Kidung Artati
Pupuh Dandanggula
Ana kidung atembang artati, sapa wruha reke araningwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng gunung, Ki Artati lan Wisa marti, ngalih aran ping tiga, Artadaya tengsun, aran ingsun duk jejaka, mangkya aran isma’il Jatimalenggis, aneng tengahing jagad.
Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Artadaya, tunggal pancer inguripe, sapa weruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi, sinihan wong sejagad, kang angidung iku, bratanana aywa nendra, ing sedina sawengi sawabireki, sarwa cinipta dadya.
Kang sinedya tinekan ing Widhi, kang kinarsan dumadakan ana, tur rinekseng Pangerane, nadyan tan weruh iku, lamun sedya mudya semedi, sesandi ing negara, anggumbara wiku, dudmadi sarira tunggal, tunggal jati swara amor ing Artati, aran sekar Jempina.
Somahira ingaran Panjari, milu urip lan milu pejah, datan pisah sakparane, paripurna satuhu, yen nirmala waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun, ajejuluk Adisuksma, cahya ening jumeneng aneng Artati, anom tan keneng tuwa.
Tigalana kamulanireki, Nila-ening arane duk gesang, duk mati layang suksma-ne, lan suksma ngumbara reku, ing asmara mor raga yekti, durung darbe peparab, duk anome iku, awayah bisa dedolan, aran Sang Tyasjati iya Sang Artati, iya Sang Artadaya.
Dadi wisa mangkya amartani, lamun warto temah amisaya, marma Artadya rane, duk lagi aneng gunung, ngalih aran Asmarajati, wayah tumekeng tuwa, emut ibunipun, tinari lungga mangetan, Ki Artati nurut gigiring merapi, angancik ing sundara.
Ana pandhita akarya wangsit, pindha kombang angajab ing tawang, susuhangin endi enggone, lawan galihing kangkung, wekasaning langit jaladri, isining wuluhwungwang, myang gigiring punglu, tapaking kuntul amlayang, paksi miber uluke ngungkuli langit, kusumanjrah ing tawang.
Wong ngangsu pikulane warih, lawan amet geni adedamar, miwah kang srengengene pine, tuwin kang banyu kinum, myang dahana murub binasmi, bumi kapetak ingkang, pawana tiniup, tanggal pisan kapurnaman,

