DANDANGGULA BUMI PERTIWI NANGIS
Hangulata krodhaning pratiwi,
Ereng gunung jugrug lir prakempa,
Rusak kablasah bumine,
Rungkat rompal kang watu,
Ilang musna kalindhih banjir,
Sirna dening prahara,
Entek tan kinukup,
Tinrajang mring banjir bandhang,
Yeku bandha donya lan nyawa tan pulih,
Awit kridhaning alam.
Sru anggrantes kagyat jroning galih,
Alamipun sung pemut mring kita,
Budi-dayanen sumbere,
Dimen agung ngrembuyung,
Angger temen bakale methik,
Udinen mrih ngrembaka,
Tanem tuwuhipun,
Awit iku dadi srana,
Manunggaling alam lan manungsa dadi,
Ayu hayu niskala.

