SERAT TAJUSALATIN (Bagian II)
Pupuh XIII
DHANDHANGGULA
Kang
sinebut ing Ngimam Bukari, aja ucul sagung para raja, ambahu rêksa prajanné, miwah saisinnipun pira-pira pangkat
winnarni, ana ing dalem nuskah, Imam Bukari wus angrusak sagung kaharjan karahayon
kamulyanning ngawallakir, myang wuwuh ing darajat,
Kang
sampurna kang nikmatting ngakir,
nugrahanning marang wadya-wadya, praptanning daulat kabéh, tur agung
wantu-wantu, ing sarira sihing Hyang prapti, mashurring pramudita, sagung
ratu-ratu, rahayu prajannira, ngatasangin miwah nagri bawah angin wahyu kang
wruh ing tulad,
Tumuladding
réh Imam Bukari, kang kasebut jronning kakarangngan Imam Bukari anggitté,
kakasihing Hyang Luhur, pandhitha gung karilan saking, babonning para raja,
terahing pitutur, sagung sagung kawulanning Ngallah, umat rasul kang tinnitah
gung para Ji, tan kenna sumimpangngan.
Sakinh
kaoling Imam Bukari, kang wus kanggo dénning para raja, kang ngaluhur
darajatté, wingit karatonnipun tumpa-tumpa sihing Hyang prapti, nedya ambuwang
arta, wekassanné wuwuh, bulu bekti
pirang praja, kang anganggé pratingkah Imam Bukari, mulya dunnya ngakérat,
Nadyan
sagung para ratu kapir, kang miyarsa ing kojah punnika, Imam Bukari kitabbé,
ing nganggé ratu-ratu, bawah angin ing ngatas angin nadyan wit ratu nistha,
nganggé dadya luhur, pannagung dénnya munpangat supangatté ngangé réh Imam
Bukari, nagari temah arja.
Santo
sarja ing karaton-nadi, wonten malih kitab ginupit, palilatul ayam ranné,
saking kang para ratu, nora nana kang dén wajibbi, amung ngadil lan murah, mung
parlunning ratu, sampurnanning para raja, sarta bala sampurnanning bala
nenggih, sarta kalawan dana.
Ing
tarikul umum kocap sami, kang wus mashur ing karatonnira, Jeng Nabi
sapiyullahé, putra gumtya Prabu, sasédanné putranaméki, bagéndha Kayumarat
karatonné punjul anrus adil palamarta, pan limangngatus warsa.
Sasédanné
Jeng Sri Narapathi, Kayumarat kang madeg Naréndra, Sultan Wusngaha namanné, ing
tigang ngatus taun arja nagrinnipun Narpathi, angréh ing para raja, pira-pira
ratu, sédanné Prabu Wusngaha, kang jumenneng Sultan Tuhmurah naméki, pan
sangangngatus warsa.
Dadi
pipintonning para Aji, Prabu Tuhmurah agung wisésa, ajeg adil tur martanné,
pakartinnira punjul widagda gung amangun jurit pratingkah luwih éndah, rumekséng
wadya gung, purwanné ana senjata, warna-warna Prabu Tuhmurah kang kardi, wignya
pakartinning prang.
Sasédanya
nenggih kang gumanti, Sultan Nujam pitungngatus warsa, raja taréh paparab néki,
purwanné ana jaran kakambilan iku, miwah palananning gajah, sarupanné sato
kenna dén titahi, awit saking Sultan Jam,
Kang
ngakarya palananning ngésthi, miwah abah-abahing turongga, Sang Jam kang duwé
panggawé, lawan panganggittipun wuwuh ingkang gagaman jurit saking Prabu
Tuhmurah, kathah wuwuhipun warnanning prang, ratu punjul sampurna karatonnéki,
lir wananning busana.
Pélag-pélag
tur ngébattébatti, saking Masrik lan mahrip punnika, kang tinulad pakartinné,
sédanné Jam punniku, ginannti kang madeg Narpathi, nama Sang Prabu Lakak Dawi
Kusén niku, laminné madeg Narédra, Prabu Lakak Dawil Kusén laminnéki, pan patang ngatus warsa.
Kirang
karo tengah dinna nenggih, saking patang ngatus taunnira, Raja Lakak Dawil
Kusén wawekking praja gung, lalakonné kang bumi-bumi, wus karsanning Pangéran
adeggipun ratu, Lakak Dawil Kusén nika, purwannipun ana racun darubeksi, bubuk
lan lengnga tedhas.
Raja
Lakak Dawil Kusén nenggih, kang akarya
purwanning wong cidra, wit kamandaka ananné, kalawan tuju teluh, Lakak Dawil
Kusén kang kardi, gung ngulah parécéttan tannana kadyéku, babaonning ratu
niaya, Raja Lakak Dawil Kusén miwitti lir, tinurut sapangandhap,
Wiwittan
angapus-sapuissi, ambubujuk sagung laku cidra, Raja Lakak Dawil Kusén langkung
gegedheg cukup Islam katon upamnéki, lamun tan nganniyaya, awake alesu, dadi
sirahing duraka, marmanipun sagung kang para Narpathi, aywa cidra niyaya.
Tinunggilken
siksannipunbénjing, sakathahing ratu nganniyaya, lawan Lakak Dawil Kusén
sésanné ratu iku, namannipun kang gumantya Ji, Prabu Apradunnika, limang ngatus
taun jennengngé winangun ingkang, kabecikkan pala cidra dén cuwangngi, jagad
salin wasiyat,
Amangsulli
pratingkah kang becik karahayon kamulyanning praja, adil kang winangun maléh,
Maha Prabu Apradun angulihi panggawé
suci, anggung abondayuda, lawan ingkang manut sagungnging kang raja-raja, kang
ngatulad Lakak Dawil Kusén ngunni, ramé ginnitikking prang.
Dadya
arja praja–praja malih, para ra[128]tu kang anganggo ika, tingkah Lakak Dawil
Kusén anggung sinatru-satru, dénning para ratu kang becik marma kathah
paperang, awit saking iku, sami rêbat kaluhurran sasédanné Ratu Jam ingkang
gumanti, Sang Prabu Manujahar.
Laminnipun
madeg narapathi, satus lan tri dasa warsa, Sri Manujahar jennengngé, karahayon
winnangun angluluri panggawé becik marang pandhita mulya, rinnaket sakayun
sagung ngulah pamicara, wong bérbudi kang kinathik siyang latri, mring Sultan
Manujahar.
Angnglahirken
gungnging pakarti, solah bawanné éndah-éndah, Sri Manujahar jennengngé, sédanné
ratu iku, kang gumanti Sri Nudaruwin laminné madeg natha, Nudaruwin Prabu,
patang taun tigang condra, langkung arja
nenggih Sultan Nudaruwin sédanné kang gumantya.
Prabu
Aprisiyan laminnéki, jennengngira kalih welas warsa, Raja Katkala parabbé,
luhur darajattipun kaprawiran amangun jurit anggung kurmatting wadya, kang
prawiréng kéwuh, miwah bérbudi wicara, kang kinnathik anggithik praja lan
pikir, arang katekan ing prang.
Akéh
nungkul sagung kang para Ji, saking kaluhurranning susila, bérbawa gung
leksananné, sédanné ratu iku, kang gumantya namannira Ji, Nurabbab Nutiamah,
antuk tigang taun lawan punjul wolung condra, ing jennengngé annyukakaken wadya
lit nagarannira arja.
Sasédanné
Tiamah Narpathi, kang gumatya Sang Prabu Kistagab Ibnu Sulthan Jat laminné, ing
wolulikur taun lalakonné murahing bukti, agung annyebar dana, karatonné punjul
sasédanné kang gumantya, Sulthan Ngabat satus taun laminnéki, lan kalih dasa
warsa.
Lalakonné
karatonniréki, anduduga samoanning wadya, ingundhakkaken nikmatté, rumeksa
sabiyantu, lawan sagung mantri Bupathi, parayitna rumekséng rat myang
saisinnipun angatuttaken wong tukar, nagri arja sasédanné kang gumanti, Sri
Kawus namannira.
Karo
belah warsa laminnéki, ing jennengngé raja Kawus ika, ing karaton lalakonné,
amat ginawé luhur, trah wong ngagung ginnawé cilik trah wong papa kinnarya,
punggawa gung ngagung, akéh rêtunning kangjagad sasédanné Raja Kawus gumanti, Sang Prabu Kikhasrawa.
Sawidak
warsa laminniréki, ing jennengngé Prabu Kikasrawa, winnangun karahayonné, asih
ing pandhitha gung lulut marang sagungnging dasih, pulih nagari arja, sasédanné
iku, gumanti Raja Lahrasab lalakonné angulihaken ning-ngunni, wit ala mulih
ala.
Wit
wong cilik mulih maring cilik rêmbessing madu kang trah kusuma, wiji gedhé
mulih gedhé, madeg rong puluh taun rêmen ambubungah wadya lit nugrahanning kang
wadya, arja prajannipun sasédanné kang gumantya, Ratu Agung satus taun jenneng
néki, lan kalih welas warsa.
Bisikkannira
Sri Narapathi, Sulthan Bahman Ibnu Asngadaya, ana dnné lalakonné, anggung
mangun prang pupuh, sih ing wadya kinnati kati, langkung binnau rêksa, sandhang
buktinnipun sadaya ginula wenthah, prajuritté miwah punggawa bébudi, kang
ngulah pamicara.
Pinnasrahan
tur kinulit daging, tuwin para manggalanning ngaprang, sinung saparibawanné,
tetep prawirannipun kathah para ratu sumiwi, mring Sulthan Asngadaya, sugih
bala ratu, saking bér prawiratama, paramarta sanget baurêkséng ngalit Sang
prabu Asngadaya.
Putranné
mung pawéstri satunggil Sulthan Bahman Prabu Asngadaya, Umanné Sumar Maranné,
sédannira Sang Prabu, putra éstri madeg
Narpathi, Prabu Dewi Umannéka, Sumar Marannipun medeg tigang dasa warsa,
langkung ngarja tannarsa summimpang ngidin ngluluri ingkang rama.
Kalabettan
kang rama ing ngunni, Sulthan Bahman Ibnu Asngadaya, sinnebut kaluhurranné,
mashur sampun pinunjul Prabu Déwi madeg Narpathi, wusnira tigang dasa, warsa
jennengngipun Sang Prabu Déwi akrama, sampunnipun sacumbana Prabu Déwi, nenggih
lagya sapisan,
Nulya
kakungngé pinnetak aglis Rêtna Prabu Umanné Sumarma, madeg Prabu wadon baé,
lajeng wawrat Sang Prabu, mung [131] sapisan dénnya karonsih, lan pekir
angumbara, kramannipun wau, wawrattan sepuh ambabar, miyos jalu diwasa madeg
Narpathi, nama Sang Natha Darab,
Ingkang
ibu maksih anengganni, Rêtna Prabu Umanné Sumarma, bawanni ing putranné, Prabu
Darab punniku, karatonné prawiréng budi, anggung amrep nagara, kang pinrih
anungkul atur bulu bektinnira, mung jennengngé pat belas taun ngemassi, nanging
sampun puputra.
Wus
diwasa adeggé Narpathi, apaparab Prabu darénusa, Dara Ibnu Radat ranné, akéh
nagari nungkul ingkang Ngéyang misih nengganni, Prabu Déwi Umannéka, sumarma
punniku, sawussira rolas warsa, karatonné sédanné; kang gumantya Ji, apan wong
liyan bongsa.
Nama
Kaum Ki Muluk TawaiF karatonné mung telulas warsa, ing ngambil wong liya maléh
Askanniyan punniku, kang angendhih Muluk Tawaif Sang Prabu Askanniyan mung
sapuluh taun nulya ingendhih punnika, nama Yusak Ibnu Urmazan gumanti, telah
Kaling Galiyan,
Ingambil
malih karatonnéki, saking liyan Yaddzakir namanya, sirna wau satedhakké, Omanné
marméku, kabéh samya dadya wong cilik sawiji datannana, pantes madeg Prabu,
tedahak Omanné Sumarma, awit saking kethaha Sang Prabu Déwi, Sang Umanné
Sumarma.
Mila
dipun-némut kang para Ji, yén wanudya apeksa cumangkah, ngalamat sirna wijinné,
wiji karatonniku, nora kenna dipun nisthanni, samongsa nindakkana, ing
kanisthannipun wus pasthi dadi ngalamat karusakkan sirna wijinning Narpathi,
satemah dadi papa.
Ratu
ikuméh jisim rokhanni, nora kenna gawé tindak nistha, ngapeské marang tedhakké,
tan kenna dadi ratu, wus kinnebat maring Hyang Widdhi, wahyu karatonnira,
punniku rinnacut yén anggung tindak utama, saturunné malah wahyu dén wuwuhi,
luhurré kang darajat,
Éling-ngéling
sagungnging bérbudi, sagung wong ngolah pamicara, dén samya rumeksa kabéh,
maring kannisthannipun dén angéman marang para Ji, sujana kang minnongka,
sasakanning ratu, yogya wruh nistha utama, yén wong bingngung kumprung angrusak
nagari, tan wruh nistha utama.
Lan
malihé sagung kang para Ji, aywa ana kang atinggal nama, Imam Bukari welingngé,
wong nama becik iku, agawéya pratingkah becik yén wong atinggal nama, amikul
dosa gung, dosanné pan rong prakara, kang sawiji kang tinggal namanné becik
kang ngadho ing kutubah.
Pan
wong nedya nganggo nama becik miwah dénné anggluri munpangat sinukup becik
niyatté, yén ala tindakkkipun langkung sanget dukanning Widdhi, yén wong anama
ala, becik tindakkipun wong ical nama utama, kang mangkono agung nugrahanning
Widdhi, padha sidkah sirsira.
Upamanné
yén binnasan Jawi, yénnana wong nama Kertisuta, teka nuli wadat baé, apan ta
nama iku, sayektinné kerêb arabi, iku wong tinggal nama, abecik tinnemu, yén
wong tinggal nama ala, yénnana wong
anama Ki Salim Musliman nuli laku durjana.
Iku
tinggal nama kenna sarik sbanjurré wong iku keparat musibat dén karêppaké,
kayata pamannipun nganggo nama Rahman lan Rakim nuli alaku siya, kumet
artannipun iku kang ngatinggal nama, luwih ala pan Rahman Kala;wan Rakim asih
kalawan murah.
Dosanné
wong tinggal nama nenggih, tinunggilken ratunning duraka, Raja Lakak Dawil
Kusén pan lapal kang wus mashur, yé lajayaka ismihi, wong ngiku nora owah,
kadya namannipun nama kang ngabecik uga, agawéya pratingkah ingkang ngabecik
aja atinggal nama.
Siksanning
wong tinggal nama becik ilang urippé sajronning pejah, sikara marang badanné,
kaya namanning ratu, nora kenna yén dén sasami, anganggé Ngadurrahman yekti
murahipun wong cilik tan bisa murah, yén mumetta nama kang bonda kalanni, dosa
atinggal nama.
Nama
iku yekti pratandhanni, pakumpullan rasa lan nugraha, kang nguwuh dadi pujinné,
marma Sang Pandhitha gung, apaparab Imam
Bukarai, Pandhitha wicaksana,
lulungsurranné duk anom dadi Naréndra, tuwa-tuwa dadi Pandhitha linuwih,
walios wahyu kobra.
Basa
Imam budinning narpathi basa Bukari iku sagara, amengku réh sakabéhé, ala becik
kacakup kang minulya Imam Bukari, apan pasemonning Hyang, musakanning ratu,
rumekséng réh sabuwana, katartanton ratu sakurêbbing langit salumahing bantala.
Teteppa
karya Imam Bukari, kunneng pasal ingkang kaping sanga, wonten gupita artinné,
mungguh para ratu, kang ngatinggal ing nama becik Aspahanni nagara,
bisikkanning ratu, Sang Prabu Dilkarim Kobra, luwih agung luhur karatonnira di,
tuwin gungnging kagungngan,
Kéh
pra natha sasaminning ngaji, asok bulu bekti pira-pira, nagri munggéng sor
kukummé, tur ratu agung ngagung, kang kasabban dhadhamparnéki, Sulthan Dilkarim
Kobra, ana semunnipun ing praja kirang pariksa, duksaman Narpathi mijil
tinnangkil ngundhangngi wadyannira.
Karya
maligé jaban nagari, kang polattan kidul kulon wétan miwah lor adoh bulakké,
maligé kang ngaluhur, karsannira Sri naraphathi, angirabbaken bala,kang ngadoh
kadulu, sagung pramonca Dipatya, tri gumuruh jawi kitha nambut kardi, maligé
sasaossan,
Kannan
kéring miwah ngarsa wuri, rinnejekkan samya rinnakittan minnongka lalatar kabéh,
myang kang mongka lun-nalun pasamohan wadya para Ji, maligé rinnarêngga,
abratulya murub winnarna ing pupulassan langkung jembar kang badhé panggénnan
baris mangkana cinnarita.
Wonten
omahé wong nini-nini, luwih nistha malarat kaliwat tannana anak putunné,
ingkang yogya tutulung, ing pangnganné sadinna ugi, miwah ambennerrênna, ing
wisma méh rubuh, tarocoh dhoyongngé ika, tanpa lawang yé dalu mung dén
sangkrahi, ing kayu réréncékkan,
Binubrahan
dinnohaken sami, dénning wadya kang ngannambut karya, rêmek sagung dadannanné, kaprennah
sandhingngipun lan maligé kang dénnadeggi, asaru yén misiha, milanné ginempur,
wusnya dadya maligéndah, tur uningnga Sang Natha siyaga mijil lawan sagarwa
putra.
Myang
sagungngé prawira abaris tan pétungngan gungnging bala kuswa, sarta warnanning
pangnganggé, ujwala méh sumaput Sang Hyang diwangkara méh agring, karobbanning
busana, sumunnar andaru, Sang Natha minggah sagarwa, saha putra mring panggung;
gung maligya di, mulatting baris samya.
Osikking
tyas Naténg Aspahanni, tuhu agung ing karatonning wang, sapa ratu kang
sawennéh, anongga bobottingsun saking gungngé prawira mami, wus akéh para raja,
kang nembah maringsun mangkana kang kawuwussa, nini-nini omahé kang dén bubrahi,
kang késah ngambil pangan,
Karsanning
Hyang sakit anéng margi, lagi sakéca nenggih sednyanya, mantuk anggawa berassé,
awake misih lesu, berassira binutel jarik lan kayu réréncékkan kang cinnangking
wau, lan buntellan jangannan prapténg wisma sedya nuli mamatengngi, dupi prapta
ing prennah.
Wismannira
tannana kaéksi, katon baris ageng ambarannang, lan malih ana maligé, punnika
kang jinujug pan prennahé awismanné ngunni, wong kang jajarri mulat annyentak
anundhung, éh nini sira lungaha, aja parêk lawan gonning Narapathi, nini tan
mojar.
Awor
sayah pangungunniréki, dyan jinnoroggaken mring wong kathah, rubuh kagulung
awake, kenna récékkan kayu, babak bundhas awak wor getih, tannantuk asasambat
pan ginulung gulung, nangis nenedha maring Hyang, ya ilahi kang ngagung Kang
Maha Suci, kawula tulungngana.
Ing
kawula tuwan kawassasih, dénniyaya mring kawula tuwan Sultan Dilkarim Kodranné,
kang niyaya kalangkung, sapa sinten amba sambatti, liyanné saking tuwan kang
ngakarya iku, suker gampangnging kawula, lah walessen ratu tan parikséng cilik niyaya Karim Kobra.
Tangngéh
ucappén dénnya kaswasih, nini-nini misih gugulungngan gugubras rah sariranné,
ana swara karungu, nini tuwa tangngiya aglis Hyang Suksma apannarsa, dhawuhken
bebendu, mring Sultan Dilkarim Kobra, samantrinné sawadya punggawannéki, awit
dosanning raja.
Nini
tuwa kagyat nulya tangngi, dyan lumaku rikat sebuttira, ana jumegur swaranné,
lemah winnalik sampun enggonnipun wadya kang baris miwah gén Sang Naréndra,
kinurêpken sampun sarta tinniban dahana, abusekkan gégér tan kenna sumingkir,
kinnepungnging dahana.
Tanpa
rungyan sasambatting tangngis ngétan genni angidul pawaka, angulon pepet
kukussé, angalor muntab murub mumbul-mumbul kasabban bumi, ana swara kapyarsa,
éh-éh Sang Ngaprabu, Aspahanni Karim Kobra, lah sandhangngen iku dudukanning
Widdhi,awit wong tinggal nama.
Lan
niyaya tanpa rinekséng cilik léléda sira dadi kalipah, mengko samonno dhawuhé,
bebendunning Hyang Ngagung, awit saking wong nini-nini, Sultan Dil Karim Kobra,
annangis anguwuh, bumi ingsun nungkabban, ingsun tibat sun nandil parikséng
cilik lah agé ungkabbana.
Ana
Pandhitha nujum satunggil patarénné Sultan Karim Kobra, amba nuwun ngapunten
nuli, kalangkung tan kawawa, tinubruk ing kukus amba boten tumut dosa, sapolahé
kang wulang gung mamalangngi, mring Sultan Karim Kobra.
Nanging
ngawis ginni awak mami, wanti pitutur kawula, nyegah salah dadadénné, swara iku
sumahur, ya pagénné sira tunggonni, Sultan Dil Karim Kobra, niyaya kalangkung,
nora kanggo tuturira, nora lunga tekan nagri Aspahanni, sira Pandhitha delap,
Ratu
niyaya sira tunggonni, mengko sira kuduha sasambat malah wuwuh musibatté, sira
Pandhitha bingngung, gelem tunggu ratu tan yukti, lah mengko rasakenna, duduka kang dhawuh, kukus lan genni kang
ngrebda, bumi geseng wus sirêp swaranning tangis tumpes wong sanagara.
Ingkang
sami ngiring Narapathi, wong sawiji tan nana waluya, pinnangnganning kukus
kabéh, cinnatur malih dalu, sasambatté wadya kang nangngis kalawan tigang
siyang, sirêp tumpes tumpur,wadya kang kari jro kitha. Misih wutuh karatonné
wus ingambil mring pekir angumbara.
Malah
ing mangké misih katawis nagri Aspahanni jawi kitha, krowok winnalik labétté,
lan misih ana kukus ingkang mijil saking jro bumi, malah dadi lepiyan ratu kantun-kantun ing
Aspahanni nagara, ratu kenna bebendunnira Hyang Widdhi, Sulthan Dil Karim Kobra.
Jronning
kitab tanjoh wus kawarni, lamun niyaya iku kawilang, sajus ngapisarakanné, mongka naraka iku, ngendi ana
naraka nenggih, basa aran naraka, cilaka kang marganning cilaka iku wiwittira, iya saking panganniayan-niréki, iya iku
naraka.
Wong
kang kurang pamicaranéki, yéku ingkang kanggonnan naraka, tan wruh benner lan
luputté, basa niyaya iku, ingkang nama naraka yekti, gegedhénning cilaka, wong
nganniayéku, ing ngunni duk bumi ajam ana ratu prakoswa gung wadyannéki,
nanging liwat niaya.
Ing
ngadilli Sang Raja Dakir, Ibnu Sahir karêmmingcilaka, rêmenniaya tegessé, wor
sagung ratu-ratu, bawah angin akéh kajodhi, anuju sinniwaka, Sang Prabu
Yaddakur, ana kang turongga prapta, jaran-nijo gégér cingak kang annangkil
kinnén anyekel samya.
Marang
para mantri kang annangkil ing ngadhangngan kidul minger ngétan cinnegat
kulonna ngalér, kabéh gawog andulu, léléwenné turongga wilis sarta bagussing
warna, jonné amirut meleng-meleng kadi
kaca, suwé-suwé kuda mrepekki Sang Ngaji, dhépés anéng dhadhampar.
Suka
ngakak gumujeng Narpathi, sru ngandika kasarwi nyandhak kuda, ing ngelus-selus
jompongngé, dulunnén solah ingsun awit saking pangngwasa mami, cinnekel nora
kenna, marang mantrinningsun paran dénné mara dhawak pan andhepés néng sorring
dhadhampar mami, malaku tinunggangngan,
Payo
gamel mundhutta kakambal kambil dhahar kang dinut amesat datannantara
praptanné, ngandika Sang Prabu, kamba[140]l lan ingsun jennengngi, lamun iku
adoha, lawan jenneng ingsun sayekti iku lumajar, amung ingsun gustinné turongga
iki, saking gaib duk prapta.
Ngendi
ana ratu kaya mami, lagi niyat amukul nagara, sun arsa aperang ramé, nulya na
kuda rawuh, saking gaibpélak kang warni, wadya sadaya nembah, lerêsSang
Ngaprabu, tan wonten kadi paduka, sawussira kinnapan tedhak Sang Ngaji, arsa
anyéngklak kusa.
Lagi
nyandhah apussé sisih, dyan sinnépak jarannira pecah, niba galadrahan baé,
dhinupak sirahipun andaladak rah ira mijil turongga sampun musna, kakambillé
kantun kuda iku malaékat pan gumuruh géghérré wadya kang nangkil retune sampun
pejah.
Jro
kadhatun sampun dénnisénni, ratu saking wong pekir ngumbara, kabéh nora wruh
jamanné, ratunné salin sampun liwat adil pekik kang warni, Yaddakir ratu lawas
patinné akuthuh, sarta mati siya-siya, wus mangkana ratu kang nganyar gumanti,
Sultan Saépurijal,
Angundhangken
paparéntah salin ambuwangngi wasiyat kang kunna, kala Yatdakir jennengngé,
mengkonno artinnipun éling-ngéling samya dénnéling sagungnging para raja, ing
saoungkurripun yénnana ratu nalaya, lawan adat pikirré nganyar-ranyarri, bakal
mijilanna rusak,
Tinungkulken
iku maring ibis ambubungah lawan kaluwihan sirik sikir kang dénnanggé, sakéhé
wong kang luput kang sumimpang wasiyat Nabi, iku padha ginarap andhendhami
runggul yén mengkonno para raja, nora arus ngémanna wiji kang kari, rahayu
maklumming tyas.
Kaping
sadasa pasal winarni, anyataken ratu akarya, kahannanning ratu kabéh, awit
kamulyannagung, lamun ratu asugih mantri, bérbudi wicaksana, pamicara alus lan
ratu nora sampurna, lamun nora sugih mantri kang ngabecik mongka busanéng
praja.
Jroning
kitab sipatusalatin wus sinnebut lamunnana raja , tan jumenneng karatonné, ing
karaton satuhu, lamun datan adarbé mantri, bérbudi wicaksana,pamicara alus
karana mulyanning praja, kaluhurran darajadding ratu pasthi, wit saking pamicara.
Wajib
akarya mantri bérbudi, pamicara sagung para raja, polattan ing pakartinné,
kadya caritannipun Nabiyulah Musa linuwih, duk kinarya kalipah, nenedhéng Hyang
Luhur, lapal wadngali wajiran jronning Kuran
min ahli harunna aki, tegessé kang punnika.
É;
ya gusti kang ngamaha suci, tuwan dadossenna kadang amba, pun Harun mantri
papatéh, tinnariméng Hyang Ngagung, iya Harun mantri Papatih, kadangngé Nabi
Musa, pamicara alul marta paribawa tama, bijaksana nanging wicaranning ririh,
béda lan Nabi Musa.
Nabi
Musa keras miyatanni, tatag tanggon prawiréng ngayuda, gedhag-gedhig
pambekkanné, harun kaliwat alus marma kadhang géséha kedhik yén ta sampunna
kadang, kaping kalihipun wus tinnedha mring Hyang Suksma, lamun Harun dadiya
mantri Papatih dadya mupus kalihnya.
Aywa
mungguh ratu ngunni-unni, lamun nora miliha manungsa kang kinnanthi karatonné,
jronning kitab adabul wijro sagung para Narpathi, wajib angupayaha, mantri kang
panuju, bérbudi ulah wicara, sampurnanning ratu pakartinning mantri, tan kenna
anggagampang.
Lan
sing sapa sagungnging para Ji, annindakkaken barang pakaryan kalawan karsanné
dhéwé siya-siya satuhu, lamun nora sarta lan mantri, kang putus para mantya,
myang nayakannipun nadyan Kangjeng Rasullullah, ratu luwih barang karya misih
tari, mring kang para sakabat,
Miwah
liyanné samya tinnari,kang nayaka datan kaliwattan nadyan dhayoh upamanné, tinnari prakaréku,
ambarêngngi iya tinnari, marmannipun mangkana, nenggih Kangjeng Rasul sampun
kadhawuhan-nayat kinnén samya musawarat barang kardi, marmanné linnampahan,
Rasullullah
punniku linuwih, karatonné apan wus sampurna, tanpa timbang sayektinné, duk
ayat dhawuhipun wasawirhum kulupi amin pangandikanning suksma, yata kaish
ingsun tatarénna barang karya, nadyan sira wus bijaksana bérbudi, sun sungngi
wahyu kobra.
Aywa
nora tari barang kardi, anicara kalawan sakabat miwah umat saananné, annimpenni
takabur, mila para ratu ing wuri, wajib angupayaha, mantri ingkang ngalul
pamicara bérbudiman wruh ing ngélmu karaton nulag praja di, sayekti nora kenna.
Ratu
kalipahé ngréh ing bumi, lamunnora ana wong micara, sétanné ngadhep tegessé,
mengnging tatarén iku, angulurri pikir abecik ing wiwittan kéwala, amimindha
wahyu, aja kudu tatarénna, ingsun ratu wus sinung akal pribadi, apa gawé
nyanyambat,
Apa
gawé ngathik wong bérbudi, sun angathik wong bodho kéwala, ingsun bisa
minterraké, mengkono pamrihipun yén sampun nampik sujana, myang pandhita atinné
karêmming singkir pasthi ngalamat rusak,
Untungngi
sétan godha para Ji, tiwas sétan anggodha, ratu bakuh agamanné, apanten kenna
banjur, lalakonné prja basuki, liyanné
dén lakokna, mrih bérbudi alul micara nagara krama, sandi praja ninnitik ing
ngunni-unni, réh mulya kaunningngan,
Pangréhing
kitab adabul amrih, jennengngé ratu
sannépannira, wistha gung miwahmaligé, sayekti adeggipun lawan saka papat kang
pasthi, sunnatté saka kathah,pangngrembé punniku, yogyannen kang saka papat
akarya amantri tuwa kang bérbudi, putussing pamicara.
Supayanné
sakéhing pakarti, sampurna atiti lan pariksa, myangnging coba kéh sabarré,
busannaning kaprabun dénné saka kang kaping kalih wadya gagah prakosa,
prawireng prang pupuh, apolat bandhu sentana, bongsa luhur utama trahing
prajurit papaéssing nagara.
Ingkang
manis barang solah néki, réhning ambau rêksa sadaya , Sri Naréndra prajuritté,
sung péling sabiyantu, kongang miwah ing juru tamping, yénning kula wisudha,
lok sudiréng kéwuh, anrang sahagyannira Sang, Sri Naréndra tumanggah atalang
pati, patitissing wiwéka.
Wiwéka
pan ugerring prajurit nadyan sakti ya mondra prawira, yén tannagung wiwékanné,
nistha prajurit kuthuh, nora panten kanggé para Ji, utama mawiwéka, sumimpang
karya dur, kang mengkonno lamunna, sayektinné pinulasara kang becik papagerring
nagara.
Nawengnging
réh bahyanning nagari, karêksanné tan kontapping lawan myang talutuh
kasirnanné, kawasan dohken niku, sagungnging kang dursila juti, annawung
kukumming Sang Naréndra kacakup dénné sasaka kaping tiga, arêp ana juru gedhong
kang prayogi, sampurnéng bebennerran,
Wiranginné
tur amracayanni, supayanné kang kinnon rumeksa, karêksa ing kagungnganné,
karana ratu iku, gumantungnging kahannan nenggih, wajib annimpen arta,
sasaosannipun dadar sagungnging prawira, miwah karya becikké prajanniréki,
gumantung lawan arta.
Lan
sasaka kaping pat winnarni, arêppana mantri kang ngagunna, kang ahli carita
kabéh, kang akéh misillipun misil iku tepa palupi, kang wruh nistha utama,
ondhé-ondhé kang wus miwah samya tuhunnira, amartakken ing wadya kang tepis
wiring, annapu ing piyala.
Angatuttaken
cengngil-cinengngil wong ngagunna wus ambeg sagara, nedya rahayunning kabéh,
amarassaken kumprung, kang annarik bingung mring ngéling, yéku dadi sasaka,
mungguhing praja yu, rumekséng wadya samuha, yén ana kang marêdeng barang
karyéki, dudu kalawan sarak,
Tan
mungguhi ngondhé-ondhé misil adoh agama amurang sarak yén punniku wussé séléh,
nuli dohna dén gupuh, parakenna jabanning tamping, yén waras tinnimballan
ingapura sagung, kadédén kang wus kaliwat nahan lamun sasaka papat wus olih,
dén becik mulasara.
Ratu
iku yogya rumeksanni, gumatya sih mring sasaka papat supaya tetepping tyassé,
mrih sampurnanning laku, nindakkaken ning praja titi, tata titih santosa, ing
kawigyannipun amuletting palimarma, ing wadya kéh tangéh yénna mrih asilib mung
annarik kaharjan.
Watekking
kurang rongéh ing budi, watekking penuh antengnging nalar, wisa tawa
marsudinné, supangya anteppipun anindakken sgung pakarti, pakartinning utama,
ing darajad luhur, lumaku lan suka bungah, rahayu barang karya.
Ririh
iku amongsa kalanni, lawan yogyanning prakara, iku wus anéng sasajén wijan
wijinning laku, wiwékanning wadya bérbudi, anindakkaken karya, patitis panuju,
panuju yéku utama, yén utama darajaddé amuwuhi, tindak tinnariméng Hyang.
Yén
tan nana saka papat yekti, kuwurring tindak rubuhing wisma, wurungnga pasthi
dhoyongngé, dhoyongngé praja iku, akéh ingkang panggawé juti, angrebda wong
duraka, tetepping laku dur, apa marganné raharja, ngorak karik ambuwang
saréngat Nabi, anganggo jajal lannat,
Wonten
ratu Prabu Amardasir, bawa rasa lan samanning raja, mungguh ingerring panggawé,
kang nibanni rahayu, pundi ingkang pantes kinnanthi, réhning annawung praja,
mrih amotting kukum kang tinnari wong punnapa, angandika Sang Ngaprabu
Amardasir, sayekti kang sayogya.
Ratu
iku wus pinaring kanthi, lamun éstu kinnarya kalipah, pasthi pinnaring
kanthinné, kanthinning ratu iku, kartin nitahaken bérbudi, kenna ahli micara,
wruh ing ngajér-rajur, wruh nistha madya utama, wruh ing kukum kang inganggé
para Nabi, myang para ratu mulya.
Karana
wong tinnitah bérbudi, wong kagedhong rahsanning Naréndra, ulah pamicara kabéh
kang sarga lawan ngélmu, ing pakarti barang pakarti, supayanné dadiya,
kautamannipun amrih undakking darajad kamulyanning ratu ing ngawal lan nakir,
aywa kongsi sangsaya.
Lamunnara
mengkonnowa yekti, ratu iku ginnawé duraka, didohken wong bérbudinné,
pinnarêngken wong kumprung, pinrih agung
dosanné iku, punniku dén prayitna, sagung ratu-ratu, aywa mungguh kaya
ingwang, nadyan rasul iku pinnaringngan kanthi, tur wus nayakanning ngrat,
Wus
sonnebut ing carita ngunni, sajronning kitab: tuhpatul wijra, adegging ratu
pasthinné, sarta lan mantrinipun pinnaringken déra Hyang Widdhi, kang ngulah
pamicara, bérbudiman alul yén badhé ginnawé rusak lan duraka yekti larang wong
bérbudi, wong cekak budi samya.
Kang
kinannathik dénnira Narpathi, dhasar nagara ginnawé kumpra, tangéh pinriha
mulyanné, kang ginnawé rahayu, wus sumaji pinnaring kanthi, wadya kéh
wicaksana, kang ngadhep sang ratu, mangkana pangréhing kitab arêppana ratunné
kalawan mantri, nganggé kang nem prakara.
Ingkang
tigang prakara winnarni, arêppana anggeppé Sang Natha, kangmungguh marang
mantrinné, kang tigang prakaréku, maring mantri kang dadi patih, ayunna
ngarsakkenna, mring papatihipun tegessé kang saprakara, yénna karya iya
panggawé sawiji, barang anggepok salah.
Iya
aja nuli andukanni, dén émuttenna ingkang ngaprana, nanging dén samar dhawuhé,
wruhé kadudonnipun ingapura yén kaping kalih, utawi kaping tiga, tinnatrappan
nalus aywa anennandho disa, dudukanné dén banget dipunna ririh, dén abot walerrira.
Nanging
tyassé aywa kongsi lirib maiya éca dipun karasa, dénna ngraos kadudonné, dénné
ping kalihipun aywa mélik dunyanning patih, iku apan kagungngan nira Sang
Ngaprabu, kang wus pinnaringken nira, nora kenna yén kinnarsakkenna malih,
nistha tan kenna ngambah.
Kaping
tiga yén mantri papatih, duwé atmaja éstri utama, aywa ta dén karsakaké, balik
ingambil sunu, pinnaringken wong juru tamping, mongka atatariman kang ngreksa
pakéwuh, yénnana ratu karêppa, mring artanné papatih nayaka mantri, kannassing
dalem kitab,
Miwah
yénnana mantri ngaturri, ing ratunné mrih mundhut ngaturna, marang dunnyanné
mantrinné, dudu wong bongsa luhur, bongsa nadhap pan dadi aji, kang mamarahi
ika, mantri bongsa asu, lamun bongsaha manungsa sayektinné wruh kanisthanning Narpathi, datan kennna ingambah.
Ing
laokil mahpul dén walerri, ratu iku apan nora kenna, yén nistha dén lakokaké,
ngalamat rusakkipun myang tedhakké ing wuri-wuri, turun ping kalih nora, kenna
dadi ratu, pan ratu abongsa mulya, rohé beda badanné pan méh rohkanni, pagenné
laku nistha.
Kitab
nasaih sampun winnarni, kang ngingucap artanning punggawa, tuwin artanning
mantrinné, pan kagunganning ratu, kang
wus sinnungken-ningngunni, mongka kinnarsakakenna, sanget nisthannipun upamanné
wong ngamutah, suker metu nuli dén nuntalla malih, apata nora nistha.
Wonten
kaol saking Jeng Musannip Ki Séh Ngatar jronning kitab asral ratu nanggappi
artanné, saking kawulanipun anglir mutah dhinnahar malih, tegessé nora kenna,
kapungkurring catur, angasorraken darajad iku dudu lalakonné kang para Ji,
wajibbé sininninggahan,
Kaping
tiga lamun Kyana Patih, ngaturraken anjungjung punika, marang nging konca
mantrinné, iku wajib sang ratu, anuturtta padha tumuli, yén Papatih ngaturna,
ing mantri anglungsur, rungunnen nanging dén sabar, aywa agé Sang Natha nuli
nurutti, angantiya pariksa.
Sarat
dumeling alanning mantri, akaryaha mantri panalika, kang setya juru panginté,
tinunggal rasannipun wennangngenna tatakén yekti, angaturri prakara, agal
gaibbipun wus kocap i dalem kitab ratu iku maring mantrinné kang becik tan
wenang nyingiddenna.
Barang
tindak rahsanning nagari, mantri ingkang wruh nistha utama, kang terus sarta
ngélmunné, mantri kang becik iku, bisa narik panggawé becik angundakken darajad
bia gawé luhur, ing praja kalawan mulya, iya dénné wus micara ing pakarti,
misil kalawan duryat,
Mongka
gedhong rahsanning Narpathi, mantri utama iku pinongka, mamannissing praja
kabéh, sung misra ing praja yu, mannis mardu ngénnakki ati, mring wadya
sanagara, titi sabar maklum rêkasa antara mongsa, mongsa kala wéh pakaryanning
wadya lit nora lawan rêkasa.
Ngénakken
tyassing wadya gung ngalit angatutken ning wadya Sang Natha, kang sasatron lan
kancanné, mantri kang mangkonnonéku, bisa tur kang pinnongka jampi, marang wong
sanagara, wigya trussing ngélmu, iku gedhong panennerang, barang rahsa ing
kaprabon dadi pasthi, dadi bandhanning praja.
Bisa
awéh antepping prajurit awéh bobot mring gung punggawa, dénné anrus pituturé,
mingkis dadalan ngélmu, trangnging karya wanni ngemassi, kenceng rêmpeg ing
tingkah, ing praja mrih luhur, mulyanné kang dadi raja, kuwat saking pambau
rêksanning mantri, sarta trussing punggawa.
Wonten
ratu rêbat sami pikir, samya raja mrih karya punggawa, miwah karya mantri
kabéh, Sang Raja Bahrum Guru, tinnakonnan mring Raja Mardin inggih ta wong
punnapa, pinnét kang panuju, nenggih kang pantes dan-dannan Raja Bahrum Guru
annahurri aris iya kang nem prakara.
Wajib
ngupaya wong nem prakawis supayanné dadiya sampurna, ing praja barang tindakké,
kaluhurranning ratu, mulya nikmat ing para aji, kang dhihin arêppan, mantri
ingkang alul micara sarta kang kenna, mati rahsa mungguh rasanning Narpathi,
bakuh maring ngubaya.
Kaping
kalih turongga kang becik rikat sanderré nora bendana, tur cukat becik atinné,
darapon kenna iku, maning maring mungsuh lestari, ginnawéya wong bala, satengah
prang ngagung, metu maring pasamuan gonné mungsuh norabi gatur lestari, iku
kudanning raja.
Kaping
tiga curiga kang becik titih akas wesi pipiliyan ampuh ingkang pantes kanggé,
misah caruk lan mungsuh, tog-tinnoggan panten tan lirip jronning amangun yuda,
curiganning ratu, dénné ta ingkang kaping pat arêp simpen arta mas dipun
gedhongngi, saossa prawira dya.
Anggung
paparingngan mring wadyéki, darapon sagung padha élingnga, maring nging
panggawéhanné, sarinna wengnginnipun anggung saos karya gung ngalit miwah
sabusanéng prang, angreksa pakéwuh, ing praja tampingngan miwah, gedhong kebek
sakaprabonning ngajurit dénné kang kaping lima.
Arêp
simpen bondha kang ngarêmpit sosotya mirah widuri nila, pakajalan sabangsanné,
miwah pérud jumerut tuwin inten jumanten adi, dénné kaping nemmika, jro
kadhatonnipun arêppana ngulpullenna, wanodyan dah utama ingkang ngawingit kang
akéh wong jetmika.
Ingkang
nganteng ruruh sedhep mannis annom-mannom dén jero pinnarnah, ing dalem kannan
wurinné, nenggih éstri punniku, gegebengngan panggawé becik supayanné Naréndra,
birai ing kayun amrih wasana [angrepa, angedohken punniku panggawé runtik
alejar alussing tyas,
Alus
iku apanna mepekki, panggawé adil lan palamarta, kekembang gung darajaddé,
supayanné Sang Prabu, amanggiha tyassing rêspati, pama gandanning sekar,
turssing tyasmé arum mongka pupujinning darajad ratu sabar maklum amarêggi
bumi, gedhé pamalessing Hyang.
Kaol
saking Jeng Imam Bukari, jronning kitab mapaid punnika, para ratu sakathahé,
ngupaya adén antuk wong wadon kang jetmika sami, amuwuhi darajat wanodya kang
ruruh, wanodya rongéh punnika, angelongngi darajad ing saben ari, wanodyan dah
punnika.
Anguripken
sakéhing kang mati, anyukakken tyassing raja-raja, awéh ayem jronné, wonten
malih winuwus nenggih ratu nama Ardasih,
pitutur ing turusnya, kang umadeg prabu, wajib ratu ngupayaha, wong kang patang
prakara lamun wus olih, aja dén buwang-buwang.
Kang
rumiyin mantri ingkang ngalim kapindho kang bisa prebanthahar, gedhong kang
benner-bennerré, dénné kang kaping telu, dénna manggon mantri bérbudi, prawira
wicaksana, kang kaping pattipun setya tuhu prawiréng prang, iku ingkang
nampurnakaken pakarti, datan karana siya.
Kocap
jro kitab: ahkamulkaki, datan kenna panggih linampahan karaton iku ingerré,
wong jail ambibingung, amung wadya ingkang bérbudi, birai ing ngagama, lan wong
ahli ngélmu, kalawan mantri élingngan bongsa luhur lan kang ngrata tata krami,
lan tuhu i ngupaya.
Yénnantukka
iku dadi luwih, pan sajati-jatinning nagara, iku akéh bebecikké, tumindak
lawannarum ingkang pana sagung pakarti, lawan kang rada tuwa, sedheng wayahipun
lamunna mantri mudha, anyudakken ujwala sabarang kardi, kurang cayaning praja.
Agung
coba rêncananning bumi, tangéh dadi manggala kawiryan sring anyandhu darajaddé,
lan arêp mantri iku, lahir batin dipun lestari, karana mantri tama, busannaning
ratu, lawan ulessing nagara, ing karaton lumaku kalawan kanthi, mantri kang
bijaksana.
Yénna
becik ulessing nagari, lan busana ing praja karêksa, pakéwuh kang wetu kabéh,
nulak bayanning laku, yén wong kurang budi tan ba[154]bakit basa trus iku
limpad pambarêpping wahyu, tumindak aran nugraha, basa kakim wicaksana barang
kardi, liwat saking nommira.
Pupuh XIV
SINOM
Jro
kitab sipatul wijra, punnika winuwus malih, tegessé sipatul wijra, punniku
warnanning mantri, limang praka pasthi, ngupayaha ratu-ratu, darapon
sampurnaha, enggonné ngingerken bumi, ing karaton amrih rahayunning jagad,
Tinnarima
éng Hyang Suksma, réhningréhning kinarya wawakil nyinggahana luputtan aywa ta
kongsi amanggih, dudukanning Hyang Widdhi, amriha kanthi panuju, nenggih limang
prakara, mantri kang pantes kinnathik ingkang ngawas sregep anggusthi wicara.
Wruh
sukur gampangnging tindak awas wekasanning kardi, panjing wetunning prakara,
wus ginebag jronning ngati, kendho myang rikatnéki, ing prakara wus cinukup
kacap barang ingucap wiwékanné mracayanni, dadi tumbal mantri kang nawung
ngutama.
Lan
kapindho arêppan, mantri julig kang ngawegig awas barang kira-kira, marêkken
ngedohken bakit agal miwah kang rêmpit ing réh tannana kaliru, dén wus ginnawé
kasab ginulangnging ngari ratri, kabéh nyata pangréh ingkang bijaksana.
Kaping
tiga arêppan, mantri graiténg pakarti, saking kéhing pamicara, mertakken
kalawan sidik rahayu nora jail supaya sa[155]gung wadyéku, ambek bapa ambiyang,
maring ratunniréki, kang mangkono labetting mantri utama.
Nora
dahwén maring arta, nora irén nora jail mring kancané angabdi, nora watek
awadul angalakaken konca, sabarang tingkahé asuci, kang mangkonno mantri
tutumballing praja.
Kaping
lima arêppan, mantri kasab angawruhi, marang tingkahing nagara, solah bawanning
Narpathi, barang rahsanning mantri, tuwin ta rahsanning ratu, barang ngobahing
jagad dénnebuk lamun kang becik lamun nala ing pangréh énggal binuwang.
Lawan
sarat arêppana, mantri kang ngarsa kinnathik Sang Rat angulah praja, warnanné
ingkang ngapekik kalawan mannis rai, dén sarta alussing tembung, atinné ingkang
sabar, bubudén kang angénnakki, nora montra karya sakking sama-sama.
Apik
sarta palimarma, yénna muwus dénnanteppi, kang panggah mawi prakara, labuhan
nrus maring ngélmi, prawira ing ngajurit ing ngagama bérbudya gung, ngadohaken
wacana, ing cipta kang tanpa kardi, kanel ati watak sidik ing panyipta.
Yénnana
mengkonno sarat yén niku mati ngajurit Sang Ratu angiringngenna, pametakké
maring bumi, sarta punggawa mantri, samya ngringna mring kubur, kabéh annyur
tannaha, nelung dinna pitung ngari, sabanjurré sidekah samya tumutta.
Muwuhi kuwungnging praja, mantri bér alussing
budi, lan sarat mantri pinnedhak sayekti namanning mantri, kang panten dénnira
ngling, mennengnga yénnora patut pannana gegebengngan samuhan pamicaréki, ing
ngarungngan ana pantes ana ora.
Ing
nalika para yogya, ingucap pakenning mantri, ngabya dur kang ngana ora, pantes
ingucapkken mantri, mantri-mantri sayekti, dénnawas ros-rossing ngujur, yén
malang dén kawang-wang, seling sambutting pakarti, yén wus mujur tan kenna
ginnawé malang.
Yén
nana ingkang kinnarsan mring ratu ginnawé becik mantri sadu arêppana,
angira-ngira pakarti, pakéwuh dén-nangenting, endi luwihing biyantu,
lirringngen kang waspada, niaya apuranéki, angin toya ondhé-ondhé lan upama.
Burhannen
karsanning raja, suda undhakking prakawis sawangngen obahing praja, iku kang dadi
uwit titikkan dipun kenni, ing pangréh karsanning ratu, sawangngen kang
lumakya, apa kéh kinna sengitti, apa akéh kinna tujonning ngakathak.
Timbangngen
kéhé awong suka, lan ningkang nemu prihatin lamunna kathan wong suka, piala
sinningkir pasthi, lamun akéh wong sengngit piala dénnambah iku, rêksannen
dipun énggal pitutur sarta lan ngélmi, adhangngana piyalanné dén buwangnga.
Kekembang
nisthanning praja, nistha pantes dén singgahi, nistha kakembangnging rusak
mantri nistha ing pakarti, sayekti amuwuhi, cowongnging nagara sebut becik
kalawan ala, solah bawa kang pinanggih, énggal nuli ngaturna pitutur mulya.
Aywa
jrih lamun dinukan dupéh kinnarsan déraji, réhning bau rêkséng kathah, dén
panggah atalang pati, sasat anglawan néblis sanadyan karsanning ratu, lamun pakarti nistha, iku
tinuntunning ngéblis singgahenna éblissé
dipun utama.
Annyegah
ing kasalahan mantri utama aywa jrih, dadi mamannissing iman sesepuhing ngélmu
gaib anrang marganning pathi, yéku mantri bongsa luhur, nadyan bangsanning andhap
iku tondha amiwitti, saturassé yekti mangun kaluhurran,
Yogyanning
mantri priwira, alon alus tanpa kibir, riyanné tan katempéllan saha tumindak
norraki, tumitah lawan nadil anulak piala bakuh, alussing pamicara, manissing
ngulat kinnardi, dadi adon andingkik padhangnging cipta.
Watekké
wicara keras sumukking pamungcap bingngis gelis nagékaken napas sétanné nuli
kikindhil pangucap alus mannis nora tangi napassipun ayemming pamicara, sétanné
lumayu ngendhir, pan wus kocap wong sabar ngunjara sétan,
Dénnaling
mantri utama, mring pakéwuhing nagari, suker gampangnging Naréndra, miwah mrih
sukanning ngalit énakk wong [158] sabumi, mantri tama karyannipun lirring
mantri prawira, upama mendhung néng langit dadi udan annibanni tatandurran,
Kang
minongka tutuwuhan iya manusa sabumi, yén nanggung katiban udan wit seger uwohé
dadi, wus pratéla sayekti, ing kinna duk ratu agung, ing nagari Madiyan Sang
Prabu Nusirwan ngadil bawa rasa lan raja punggawannira.
Prabu
Nusirwan ngandika, éh yunnan pratingkah yekti, yén praja iku sepiya, saking
mantri kang bérbudi, wignya pamicaréki, amung mantri kéh balilu, kaprabonning
karajan milu kumprung tanpa kardi, nora wurung nagri ana kang ambawah.
Wurungnga
dadi boyongngan pasthi asok bulu bekti, dadi ratu siya-siya, nembah sasamanning
ngaji, saing tiwas kang ngapit punggawanné padha kumprung, kumpra mantrinné
samya, wong cilik akéh prihatin prabawanné praja tannana dandannan,
Nagara
kéh mantri kumpra, upama tandurran aking, lawas nora kajawahan godhong rug
uwohé kedhik yén akéh mantri becik taru krep katiban jawuh, oyot mannak
kumannak pang kathah woh pasthi dadi, iya iku purwa arjanning nagara.
Kang
sinnebut ratu éndah, asugih mantri bérbebudi, trussing ngélmu bijaksana, luhur
karatonné pasthi, sang yunnan awotsari, kasinggihan sang ngaulun tawonten
ingkang lepat Sang Prabu ngandika malih, caritakna asor ungguling nagara.
Nistha
utamanning praja, gemah rusakking nagari, endi ingkang dadi sabab, patih yunnan
matur aris pinten tuwan karsanni, réh nistha miwah mulyéku, Sri Maha ngadil
Nusirwan iya kang telung prakara, lah payo ucapna dhingin Sri Yunnan matur tur
sembah, yén ratu annedya adil sampun nedya ngilonni, sentana kramannira dur,
miwah mantri punggawa, yén luput wus mindakanni, dipun énggal trappenna ing pamisaya.
Aywa
ngugung wong dursila, buwangngen jabanning tamping, pinnarnah sinungngan arta,
dimén ambubak wanadri, lamun dursila malih, pinnatén dipunna gupuh, lawan
sabarang karya, obah osikking nagari, aja dadi lawan bodonné punnika.
Balik
praja tumidakka, lan bijaksana bérbudi, punnika kaping kalihnya, dénné kaping
tiga nenggih, sagung ratu mrih adil sampun angatahken bendu, dén réréh dén
pariksa, bok wong ngala ngaku becik lawan mandheg manguwa panggawé ala.
Sri
Maha Prabu Nurirwan angandika rum mring patih, éh Yunnan payo ucapna, ingkang
saprakara malih, Yunnan umaturra ris sayekti-yektining rathu, dénnanggung
annalongsa, réhning kalipah ing bumi, aywa cipta lamun sugih kabecikkan,
Angrasaha
kaluputtan prayitna barang pakarti, angénnakénna sarira, réhning
kalipattullahi, salah wong ngrasa becik ginnantungan lan bebendu, lamun angrasa
slah, nanging panggawénné becik ginnantungngan wong ngiku lawan ganjaran,
Ngandika
malih Naréndra, payo saprakara malih, Yunnan endi ucapenna, Patih Yunnan matur
aris mungguh kang para aji, gegebengnganné dén émut siyasat lan ngilalah,
kukumah ansap punniki, sampun kénging owah ing kawan prakara.
Yén
wonten bala kang katrap saukummé annibanni, lan Ansap punniku warna, dosanné
kan bilik-bilik lamun dosanné cilik aja
gungsiyasattipun yén dosa gedhé ika, siyasatté aywa cilik nadyan putra sentana
aja binnéda.
Jér
putra sentana garwa, punnika boten jakawi, ing sorring karaton tuwan tan wonten
esap kang miji, dhateng Alah pribadi, punnika lepatting kukum yén tuwan nganggallenna,
ing putra awrat doséki, pan pinnecat ilang kaluhurran tuwan,
Myang
santana mawi dosa, yénnagung ginnawé cilik punniku ambucal ansap tan kenna yén
dén ping kalih, tanpa damel narpathi, amopo ing karyannipun luhung inggih
nganggurra, prandénné dadi narpathi, nanggung dosa cinnirén tiwassing karya.
Angguguk
Sri Maha Raja, gujengngé Nusirwan ngadil énnak temen iku Yunnan lamun wong dadi
narpathi, iya nora kasahit dénné kalong-longngan kukum benner angngur
nganggurra, dosaha dosa wong cilik nora kenna dosanné wong dadi raja.
Yén
mengkonnp iku Yunnan ingsun ingkang anglakonni, mugita kinuwattenna, supaya ing
wuri-wuri, sagung para narpathi, kang kaduhi sarta wahyu, sayektinné kuwawa,
tulada panggawé kang becik kang tan sinung ing wahyu nora kaduha.
Ngandika
malih Naréndra, Sri Maha Nusirwan Ngadil utama endi bubuka, ing keras lawan
kang ririh, Patih Yunnan wotsari, utama kang sabar maklum santosa ing kukumah, nging sampunya barri ngadil sannés
tindak santosa lawan sagara.
Milamba
matur punnika, Jeng Nabi Musa rumiyin mila katenannan ayat madeg Prabu Banni
Srail saking keras tan sipi, gedhag-gedhik watekkipun pan boten talaténnan budi
ririh ringngak-ringngik kang punnika nunten katurunnan ayat,
Pakulu
lahu kaolan layinna tegessé nenggih, pangandikanning Hyang Suksma, éh Musa
harus siréki, padha élingna ugi, Si Pingngon lan basa alus kang lemes ing
wacana, tembung ririh ulat mannis utamanné sabar uger-uger ayat,
Yata
malih angandika, Sri Maha Nusirwan Ngadil éh Yunnan payo tuturra, kalakuwan
kang ngabecik ratu kang dhingin-dhingngin kang utama kang wus luhur, tur sembah
Patih Yunnan kang luhur para narpathi, émut marang karyanné datan pépéka.
Asabar
sarta santosa, dédé lan sagara néki, utama ngalap upama, ondhé-ondhé kang
rumiyin gemah rusakking nagri, awit ing punggawannipun yén punggawa dhadhangkan
nora sabiyantu ngudi, datan wandé
karusakkan ing praja.
Yén
tannanaha dhadhangkan punggawa satriya mantri, impeg sabiyantu barang,
obah-osikking nagari, iku arja prajéki lawan pangwasanning ratu, tannana
panasténnan tannana cengngil-cinengngil pan salamet samantri punggawannira.
Yata
malih angandika, Sri Maha Nusirwan Ngadil éh Yunnan pirang prakara, kabecikkan
maring dasih, Patih Yunnan wotsari, kawan prakawis pukulun ngadil ingkang
kapisan Ansap ingkang kaping kalih, dénné ingkang kaping tiganné welassan,
Dénné
ta kaping sakawan sarat inggih
ambendonni, marang kang sungkanning karya, barang pakaryanniréki, yata ngandika
malih, Sri Ngadil Nusirwan Prabu, benner payo banurna, kojah panggawé kang
becik ingkang dadi sarat arjanning nagara.
Miwah
ingkang dadi sabab karusakkanning nagari, Patih Yunnan matur nembah, sampun
kathah anyakitti, balik agungna asring, turassé wong bongsa luhur, lamun wong
bongsa andhap nanging prayoga kinnanthi, dén pratéla lamunna ngula wisudha.
Yén
ana katingngallan kaprawirannéki, punjul ing sasama-sama, jinunung tan
anglingsemmi, yén durung anglabetti, gunna kaprawirannipun upama jinunjungnga,
yektinné kocapping bumi, makandarah anjunjung durung prayoga.
Lan
sampun agawé lurah, punggawa mantri kang jail opénna sring ngrasnni, luputté
réwangngannipun néng ngarsanning Naréndra, punniku jembarring bumi, sasat
ngingu racun lan upas baruwang.
Lan
aja wong nganniaya, pinnarêkaken narpathi, aja wong barurut dunnya, lan wong
ngrusak nagaréki kadya papatih néki, Raja Kistasab rumuhun kalakuwanné ala,
Sang Prabu Nusirwan Ngadil angandika éh apatih kadi ngapa.
Patihé
Raha Kistasab para kaluwannéki, Patih Yunnan matur nembah, wonten Naréndra
linuwih , agung karatonnéki, prawira kamulyannipun arja ingkang nagara, Sang
Natha nyukakken dasih, martanning tyas wus kasubbing bumintara.
Papatihipun
pralinna, wadya kistasab amilih, mantri satunggil kinnarya, ingkang
jinennengken patih, Rastarosan naméki, ing ngandel dénning Sang Prabu, bang-bang
lum-malum kasrah, éca tyassé wong nagari, dénné nama Kyana Patih Rastarosan,
Yén
mungguhing basa ajam Rastarosan tegesnéki, apan benner ingkang nyata, mila
samya éca tyasnéki, mongsa bisaha gingsir, kalawan tanamannipun pan wus
adatting nama, nora na kang dén gingsirri, nama ala wong kunna tingkahé ala.
Yén
nama becik wong kunna, sayekti tingkahé
becik mila wadyanné Sang Natha, pra samya suka ing galih , Rastarosan punniki,
benner nyata tegessipun mangkana Kyana Patya, mangun padalemannéki, panedyanné
ngluwihi kang kunna-kunna.
Akarya
babata warna, umatur marang narpathi, marang gedhong pasamunnan aturré Rêkyana
Patih, kawula nuhun idin amrih ajriha pukulun abdi dalem sadaya, punggawa
nayaka mantri, tuwin sagung para Dipathi amonca.
Darapon
inggih ajriha, ing kawula anglampahi,
sagungnging pakaryan tuwan kawula ajrihné kedhik Sang Natha anurutti, Kya Patih
saha turripun mongsa nedyaha ala, pangrasanné Sang Narpathi, prasténg jaba
angundhangngi pra Dipatya.
Monca
nagara sadaya, miwah sagung para mantri, Kyana Patih Rastarosan mojarring para
dipathi, padha nulakka sami, ing duduka Sang Ngaji, milannipun kabéh sami
bebektiya.
Réhning
kinnarya dipatya, sinung kamuktén wus lami, punnapi kang dén walesna, ageng
sihé Sri Bupathi, matur sandika sami, lajeng prasamya angutus amundhut guru
daya, pénni-pénni raja pénni, wus katampan sadaya mring Kiyapatya.
Mashurring
manca nagara, myang nagari kanan kéri, lamun Sang Prabu Kistasab lalabuhanné
asalin mangké ngannyar-rannyarri, teka amrih atur-ratur, marang pungawannira,
dadya ratu kannan kéring, samya narka yén wus éndhéng bobottira.
Rêmpeg
siyaga ngayuda, apan sami angluruggi, nagrinné Raja Kistab kinnepung ngarsa
dénnambil kagyat Sri Narapathi, dénné atamiyan mungsuh, endi kang dadi sabab
ambedhah gedhong Sang Ngaji, wus ginanjar sagung mantri hulubalang.
Warata
sagung prawira, kang badhé nadhahi jurit Kyana Patih Rastarosan putussana mawi
tulis mring wong manca nagari, sagung juru tampingngipun kinnerig asiyaga,
annadhahi mungsuh prapti, pan sawiji tannana Bupathi prapta.
Sambat
apanggawé prapta, jer wis pinundhuttan bekti, apa gawé ajurit wus kenna
babektén iku, apa prang siya-siya, kenna réyal imbuh pati, réyal iku kabéh
dénné duwa parang.
Mangkana
Prabu Kistasab kagagas lingsemming malih, dénné tan angrasa salah, teka ana
mungsuh prapti, mijil Sri Narapathi, saking kadha[166]ton annamur, datannana
mawi bala, llédhang amung pribadi, wus kalunta kawetu jabanning praja.
Ana
wong anitih kuda, wruh ratunné namur nyilib wong siji medhun sakala, angiring maring
narpathi, dadya mung wong kakalih, prapténg tegal duk andulu, gubug ageng ing
tengah, pagagan tur dén pagerri, Sri Bupathi sayah mampir ing pagagan,
Duk
manjing gubug Sang Natha, ningali asu kakalih, rinnanté pinggirring lawang,
kang darbé gubug udanni, tamu dén ancaranni, wus lenggah kang darbé gubug
ngundhuh timun semongka, negor tebu dén oncékki, sinnaosken kiyai daweg
kasattan,
Prabu
Kistasab ngandika, nora sun pangan punniki, kabéh pasugatannira, yén nora sira
tuturri, dosanné asukalih, pagenné padha ginnantung, rinnanté pinggir lawang,
yén uwis sira tuturri, iya nuli sun pangan susuguhira.
Kang
darbé gubug turrira, dosanné asu kakalih, kula kén angreksa dumba, kacang
sacempénné sami, wedhus wiwinih sami, akathah babarnakkipun kang dados upa jiwa,
annipkahi annak rabi, salaminné wetah tannana kalongngan,
Dupi
alami kiyannat pitnah mring rarêksannéki, cacempé kathah kang ngilang, saben
dinten kalih-kalih, kula boten kadugi, cempé kalong sabén ésuk asu kalih
punnika, kang rumeksa sabennari, nunten kula intip solahépun sona.
Yén
kala angonning ménda, wonten buron loro prapti, garga namanné punnika, sajodho
mamongsa sami, pun asu anningalli, éca-éca boten jugug malah aprasannakkan
guguyon lan garga sami, sahantukké bekta cempé siji sowang.
Dupi
mangké wus pratéla, tékaddé asu kakalih, nunten kawula cengkalak kawula gantung
néng kori, mésem Sri Narapathi, anulya adhahar timun salak miwah samongka, Sri
Bupathi ngandika ris ya pagénné nora kopaténni pisan,
Kang
darbé gubug turrira, wus kathah karyanné ngunni, mila linnaran kéwala, boten
kawula pejahi, bénjing yén boten mari, punnika sedheng linnampus sigra kondur
Naréndra, sarwi ngartikéng jro galih, wedhus iki kaya upamanné bala.
Asu
kang loro punnika, kaya upama Si Patih, kang ingsun kon rumeksaha, ala
becikking nagari, mengko tiwas punniki, dénné katekanning mungsuh, apa kang
dadi sabab ingsun pracaya Si Patih, baya-baya Si Patih polahé ala.
Pan
jenengngingsun Naréndra, wus kasebut angluwihi, saking kamurahanning wang,
lawan kasabarran mami, myang kaprawiran mami, kaonningnging para ratu, mengko
kaparéng tiwas ana wanni maring mami, baya kadi si asu lan wedhus dumba.
Prapténg
pura Sri Naréndra, nimballi mantri sinnelir, sakawan kinnén mariksa, mring
sagung monca nagari, apa mulanné sami, kang pra Dipathi tan magut dénné ta
mungguh prapta, kongsi ngambah praja mami, wus lumampah duta mantri kang
cundaka.
Praptanné
monca nagara, sagungnging kang pra dipathi, aturré kawratting serat
pakaryannéki ya Patih, anggung amumundhutti, babekténning saben taun lawan
nasring angemban dudukanné Sri Bupathi, pundhuttanné awat kinnarya panulak,
Wus
karat sajronning serat kang saking monca nagari, mantri sadu kang nyundaka, wus
katur marang Narpathi, ngungun ngandika aris duk nupiksa serat sagung, tan
lidok ujarring wang, dénné teka angebleggi, kaya asu kalawan si wedhus dumba.
Sang
Natha mijilling jaba, annyekel marang Ki Patih, Rastarosan cinnengkalak
pinnenthang lawang sademi, lan serat mas pinnatik kayu pinggir lurung-lurung,
kalawan ingundhangngan lamun pakaryanning patih, kang dursila dudu karsanning
Sang Natha.
Misuwur
undhang Sang Natha, miwah wong monca nagari, sadaya sampun miyarsa, Ki Patih
dén bilaénni, lawang sakéthéng jawi, pinnenthang pangénnipun sadaya wus graita,
sagung wong manca nagari, yén ratunné tannowah kamulyannira.
Tetep
Ki Patih sadaya, panggawé owah punniki,
pratondha wus cinengkalak pinnenthang sakéthéng
jawi, dadya sagung Bupathi, sannéga amagut mungsuh, ngamuk samya mbek
pejah, arsa males sihing Gusti, mungsuh dhadhal bubar barissé loroddan,
Angguguk
dénnya miyarsa, Sri Maha Nusirwan Ngadil ing kojahé Patih Yunnan nora kaya iku
Patih, tétéla lamun luwih, Raja Kistasab
punniku, pangartinné kabuka, annéng gubug anningalli, asu roro ginantung anéng
ing lawang.
Tulus
kannyatahannira, Prabu Kistasab sayekti, tur sembah Kya Patih Yunnan mila
sagungnging Narpathi, sampun supé ing tamsil ondhé-ondhé kang rumuhun
sagungnging raja-raja, titika kang anneteppi, supayanné aywa lali ing
pratingkah.
Kang
becik kalawan ala, tartamtu sawiji-wiji, yén boten sami ngebukka, satemah miraga budi, lirring
miraga nenggih, para wali pandhita gung, tan kenna katémpellan saking
pangipukking ngblis yén wong jamak tan wun katénpéllan sétan,
Laku
pakaryanning praja, aja ucul saking tamsil empanné nistha utama, kaluhurranning
Narpathi, sayekti lawan tamsil pan tegessé ajar ruhun tulad ing kunna-kunna,
Sri Maha Nusirwan Ngadil atatannya malih mring Kya Patih Yunnan,
Éh
apatih kaya ngapa, mungguh katartanton yekti, tata titikanning praja, Kyana
Patih awotsari, jennengnging wong ngaurip lalabettan kang [170] tinnemu, ing
mangsanné wus pejah, labet becik kocap becik labet ala kang kaocap inggih ala.
Ingkang
sinnebutting nama, pratingkahing ngunni-ngunni, apan kathah para raja, ingkang
ngala ngabecik kang tinninggal yén mati, amung lalabettannipun ing kinna wonten
raja, nama Prabu Amardasir, sasolahé kang ngabdi sajronning praja.
Apan
sami kaunningngan solahé sajronning wengi, yén punggawa tinimballan praptanné
ngarsannira Ji, ngandika angésemmi, sira ta ing wau dalu, wayah pukul sadasa,
sira mangan puwan roti, apan sarwi duduka ing rabinnira.
Lan
malih ana tinnarka, sira ta ing mau bengngi, anuronni selirrira, ing jungut ing
pukul kalih, barang solahing dasih, yén tinnarka nora luput nengguh nyata
sadaya, mangkana kang pra dipathi, parêmbaggan apa wadinné Sang Natha.
Satengah
bupathi mojar, Sri Bupathi ngingu ejim kang ingutus amét kabar, anginjen
wisméng dipathi, sawennéh annahurri, nora mengkonno Sang Prabu, angadhuh ngélmu
kasap tegessé pambuka warti, Kyana Patih ngaturri ing raja putra.
Kang
nama Radén Iskandar, putranné Prabu
Mardasir, ingaturran mring jro pura, prapta ngarsanning raméki, lawan
Rêkyana Patih, Prabu Amardasir muwus anaha karsannira, iya Patih kang nahurri,
atur sembah umatur marang Naréndra.
Pukulun
putra paduka, punnika tuwan paringngi, ngélmi kang kadi punnika, wruh solahing
bala wengi, Sang Prabu amardasir, ngandika kasru gujengngipun éh suténgsun
Iskandar, apa dénné sira Patih, ngélmu iku apan nora nganggo japa.
Éh
sutanningsun Iskandar, duk ingsun madeg narpathi, pan gurunningsun Pandhitha,
ingkang memekassing yekti, wong dadi Narapathi, aja kalong-longngan kukum adil
aja kalongngan dén pethel kasabbiréki, kasab iku éling pangawéyannira.
Panggawéyanné
Naréndra, dén éling kinnarya wakil ciptannen kaya amangan aja pépéka ing kardi,
karyanné kang para Ji, pariksa adil lan kukum mariksanni ing bala, mrih basuki
wong sabumi, lawan aja agoroh maring rahinna.
Kapindhonné
iya aja, angorohi maring wengi, apan nana dhunning ngayat pangandikanning Hyang
Widhi, ya takmur bil ngadilli, lawan bilkasanni iku, wapinnahari ika, iya lawan
pillaéli, tegessipun : pangandikanning Hyang Suksma.
Éh
ratu padha gawéya, pikukuh lawan adil sarta lawan kabecikkan sajronning rinna
lan wengngi, yén nora anglakonni, adil kabecikkan iku, wengngi kalawan rinna,
iku bésuk dadi seksi, milannipun prayitna nora pépéka.
Wewekassé
gurunning wang, dén pengel karyéng Narpathi, nora pépéka sadinna nora kalong-longngan
adil karêksa kukum néki, amriha kandel siréku, endi kandelling raja, yén ngélmu
karaton uwis pinnaringken babo marang jennengngira.
Tandhanné
yén pinaringngan ing ngélmu karaton ugi, miwah sidik ing pangucap nyata
sapanerkanéki, nora kenna kasilib sabarang pannarkannipun éh suténgsun
Iskandar, yén wus kandel ing Hyang Widhi, pasthi lamun pinnaring ngélmu
karatyan,
Obah
osikking kawula, ing rahinna lawan wengngi, ratu nora kikilappan solah
sanagaréng wengngi, jronning kan dén ratonni, sanagara pan kadulu, putraningsun
Iskandar, botté wong dadi narpathi, nora kenna pépéka saparon dinna.
Nuli
sétan jajarannan kang tumempel maring dasih, angojok-ojok niyaya, matu saking
turring mantri, anniyaya sayekti, lamun mantri sok wadul épéh barang prakara,
iku sétan kang népélli, dén kawang-wang ling-lingngen lan adillira.
Wonten
ratu raja Kabad pinujul karatonnéki, punnika abawa rasa lan Sultan Iman Basari,
Raja Kabad tur néki, pinten ta prakarannipun kang angrusak nagara, ngilangken
karaton adi, ing kararton kang temah
papa duraka.
Alon
wijilling ngandika, Jeng Sultan Imam Basari, yayi Prabu nem prakara, dénné ta
ingkang rumiyin anggunggung sariréki, sugih lan pangwasannipun ananging dalem
dunnya, lan anggampangken pati, mring kawula tanpa dosa wutahing rah.
Lawan
kapindhonné ika, yén karya mantri papatih, wong datanpa ngélmu ika, sanadya
bisaha ngélmi,lamun durung angaji, marang pandhitha gung ngagung, dénné kang
kaping tiga, asrah pakartinning nagri, marang kang wong balilu kurang wicara.
Lawan
ta kaping sakawan anyu-nyuwé ing prakawis barang prakaréng nagara, pépéka nora
tumuli, angantak kantak lami, dénné kaping limannipun nora nurutti ika,
panjalukké wong prihatin kang kaping nem nagara kéh getih wutah.
Wutahé
durung sayogya, dudu wong kang dosa pati, sayekti jagaddé rêka, nora kenna dén
tambanni, Raja Kabad tur bekti, kasinggihan kang punniku, wau pamirsannira, Sri
Maha Nusirwan Ngadil langkung suka ing kojahé Patih Yunnan,
Matur
malih Patih Yunnan nenggih wajibbing narpathi, arsa inggih anglampahana,
panggawé ingkang pinuji, anggung maés-maéssi, marangnging sarirannipun lan aja
ngambah ika, panggawé kang dén sengitti, maring bala amriha ruruh ing ngucap.
Karana
wajibbing raja, sedheppa amrih prak ati, mannis ulat saben dinna, aywa ta
bengis angincih, susukerring narpathi, angedohaken bebendu, lungset nagarannira,
aclum kumuwungnging bumi, ratu iku kaya kumara musthika.
Lamunné
dadi musthika, mulanné dadi musthika, luluwihanning jasmanni, abongsa roh
sayektinya, mulanné cahyanné becik milanné kang jasmanni, tanpa cahya sabab
nepsu, gugubras lan luamah, tegessé cahya punniki, ingkang adoh saking
enggonning luamah.
Dén
kerêp tur panalongsa, mring kang karya bumi langit subkanaka hutangala,
Astagpirrullaha ngalamin punniku aywa lali, panalongsa tegessipun angesorraken
ongga, pakolih maring Hyang Widdhi, lawan walakaola walakuwatta.
Punniku
dén kerêp maca, ing rahinna miwah wengngi, angrasa lamun tiwas dennira kinnarya
wakil dadi suka sayekti, kang nuduh karya
tutulung, yénnagung parmanning Hyang, sira dadi ratu luwih,
ginnampangken sagungnging susukerrira.
Matur
malih Patih Yunnan wonten dalil kang sayekti, kanggé ratu kina-kina, pinnongka
tampil para Ji, makaten dhawuh néki, pan Alahu yugayiru, mabika omikatta,
yugayiru pan wamabi, Anpusihim tegessé lapal punnika.
Satuhunné
Allah uga, nenggih datan angowahi, ingkang pinnacak Naréndra, angréh ing
ptajanniréki, balik kang angowahi, lan awake dhéwé iku, pangandika kang ala,
ing ratu kang angowahi, ing prakara wit saking atur wong ala.
Endi
tegessé wong ala, mantri kang wadul mrih becik awake: alanning liyan tinuturraken
Sang Ngaji, pannastén awor drengki, pati opén niayéku, iku mantri niyaya,
punniku jemberring bumi, pasthi lamun angowah owahken jagad,
Panggawé
kang luwih ala, ingkang angrusak praja di, yén nana mantri ginnarap umatur ngojok-kojokki,
amrih aprang merangngi, padha Islam mungsuhipun liyanné kapir mengsah, kapirré
wong datan kenni, kang mengkonno mantri abongsa drubiksa.
Karana
panggawé aprang, yén uga kenna pinnikir, tennebas kalawan arta, aywa kongsi
dadi jurit mannawa ngrusak bumi, panggawé abot punniku, karan jronning
ngaprang, séjé lakunning pakardi, lan tan aprang béda wajibbing Naréndra.
Amatnni
tanpa dosa, ratu sajronning jurit nora dadi ngrusak praja nadyan dudu dosa
pati, endi tegesnéki, tan dosa pati linampus wewennangnging Naréndra, kaya wong
lumayu jurit lan amisah jronning ngaprang lan Sang Natha.
Iku
wennang pinnaténnan tur dudu wong dosa pati, karana iku duraka, wong ngucira
ing ngajurit tanpa tékad yén mati,
ambuwang takdir punniku, ginnéndéng maring sétan mila kinnén amaténni, sasat
kéwan tanpa ngélmu lumayu prang.
Nanging
ana kang kang winnennang, yén ratu lumayu jurit anglawan padha naréndra,
nanging yén balanné kedhik mengsah samya Naréndra, kuciwa kalanné agung,
pannora dadi cacad lumayu balanné kedhik yén mopoha dadi aprang siya-siya.
Wajibbing
ratu ayuda, rong prakara aywa gingsir, kang dhingin aywa angléla, kinubengnga
munggéng wuri, aywa nuli ngawakki, nyekel gagaman prang pupuh, lan wajib
paparéntah, amatah kang mengsah jurit bupatinné sawang sawung bobotting prang.
Aywa
duméh sok waniya, yén kari kéh wadyanéki, lamun karobban tandhing, tumpessing
bala punniku, ratu kang nemu dosa, duraka nanggung papati, sabobotté
angangsahaken punggawa.
Lan
arêp mangun ardaya, ratu sajronning ngajurit ngenningken tingal wisésa, mungguh
ingkang Maha Sukci, aja susah ing galih, sabab agung wadyannipun aja suka ing
mannah, sabab prajuritté kedhik mung nglindhungnga baé karsanning Hyang Suksma.
Karan
panggawé aprang, susah kang para musannip duduka lawan ihtiyar, kalah
mennangnging jurit wus takdirring Hyang Widdhi, kang agawe asor unggul
bubuhanning kawula, ratu kang jenneng jurit mung rahayu kalah mennang aywa
rusak,
Kalawan
dipun rayatta, satengngahé manngun jurit sagungnging wadya paperang, aywa susah
dénning bukti, katempuh ing Narpathi, yén prajurit lupa lesu, dén nangsahaken
aprang, ratunné duraka pasthi lah dén bisa amét tyassing wadya-wadya.
Wajibbing
ratu mangun prang, angénnakki tyassing dasih, dén wanni ambuwang arta,
pannebussing lara pati, utamanning ngajurit yén mennang aja amburu, yén
annyandhak ing mengsah, ing raja aja maténni, saduwérakka kang kacandhak
paringngenna.
Aja
maténni kong konnan liwan nisthanning Narpathi, balik ganjarên dén kathah,
utamanné kang para Ji, kongkonnén dén becikki, ginnanjarra dipun kaduk karana
panggawé prang, gagedhé pakéwuh nenggih, nora kenna para ratu anggampangna.
Wonten
kaol kang satengah, mutamad para musannip yén ratu sinambat aprang, aja
ngawakki pribadi, wajib akarya wakil pandhitha lulkikmat muwus, yén nyekel uler
sira, wajib anganggo ling-aling, iya aywa lawan astannira dhawak,
Wonten
ratu dadi kojah, Jeng Sultan Kasruwar Wiji, dibya ring kang paramarta, prawira
wasis ing jurit, Sultan Kasruwar Wiji, nalika ta miyat mungsuh, pinukul
prajannira, marang Raja Bahram Jobin léngsér saking kitha tannarsa anglawan,
Punggawa
samya turrira, mila paduka léngsérri, kawula déréng sasambat sagungnging konca
bupathi, miwah mantri prajurit sadaya pan misih wutuh, owel yén tan kabenna,
arsa males sihing Gusti, déréng ulap nadyan wuwuha kang mengsah.
Alon
dénnira ngandika, Jeng Sultan Kasrupar Wiji, éh sagung punggawanniwang, sun
tarima sira sami, setyannira mring mami, marmanné nora sun pagut karana
panggawé prang, iku gegebengngan mami, wus sun embat yén ningsun ora kabangkat,
Tiwas
rusak balanningwang, kang kenna duraka mami, gawé aprang siya-siya, satemenné
mungsuh iki, Sang Prabu Bahram Jobin mentas pinnaring punniku, Istijrat
kaluhurran yén ningsun magut ta jurit dadi ingsun mungkir karsanning Hyang
Suksma.
Ingsun
nora antuk cacad mundur prang lan raja iki, dénning sun karobban bala, lan iku
kang ingsun kéring, mungguh tingalling batin nora kalah maring ingsun bésuk
sapungkur ingwang, karsanning Kang Maha Sukci, sinung tandhing satriya wewetong
Ngarab,
Ing
mengko pan nora kenna, yén ningsun lawan ajurit sasengkerranning Pangéran ing
bésuk sinungngan tandhing, dadya sagung prajurit sadaya menneng tumungkul suka
dennya moyarsa, Sang Prabu Nusirwan Ngadil angandika marang Kyana Patih Yunnan,
Angguguk
sarwi ngandika, tegessékang para Aji, wajib uga yén amriha, sisidik ing tingal
batin aja amuta tuli, sasolahé rêmak rêmpu, nora angemban jagad lan nora
rumekséng dasih, atur sembah mastuti Kyana Patih Yunnan,
Langkung
saking kawajibban ratu amrih tingal batin wong cilik darmi lumampah, ratunné
kang ngundha génni, kawon mennangnging jurit batin bubuhanning ratu, yén bala
karusakkan witting prang kurangngan budi, apan ratu kang nanggung dosanning
kathah.
Wajib
kang wus cinnarita, yén ratu mrannata bumi, apanning satus prakara, kalawan
punjul satunggil pipirattan kang siji, iku bubuhanning ratu, dénning satus
prakara, bubuhanning wong bérbudi, pra punggawa bérngélmu ulah wicara.
Bubuhanning
para raja, saprakara kang piningngit pang mung ngadegganning ngaprang,kang
mungguhing tingal batin amung ratu pribadi, dénné masalahing laku, amrih
rumekséng bala, ing papan enggonné baris lan prayoga anggitik ginnitikking
prang.
Amrih
luhurring ngayuda, ingmarga angsah ing baris iku bubuhan punggawa, tegessé
prabutaméki, aywa ngangsahken dasih, yén
badhé unggulling jurit tindakkenna lakunné prajurittira.
Punggawa
kang amrayoga, metu kannan metu kéri, lakunning dhadhalan sirah, miwah ingkang
angawatti, manggala miwah wuri, buntut kalawan papatuk srehenna ing punggawa.
Éwa
mangkana punggawa, ana kadhang kawignyéki, ana bisa gawé suka, angilangngaken
prihatin sajronning aprang sami, amamanning tyassing wadu, sawennéh ana
ingkang, bisa amrih sorring titih, [180] kapessanning mungsuh rusuhé barisnya.
Ana
pamurukking tingkah, lekassing mengsah ajurit ana tutulung wicara, solahé wong
mati jurit ana mannéh nulungngi, lan arta busannanipun akéh lirring punggawa,
salebetté sawiji-wiji, pan rumagang punggawa pakaryanning prang.
Pan
wus kocap jronning kitab upama mantri kang becik iku kang minongka awak ratu
minongka nyawéki, yén rusak badannéki, nyawanné pan kari mabur, yén awak tanpa
nyawa, pasthi nora nana jisim nora nana jumenneng yén tanpa nyawa.
Alon
dénnya angandika, Sang Prabu Nusirwan Ngadil payo malih atuturra, ratu ingkang
ngadil-ladil Patih Yunnan wotsari, wonten ratu pinnisepuh, saking sakéhing
raja, ing Ngajam kang mituwanni, abibisik Maharaja Bahrun Kasan,
Pinnardikéng
lokking jonna, Sang Prabu Bahrun Kasanni, Ki Mubakdaki Mubakdan nama pangulunné
réki, saben-saben benenerri, ing panangkillan
Sang Prabu, sasaman lang sang natha, lenggah ing kannannira Ji, punggawa
kang mradata kéri Naréndra.
Ya
apan sinung antara, sanagara gedhé cilik yén nana gugat-ginugad sinungngan
dinna sawiji, iku dénnira prapti, sagungnging kang para padu, apanning wektu
pajar, lawang panangkillan jawi, wus binuka tan tinnaha panjingngira.
Pepah
ing tabuh sadasa, wong gugat-ginugat sami, tuwin kang para punggawa, kang
sumiwéng Naréndra, jurundhang papat mantri, punniku kang nguwuh-uwuh, payo sapa
mradata, dén parêk ngarsannira Ji, lan pangulu Ki Mubakda Ki Mubakdan,
Sang
Prabu Bahrun Kasan amecat makuthanéki,
sinéléh munggéng ngamparran sagung busannéng narpathi, sadaya dén
racutti, nulya nganggé sampun cara bala kéwala, mudhun saking dénnya linggih,
pan sakala tunggil lenggah sarta wadya.
Umatur
cara kawula, mring pangulu Mubakdéki, Mubakdan : lingngira natha, kakang
pangulu wak mami, yén nana gugat mangkin anyerêg ing raganningsun anuli
adillana, sabenner-bennerring ngadil aywa ta ayénningsun ginnawé raja.
Ing
pangulu nulya undhang, lah payo sagung kang prapti, bok ana kang duwé gugat iya
marang Sri Bupathi, ingsun ingkang ngadilli, lawan sacethanning kukum mongsa
ingsun wediya, angadilli Sri Bupathi, ing lulutté yén ingsun agadillana.
Dadi
ingsun ora ngéman ing jenengngé Sri Bupathi, Alah kang asipat murah, nora kenna
dén alingngi, saosik wus udanni, gaib lair kawula wus kawruhan samudaya, wadya
tan ananandukki, Sang Ngaprabu Bahrun Kasan wus antara.
Tan
ana ingkang anggugat wangsul panggénnanné malih, munggéng ngamparran mutyara,
sinuji nila basuki, sarwi angrasuk malih, sagung busannaning ratu, parma
tatondha nama, amakutha binuka Sri, apinggang jus abatétara tétundha.
Nulya
malih mantri papat kang juru
ngundhang-undhangngi, payo wong gugat-ginugat dén padha mengsah agenti, pangulu
Mubakdéki, Mubakdan agagem calung, wangunnaning wirasat lapli kalawan maknawi,
duk sinnawang lirringngé kang mengsah gugat,
Benner
luputté waspada, wong agawé lawan yekti, tan kongsi mindho kardi, pamedhotté
sarta kukum yén sampun abubarran pangulu lawan Sang Ngaji, manjing kalwat wong
loro mikul karanjang.
Dénné
wau Sri Naréndra, amundhut kang timbangngan lit kinnait lawan mastaka, mrih
rubed kawratan sedhih, anéng kalwat kinunci, umatur anangis asru, ya Pangéran
Kang Mulya Kang Ngagung Kang Maha Sukci, amba tuwan karya wakil ing kalipah.
Sagungngé
kawula tuwan ingkang kawula ratonni, sampun sami kapariksa, suker kula mrih
basuki, miwah ingkang prihatin tuwin ingkang para padu, inggih pangraos amba,
boten kalong-longngan adil wah punnika amba nunuwun ngapura.
Bilih
wonten kalangkungngan tuwan kang luwih udanni, sukerré karaton amba, tiwassé
kinnarya wakil mannawi kéh kalempit kang
wonten jronning prajéku, miwah jabanning praja, saking gungngé kang wadya lit
nulya wonten sami ta awarni kilat,
Nanging
kendho lampahira, kadya mutyara nelahi, tibanné wus tinniténnan pagerré dipun
bundhelli, nulya mundur Sang Ngaji,
lawan Kiyai Pangulu, Mubakdaki Mubakdan ing wengngi prapténg jro puri,
rahinnanné Sri Bupathi namur késah.
Pan
sarwi angandhut dinnar, satus: oangulu tan kari, Ki Mubakda Ki Mubakdan iya
sarwi dén kandhutti,, dinnar satus anuli, praptanné prénnah ing dalu, pager
kang binundhellan punnika sampun katitik uluk salam sampunning ngancarran
lenggag.
Kang
darbé wisma wong dhudha, kaponnakkanné kakalih, tinnilar ramanné pejah, lan
papat putunné sami, tinnilar bapa mati, angéngér kaki punniku, wayah lagi
sumega, putu lan pulunnannéki, kuwalahen angingonni ya Ki Dhudha.
Upa
jiwanné tan nana, amung buburuh amindi, jujud wulu wedhus dumba, ingkang
ginnawé jajarit sangkelat apan sami, tatangganné wong punniku, pan ora
kacukuppan opahé pan amung kedhik abuburuh rêkasa nora kuwawa.
Suda
karya sabab tuwa, kaponnakkan putu sami, anggalibet jaluk sega, si kaki nora
nahurri, dénné lagi nemonni, dhadhayoh loro punniku, Sang Natha atatannya, éh
kaki dénné asepi, wismannira tannana asimpennan sega.
Putunnira
iki padha, anggujeg anjaluk nasi tumungkul si kaki dhudha, saking tiwas
kawuléki, inggih déréng atampi, ojrat kawula anjujut inggih wulunning menda,
badhé sangkelat punniki, kang annamur arum wijilling wacana.
Pagénné
tan duwé nalar, kaki dhudha sira iki, iya nora apopoyan juru gedhong Sang
Ngaji, pasthi sira pinnanci, yén katurra Sangnga Prabu, pan wajibbing Naréndra,
angingonni annak yatim kaki dhudha sahurré kadi punnapa.
Awak
kawula kaduga, umarêk wong ngagung ngajrih, mannawi tan karawattan tan warni
wong langkung ajrih, datan pangrasa yekti, yén marêkka ing wong ngagung, dénné
tan warni janma, sasandhangngan ting saluwir, mila datan saged amlémbarring
jaba.
Gumujeng
Sri Maharaja, dinnarré dipun uculli, enya iki kaki dinnar, rong ngatus ingsun
ingonni, mring sira miwah kaki, pulunnan putunniréku, kaki Dhudha wus tompa,
medhak sarwi turrira ris kalingnganné paduka punniku raja.
Ingkang
ngratonni kawula, dénya wruh dasih kawlasih, saking kaluhurran tuwan ginnanjar
ing ngélmu sidik mong Ki Dhudha aglis sujud ing ngarsa Sang Prabu, sarwi
madhepping kéblat ya Alah kang luwih Sukci, wuwuhana cahyanné ratu punnika.
Maha
Prabu Bahrun Kasan kang ngadil parikséng ngalit nulya jumegur swaranya,
tinnarima pandongéki, sakala Sri Bupathi, sinungngan cahyanné wuwuh, Sang Natha
angandika, liwat tarima ngong kaki, dénné sira anedhakken ning Hyang Suksma.
Mring
wuwuhé cahyanning wang, iya aja bisik-bisik lan malih wewekassing wang, yén wus
enték dinnar iki, nulya tuturra aglis marang Si Kakang Pangulu, dimén matur
maring wang, wus pamit Sri Narapathi, lan pangulu kondur prapténg dalem pura.
Samya
pangling wong jro pura, Sang Prabu cahyanné salin wuwuh kadya lék purnama, Sang
Prabu Nusirwan Ngadil langkung suka miyarsi, Kyana Patih kojahipun angguguk
gujengngira, énak temen niku Pathih, sun tetedha: katuladda amrih dana.
Bersambung
SERAT
TAJUSALATIN (Bagian III)
KLIK DISINI :
https://syehhakediri.blogspot.com/2023/09/serat-tajusalatin-bag-iii.html