêng nata piyambak, dèrèng ngantos
kalampahan, kêmirêngan saking Jênggala, lajêng dipun lurugi, Radèn Gunungsari
katitih lajêng muksa.
Ing
Kadhiri lajêng tanpa pangagêng ngantos sadasa taun. Sawêg katanêman adipati
saking ing Galuh, nama Prabu Sarining Waringin, kalêrês ingkang rayi Prabu
Banjaransari, ingkang dipun dalêmi tilas dalêmipun Radèn Gunungsari.
Ki
Darmakăndha pitakèn. Punapa sababipun cariyos Jawi punika têka botên sami.
Kados ta karaton Mêdhangkamolan, kalihan karaton Prambanan, wontên ingkang mastani
rumiyin Prambanan, wontên ingkang rumiyin Mêdhangkamolan, punika pundi ingkang
lêrês, kyai.
Pak
Sondong. Ingkang lêrês cariyos kula punika, sabab kula nyumêrêpi piyambak.
Sabêdhahe Majapahit, ingkang bêdhah Radèn Patah jumênêng ratu Islam wontên ing
Dêmak, sadaya tiyang ingkang taksih ngangge agami Buda dipun jarah rayah,
candhi-candhi, rêca-rêca pêpundhènipun dipun rêmuk, wontên ingkang dipun bucali
wana agêng. Sêrat-sêrat pakêm-pakêm ing kina dipun risak dipun bêsmi sadaya.
Tiyang ingkang miturut agami Islam dipun mulyakakên, kaparingan sêsêbutan kyai
agêng, kaganjar siti, kamardikakakên. Mila lajêng kathah ingkang têluk malêbêt
agami Rasul, agami Buda botên kaangge. Wiwit karaton Dêmak dumugi Pajang, sang
prabu sampun botên karsa nguningani pisan-pisan dhatêng sêrat-sêrat tuwin
cariyos Buda, mênawi wontên ingkang taksih ngrimati sêrat-sêrat Buda dipun
pundhut dipun risak, awit sang prabu sampun sami wuru kulhu, kêtuwukên donga
salawat.
Sarêng
panjênênganipun nata ing Mataram, punika wiwit karsa anglêmpakakên sêrat-sêrat
kina malih. Nanging karaton sampun sêpên, botên wontên babar pisan, lajêng
utusan ngupados dhatêng măncanagari, utawi dhusun ngadhusun, sintên ingkang
taksih rimat sêrat kina kapundhut. Inggih sagêd angsal, nanging sampun pating
prêthil, botên wontên ingkang jangkêp, kala samantên saangsal-angsalipun lajêng
kaparingakên pujăngga kadhawuhan nganggit, lajêng dados pakêm utawi babat-babat
ingkang sumêbar dumugi jaman samangke punika. Mila cariyosipun botên wontên
ingkang jangkêp, sabab namung saking kintên-kintên kemawon, saking wasising
pujăngga ngantos kados yêktos, nanging têmênipun kathah ingkang sulaya. Botên
kados cariyos kula punika, amêsthi têmên, awit kula nyumêrêpi piyambak, sarta
tumut nindaki.
Ki
Dêrmakăndha. Kula punika inggih tiyang asli Kadhiri dêlês, turunipun pangeran
Katawêngan, nanging dhatêng patilasan-patilasan ing Kadhiri ngriki, kirang
mangêrtos, kula pitakèn dhatêng tiyang sêpuh-sêpuh, pundi tilasan dalêmipun
Radèn Gunungsari, botên wontên ingkang cêtha kados cariyos sampeyan punika.
Pak
Sondong wicantên malih. Kajawi punika, ing Kadhiri ngriki, jawinipun dèrèng
patos kathah gêmpilipun, sabab kala rumiyin para wali botên sagêd ngambah
Kadhiri ngriki, awit kula cêgad[32] wontên ing dhusun Singkal, kula
wangsulakên, jalaran para wali punika pancèn awon kalakuanipun, rêmên
ambêbujuk, sarta dahwèn, jail, siya. Mila sarêng kula sumêrêp, Sunan Benang
badhe mriki, lajêng kula kodhol kula tliti tindak-tandukipun, anggènipun badhe
ambêbujuk tiyang Kadhiri. Sarêng dumugi ing Kêrtasana,
Sunan
Benang lajêng ngêdalakên karamatipun damêl pangeram-eram, lèpèn bênawi kang
saking Kadhiri kang mêdal sakilèning Kêrtasana dipun sabdakakên ngalih,
sanalika lajêng ngalih dhatêng wetan Kêrtasana, dipun wastani kitha Bêdhah.
Sarta têtiyang ing ngriku dipun sotakên, tiyangipun jalêr sampun ngantos
rabi-rabi yèn dèrèng dados jaka sêpuh, tiyangipun èstri sampun ngantos laki yèn
dèrèng dados prawan sêpuh, sarta tanah ngriku dipun sotakên supados awis toya.
Sarêng
kula sumêrêp tindakipun Sunan Benang makatên, kula manah-manah Sunan Benang
purun damêl susahing tiyang kathah, amargi dhusun-dhusun tuwin pasabinan
ingkang katrajang lèpèn wau, amêsthi risak, andadosakên kasangsaranipun tiyang
tani. Mila kula lajêng angêmpalakên prikănca kula lêlêmbat, kula ajak nyêgat
lampahipun Sunan Benang wontên ing dhusun Singkal, sampun ngantos lumêbêt
dhatêng ing bawah Kadhiri. Nanging kula mendha-mendha manungsa, nama Kyai
Combre. Sadaya lêlêmbat kula purih nyêgat ing ara-ara wontên ing pinggir lèpèn
sakidul dhusun Singkal, botên dangu Sunan Benang dhatêng saking lèr,
rencangipun tiga, lajêng kula parpêki, kula pitakèni ngakên tiyang saking
Tuban, nama Sunan Benang. Kula ugi dipun pitakèni, kula ugi ngakên nama Kyai
Combre, nanging Sunan Benang botên kasamaran, lajêng ngandika bilih kula băngsa
badan alus, nama kula Butalocaya, dhanyang ing Kadhiri. Lajêng ngandika malih.
Hèh Butolocaya, yèn aku ora awèh ngambah ing kutha Kadhiri, aku dak nyabrang
mangetan bae, anak putumu lêlêmbut kang ewon ika, pêngingên ngadhangi lakuku.
Sarêng Sunan Benang ngandika makatên, badan kula lajêng lêsah, panas, sirah
ngêlu, manah botên gadhah karkat, Sunan Benang lajêng ngandika malih, hèh
Butolocaya, kajaba kowe ora awèh aku malêbu ing kutha Kadhiri, pancèn Allah iya
durung marêngake. Saiki aku mung tuduhêna kutha Mamênang bae, tilas kadhatone
Prabu Aji Jayabaya, aku arêp wêruh. Kula lajêng matur, tilas kadhaton Mamênang
wetan lêrês punika.
Sunan
Benang ngandika malih, aku mung wêkas bae karo kowe, desa kidul Singkal iki
aranana desa Combre, ginawe pêpeling gonku kêtêmu kowe. Dene gon lêlêmbut kidul
iki aranana desa Kuwanguran, awit gonku mrene kuwanguran ing lêlêmbut akèh.
Kula
matur malih. Punapa sababipun têka paduka ngêsotakên tiyang ing dhusun Singkal
ingkang dados jalêr botên sagêd rabi mênawi dèrèng dados jaka kawak, ingkang
mêdal èstri botên sagêd laki manawi dèrèng dados prawan kasèp.
Sarta
sabab punapa lèpèn bênawi panjênêngan sabdakakên pindah mangetan, tuwin
tanahipun kapindhah nama, kitha Gêdhah.[33] Punapadene kasabdakakên awis toya.
Sunan
Benang ngandika. Butalocaya, sira sumurupa, mangkene sababe. Mulane tanah kene
dak sabdakake dadi larang banyu, amarga nalika aku kasatan arêp ngombe, aku
banjur malêbu ing desa sumêdya anjaluk banyu, pinuju ana prawan mêtu saka
ngomah, banjur tak têmbungi banyu. Gêndhuk, aku jaluk banyu imbon, sithik bae
arêp dak ombe. Wangsulane prawan mau mangkene: wong jaluk banyu kok banyu
imbon, napa ontên banyu diimbu, kajaba banyu uyuh. Barêng wangsulane mangkono,
panampaku bocah lacut gêlêm nyanthulani wong tuwa. Banjur dak sotake kaya
aturmu mau. Ing măngka karêpku, banyu imbon mau têgêse, banyu wayu kang wus
mênêp, iku amêsthi anyêp bangêt, yèn diombe sathithik bae bisa marèkake ngêlak.
Jêbul ditawani uyuh. Dadi aku nêpsu nganti ora sida ngombe, arêp ngombe banyu
kali bêngawan buthêk, dadi aku banjur muni, pancèn desa kene iki larang banyu,
sanalika kali bêngawan banjur ngalih dhewe mangetan mau. Sarta mulane kene dak
êlih jênêng kutha Gêdhah, amarga aku ana ing kene, pitakon, wong kene iki
agamane apa, wangsulane kang dak takoni, yèn wong wetan kali agamane mutihan,
iya iku Islam, yèn wong kulon kali irêngan, iya iku Buda. Mulane kulon kali
banjur dak arani tanah kutha Gêdhah, dene isih padha nganggo agama Buda, iya
irêngan mau. Têgêse Gêdhah, irêng ênom. (Kalanturipun têmbung dados bêdhah).
Kula
lajêng matur malih. Manawi makatên, anggèn paduka maringi patrapan botên
timbang kalihan kalêpatanipun, pintên tiyang ingkang kasusahan amargi koncatan
toya, sarta katrajang pindhahing lèpèn wau. Punapadene tiyang ingkang sami
sêsemahan ngantos kasèp, punika mêmêlas sangêt. Dados panjênêngan punika,
kalêbêt tiyang ingkang rêmên niaya, rêmên adamêl sangsara dhatêng titahipun
ingkang Maha Kuwasa. Punapa panjênêngan botên ajrih dhatêng ingkang murbèng
jagad. Ing măngka kacariyos wali punika kêkasihing Pangeran, jêbul rêmên damêl
sangsara, mênawi mêkatên wali punika malah têtêp satruning Pangeran,
tandhanipun rêmên niaya ing sêsami-sami. Kalihan malih pêrlunipun punapa,
panjênêngan bêbujuk dhatêng têtiyang ing tanah Jawi supados ngrasuk agami
Islam, pêpundhènipun rêca-rêca candhi-candhi dipun risak, sêrat-sêratipun
rontal kropak dipun sirnakakên.
Ing
măngka ngatasing agami, punika sêsênêngan, botên rodapêksa kados kajêngipun
para wali, punika nama sawênang-wênang. Kalihdene malih agami lami ing tanah
Jawi punika inggih pancèn sampun utami, piwulangipun sae sangêt, lampahipun
kêdah anoraga, tapabrata, pambêkanipun kêdah wêlas asih dhatêng sêsamining
dumados, kêdah adil paramarta bèr budi bawa lêksana.
Sunan
Benang ngandika. Butalocaya. Mungguh pamêlèhmu marang aku kabèh, sarta
pangolok-olokmu marang para wali, iku kapara nyata, lan bênêr kabèh. Ananging
sira sumurupa. Mungguh sabdaku kabèh mau ora dak sangaja, aku ora nêdya
nganiaya titahing Allah, dadi uniku mau kayadene wus karsaning Pangeran, awit
para wali mau yèn muni sapisan dadi, wus ora kêna dibalèni, apa sabdane
kanyataan padha sanalika, mulane diarani kêkasihing Allah, dening sasire
katêkan. Samêngko mangkene bae, sarèhning wus kêbacut, aja koprihatinake bangêt-bangêt,
mung mupusa yèn obah osiking jagad mau wus atas saka kuwasaning Pangeran. Ing
samêngko mangkene bae, sabdaku ing ngarêp mau dak wangêni mung sajroning limang
atus taun, lan bêngawan bakal ngalih mangulon manèh. Sasampunipun ngandika
makatên, Sunan Benang sasakabatipun lajêng malumpat bênawi têrus tindak
mangetan. Kănca lêlêmbat lajêng kula bibarakên, kula têrus ngodhol mangetan,
sarêng dumugi tilas kitha Mamênang, Sunan Benang kèndêl wontên sapinggiring
sumur, badhe ngunjuk, nanging botên wontên timbanipun, sumuripun lajêng goling
piyambak, Sunan Benang lajêng ngunjuk, sasampunipun lajêng têrus tindak
mangetan, sumuripun botên wangsul malumah malih. Dumugi sapunika, dipun wastani
dhusun Sumurgumiling. Sarêng dumugi dhusun Nyaèn, amirsani rêca Buta Nyai,
ingkang kula cariyosakên ing ngajêng, tanganing rêca ingkang têngên lajêng
dipun sêmpal dhatêng kangjêng sunan. Sarêng kangjêng sunan pirsa bilih kula
kodhol, lajêng tindak mangalèr dhatêng pasisir, salajêngipun kula botên
sumêrêp.
Ki
Dêrmakăndha pitakèn. Anggèn sampeyan pinanggih kalihan Kangjêng Sunan Benang
wontên ing dhusun Singkal punika kala punapa, punapa taksih jaman Majapahit,
punapa sampun jaman Dêmak.
Taksih
jaman Majapahit, Prabu Brawijaya pungkasan, sadèrèngipun seda.
Ki
Dêrmakăndha. Ingkang kasêbut ing sêrat babat, Prabu Brawijaya punika ratu Buda,
sarêng kawon prang kalihan Radèn Patah, lajêng muksa.
Pak
Sondong. Prabu Brawijaya sedanipun botên muksa, amargi sajatosipun Prabu
Brawijaya sampun ngrasuk agami Islam.
Ki
Dêrmakăndha. E: dados Prabu Brawijaya, punika sampun Islam.
Inggih
sampun. Dene gancaripun ingkang saèstu makatên, sasampunipun Radèn Patah
kajunjung dening para wali tuwin para bupati ing tanah bang wetan,
kajumênêngakên nata Islam wontên ing Dêmak, lajêng nglurug dhatêng Majapahit,
nêdya nêlukakên ingkang rama, kapêksa supados ngrasuk agami Islam. Sang Prabu
Brawijaya lajêng dhawuh dhatêng patih Gajah Mada, sarèhning para bupati sampun
kathah ingkang malêbêt agami Islam, sang prabu inggih karsa ngrasuk agami
Is,[36] nanging panggalih sakalangkung ngungun dhatêng Radèn Patah, dene
andadak ngrodapêksa kalihan prang, măngka saupami kaprabonipun dipun suwun
kalihan aris kemawon, sang prabu sampun tamtu amarêngakên. Awit rumaos sampun
sêpuh narimah badhe bagawan kemawon, sarta sang prabu ngandika makatên dhatêng
Patih Gajah Mada. Sumurupa Gajah Mada, mulane Si Patah ambêke rusuh. Kang
sapisan têgêse patah iku: putung, karêpe pisah lan watêking bapa, awit wijine
kurang murni, iya iku katarik saka ibune băngsa Cina, putrane Prabu Tan Gong
Hwat
ing Kuwantong, dadi nguthuh kaya singkèk tan wruh ing bêcik. Kaping têlu
katularan ambêke Si Arya Damar, amarga Si Damar iku ibune rasêksi, anake Ditya
Kala Prajăngga ing gunung Pandhan. Mulane samêngko lali-lali dèn elingêna,
pèngêtana ana ing buku, dimèn dadi têpa tulada ing têmbe, aja kongsi gawe wiji
rusuh, mundhak dadi kaya panjênênganingsun, satêmah makan tuwan. Mulane para
ratu ing buri-buri aja pisan anggarwa liyan băngsa seje agama. Mulane ingsun
iya rumăngsa luput, dene anggarwa putri Cina lan putri Cêmpa, ajaa ingsun
kagiwang marang putri Cêmpa, ingsun ora salin agama. Ajaa ingsun anggarwa putri
Cina, ora pêputra kaya Si Patah.
Ing
samêngko kapriye manèh, sarèhne wus kabacut, sarta pancèn wus kacêtha ing wêca,
yèn ingsun iki amungkasi ratu Buda, ing saiki ingsun amung anari sira, kapriye
karêpira. Saupama Si Gugur kang madêg senapati mêthuk yudane Si Patah kapriye.
Patih
Gajah Mada matur. Manawi Gusti kula Radèn Gugur ingkang jumênêng senapati
dèrèng mitadosi, sabab taksih kêtimurên.
Upama
Adipati Têrung kêpriye.
Adipati
Têrung punika tiyang Lembang agami Islam, sadhèrèk tunggil ibu kalihan Radèn
Patah, kalilan panjênêngan paduka botên gadhah gêgayutan punapa-punapa,
têmpuhing rana amêsthi ambalik tumut Radèn Patah.
Bênêr
sira patih, sabab kang sapisan sadulur, kapindho tunggal agama, amêsthi abot
marang Si Patah.
Sapunika
karsa dalêm kados pundi.
Panêmuku
mangkene patih. Si patih iki samêngko wus abot sanggane, sabab para ratu
Pasisir lan Madura wus padha nungkul marang Si Patah. Upama dak lawan dhewe,
ingsun mêsthi digêguyu para jawata. Ing samêngko saka karsaningsun, mung karsa
lolos bae marang ing Bali, kêtêmu yayi Prabu Dewa Agung, sarawuhingsun ing
kana, ingsun minta saraya marang yayi prabu, dak purih nanggulang Si Patah,
ngrêbut tanah Jawa, sarta ratu mănca kang durung têluk karo Si Patah, kaya ta:
Raja Bima, Têmboro, Timur, Sêmbawa, Bandhan, Ngambon, Têrnate, Banjarmasin,
Cêmpa, iku kabèh ingsun timbali saprajurite marang ing Bali, ingsun pasrahake marang
yayi Prabu Dewa Agung, supaya ginawe kanthi ngrêbut tanah Jawa. Satêmêne ingsun
ora lila, yèn Si Patah madêg nata anggêntèni kapraboningsun, sabab panjaluke
kapraboningsun kalawan siya, mukul prang tanpa panantang, ilang caraning
manungsa. Wis patih măngsa bodhoa sira, ingsun budhal saiki marang ing Bali,
ingsun ora anggawa rowang, mung si kakang Sabdapalon bae kang ingsun ajak.
Sapungkur ingsun, sira banjur ngadonana pêrang, nanging aja kongsi ana pêpati,
mêsakake wong cilik. Ingsun gumun wong Arab iku lan para wali kabèh, ambêke
padha kaya tikus, padha nênêka marang nagaraningsun, ingsun tampani kalawan
bêcik-bêcik, ingsun paringi bumi lan kamuktèn, mundur dene padha kolu ngrikit
karaton ingsun, putraningsun dèn bêbujuk supaya mungsuh marang ingsun. Ora
liwat ingsun suwun marang kang murbèng pasthi, muga Si Patah aja tutug anggone
gêntèni kapraboningsun. Wis patih ingsun budhal, amung ing besuk sabaliningsun
saka wetan, sira banjur mêthuka tindak ingsun.
Patih
matur sandika, sang prabu lajêng bidhal kadhèrèkakên Ki Sabdapalon, tuwin
Nayagenggong, sang prabu tindakipun katandhu, amargi sampun sêpuh sangêt botên
kuwawi lumampah.
Sapêngkêripun
sang prabu, Sultan Bintara rawuh, kanthi Sunan Kalijaga, Sunan Kudus, Sunan
Ngudung, tuwin para bupati pasisir. Lajêng kapapag prang dening patih Gajah
Mada, kanthi Dipati Têrung, tuwin prajurit sawatawis, nanging namung kadamêl
sarana kemawon, mila pêrangipun amung sakêdhap, Patih Gajah Mada lajêng
nungkul, Dipati Têrung ajêng-ajêngan kalihan Sunan Ngudung, nanging Sunan
Ngudung dados tiwasipun, sarêng Dipati Têrung sumêrêp bilih Patih Gajah Mada
nungkul, Dipati Têrung inggih lajêng tumut nungkul, wadya Dêmak kadhawuhan
malêbêt kadhaton, anjarah rayah brana, tuwin mondhongi putri salêbêting pura.
Sultan Bintara tuwin para sunan, lajêng tindak dhatêng Ngampèl sowan ingkang
eyang putri garwanipun Sunan Ngampèl swargi, badhe nyuwun idin jumênêngipun
nata anggêntosi ingkang rama. Sarawuhipun ing Ngampèl, lajêng satata lênggah.
Sultan Bintara matur saparlunipun, sarta amratelakakên solahing ayuda, dumugi
lolosipun ingkang rama. Kangjêng Nyai Ngampèl, sarêng mirêngakên aturipun
ingkang wayah, lajêng muwun, dening kèngêtan kasaenanipun sang prabu, lajêng
ngandika makatên.
Sultan,
sira iku putrane sapa, lan kang jumênêngake ana ing Dêmak iku sapa.
Sultan
Bintara matur, kula putranipun Sang Prabu Brawijaya ing Majapahit, dene
jumênêng kula ratu saking pangangkatipun para wali tuwin para bupati pasisir
sarta Madura, ingkang sampun ngrasuk agami Islam.
Kangjêng
nyai ngandika malih, dadi sira wus sumurup yèn sira putrane Prabu Brawijaya,
sabab dening apa sira wani ngrusak karatoning bapa, mung kasusu anggènira
jumênêng nata.
Kangjêng
sultan matur, sabab botên karsa ngagêm agami Islam.
Kangjêng
nyai lajêng duka kathah-kathah, angluhurakên pambêkanipun Prabu Brawijaya,
anyênyampahi tekadipun Sultan Bintara tuwin para wali, anggènipun botên sumêrêp
ing kasaenan, punapadene botên karsa angidèni jumênêngipun nata Sultan Bintara.
Malah sultan kadhawuhan madosi ingkang rama, kadhawuhan ngaturi kondur dhatêng
Majapahit, sarta kadhawuhan anjumênêngakên malih.
Kangjêng
sultan sakalangkung trênyuh ing galih lajêng muwun kados wanodya ngantos
kamisêsêgên, kagalih lêrês ingkang eyang. Wusana lajêng pamit badhe kondur
dhatêng Dêmak, sarta badhe ngestokakên sadhawuhipun ingkang eyang. Sarêng
sampun kaparêngakên lajêng ngabêkti, para wali ugi ngujung sadaya, lajêng
bidhal, sadumuginipun Dêmak lajêng sowan Kangjêng Sunan Benang, angaturakên
sasolahing ayuda, sarta angaturakên dukanipun ingkang eyang putri Nyai Agêng
Ngampèldênta, purwa madya wusana sampun katur sadaya.
Dhawuh
pangandikanipun Kangjêng Sunan Benang, jêbèng sultan, mungguh dêdukane eyangira
putri iku ora pêrlu sira pikir, budining wong wadon ora pantês tinurut, yèn dèn
ênut luput murungake lêlakon, samêngko lêstaria jumênêng nata binathara ana ing
Dêmak, lan banjur anjêmbarna agama Islam.
Inggalipun
Sultan Bintara lajêng sinaidan dening para wali, tuwin para bupati mănca
ingkang sampun manjing agami Islam, têtêp jumênêng nata kalipatollah wontên ing
tanah Jawi, ajêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar.
Tamat
Samtêtipun
sêrat punika, amirsanana sêrat Kalamwadi
Ananging
kauningana, sêrat Babat Kadhiri tuwin sêrat Kalamwadi wau, kalêbêt cariyos
padhalangan, dados wontên nalisiripun kalihan ingkang kasêbut ing Pustakaraja,
tuwin sêrat Babat Tanah Jawi, punapadene sêrat Babat Dêmak, para sarjana tamtu
botên kakilapan dhatêng lagehanipun cariyos padhalangan.
Ingkang
ngrampingakên ukaranipun kula Mangunwijaya
Dirangkum dening Imajiner Nuswantoro

