Dandanggula saking Penembahan Pramana Seta ing Girimaya
(pupuh 1 langsung 6)
1
Kakang Semar lan Antaga kaki
Ingsun meling mring sira kalihnya
Kang dadya sesenggemane
Ngirida gung lelembut
Bala siluman nusa Jawi
Kabyantokna sang Nata
Herucakra nata tedhaking barata
Wijilira ing alas ketangga sonyoruri
Sajroning alas Pudhak
6
Mangkana welinge sang aji
Sri jayabaya nata binathara
Mring Sang Pamong kalihe
Kakang Semar umatur
Pukulun Jayabaya aji
Pun Kakang wus anampa
Kabeh sabdanipun
Dadya peseksening jangka
Mangeja wantahira paduka aji
Sang nata Binathara