Serat
Tajusalatin merupakan hasil karya sastra jawa yang berisi pelajaran moral
dengan menggunakan cara pendekatan filsafat dan budaya.
Serat
Tajusalatin adalah gubahan dalam bentuk tembang Jawa daripada sebuah karya
sastra prosa dalam bahasa Melayu: Mahkota Segala Raja-Raja. Karya sastra ini
menguraikan tata cara seorang pemimpin atau seorang raja pada khususnya.
Penggubah
karya ini dalam bahasa Jawa adalah Yasadipura sekitar tahun 1799 Masehi.
Serat Tajusalatin adalah teks didaktik yang aslinya dikarang dalam bahasa Melayu oleh Imam Bukhari al-Johari, yang berisi uraian tentang kewajiban yang harus dilakukan raja-raja, hulubalang, menteri, dan rakyat semuanya. Uraiannya terutama mengenai: kewajiban tiap-tiap muslimin terhadap Allah; perbuatan baik yang dilakukan raja-raja dan alim ulama di masa dahulu; serta hukuman dan kutukan yang menimpa siapapun yang melanggar hukum agama. Semuanya dibagi atas beberapa bab, disertai penjelasan dengan ceritera ibarat.
Untuk
keterangan lebih lanjut tentang versi-versi teks ini dalam bahasa Jawa, lihat
deskripsi naskah MSB/L.332 dalam Behrend 1990:410-411.
Bandingkan
pula ringkasan serta daftar pupuh dari versi cetak yang dimuat dalam Pratelan
I:372-375. Versi Tajusalatin yang terdapat dalam naskah ini sangat mirip dengan
versi cetak karangan Yasadipura, namun di tengahnya terdapat sisipan empat buah
pupuh, sehingga pupuh 33 dalam versi ini sama dengan pupuh 29 edisi cetak.
Naskah belum selesai, terputus di tengah uraian pupuh 33 (bab 20). Menurut
mukadimah (h.lv), naskah ini mulai disalin pada hari Rabu, 5 Sura, Dal 1767,
atau tahun 1255 Hijriyah (20 Maret 1839). Akan tetapi penyalin serta tempat
penyalinan tidak disebutkan. Gaya corak tulisan atau paleografi dalam naskah
ini cukup unik, dan perlu diteliti lebih jauh. Naskah ini pernah disalin pada
zaman Cohen Stuart. Untuk salinan tersebut lihat naskah CS64.
Keterangan
:
Bahwa atikel blog bertajuk Serat Tajusalatin ini ditulis 3 (tiga bagian.
Setelah diakhir halaman akan diarahkan alamat situs artikel blog bagian berikutnya untuk mempermudah membaca halaman selanjutnya.
Semoga pembaca artikel blog yang Budiman menikmati dalam suasana membacanya.
Sumber Referensi :
Anyariyosaken Bab
: Nistha; Madya;
utamining
lampahanipun para rathu,
tuwin lampahanipun
para pandhitha,
kakarangnganipun
Imam Bukari.
Jarwa sekar
macapat
Ingkang ngedalaken
Radén : Darma Atmaja,
Rêdhakturing serat
kabar Jawi Kandha
Ing Surakarta. TWEEDE
DRUK
Kawedalaken ing
pangecapanipun tuwan
V. ALBERT RUSCHE.
& Co
Soerakarta 1922
TAJUSALATIN
Pupuh I
DHANDHANGGULA
Sandinning
don mardawéng mamannis tan sinnebut asmanya Jeng Pangran Karya
Sudarsananningréh, mangarah ring tyasséstu, kang supadya dadiya tamsil salsilah
silar jyéng ngrat mangkya marmannipun manularra wiyotama, pangiketting kataséh
Imam Bukari, ing Johar Darusalam,
Ngunni
ngaran srat tajusalatin lirnya makuthanning para raja, jinnejer dadya
wulangréh, wirayat kang rahayu, cinnitra ing radhité mannis wimbanning lék
sapta wlas sawal kang sitangsu, jimmakir sangkaléng warsa, karya trustha
sabdanning natha marêngi, mara kéhing kasanga.
Purwanning
réh wasita ginupit carita di kang ing ela-ela, saking kitab pinangkanné,
lapallé kang rinanacut sinnalinnan ing basa Jawi, maksuddé lawan murad dadya
kang ing, gita sinnawung ing tembang, witning raras kang mongka padénning puji,
tan lyan nugrahanning Hyang.
Kang
murah ing dunya sih ing ngakir, kang mengku samuhanning pujya, kang mulya gung
karathoné, tannana kang nyakuthu, kang ngakarya ing pitung lapis bantala lan
akasa, kang ngamurwéng kukum kakim sipatting kagungngan tur ambagi karaton
mring kang sinung sih,manungsa kang kinnarsan,
Kang
manjingken rahina lan wengi, ametokken wengi lan rahinna, miwah ingkang
medallaké, urip saking ing lampus lawan pati saking ing ngurip tuwin kang bagi
boga,nning dasih sawegung, kadim baka sipat rahman risampunning pupujya Kang
Maha Sukci, gantya Sang Nayakéng rat,
Kangjeng
rasul kang mongka duta di, kang rinnilan ambadanna tunggal yé kang asipat
kalihé, ubni wahyunning wahyu, amartanni ing wong sabumi, dahat kakasihing
Hyang, kinnarya panutup tan lyanning Nabi pamungkas nayakanning bawana badan
rohkanni, parab akyan sabita.
Ri
wusnya ring sakabattiréki, catur menggala wus sinung mulya, myang sagung dasih
warganné, ingkang nora winengku, ing sapangat awal lannakir, sakawan
paliwarannira Kangjeng Rasul mangkana duk purwéng nulad nagaraja anenggih
pandhitha siwi, jimmakir sinnengkalan,
Ping
sangalikur sapar kang sasi, wuku pahang isnénning nalika nenggih kapitu
mangsanné, salawé bab winuwus ingkang asma Imam Bukari, maha pandhitha tama
musannip dibya nung, Imam Bukari amarna, pira-pira carita kang mupangatti,
mulyanning saka paran,
Purwaning
tuwuh wusana pati, salirring réh kasidanning arja, Imam Bukari dénnya mréh,
sung tuwassing tumuwuh, kang waskithéng dursila juti, kang tambuh tibéng
nistha, papatemahipun ing dunnya prapténg ngantaka, pan mulyéndah sorah ing
kitab puniki, kusus ing para yogya.
Wusnya
rumekséng wekassing pati, rahayunning tumuwuh wusana, marna sakéhing tingkahé,
kang para rathu-rathu, kang kinnaryya wakil Hyang Widdhi, rumekséng jagad
traya, myang saisinnipun rathu ingkang kawajibban lan amarna yogyanning kang
para mantri, prawira kang suraya.
Annyatakken
solahing wadya lit kang gumantung pakarti samoha, saréhning nata parbunné, lan
ibarat kang luhung, kang santosa Imam Bukari, harjanning pramudita, kasidanning
laku, tumuwuh prapténg ngantaka, mring rahayu mila ran Tajusalatin basa taju
makutha.
Basa
salatin iku narapathi, sayektinné minongka makutha, pan rathu anggon-nanggonné,
mila kang para rathu, kawajibban nimpen darbénni, amasa miyarsakna, ing
surasannipun sayekti antuk kamulyan dénnya saking supangatting Kangjeng Nabi,
tembé manggih sampurna.
Hijrah
ingkang saking Kangjeng Nabi, séwu satus tigang dasa sanga, lumampah mangkya
tahunné, kuneng kitab winuwus kang kariyan Tajusalatin kaping kalih ingaranan
pan kitab min aju, salatin kang kaping tiga, ingarannan kang kitab balakul
muhsin ping pat sipatul wijra.
Kaping
lima mikrajul muslimin kaping nemmé sipatul ngukala, hadabul ngumur malihé,
lawan ahbarul muluk lawan malih bustan salatin sipatu salatinna,kitab sirul
buluk lan palail muluk lawan kitab taréh; lawan kayatul mulki, thupatu
salatinna.
Najatul
muluk marngatul ngalin sitrul muluk sipatul kukuma, tarikul umum kitabbé, utawa
sadayéku, pangarangngé Imam Bukari, ngumpullaken carita, kang sampun linuhung,
upama warninning kembang, éndah-éndah pinnarnah sagung wawangngi, munggéngnging
pakebonnan,
Dén
sahaken mring sagung musannip upama lir bau rêkséng sekar, dénnya rumeksa
isinné, buwan mrih rahayu, pamintanné Imam Bukari, nugraha saking tapa; k
tanganné ngapunggung, pinnanjingken ning kang makna, myang suras mring tyasnya
sagung wong ngakil balék kang kinnawruhan.
Dénné
pasallé ingkang rumiyin annyatakken tingkahing manungsa, angawruhi ing
ngawakké, darapon wruha iku, saking apa mulanné ngunni, kahananné kayapa,
kaping kalihipun anyatakaken punnika, pratingkahé angawruhi ing Hyang Widdhi,
ingkang akarya jagad,
Lawan
ingkang akarya ing Nabi, Adam sarta lawan Ibu Kawa, miwah sadaya dayanné, pasal
kang kaping telu, anyatakken dunnya puniki, lan uripping manungsa, pasal kaping
catur, annyatakaken punika, wekasanné wong ngurip manjingnging pati, pasal kang
kaping lima.
Annyatakken
tingkahing para Ji, ingkang samya mong rumekséng bala, kukumah ing karatonné,
pasal kaping nemmipun annyatakken panggawé ngadil wadya lit miwah ingkang, para
ratu-ratu, dénné pasal kaping sapta, annyatakken pangngréhing ratu mring
mantri, sarta lan bebennerran,
Pasal
kaping wolu angyekténni, ratu kapir kang ngadil sadaya, pasal kaping sanganné,
annyatakaken niku, wong niyaya panggawenéki, pasal kaping sadasa, angyekténni
sagung, para mantri kang sampurna, darajatté kamulyan tindak nastiti, babbé
kaping sawelas,
Annyataken
pratingkahing carik dénné pasallé kang kaping rolas annyatakken pratingkahé,
prakara wong ing ngutus babbé kaping telulas néki, amratélakaken adat ingkang
para ratu, babbé kang kaping pat belas nyatakaken amulasara ing siwi, bab
kaping gangsal welas,
Annyatakken
angen-nagen sidik kaping nembelas annyatakken akal kang ngiman kang bérbudinné,
kaping pitulassipun annyatakken pasarat nenggih, rumeksa ing Naréndra, myang sawadyannipun
babbé kang kaping wolulas annyatakken ing ngélmu wirasat,
Lan
nurbuwah miwah wahyu adi, kaping sangalas annyatakken samya, wirasat manungsa
kabéh, pasal kaping rong puluh, annalika wong sapraja di, kang kawengku ing
natha, pasal ping salikur, mratékken isining ngrat ratu siji abala warni
kakalih, kapir kalawan Islam,
Ping
rolikur pasal angyekténni, lomaku met becik lawan ala, pasal ping tigalikurré,
annyatakkakenniku aprakara nuhonni jangji, jangkep ping salawé prah,
wekassanning tutur, amrih katujon harjéng ngrat sakathahé wartanné kitab
punniki, mrih mulyanning ngasmara.
Pupuh II
ASMARADANA
Ingkang
kinondha rumiyin pasallé ingkang wiwittan ameruhaken solahé, wong tumitah
ngalam dunnya, asallé saking ngapa, andikanné Kangjeng Rasul kang sapa wruh ing
sarira.
Sayekti
wruh ing Hyang Widdhi, pasthi ananning manungsa, kadis iku paréntahé, pan nora
kawasa ora, manungsa ngawruhana, iya kang tan nedya weruh, tan wruh babarring
kamulyan,
Lirring
kitab ahkammudin mengkana yén nana tannya, perlu endi upamanné, angawruhi ing
sarira, lan ngawruhi Hyang Suksma, sayekti wajib rumuhun angawruhi ing sarira.
Ingkang
wus kasebut dalil purwa ananning manungsa, saking kodratting Hyang Mannon
katartantonning kukum, dinnadékken manungsa, saking toya ingkang nganduk kang
metu ing ngiga wekas,
Lawan
iya ping kalih, mijil saking tulang dhadha, kang wus kocap ing wartanné, kang
kitab hijadullibad subkana watangala, anitahken manungswéku duk tétéssing
sacumbana.
Purwa
tibanné kang manni, telannakkanni manungsa, ing patang puluh dinnanné, manni
owah dadi erah, kempel anéng panggonnan prapténg malih patang puluh, dinnanné
kodratting Pangéran,
Ing
kawan dasa ri malih, dadi daging kempel nulya, patang puluh dina mannéh, saking
kodratting Pangéran saksana pinnanjingngan eroh kalawan babalung, otot kulit
sarta nikmat,
Ginnatra
samya mepekki, sarat sipatting manungsa, miwah katartantohanné, lannang lan
wadon ginnatra, anulya tinulissan nenggih wawatessing ngumur, cendhak dawa wus
kinnarya.
Nulya
tinulissan malih, rêjekinné ginnantungngan cilaka miwah begjanné, mulus ina
ginnantungngan néng jro garbanning biyang, sapraptanning mangsannipun sangang
wulan myang sadasa.
Miwah
wolun sami, dandannan kang sinnaossan kang kocap ing kitab tassréh, sirah iku
kang sinungngan saubengngé tengngah, babalung kang patang puluh, dénné kang
munggéng talingngan,
Kang
jaga ngerténni [8] budi, anampanni pamiyarsa, sinung pipitu ballungngé, miwah
saubengnging grana, lan sapangisorrira sarta saluhurring gulu, sinung babalung
cacahnya.
Nenggih
tigang dasa kalih, sasaka gulu sinungngan apan pipitu balungngé, kang ingaran
balung ngilam wujud namanné ika, cacah babalung pat likur, munggéng geger
ula-ula.
Lan
sakéhé badanniki, ginnebag babalungngira, rongngatus wolu cacahé ,
pinnaringngan otot samya, ingkang datanpa erah, pitungngatus telung puluh, roro
kawengku jro badan,
Otot
ingkang metu getih, wolungngatus pitung dasa, dénné ta cacahé kabéh, kang
kawengku jronning badan ngasibé tarngi lalat otot kalawan babalung, cacahé
jronning sarira.
Séwu
sangangngatus nenggih, sangang puluh lan titiga, punniku gagebagganné, ing
saben-saben satunggal tinnengga malaékat dadya séwu sagangngatus malaékat
jronning badan,
Lawan
sangang puluh katri, dénné kaol kang satengah, mung siji malaékatté, punnika
kang kabubuhan rumekséng ing dandannan jro badanning manungséku, mangkana
sawussing mongsa.
Metu
saking ibynéki, tumurun mring ngalam dunnya, sinungngan nugraha dénné, paningal
lan pamiyarsa, budi miwah wicara, pinnepekkan sadaya wus pinnaés paésan nikmat,
Pira-pira
yén kawilis kannikmattanning manungsa, umadeg lawan nurippé, pinunjulling
sasamanya, kang tumitah ing dunnya, mila undhangnging Jeng Rasul padha sukurra
ing nikmat,
Amung
kebo lawan sapi, unta kuldi kudandaka, iku kang kedhik nikmatté, pantes nora
micaraha, dokur nikmatting dunnya, paparing ngira Hyang Luhur, yén manungsa
wajib uga.
Éwa
mangkana tan kenni, lamun pepesthénné ala, dilalah nir ihtiyarré, milanné
tinnéda béda, sami-sami manungsa, kang kirang ihtiyarripun yékti kélangngan
darajad,
Upama
teles lan aking, pannas adhem peteng padhang, osik menneng upamanné, iku
rupanné ihtiyar, kang pannas iku iya, ngilangngaken nadhemmipun pannadhem
ngilangken pannas,
Menneng
ngilangngan nosik osik ngilangngaken ala, ingkang ala punnika, ngilangngaken
becikkipun marmanné ana ihtiyar.
Iktiyar
iku pamilih, kalamun miliha ala, yekti sato papadhanné,nora kenna winnicara,
marmanné pra manungsa, angimanna kang pitutur, aywa dadi satu kéwan,
Rungokna
ujarring dalil yekti kapanggih sadaya, jro dalil konno rasanné, aywa pépéka
dalu ya, pasthi amanggih sasar, barang solah tindak-tanduk dipun amrih karaharjan,
Éh
sagungngé wong bérbudi dipunnawas ing sarira, iku kannyatahan kabéh, apan
pira-pira polah, kang munggéng ing manungsa, wicarannen dipun émut dén prayitna
ingt sarira.
Yén
wong bodho tan ngawruhi, cacahé kang malaékat kang nganéng jro sariranné,
kiraman katibinnira, amung kang kinnawruhan Jeng Rasul undhang guguru, aywa tan
wruh ronning kamal.
Pupuh III
SINOM
Wawassen
sarirannira, pan punniku nglam sahir, pakumpullan sipattolah, suméndhé ing
ngalam kabir, apan tarik-tinnarik tetep-tinneteppan iku, barang saisinnira,
gaib karsanning Hyang Widdhi, lamun awas sayekti manggih kamulyan,
Amung
yén sampun pratéla, pangandikanné Jeng Nabi, Mukammaddinnil Mustapa, aywa cipta
riya kibir, manggih sisiku pasthi, yéku tan kenna winuwus yén sira annyiptaha,
punjul samanning dumadi, nerak sipat linnalékken purwannira.
Pan
sira wijilling kama, lemah daging lawan getih, liwat asor liwat andhap pan
sampun kocapping dalil barang kang mojud iki, kabéh kannyatahan tuhu, sennenning
jamallolah, aywa ta sira mungkirri, lamunnora nastiti kaserêng sasar.
Apan
ta sampun muktamad musannip Imam Bukari, tan karana siya-siya, Hyang Suksma
anda[11]dosken dasih, apan ambabarêppi, ananning manungsa iku, lan sakéhing
tumitah, manungsa luhur pribadi, yén dénnaku kajarah tur siya-siya.
Upama
sarirannira, mannikem ing saraknéki, mulyanning manikemmira, saking cahya kang
nyartanni, jroning mannikem iki, kang nora kenna winuwus jronning manikem
nyata, mung cahya nrus anglimputti, jaba jero kannan kéring kasorottan,
Ing
luhur miwah ing ngandhap cahya tan luput nyartanni, endi tan lamun bédaha, mung
paénné manuswéki, dénné mennang madhahi, maring cahya kang angnglimput apanniku
sannépa, yén mannikem iku sepi, tampa gawé dadi cangkokkingngibarat,
Saéngga
dadi paéssan lingngira Imam Bukari, cahya kang anéng jro kaca, dudu kaca kang
darbénni, sayekti kang ningalli, kang kang duwé cahya punniku, nanging yén
tannanaha, paéssan tan wruh cahyéki, tundha béma yénna mada angalemma.
Kabéh
iki kang katingal tanpaésaking purwéki,marma dadi kannyatahan yén sira yun
anningngalli, ing dat kang Maha Sukci, lékkenna nétranniréku, supaya tan
kasasar, aja gumingsirring yekti, pan manungsa dén émut ing telung pangkat,
Purwa
Adam saking lemah sira iki saking manni, saking getih kempel lawan daging
kempel ingkang dadi, liwat andhappiréki, i[12]ku pangkat kang rumuhun nuli sira
tumitah, sinung nikmatting ngaurip dipun émut saking ngasor dadinnira.
Lan
pira-pira kalilan daulat sajronning ngurip yén sira nora émutta, siya-siya ing
ngaurip pangkat kang tengah nenggih, iku gegedhénning ngéwuh, dénné pangkat
wekassan pan sira dén lebur mala, yén tan bisa ngulihken titippan,
Lamun
nora sasanguwa, patinnira tanpa kardi, marmaduk maksih néng dunnya, angrakitta
gawé becik yén nora duwé rakit dadi sato patinnipun cegahen nganniaya, aja
drengki aja sisip dunnya iki mung sacelérétting kilat,
Imam
Bukari ngandika, kempong pérot wus barindhil nanging dén busananni, ing busana
abra murup lan dén balonnyo atal sakedhap lirra rasundhi, tinemennan rasanné
sepa ké
Samongsa
cucul busana, tanpa gawé nini-nini, sinnandhing kaliwat nistha, tanpa kusur
kang ngrabénni, wong ngasih dunnya yekti, kakandhangngan tanpa kusur, dén
bobodho ing sétan dénné gelem anglakonni, wruh yén dunnya aglis rusak tanpa
karya.
Bonggan
gawé tinnemennan ingkang pantes dén temenni, amung sampurnanning pejah, dénné
gung tan dé watessi, dinnawulan warséki, langgeng tan kenna ing ngétung, ora
kethéna leksan tan unning sajronning pati, aywa kadi kang kocap rathu titiga.
Raja
Pirngon Raja Sadat Namrud kaping tiganéki, Sang Raja Sadat punnika, dénnira
madeg narpathi, agung karatonnéki, laminné rongngéwu taun langkung dénnya
misésa, wibawa tan mawa éling, pangngrasanné dudu kadadéyan kama.
Angrusak
ing pirang praja, ingkang pinrah bulubekti, gedhongngé tanpa wilangngan pirang
leksa pirang kethi, isi mas sosotyadi, kang samya di adi luhung, pan ratu
pira-pira, annekakaken ubekti, ing patinné ajiku raga garangngan,
Dunnyanné
nora dén gawa, karatonné wus dénnambil dénning pekir papariman annak putunné
tan dadi, dadya wong kési-ési, malah sami amimikut ngulatti upajiwa, iku
tambanné wong lali, nora montra nedya karya kabecikkan,
Imam
Bukari ngandika, mertaken sojarring dalil waman yak emal miskala, daratin kaéran
nenggih, ywa rathu tegesnéki, kang sapa wongngé punniku, agawé kabecik
satimbangngé pan pinnanggih, nadyan semut kang cilik pinnanggih uga.
Lan
malih waman yak emal nenggih miskaladaratin saranyarah tegessira, sing sapa
wongngé akardi, panggawé ala bénjing, satimbangngé pan tinnemu, semut cilik
punnika, agawéya pan kapanggih, pan mangkonno lire para raja.
Kang
sapa ngegungken raga, dénnya paraéntahing dasih, kurang ngadil kurang marta,
lali yén dadinning manni, tan prabéda purwéki, kalawan kawulannipun jer dudu
malaékat yén manungsa gedhé cilik, ratu sikep apan padha saking kama.
Mangsanné
ya rinnadamah, winnalik karsanning Widdhi, ratu-ratu ingkang samya, siya-siya
marangdasih, sedheng jagad winnalik ratuha kéh dadi semut kawula kang ngutama,
tan wennéh dadinné ugi, semut dadya anjoroganning kawula.
Tinnagih
maring sadaya,manungsa kang dén ratonni, miwah kang dén kanniaya, pan nana
ujarring dalil nenggih punniku dupi, wé lakumma ahlandukum éh sagung para raja,
kabéha gawéya becik aywa gawé kaprihatinnaning bala.
Annemu
weweléh sira, dadi piték iwén ugi, ayya nunutuh ing bénjang, manawi sira
kapéngin marang sagung para Ji, kang samya dil marténg wadu, pira-pira daulat
kannikmattan kang pinanggih, ambawonni kanikmattan wong sapraja.
Pan
punniku istingarah, saking gungngé mulyannéki, upama manungsa rucah, kang padha
agawé becik béda pamalesnéki, pan namung tikel sapuluh, yén rathu kalerêssan
dénnira akarya ngadil pamalessé tikel satus kang pinanggya.
Mila
Kangjeng Rasullulah, nalika sinniwéng dasih, angrakit karatonadya, sagung
sakabat para Ji, samya sumiwéng ngarsi, tuwin sakabat gegedhug kang sakawan tan
tebah, pan sarwi ngukum-ukummi, tanpa wilis umat kang nangkil sadaya.
Sabubarré
sinnéwaka, Jeng Rasul mring kebon naglis dénna angundhuh sekar, sarwi dén
kandhut pribadi, lawan kurmanniréki, pinnaringken garwannipun ingkang minongka
nipkah, turriku wakil sayekti, nora montra ngegungngaken kang sarira.
Utawi
kang para natha, lilullai pilngalami, wawayanganning Pangéran sajroning ngalam
punniki, lilulahi pilarli, wawayangnganning Hyang Ngagung, sajronning bumi ika,
yén sikara nora adil sayektinné dadi wawayangnganné sétan,
Éh
sagungnging para raja, kang mashur Imam Bukari, dén padha sukurring suksma,
réhning kinarya sisilih, malah teteppa ugi, paparing ngira Hyang Ngagung,
kamulyan lan kagungngan lawan ayywa anglakonni, ingkang dudu laku lalakonning
raja.
Utawi
panggawé ika, dinum ing tigang prakawis saprakara para raja, saprakara para
mantri, tan kenna liru kardi, sadumman marang wadya gung, dénné karyaning raja,
sarupa lan para nabi, angadilli asung mupangat sadaya.
Aywo
wah sipatting rahman lawan aywa malatti, marang kawulanning Ngalah, ratu
marmanné sinulih, rumeksa karyannéki, aywa kaliru ing pandum dursila ywa
ginannanjar, tinatrappan lawan adil dén pariksa ala becikking kawula.
Kang
akéh karyanné mapan ganjaranné dén kadukki, kang kedhik karyannéki, ywa kaduk
ganjarannéki, temah angrusak adil yénna ngungungnging ngapunggung, yén putus
sinnangkirna, iku panggawenning ngéblis kang dipun prih ratu padha kasasarra.
Laliya
ing karyannira, aja parêksi bérbudi, wruh ingkang panggawé sétan sipunggung
kang anjurungngi, ratu lilussayatin tegessé lapal punniku, ratu iku dadiya, iya
wawayangngané éblis aywa kongsi dadi wawayangnganning ngalah.
Mengkonno
karêpping sétan lan karyanning ratu nenggih, angreksa arta bétakmal lan
angngreksa annak yatin lawan aja ngrasanni, dunnya kurang saking séwu, dénning
bobotting ngemas aja kurang patang tail yén micara sorring patang tail nistha.
Yén
nistha dén mindengngenna, kekembangnging ngapes nenggih, suda darajatté mapan
ilang mulyaning Narpathi, pan ratu wus pinnilih, ing samasa méng tumuwuh, utama
ngundhakkenna, darajat aywa mlonglongngi, sidhang siring tannah ajam tannah
Ngarab,
Ngatassangin
tanah Ngarab tanah ajam bawah angin aywa tinggal ing watara, sapa tut pantes
dén kokki, barang pakartinnéki, saulah bawanning ratu, ratu ing tannah Arab lan
ratu ing bawah angin yén lisningnga nir supangat rasullolah.
Nanging
wajib udamamah, ing pitung kalawan sipir, ngélmu palak palakiyah, sagungnging
para narpathi, wruha salirring kardi, wirasat punniku perlu, kagungngan para
raja, ri sedhengngira sinniwi, milih wadya nyiptaha ngélmu wirasat,
Kalawan
ngélmu wiyapat aywa mang-mang maring dasih, mamantes bobotting karya, sayekti
yogya tinnarik sang kang para musannip wisarasat ngélmunning ratu, ingkang wus
kalampahan Imam Sapingi ngyekténni, nora kenna gothang kang manjing wirasat.
Karyanné
mantri punnika, ing sabennari ywa lali, wruha pakéwuhing praja, salirring kang
menneng osik wruha purwanning osik lan purwanning menneng iku, apa kang dadi
sarat upama panassing genni, saéngganné ratu malaratti praja.
Para
mantri apikirra, katurring Sri Narapathi, sayogya angrarapuwa, kalawan atur
kang mannis supaya nutting kapti; nnira kang ngamrih rahayu, asreppé sanagara,
aywa keras turriréki, atur keras iku nangékaken napas,
Yén
tan kenna ingaturran kang wus tétéla yén sisip para mantri samadaya, dén rêmpeg
tinggallen aglis aywa sira tunggonni, ratu kang mangkono iku, wus la batin
sétan nora kenna dén parêkki, anadénné sadumman karyanning wadya.
Angabekti
ing Naréndra, wediya ing para mantri, sumingkir panggawé salah, marêkki
panggawé becik aywa ngadonna-donni, adonna-don mring wong ngagung, gawé
rêksanning praja, kunneng pasal kang winnarni, kaping kalih dén awas babbé kang
wuntat.
Pupuh IV
PANGKUR
Réh
kapindo kang ing ngucap kang muktamad dénning Imam Bukari, wusnya wruh ing
badannipun énggal angawruhana, ing Pangéran kadim baka sipattipun haka
arjallapangaja, kagungngan Kang Maha Suci.
Kang
andadékaken marang, Nabi Adam mongka angulbasarri, bapakkanning manungséku,
sayekti Nabi Adam angulroki sayektinné Kangjeng Rasul bapakkanning roh sadaya,
murwéng ngalam sahir kabir.
Mongka
toh jalinning rahsa, kang waskitha mukmin kang sampun mukmin mongka toh
jalinning rasul wingit ingkang mangkana, dénné pekir Bokari pamintannipun kayapa yén pinnanggiya,
pinnardi lan akal langip,
Éh
sayogyaha mardiya, ampuhing tyas aywa kalawan langngip supayannira annemu,
sampurnanning kasidan mongka sapa kang nora wruh badannipun,
Sayekti
nora tumeka, aywa ngamungngaken akal kang langip dattira pattiréku, wawassen
gonning nyata, yén wus nemu dennajrih titining rasul pekir Bokari wasiyat dén
éling ing dalil kadis,
Ingkang
minongka balabar, man ngarapa napsahu bil panai, wakad ngarapa rabbahu, bil
bakai punnika, tegessipun sapa wruh ing ngawakkipun yén bénjing punnika sirna,
sayekti wruh ing Hyang Widdhi.
Lamun
langgeng datan rusak kadim ajal miwah kadil abadi, purwanning roh duk winnangun
mijil saking dattolah, roh ing Kangjeng Mustapa pan babonnipun nulya kang Nabi
sadaya, saking rasul gonning mijil,
Nulya
rohing para raja, nulya kang roh sagungnging para wali, kabéh saking cahya
rasul nulya kang roh sadaya, marma dipun éling sagung ratu-ratu, mulya luhur
purwannira, éman lamun nora adil,
Élingnga
purwanning kana, wus pinnilih rohé ginnawé dhingin kinarya mulya ing dangu,
béda lan rohing tumat sabongsa lan rohing Nabi aruruntung, kayapa yén
malébékka, dadi nampik sihing Widdhi.
Ing
pati nora sumringah, lamun ratu tan émut karyannéki, kang émutting karyannipun
luwih saking ing dunnya, kannikmattan kamulyan kagungngannipun ratu iku pan
rinneksa, saking purwanning dumadi.
Yén
annyambat amiminta, annedya anutuggi karsanéki, mring ngumat kang dudu ratu,
ingkang pinrih sinnambat iku ratu lali yén tinnitah ratu, pannedyanné jaluk
arja, sajatinné jaluk miskin,
Imam
Bukari ngandika, ratu iku tinnitah anéng bumi, padha abekti yéng ratu, éh
sakéhé wong dunnya, ratu iku apan minnongka dhudhukun sabarang kang nandhang
lara, kabéh prihatinning ngati.
Wajib
gubella ing raja, iku bisa nampurnaken prihatin ujer wus bubuwannipun among
isinning jagad ujer parêk iku lan Kang Maha Luhur, lirring badal kang sarira,
sinnambattanning prihatin,
Yén
ratu anyanyambatta, wring wong cilik dadi buwana balik ingkang ngasor dadi
luhur, yekti sira duraka, lan ratunné lali yén tinnitah ratu, angajarraken
malarat nyangkrahi dadalan pati.
Yogya
sami amardiya, ing ngaurip pan wus pacangngan pati, dénnya wus nampanni wahyu,
ing budi gonning nyata, budi iku ihtiyar busannanipun yén sira milih kang
ngala, pan dadi wahyunning ngéblis,
Apansitting
Pangéran nor adoh date kalawan budi, wruha yén Alahmukitun anglimputti sadaya,
ing kawula ngélmunné lan kodrattipun kadya upamanning iwak kang anéng
sajronning warih.
Ujudding
minna apana, ingkang pisah metu jabanning warih, kang sayekti minna iku, anéng
sajronning toya, lamunnana kang metu jabanning bannyu iku pépéka balasar,
kasasar kenna bilahi.
Wus
dadi bojanning sétan saking nora weruh sarirannéki, lan nora weruh ing
bannyu,marma dadi mangkana, kurang pamituhu andikanning rasul miwah dalil kang
muktamat padha agawéya becik,
Nyegaha
panggawé ala, pan mangkonno andikanné Jang Nabi, iku dadalan rahayu, urippé
prapténg pejah, nora ana sangsayannira tumuwuh, dunnya iku pan dadarran papasar
upamanné
Kang
adol atuku samya, maring pasar kang tunna lan kang bathi, ing pati adoh
tinnemu, marma aywa pépéka, nedya bathi supayanné nemu luput wong bérbudi wong
bériman lumuh tunna kudu bathi.
Pamituhunning
wawarta, ingkang dhawuh saking andika Nabi, paréntah Samyang guguru, miwah
angliwattana, tata sarak sakarêppé aywa luput kang marsudi mrih tumeka,
Kangjeng Rasul anjurungngi.
Purwéng
duta Nabi Adam wekasanning duta pan Kangjeng Nabi, tur pinnilih Jennengngipun
sami-sami kalipah, luhur dhéwé menggah ing serajattipun.
Kang
luhur darajattira, Abu Bakar Ngumar Ngusman lan Ngali, apan mung papat puniku,
gegedhug waliyollah, nora mulya suminggaha saking iku, kang amrih wruh ing
kasidan mumuriya kang sayekti.
Pekir
Bokari wawarta, samana kitab tatan biul hapilin tannah ajam ana ratu, aran
Prabu Sahriya, langkung dénning gagah prakosa dibya nung, angngréh para
raja-raja, tanpa lawanning ngajurit.
Sri
Maha Prabu Sahriya, sugih wadya agung karatonnéki, langkung dénning
kumalungkung, asih karêp mring dunnya pira-pira bulu bekti ingkang rawuh,
sektinné Prabu Sahriya, anging pépéka ing batin,
Dénnya
angréh para raja, supé marang sama saméng dumadi, dénnya gung karatonnipun nuju
sawiji dinna, Sang Ngaprabu Sahriya ngundhangngi sampun wadya sakuswa wahana,
mring jawi kitha abaris,
Undhang
samya papaéssan nganggé anggé kaprabonning ngajurit kikirap arsa andulu,
untabbing bala kuswa, jalu éstri sagung punggawa gung ngagung, untabbé tanpa
wilangngan kawula bala ngadili.
Tedhak
Sang Prabu Sahriya, tan pétungngan kadya robbing jaladri, atata kang baris
sagung, jejel ing ngara-ara, busannaning wadya lir prawata tunu, praptanné
Prabu Sahriya, sukéng tyas mulatting
dasih.
Kannan
kéring wuri ngarsa, sarta ingkang busannaning wadya Sri, gagaman sajuru-juru,
wau Prabu Sahriya, ginnarêbeg ing punggawa agung ngagung, Sang Natha munggéng
turongga, anggung mawanggungnging baris,
Ngandika
marang punggawa, ngendi ana para ratu nimbangngi, gedhénné karatonningsun lan
gungngé wadyanning wang, sapa wanni angalap karatonningsun ing samengko
sapanongga, bobotting prang lawan mami.
Sang
Prabu arsa tumedhak mring tatarub ing ngayap pra dipathi, ana pekir miskin
rawuh, busana tatamballan kulu-kulu keluwuk ulatté sebut praptanné ngulukki
salam nanging nora dén sahurri.
Nyandhak
kendhalinning kuda, pan ing ngandheg lampahé sang Narpathi, punggawa cingak
andulu, kéré ngendi marganya, ala temen batur kang baris punniku, wong mengkono
kongsi prapta, ing ngarsanning Narapathi.
Dénné
nora dén babayang, iku akéh prawira para mantri, kang nindhihi barissipun éh
iya pijer apa, Sri Bupathi langkung duka sarwi muwus éh sidir wis tanpa ngrasa,
wanni parêk lawan mami.
Lah
ta apa karyannira, punang derwis alon dénnya nahurri, sarwi nyandhak bahunnipun
tinnelungken Sang Natha, binnisikkan asung warta karyannipun malakul maot
panningwang, amundhut nyawanniré
Dupi
miyarsa Naréndra, pan gumeter dharodhok matur aris yén kénging amba umatur,
mangké yén mantuk ingwang, mring kadhatonsakarsannira ing ngriku, kawula arsa
memekas maring annak amba é
Kalawan
narsa nannedha, apurané sagungnging bala sami, kang wonten sak mannahipun margi
saking kawula, pan kongsiya annedha apurannipun malakul maot angngucap éh tan
kenna kosambatti.
Ing
mengko iki kéwala, pijer apa sira duk wingngi uni, liwat saking kumprung
pengngung, cubluk datanpa nalar, lagi mengkono éling salawas lawasmu, katungkul
ulah wibawa, lali lamun ana pati.
Wus
tinnarik nulya tiba, saking kuda sang Prabu wus ngemasi, gégér oter kang wadya
gung, lamun ratunné pejah, bilulungngan swaranning tangis gumuruh,
tanbuh-tanbuh solahira, baris bubar anglut tangis,
Pan
kadi kiyamat suhra, samya tunjang tinunjang langkung ngajrih, musna tannana
kadulu, wau kang mindha-mindha, Sang Ngaprabu Sahriya karatonnipun nagaranné
wus dénnalap maring pekir liyan nagri.
Marma
rasul undhang ngundhang, dén prayitna tan wurung nemu pati, yén éling manungsa
iku, ing pati pan utama, sinung mulya ing Hyang sabab élingngipun kang sinung
pakéwuhira, iya sabab saking lali.
Aywa
na mungkirring warta, wonten dalil pakngalun limayurid utawi Alah Maha Gung,
gawé sakarsannira, sayogyanné manungsa samya mituhu, barang karsanning Pangéran
kang wus kocap jronning dalil,
Miwah
kadis rasulollah, poma-poma mituhuwa sayekti, karana sagungnging ngélmu, kang
sah catur makripat noranana liya marga saking rasul kang nedya mulya kamulyan
waspada prapténg sayekti.
Pupuh V
KINANTHI
Kinanthi
bab kaping telu, annyatakken sayekti, tingkah kang ngawassing dunnya, uripping
manungsa iki, wruha panujunning nugraha, kang awas wruh ing pamilih.
Kang
urippanning dunnyéku, tan kenna yén ginugonni, sapa ingkang nedya waras sapisan
ning dunnya iki, tan wandé amanggih papa, karan dunnya puniki.
Lir
wisma munggéng marga gung, palérénnan wong lumaris nanging ta pinajang pajang,
rinna rênga ing sarwadi, miwah gungnging pasugata, kang darbé wisma naossi.
Destun
temen kumprung pengngung, karasan lérénning margi, tur iku duwékking liyan dudu
sira kang duwénni, pijer karasannéng marga, tinundhung tan wurung mulih.
Yén
mulih nora sesangngu, kayapa solahiréki, wekassanné duka cipta, sayektinné
sothal-sathil sedih tinnagih ing ngutang, pan sira duk sinung urip,
Sinung
kamurahan agung, titippan dén rumakti, durjana ing badannira, tinungkullaken
ing ngéblis linnaléken saking hawa, nepsunné kang dén ubungngi.
Aywan
ati balilu, pan dadi kuthanning éblis dunnya iku pan jalarran mungguh manungsa
bérbudi, gonning ngarip lawan makrup kaollé Imam Bukari, gonning wong agawé
ngamal gedhé cilik ala becik utama kang margi dunnya, kawruhing dandanan
pasthi.
Kang
datan margéng dunnyéku, malaékat lawan ejim nora katémpéllan coba,
darajattipunning bénjing, sayekti luhur manungsa, miwah pahalanniré
Ingkang
kya wus jisimmalus marma tan mindhak ing bénjing, ing mangké kang misih wadhag
nenggih alussé ing bénjing, luwih saking malaékat mulyané pan luhur jalmi.
Karana
kang dunnya mashur, mungguh wong kang ahli budi, dadi pancaddan kamulyan dadi
pancaddan bilahi, mungguh kang cekak budinya, dunnya iku bilaé
Éh
éling ngéling dén émut kaollé Imam Bukari, dunnya iku kadi rahsanning bapa kang
munggéng sulbi, lan rasa kang munggéng biyang, duk misih annéng rahmanni.
Mongsa
ta wandéya metu, pacampuhing rahsa kalih, ing nalika dadi warna, lairring kang
jabang bayi, prapta ing jaman wasitah, tan wus awekassan kubri.
Anapon
kang bijaksanung, kakin saéngga bérbudi, annelassaken dadalan kang luwih
adohdén rukti, kang luwih éwuh dén jongka, supaya dadi lestari.
Wong
ngurip prihatin sangu, sangu kang ginnawa mulih, nora tolih dukking marga, daulat
dén ati-yati, titippan umur dén rêksa, kang yogya sangunné
Upama
wong kenna pengngung, kerasanning datteng margi, tontonnen kéhing daulat tan
mikir dangunné mulih, sengsem abotté mrih arta, nepsunné dén karatonni.
Sétanné
kang ambibingngung, ambubungah narik sisip karêm kamulyanning dunnya, aywa
kongsi sangu mulih, katungkul anutting hawa, dadiya kanthinning ngéblis,
Kutama
kang ngamrih luhur, méngotan karêmming margi, kang pinrihatinken mapan jagad
kang tang owah gingsir, langgeng kang parlu rinnasa, titinné angennya puri.
Aywa
ta kenna ing kumprung, pépéka tan wruh ing wésthi, nutting sasar ambelasar,
mangsanné nikmat winniris wong bingngung nora kadumman kariha ngemut dariji.
Nunutuh
pijer katungkul kadunnyan kang dén karêmmi, kasép nora ngalap warta, duk anéng
dunnyanniréki, temah ageng duka cipta, dadi réréwangngannéblis,
Sayekti
dunnya punniku, lir wong wadon sundellanjing, yén wong bérbudi tannarsa,
amengku wong sundellanji, kang dén bobodho kéwala, si penggung kudu ngawin,
Sawusnya
denningkah bésuk nora wurung balénjanni, wonglodhog kang balasarran nora kenna
dén tambanni, destun pengungngé kang ningkah, kaya norana pinilih.
Apan
manungsa sawus sinung, ihtiyar dénning Hyang Widdhi, pagénné amilih ala, tan
welas badanniréki, éh éling éling wong dunnya pan samya angati-yati.
Pasal
kaping pat winuwus nyatakken wekassing ngurip myang nalika maottira, wonten
dalil kulunapsin daikatul maottira, sagung wak-kawakkanniki.
Kabéh
angrasanni lampus miwah ta ing kaol malih, pan kulumman ngalaé pan miwah
wayabkaan nenggih, lawan wajahu rabbika, lawan malih taduljalali.
Walikram
panjawabbipun sagungnging sawiji-wiji, iku kabéh padha rusak amung dattira
Hyang Widdhi, langgeng datan kenna rusak sipat jalal kang duwé
Miwah
kang mulya Maha Gung, apan ing dunnya punniki, dhinnapur kang rong prakara,
sawiji manungsa nenggih, kang bodho iku cilaka, paparingngira Hyang Widdhi.
Tambuh
mring ihtiyarripun sihing dunnya nora éling, kapindho manungsa ingkang, bérbudi
begja sayekti, dénnya wruh kang batal rusak wruh kang langgeng nora gingsir.
Dadya
wan ing tindakkipun lawan tindakking sayekti, awéwéka barangkarya, ana pantes
dén karêmmi, ana ora kang binuwang, pan wahyu punniku budi.
Ihtiyar
busannanipun lamun tan busana pesthi, barang karya tanpa dadya, kang musannip
wanti-wanti, dén wruh satrunning ngakérat lawan kanthinning ngaurip,
Pan
innama amwalakum waoladukum anenggih, ngaduwullakum punnika, tegessé
artanniréki, tuwin lawan annakkira, pan dadi satru ing ngakir.
Dadi
witnah yén tan wruh, ing tindak nampik amilih, dadi kanthi yén waspada, rakit
pannampik pamilih, mila sagungnging kukuma, semut dénnya masiyatti.
Wisarannen
kang satuhu, dénnawas nampik amilih, kang yogya dadya dandannan ing ngawal kang
prapténg ngakir, supayanné sampurnaha, wéh mulya tindak kang mannis.
Pupuh VI
DHANDHANGGULA
Saking
kitab tanbihul hapilin pasal kaping lima winnarnaha, nyatakaken darajatté, kang
para ratu-ratu, purwannipun kang Maha Sukci, akarya Nabi Adam siti kang
cinnampur, lolokongngé bumi mekah, lan ing taip dadya tapel kang kinnardi,
sisilihing kalipah.
Malaékat
samya amaonni, aturrira pannangur kawula, kang dadya kalipahé asor Adam
punniku, asallipun saking nging siti, pan luhur asal amba, kinnarsakna patit
babadal kalipattolah, purwa luhur pan tuwan karsakken dhingin pun Adam sepuh
amba.
Kodratting
Hyang tan kenna pinanci, tapel adam pinnanjingngan nyawa, nurbuwahing
karatonné, cendhakké kang winuwus roroncénné datan pinnikir, wedallé babu kawa,
maksih néng swarga gung, kinnarya rupak kéwala, muhung gunnénéng kusniya
malébérri, dénnira madheg natha.
Nenggih
séwu limangngatus warsi, jronning kitab kisasul ambiya, Jeng Nabi Adam
jenengngé, cacahing annak putu, amung ingkang dipun ratonni. Sadaya pitung
leksa, babarring nak putu, buyut canggah saturunnya, wewengkonnya ing kusniya
malébarri, nagri wus sinung rahmat,
Samya
suka kang dipun ratonni, wadya anak putunné sadaya, kéh suka saking artanné,
nikmat daulattagung,lan penggawé kang becik-becik drajat lan papangannan sadaya
rahayu, wong sawiji nora nana, duka cipta; ingukummaken lannadil tannana
kasangsaya.
Kangjeng
Nabi pan apandhé wesi, angambillapi saking naraka, tinnawa ping séwu kéhé, kang
mongka dhaharripun saking tapak asta pribadi, ajeggé anéng dunnya, déréng
dhahar tuwuk lan déréng micara suka, ing nalika mangkana jengngira Nabi,
angngangé kukumellan,
Yén
pinnarêk enggonné kang sepi, wadya anak putunné sadaya, ing sabennari
praptanné, prasamya atur-ratur, dhadhaharran kalawan malih, busana adi mulya,
warna-warna katur, nanging kang rama tannarsa, éca kéndel nalika iku prihatin,
putra samya turrira.
Rama
Prabu paran karsannéki, punnapa kang ardayanning cipta amba yun wruha artinné,
kang rama ngandika rum wruhannira sunniki dhingngin duk kinnarya kalipak, néng
langit kapitu, nuju ana dosanning wang, tinurunken neng kusniya malabérri, dadi
wong ngalam dunnya.
Angratonni
anak putu mami, marmanningsun nora duwé suka, ingsun cegah sapatutté, bok
thompa karyanningsun angratonni ing sira iki, yén kaluputtanning wang, tan
pariksa ingsun yakti annemu duduka, baya-baya ingsun dén dhunnaken malih,
maring bumi kasapta.
Kaya
apa yén kongsi ya mami, angekéhenna suka ing driya, miwah pamicara juwéh, ilang
sennenning ratu, murwattipun tannana kari, mangkana nabi Adam, milihi prasunu,
kang pantes dadi kalipah, piniliyan pannamung antuk kakalih, putra kang
bijaksana.
Kang
ngatuwa nenggih Nabi Esis pinarinngngan nurbuwah sinrahan darajat kannabéhanné,
kang anom Kayumutu, Nabi Esis kang dén paringngi, kitan amurukkenna, marang
manuswéku, Kayumutu pinnaringngan pan sinrahan karaton baurêkséki, marang
isinné jagad,
Nabi
Adam angangkat putréki, Kayumutu ingadegken raja, sinrahan adil kukummé rumeksa
isinnipun kang tinnatahan ing bumi, pangarêpan manungsa, Prabu Kayumutu, éh
éling ngéling wong dunnya, nora nana gedhénné pakéwuhiku, nurbuwah lan kukumah.
Nurbuwah
pan witting para Nabi, mituturri mring sakéhing ngumat murih sah lan pakéwuhé,
lawan kukumah iku, karyanning kang para Narpathi, para Nabi kang ngiras samya
madeg rathu, Nabi Adam Nabi Musa, Nabi Yusup Nabi Dawud lan putréki, nenggih
Nabi Suléman,
Miwah
Jeng Nabi Mukammadinnil Mustapa ngiras karaton nadya, rong prakara ing
karyanné, dhihin kannabénnipun, anekakken pitutur wajib pindha karatonnira, iya
samya perlu, pituturring wadya samya, supayanné para rathu wuri-wuri, padha
anuttiruwa.
Para
nabi lan para Narpathi,undha usukké pakaryannira, sotya roro upamanné, malih
samya jininnipun luwih akéh reganné kalih, karo wajib rinneksa, éh kang para
ratu, Imam Bukari wasiyat dén prayitna luwih gung pakéwuh iki, Nabi lan para
Natha.
Tedhakking
ngayat mashurring dalil éling ngéling sagungnging wong dunnya, poma abektiya
dénné, marang kang Maha Luhur, kapindhonné mring Kangjeng Nabi, kaping tiga
bektiya, maring para ratu, kalipahing rasullullah, bekti ratu prasasat sira
ngabekti, ing Kangjeng Rasullullah.
Éh
wong dunnya wajibbing ngaurip anurutta paréntahing raja, nurut rasul
papadhanné, antuk supangattipun nanging aja sira lakonni, yén ratu ngannihaya,
lali tindakkipun sayekti sira mungkirra, nora dosa naming metuha dénnaglis
saking nagrinné
Nanging
wenang uga anurutti, ngandikanné ratu ngannihaya, aja nurut penggawénné, yén
uga nota turut medhottaken sirah sayekti, yén tinnitah kalipah, pakéwuh tinurut
iku rusakking nagara, lamun ratu tan kandel ing balanéki, pindha barang
pakarya.
Karantonné
nenggih, kang tinurut saking para iman pinnaido pandulunné, dudu karyaning
ratu, lali lamun wakil Hyang Widdhi, mutahken getihira, tan nujonni kukum iku
ratu satrunning Hyang nora arus pasthi nemu nora becik rusak jagaddé rêngka.
Yén
getih wutah kelawan adil nora dadi rêngkanning praja, yén wutah luput adillé,
pan gegedhénning ngéwuh, lawan gegedhénning bilahi, anggerré getih wutah, pan
ora dén étung, wong ngagung lan wong urakkan wutahing rah pasthi annyarangngi
bumi, utama sinninggahan,
Lamun
ora ambédken nenggih, antaranné becik lawan ala, duraka karo karonné, dosa gung
pangréh luput ingkang rinnéh doso gung sami, marma Bukari Imam amredi pitutur,
kang wong bérbudi sadaya, ngawruhana pakartinning para Nabi, myang pakartinning
raja.
Miwah
pakartinning para wali, ingkang samya angiras Naréndra, yogya kinnawruhan
kabéh, supayanné annemu, pari polah ingkang lestari, pan iku sadarajat ing réh
kang tiniru, tutular murwat darajat nadyan rasul punniku Nabi sinnelir, yén ana
tindak yogya.
Ingkang
sami kaliwat ing ngunni, ngunni- unni sakéhing saréngat kang pantes dén
misihaké, kunneng malih winuwus malar dadi ngibarat sami, duk Kangjeng Nabi
Musa, ingadekken ratu, anéng ing Mesir nagara, kinumpulken manungsa jro nagri
Mesir, tinniban ing paré
Pan
rong pangkat paréntahiréki, kang sapangkat kannabéyannira, kang sapangkat
karatonné, apanning jaman iku, nagri bétal Mukadas nenggih, kang tinut dadi
kéblating saréngattipun nenggih Masjiddilakessa, ing punniku méh rinusak ing
wong kapir, nama Sang Ngamalakah.
Prabu
Nabi Musa angundhangngi, umat siyaga kaprabonning prang, éh wong Mesir
sadayanné, rong prakara lakumu, karo wajib sira
lakonni, dhingin kannabénning wang, lan karatonningsun wong bongga
karatonning wang, lawan mungkir ing Nabi saréngat mami, iku sah pinaténnan,
Tan
pitungngan balané Jeng Nabi, ngadeggaken sénapathi rolas binubuwan kang
sijinné, wadya rong ngatus séwu lan rong puluh éwu wong siji, sénapathi rowelas
sami balannipun siji sénapathi tuwa, pamungkassing bicara sor-sorran Patih, Séh
Nakit namannira.
Iku
ingkang angembanni jangji, ing ganjaran kalawan siyasat Séh Nakib pamugarinné,
Yusak Papatihipun budhallira wadya Jeng Nabi, kadi jagad prakempa, gonjing
prabatarug nglurug mring Betal Mukadas saha bala lannang wadon gedhé cilik
tumut magutting ngaprang.
Ing
punniku lampahé Jeng Nabi, datannarsa amawi wahana, dharat salami lamine, lamun
kalanning dalu, punggawanné samya naossi, pasanggrahan tannarsa,
pangandikannipun éh wong pekir aja susah, luwih gedhé ing panggawénnira iki,
angarêppakennaprang.
Ingsun
datannarsa ngérégonni, angingiras panggawéyannira, kang maring ingngingsun
dhéwé, mannawa sudabésuk otottira tempuhing jurit akéh karinget medal saking
karsanningsun, sok agawé pasanggrahan dukking marga ingsun tan bisa nengngerri,
sudanné ing prangngira.
Ingsun
néndra kalanné ing margi, lan santosanné ing tyas kéwala, aja kongsi dadi gawé,
malah dhadhamparringsun iya ora arsa nglungguhi, yén durung tempuhing para
raja.
Ing
rong prakara timbangngé sami obahing pedhang; obahing kalam yéku gunggungngin
panggawé, mungguhing ratu-ratu, nora ana ingkang ngluwihi, saking oabhing
pedhang, lawan kalammipun nanging pedhangngipun nora, bisa ngobahaken ing
kalampunniki, amung kalam kang bisa.
Ngobahaken
ing pedhang sayekti, panggawénning pedhang saking kalam anglakokaken lakunné,
pedhang darma lumaku, saking kalam purwa lumaris kalam bisa lumampah, lan
pribadinnipun Imam Bukari wasiyat éling ngéling para ratu dipun éling, dén wruh
gawénning karya.
Kalannira
Nabi Musa nenggih, karatonné tigang dasa warsa, lan sangang warsa punjullé,
Kangjeng Nabi tannayun angliwatti wong bani Srail pungawa sabendinna dhaharran
sarêng lan abdi, sajeggé pan mangkana.
Imam
Bukari pitutur malih, Nabi Yusup duk madeg Naréndra, iya Mesir kadhatonné,
nanging jaman kang kantun Nabi Musa; Yusup rumiyin antara pira-pira, kang
jumeneng ratu, nabi Yusup jenengngira, ing nalika sinniwéng kang pra Dipathi,
munggéng dhampar mutyara.
Munggéng
ngarsa para kukumadi, lan ngulama pungawa kinnarya, kadang sawelas cacahé,
kanan kéring génnipun pan sadaya wus dadya Nabi, angiras hulu balang, ngira
Nabi Yusup saben anggitik nagara, kapir mungsuh para kadang kang nindakki, syuh
sagung kapir bongga.
Sawelas
pisan kadang Jeng Nabi, kadigdayanné sami apetak lir gunung guntur swaranné, ya
dénné prennah buyut iku saking Nabi Ibrahim sadaya sinnarita, lamun bébéttipun
Nabi Brahim pinnaringngan bisa petak kadi angrubuhna langit tannana
nimbangngana.
Ing
nalika iku Kangjeng Nabi, gerah wonda tinnom imbuh warna, lir wulan prapténg
bangunné, ora kenna cinnatur, ing pekikké Jengngira Nabi, saparo ngalam donnya,
kabagussannipun Nabi Yusup kang ginnanjar, saparonné dinum sagung manungséki,
marma kalintang-lintang.
Wadya
balanné tannana agring, samangsané séwaka tumingngal marang cahyanné ratunné,
waluya sakittipun miwah rama ibunniréki, dahat tan saged pisah, ing
saharinnipun tuhu kakasihing suksma, duk punniku pungawa samya wot sari, gusti
punnapa marma.
Sarira
dalem langkung angnglentih, punnapa kang wiyadinning driya, gung wadya onneng
driyanné, yun wruh purwakannipun Kangjeng Nabi ngandika aris éh sagung
balanning wang, wruhannira iku, kang dadi kuwatirring wang, iya saking gedhénné
ing karya mami, dadi kalipattolah.
Pitulas
warsa ngong madeg aji, durung ingsun amarêggi pangan iya saking sadinnanné,
mannawa kang katempuh, kabéh wong kang ngratu ing mami, siji anaha kang sak
katempuhan ingsun mannawa na kurang mangngan wong sawiji sajronning karaton
mami, tiwas ingsun katempuh.
Manungsa
jro nagri Mesir iki, yén sun ora ngawakki priyongga, mariksa ing sadinnanné,
mung ngandellaken ingsun pangayunnan bésuk éh Yusup karatonnira, dukking dunnya
apa wus sira lakonni, tata titi pariksa.
Endi
silih kang sira kawruhi, suker gampangngé karatonnira, paran sahurringsun
tembé, dénné ta raganningsun iya ora mider pribadi, bok ana tan kawruhan jro
karaton ingsun marma sun bélanni lapa, amung roti gandum sadinna sawiji, wadya
dheku sadaya.
Ika
yakti ratat kala nabi, Dawud pinnarêk pangkat karatyan sinniwaka ing wadyanné,
paréntahé awéh kukum mring sakéhé balanniréki, sarwi madhepping kéblat ngadheg
Nabi Dawud ing madyanning pangimannan salat kalig rêkangat salam anuli, nenedha
ing Pangéran,
Ya
ilaihi kang ngamaha succi, kang aparing ing karaton amba, kinnon bau rêksa
kabéh, marang kawulannipun amba nedha kalalna malih, rijeki saking tuwan ing
sadintennipun darapon ingkang katedha, sampun kongsi pamedalling kang nagari,
mannawa siya-siya.
Tinarima
pandonganning Nabi, katedhakkan pinnaringngan ayat mukjijat ing pakartinné,
dhawuh ingkang pamuruk tangannira iku, wesi iku dadi malam ing nalika sawissé
dadi kulambi, pulih malih wesinya.
Wus
mangkana pakartinning Nabi, kasubbu mintara pirang praja, jabirah dawud
lokanné, jabirah iku uruh, uruh wesi dadi kulambi, kathah kang amilala, sagung
para ratu, miwab balanné kang samya, kinnalambén wesi karyanné pribadi,
prajurit hulu balang.
Pan
punnika dadi dhaharnéki, wonten malih ika yakti kitab Ihlakul Mursalin ranné,
duk kala jennengngipun Kangjeng Nabi Sulémannadi, karatonné misésa, ing saisinnipun
bantala miwah akasa, sorring langit kang ana luhurring bumi, kawengku
sadayanya.
Nadyan
mégamendhung lawan angin pan angratu Jeng Nabi Suléman mangkana ing nalikanné,
sinniwéng para ratu, ratunning kang sarwa kumelip sakutu walang taga, sumiwi
tan kantun miwah kang bala manungsa, tan pétungngan Jeng Nabi akon akardi,
kendhil gedhé
Kira-kira
kendhil kang sawiji, amotta beras sapuluh unta, aywa kurang satakerré, angliwet
saben ésuk, Bupati pra ratu, undhang samya bekta pinggan emas kang mongka
ajangngé bukti, munggéng ing pannangkillan,
Kendhillé
séwu sadinna ping kalih, kang kinarya ingonning wong séba, pametunné nagaranné,
kinnarya ingonnipun dénné dhaharripun pribadi, pan saking tapak tangan gonning
ngannam wakul ing ngutus adol mring pasar, sapa yunné kang dadi dhahar Jeng
Nabi, yén dhahar angupaya.
Pekir
miskin ingngajakkan bukti, nora dhahar yén ora manggiya, pekir miskin
pambukanné, antara siyammipun ing nalika malih Jeng Nabi, Suléman duk pinnarak
dhadhampar jumerut sarwi sinnongsongngan méga, dhadhamparré rinnarom padénning
ngangin luhurré
Ingayapping
ratu-ratunning jin miwah sagung lelembat sadaya, tuwin bala manungsanné,
kinnalang dénning mendhung, rinna wengi mega mayungngi, wadya kang anéng dharat
sadaya samya hub wong sawiji nora kenna, dénning panas ameng-ngameng Kangjeng
Nabi, ngambah ing tanah Arab,
Praténg
paminggir Mekah nagari, ana pekir satunggal kang mulat sarwi alon pangungunné,
oalah Kang Maha Gung, luwih temen kang dén paringngi, kagungngan lan kamulyan
mring putranné Dawud Nabi Suléman miyarsa, sru ngandika éh angin udhunna mami,
sun temonnanné
Pekir
miskin angrasanni mami, dyan lumarap sengkudding maruta, dhadhampar binnekta
ngémpér, uluk salam Sang Prabu, sinnahurran Jeng Nabi aris éh pekir miskin sapa
ingkang, sira wuwus mau, pekir alon wuwussira, amba muwus kagungannira Hyang
Widdhi, nikmat lawan kagungngan,
Kang
sinungken ing tuwan punniki, angluwihi ing karaton tuwan Nabi aris timballanné,
éh pekir sira iku, yén ngucappa subkannalahi, lailaha ilelah, prapténg tegessipun
ing jaman kapaténnira, tikel séwu lan kamukténnira bénjing, sayekti mukti sira.
Tinimbang
lan muktinningsun iki, nanging dunnya iki nuli rusak yén tan benner pratikellé,
ing jaman langgeng tutug gitik terus mukmin kang mukmin kunneng kang cinnarita,
kalipah kang ngagung, ratunning para ambiya, kang nurring ngrat lalakonné
Kangjeng Nabi, rasul karatonnira.
Pira-pira
karatonné réki, mashur saking pirang-pirang pangkat kang kawengku karatonné,
sinung wisésa umum wakilling Hyang pupuh, badhéndhali kang sapontha,
sapanthanné sakabat nama Ki Kalid prawira wijilling prang.
Pupuh VII
MIJIL
Duk
papara nalika Kajeng Nabi, amangun kaprabon saha wadya sawég ing gawé, tapa
wilis balannira Nabi, Kalid lawan Ngali. Sénapathinnipun,
Yénna
pisah wadya umat Nabi, saking panthan roro, kinnarsakaken sagung barissé,
sowang sowang pan samantri-mantri, mangkana Jeng Nabi, wau budhallipun,
Angluruggi
mring kapir kang mungkir, ing ngagama kaot kadya robbing hérnawa balanné,
busana sri kadya parwatagni, mangkana Jeng Nabi, nyimpang lampahipun,
Mung
Bagéndha Ngumar kang tutwuri, kang putra tinninjo, Sithi Pathimah wonten
gerahé, wadya gung tannana ngudannenni, lampahé Jeng Nabi, prapténg
wismannipun,
Ingkang
putra tinnebah kang kori, wruh umatur alon tuwan tedhak wontentarécéngngé,
rasul ngandika iya mung siji, pamannira iki, Ngumar ingkang milu.
Iya
apata sira idinni, miluwa maring jro, Sithi Pathimah alon aturré, kadi punnapa
kéngingnga manjing, paman Numar ugi, dé amba pukulun,
Botenna
nganggé wastra kakalih, pan namung sawiyos éwed angén kula nutuppaké, katutupna
sirah ngandhap kéksi, ngandhap dén tutuppi, ing nginggil kadulu.
Kangjeng
Rasul serbanné nulya glis nguncalken maring jro, iku nini tutuppena agé, wus
cinnandhak mring putra nulya glis sigra ngancaranni, kang rama tumaduk,
Lawan
Bagéndha Ngumar tan kari, sapraptanniréng jro, Kangjeng Rasul lon timballanné,
éh putréngsun Yakur rétungénni, amratupu adi, pagénné siré
Tanpa
lémék dénnira aguling, kang putra wot sinnom saking boten darbé lélémékké,
marma amba sakit kang dadya wit saking tan ambukti, sampun tigang dalu.
Miwah
rama tan anginum warih, nipkahipun towong, putra tuwan inggih pangluruggé,
Kangjeng Rasul mésem ngandika ris iya annak mami, dermi Hyang Kang Ngagung.
Angasihi
wong sabar bilahi, lanning coba momot laku iku tannana timbangngé, ingsun iki
pan tinnitah Nabi, kalipahing bumi, ingutus pitutur.
Sayektinné
ingsun kang ngakardi, nak ingsun darapon sinungngan sabar ing dunnyanné, iku
nini kapatén dadi wit malarat saiki, bésuk tikel sé
Yainnallaha
amangassabirin lapal kang mangkono, pan kakullah sarta lan sabarré, dénnarila
ing kukummullahi, duka cipta mangkin manggih tikel sé
Ngawruhana
wong kang sinung urip ing sabar darapon amanggiha kamulyan ing tembé,
lulurinnen lalakonning Nabi, tuwin para wali, miwah ratu-ratu.
Cacak
rasul kang jisim rokanni, prandénné mengkono, ngati-yati barang pratingkahé,
kunnvng ingkang tinnepéng palupi, sédanné Jeng Nabi, kang gumantya Prabu.
Amir
Mukminnin Bubakar Sidik kalipah kaprabon anglestarékaken paréntahé, Kangjeng
Nabi kang Muhkamaddinnil Mustapa sakéhing, nabi ratu-ratu.
Ing
nalika angukum-ukummi, wasiyat kaprabon lungguh annéng pangkat kalipahé, sagung
nayaka aglar sumiwi, tuwin mantri-mantri, kang geppé lestantun,
Sawussira
Abubakar Sidik sinniwéng kaprabon sabubarré annamur lampahé, adol sinjang mring
pasar pribadi, nipkah dén luluri,marang garwannipun,
Kaunningan
marang para mantri, yén laku mangkono, samya matur éh sangga gentinné,
rasullulah nayakanning bumi, lampah tuwan ugi punnika tanpa tut,
Tan
santosa kramanning Narpathi, dol sinjang ngamomor, ing kalipah asor darajatté,
Sultan Bubakar Didik nahurri, benner sira sami, ing karatonningsun,
Ingkang
wajib panningsun lakonni, réh maring kaprabon nipkah iki pan padha wajibbé, pan
duraka yén tinggallen siji, sapa kang nempuhi, mungguh nipkah ingsun,
Dadya
sagung nayaka ngruktenni, nipkah kang maring jro, saben ari agilir lebunné,
saking arta bétakmal kang manjing, Sultan Bukakarri, ing pakon kalakon yén
nistha atindakké prabunné, yekti nora santosa nglampahi, barang pakartinning,
kang mungguh ing ratu.
Ing
nalika méh sédanniréki, Abubakar kathong, wawasiyat nimballi putranné, putra
nama Ngabdul Rahman prapti, kinén sadéya glis pakebonnannipun,
Anggénnipun
annannem pribadi, kurma kang sakebon, kinnén angreksa nenggih putranné, marma
kinnén annebasna aglis bétakmal artéki, punnika sinnahur.
Kunnvng
ika yatduk sédannéki, Abubakar kathong, kang gumantya kalipahhollahé, Sayit
Ngumar Amirul Mukminnin lalakonné sami, punnika cinnatur.
Bagéndha
Ngumar nalika minggih, ing pangkat karaton sakabat kang mantri prawirandhér,
apan sarwi angukum ukummi, balannira pikir, atur nipkahipun,
Ing
Bagéndha Ngumar tanna tampi, angandika alon ingsun iki dadya kalipahé,
angratonni Madinnah nagari, myang sakanan kéring, kang praja gung ngagung.
Myang
sakéhé kang manutting Nabi, sagung para kathong, nanging ingsun aminta sukanné,
skabéhé bala-bala mami, nipkah ingsun mangkin maring garwanningsun,
Iku
ingsun awakki pribadi, tapak astanning ngong, aja dadi karyanning wadya kéh,
sawussingsun sinniwakéng dasih, angukum ukummi, lunga andonningsun,
Ing
kubur baka ngiring ing wukir, ing kana saenggon adoh kiwa iya pangonnanné,
ngong gawé bata ing saben ari, aywa na kuwatir, ingsun lérén wektu.
Sadadinné
winadé kang dadi, nipkah mring wadon pan mangkana Ngumar lalakonné, kunneng
sédanné Ngusma gumanti, kalipattollahi, wasiyatting rasul,
Sayit
Ngusman Amiril Mukminnin kalipah kaprabon ing nalika sinniwéng balanné, ing
pangkat prabu amaréntahi, sakéhing pakarti, ing kratonnipun,
Ing
nalika Jumungah ngunggahi, néng mimbar amaos muji ing Hyang Suksma lan Rasullé,
sasampunné sarwi angundhangngi, wong kang
anéng masjid dasih ing Hyang Luhur.
Padha
kawruhana ing sréki, ingkang luwih abot panggawé loro abot kabéhé, kang sawiji
pangawé Narpathi, lan nipkahing rabi, karo luwih é
Nora
kenna gothang kang sawiji, mungguhing kaprabon amicara kabéh pratingkahé, suker
gampangngé pakéwuh sami, liruwa prakawis liwat duraka gung.
Nipkahé
rabi yén tan nglakonni, pan iya mangkonno, kadi ngapasun angrangkep gawé, endi
nipkah endi paréntahi, liwat saking langip dé ing ngong wus sepuh.
Sayidinna
Ngali miyarsa glis andika mangkonno, wus dénnalar sarta pungawanné, saben ari
punggawa ngrukténni, lawan Bagéndha Li, sarêng katurripun,
Nipkahipun
ahli bét Sang Ngaji, umatur darapon nungkul lan ing réh karatonné, aywa ta
mikir nipkahing rabi, asung sun pakarti, ing karatonné
Saking
arta bétakmal kang manjing. Supaya ywa éwoh, santosa abarang pakartinné, ing
kalipah angukum ukummi, wisayanning bumi, pan ing Ngusman Prabu.
Wus
mangkana nalika parêkking, ngajalling Sang Kathong, pakebonnan tanduranné
dhéwé, tinnebasken kinnarya nahuri, nipkah dukking ngunni,kang ngagung
kapungkur.
Pupuh VIII
PANGKUR
Sédanné
Narpathi Ngusman Sayiddinna Ngali kang gumantya Ji, lestari wasiyattipun Rasul
nayakanning ngrat Bagéndha Li mituhu karatonnipun pangréhé ing raja-raja,
neteppi saréngat Nabi.
Langkung
ngardayanning driya, saking luwih éwuh karyanning ngaji, dénné tan kenna
kaliru, tinempuhan sajagad Prabu Sayiddina Ngali gung mangun kung.
Barubuh
ing tyas wiyoga, Sang Ngamiril Mukminnin Sayid Ngali, dénnya gunggungnging
pakéwuh, réhning kalipattollah, dadya Sultan Ngali mung galepung jagung,
sagegem ing saben siyang, kang dhinnahar datan luwih.
Ngunni
jenenggé kang rama, wus kinnarya surayanning ngajurit karbu prakosa dibya nung,
marma Ibnu Suraya, dukking ngriku déréng gering nganning kalbu. Ing mangkya
madeg kalipah, gengnging tyas ngunnandikanni.
Ing
nalika sinniwaka Sultan Kabir Mukminnin Sayid Ngali, ing pangkat kaprabonnipun
aglar para suraya, kukuma gungngulama jamhur ing ngayun ahli abat lan kutabah,
datan sah ngabyantara Ji.
Anuduh
kretinning jagad Sultan Kabir Mukminnin Sayid Ngali, agung papantarran Prabu,
kaprabon kang minulya, tanbihul pilin pakartinning rasul kusus tan kontapping
wadya, tur kabir ingkang mahmudin,
Legawa
tur parimarma,ing ngling Sultan Mahmudin Johral Karim Tabingut sahagyannipun
kapihim sannityasa, subkanalah rahmanni kagungngannipun marma mumuritan rawat
Sultan Sayiddinna Ngali.
[48]Tan
hér kang pekir tahniya, kawotting tyas busana angebekki, sumaringah sabiyantu,
bayanning morring sabda, sangsayanning wiwéka taman kacukup lok midagdéng
bumintara, Sultan Sayiddinna Ngali.
Ing
saben ari Jumungah, kang galepung jagung sagegem nenggih, munggéngnging tabut
jumerut kinunci cinnirénnan munggéng natarring masjid langkung ngakukuh, para
sakabat turrira, tuwan kalipattollahi.
Punnapa
pakarya tuwan kang galepung jagung sakojong iki, tuwan wadhahi barukut kinunci
cinnirénnan ingkang tabut jumerut langkung ngakukuh, sinten kang purun
nyolongnga, ing kagungngan
Lan
sinten kang kapénginna, dhahar dalem punnika tan marêggi, Sayiddinna Ngali
Prabu, alon wijilling sabda, nora nana manpangat kang ngambil iku, nanging
ingsun wedi uga, mring atmajanningsun kalih.
Kasan
Kusén bokmannawa, angungkabbi isinné dén salinni, kang ngana rahsanné iku,
palimarma maring wang, pan mangkana dhaharré salaminnipun saéngga prapténg
ngantaka, kaollé Imam Bukari.
Éh
wong dunnya kawruhana, lalakonné Narpathi para wali,pakaryanning ratu-ratu,
kang ngamayu ing jagad mangkonno pan luluri saking rahayu, kuneng malih
winursita, ika yatting Narapathi.
Ingkang
kadhaton Bahkedad Sultan Ngumar Ibbenu Ngabdul Ngajid ing mongka kataman
rahayu, ngadil saha legawa, luwih luhur darajatté ratu iku, kang sinniwi ing
Bahgedah marmanné dadi palupi.
Narpathi
Ibnu Suléman Sultan Ngumar Ibbenu Ngabdul Ngajid ing nalika madeg prabu,
anggenténni kang rama, miwah éyang titilar dunnyannira gung, awit saking buyut
canggah, dunnya kang anéng jro puri.
Mangkana
duk paparéntah Sultan Ngumar Ibbenu Ngabdul Ngajid amepak wadya bala gung,
pekir miskin kasiyan pan pinnarnah saenggonning prenahipun Sang Prabu miyossing
jaba, lan sagarwa putrané
Wontenning
prenah satunggal garwa putra wisma jawinning puri, mangkana paréntahipun pekir
miskin sadaya, kinnén jarah saisinning jro kadhaton nulya wadya sanagara,
kinnén jarah jronning puri.
Nanging
pedhang lan musakap sarwa niji mung iku dén wangenni, gumuruh maring kadhatun
ngambil sasuka-suka,pekir miskin sasukanné mondhong mikul angindhit amanggul
samya, tuwin wadya sanagari.
Sadinna-dinna
gumerah, angusungngi dunnya sadalem puri, wus mangkana telassipun para mantri
turrira, paran marma pratingkah tuwan punniku, ambuwang arta sosotya, punnapa
boten mubadir.
Ing
jaman wit urip tuwan lanning jaman pati tuwan ning bénjing, dénnya garwa putra
putu, dunnya suwung jro pura, boten sepen sakadar watawissipun caossanné kang
dinnahar, rayat sajronning puri.
Patih
Akmak aturrira, déréng wonten kadi tuwan punniki, éyang paduka myang buyut
samya asimpen arta, Sultan Ngumar Ngabdul Ngajid ngandika rum éh Patih Ahmak
kayapa, sira kuwatir ing mami.
Ingsun
kinnarya kalipah, temen-temen kakasihing Hyang Widdhi, yén maksih ginnanjar
umur, misih maeg Naréndra, mokal nora dénningonnana punniku, sapa ngan
panganning raja, saking rahmanning Hyang Widdhi.
Yénning
ngong kurang wicara, iya ana kang ingsun kawedénni, rong prakara ratu iku,
ingkang sawiji mulya, kang sawiji cilaka adeggé ratu, iku dén pasangngi dosa,
sinungkwo durakané
Apan
karsanning Hyang Suksma, ing pangéwannéwan kang gegedhiggi, ing jaman
kapaténnipun pinnasang raja-raja, kéhing ngala lan sakéh duraka muput kinnarya
sirahing bala, kapalanning dubilahi.
Iku
pinnasangnging raja, apan nora pinnasangngi wong cilik pangébattébat wong dulu,
iya siksanning raja, dénné ingkang kinnarya luwih mulya gung, pangéram-méram
wong mulat iya pinnasang narpathi.
Ganjarranné
ana-ana, timbangnganné liyanning para Nabi, amung ganjaranning ratu, éram kang
wong umiyat ngapénginni ing jaman kapaténnipun nora kenna tinniruwa, yén nora
para Nrapathi.
Iku
kang ginnawé mulya, mila ingsun ajrih kapati-pati, nora bisa tiruwéngsun
karatonniréng bapa, miwah karatonné éyang lawan buyut wus padha trah pamicara,
ingsun niki misih langip,
Pan
ratu-ratunning ngala, kang kapindho ratu-ratunning becik pan panggawé ala iku,
awit kirang wicara, saking bodho kang narik panggawé luput saking bérbudi
wicara, annarik panggawé becik,
Andheku
Kya Patih Ahmak wus mangkana antara lami-lami, suka sugih wadyannipun tan ana
kukurangngan wong sawiji apan nora ana iku, miwah ingkang duka cipta, mutabar
dunnya jro puri.
Dadya
sagung wadyannira, amicara lan sagung mantri-mantri, tuwin punggawa gung
ngagung, saking saking bathinné kathah, awit saking wedallé dunnya kadhatun
wong cilik luwih sadaya, kang sinandhang kang binukti.
Samya
kakarya sidekah, angingonni kang séba ing Narpathi, Ki Patih nampanni iku,
sadinna patang dirham ingaturken marang wau Sang Ngaprabu, ingolah sajronning
pura, padharanné Sri Bupathi.
Winnolan
sidekahira, lawan tapak astannira Narpathi, saking dénnira nanandur, angiras
saben dinna, dhahar lawan mantri punggawa gung-ngagung, tan kirang wong sajro
pura, rayatté Sang Nathéng Ngajid,
Imam
Bukari wasiyat éh wong dunnya éling-ngéling dénnéling, tuwin sagung ratu-ratu,
dén samya ngawruhana, saking lila darajatté dadi luhur, narima purwanning
mulya, kaollé Imam Bukari.
Éh
umat ingkang tinnitah, anénning dunnya kakasihinh Hyang Widdhi, tegessé wong
dadi ratu, iku kakasihing Hyang, kang wus kocap ing kitab adakul muluk arêp ana
makna sarak ing sapuluh prakaré
Darapon
padha manggiha, ratu ing iku kamulyanning dumadi, salamet saking rahayu, ing
dunnya ing ngakérat supayanné dadiya ratu satuhu, aywo wah prapténg antaka,
dénné ta ingkang rumiyin,
Ratu
iku arêppana, akil balék lawan kang bisa malih, ambédakaken punniku, ing becik
lawan ala, ing karaton supaya nemu rahayu, kapindhonné arêppana, ratu iku
ingkang ngalim,
Kang
luhur bangsanning ika, ingkang saged mamaca anunulis lan ngulatti ahli ngélmu,
supaya kang winnaca, bisa nimba lakunning carita iku, wruha rasanning carita,
kang dadi tepa palupi.
Pan
polah wong kunna-kunna, iku dadi pitutur wuri-wuri, dadi misilling pamuwus,
dénné kang kaping tiga, arêp bisa milih wadya punggawa gung, ingkang bisa pamicara,
micarakaken pakarti.
Pakarti
karatonning kang, pang ngréh ingkang tumiba wong sabumi, dénné ping
sakawannipun arêp alussing sabda, sarta ingkang apekik suwartannipun kang
sedhep ing pamicara, aywa kongsi annyenyengit,
Sarta
wasis ing ngasmara, pan kalebu iku panggawé becik aywa saradag sarudug ing
kamulyanning raja, aja rongéh solah pamicarannipun anglungsurraken darajat wong
rongéh iku nyenyengngit,
Yén
ratu anyenyengngitta, ngilangngaken iya cahyaning bumi, padédésan padha kusut
yekti dadi ngalam dadi ayat saulah pratingkahipun éh wong dunnya aywa karya,
ratu ingkang anyenyenggngit,
Ngupayaha
ratu ingkang, parêk ati wuwuh kuwungnging bumi, tulus kang sarwa tinnandur,
bumi pan nora sarang, lamun ratu kinnasihan ing wadya gung, bumi pan ayem sadaya,
kalikang mili lestari.
Nora
gempal pipinggiran jurang gunung tan ana angngléngsérri, pan ratu upaminnipun
roh annéng jronning badan yén rongéha yekti rusak badannipun mila tan kenna
pépéka, pan ratu erohing bumi.
Lawan
sarat kaping lima, ratu iku aywa péndhék astéki, arêp luhur astannipun tegessé
péndhék asta, aywa kumet dadi péndhék astannipun ratu kang loma balaba, iku
luhur astané
Aywa
ngunnek-unnek driya, ing wektunné pangunnek-unnek sirik kasarimpet karyannipun
temah tumindak nistha, apan dadi ngalamat tiwassing ratu, tiwas iku karusakkan
ilang sinnommé.
Pupuh IX
SINOM
Sarat
kaping nem punnika, éh sagung para Narpathi, anglulusna kabecikkan ing wadya
kang gawé becik aywa ngowah-owahi, sayekti jaman pakéwuh, yén sugih wadya bisa,
ngluluri agawé becik iku dadi tondho agungnging karatyan,
Dénné
sarat kaping sapta, ratu arêp pasthi, prawiraha ing ngayuda, saulah bawanning
jurit apan kang para mantri, aturut bawanning ratu, yén ratu sabarring tyas
balanné datan pakardi, dénné sarat kaping wolu winursita.
Angira-ira
ing dhahar sudannen kasukannéki, adoh wahyunné wong suka, kagubet prayétnanéki,
lawan dén sawatawis yén asaré aywa kaduk punnika gawé suda, kawaskitanning
Narpathi, wong ngubungngi annédra iku pépé
Lawan
sarat kaping sanga, aywa juwéh ing pawéstri, aja kerêp amicara, iya kalawan
pawéstri, pan lulus kang sayekti, sakéhé wong wadon iku, tetep budinné kurang,
nora kenna dadi misil aywa angung lulungguhan lan wano=nodya.
Lan
awya kusut punnika, papaéssan saben ari, lawan aja ararasan nalikannira abukti,
sayekti anglebetti, lamun kurang budinnipun sarat kaping sadasa, aywa gawé ratu
éstri, utamanné ratu iku ingkang
Nanging
ana wennang uga, yén ana ratu ngemassi, tan darbé atmaja lannang, atmajanné
mung pawéstri, yén ora duwé ahli, satengngah kang bongsa luhur, karana nora
kenna, asor bébétting Narpathi, marmannipun wadon-wadon ginnawé
Aywa
kongsi kasusahan rayatté wong sanagari, nanging ratu wadon iya, nora kenna yén
sinniwi, pangarêppanning mantri, saéngga kalawan tutup wadana lan sarura, mung
astanné kakalih, yén wadana mung sangandhapping plarabban,
Nalika
ari Jumungah, ratu wajib angimanni, lawan wajibbé malih, ing kala mongsa
akumpul lan sagung wadyannira, kikirap rakitting jurit ratu wadon nora kenna
akikirap.
Pan
akathak nisthannira, adeggé ratu pawéstri, nora kenna yén parétah, karungngu
wong lannang siji, sarat padha pawéstri, kang ngundha timballannipun apa lamun
becikka, agawé ratu pawéstri, Allah ora gawé bébétting wong ala.
Payanbaian
yakunna, Imam lan lairran nenggih, wamukapiyan punnika, tegessé yogéng
Narpathi, kerêppa dén tingalli, mring mantri punggawannipun aywa anggung
annamar, surêm prabanning nagari, utamanné ratu ngédhéng ngénggar-ré
Papaés
sarta lan bala, kikirap angrakit jurit miwah kakerappan kuda, lan ameng ngameng
jemparing, amrih pedhang mrih bangkit lan amrih sukéng wadya gung, lawan ari
Jumungah, papaéssé sawadyéki, mémba salat dén amrih anut saréngat,
Pasal
kaping nem winnarna, annyataken kukum ngadil tegessé ngadil punnika, benner
sabarang pakarti, benner sabarang angling, benner barang tindakkipun lan
annutting paréntah, kang saking andika Nabi, ratu ngadil ngamallé ngebekki
jagad,
Wonten
Pandhita satunggal prihati kapati-pati, nenedha ing Hyang Widdhi, asanget
panekungngipun supé ing dhahar néndra, amung pannedhanniréki, para ratu kabéh
kang padha adilla.
Aywa
na kang nganniaya, emannen ganjarannéki, pupunjul lan ngalam donnya ratu
badalling Hyang Widdhi owella liya nenggih, ing jagad kinnarya pupunjul bésuk
yén kabennerran ing jaman patinniréki, buh tikellé lan mulyanning ngalam
dunnya.
Mila
Séh Pulél punnika,ing saben ari annangis nennedhakken para raja, dén weruh dén
padha adil yén kalipattollahi, méh rohkanni jisimmipun nikmat miwah kagungngan
ing ngawal kalawan nakir, wus kinumpullaken dénning para raja.
Saratting
ratu utama, kukuh marang para mantri, punggawa prawirannira, tan kenna ing
songga runggi, temen-temen sayekti, aywa anglinnyokki wadu,kang ngamrih
kaluluttan dudu karyanning Narpathi, ratu yogya amarasenna wong ngédan,
Yén
ana wadya kang ala, supaya manggih becik waluya sektinning raja, lamun ora dosa
pathi, lan ora angrusuhi, ing ing paréntah amrih bingngung, yén ana kang
mangkana, dohna antaranning bumi, lawan aja lumaku kang sinnengngittan,
Sinnengngittan
marang bala, sangratu iku nglakonni,kang mengkonno nora kenna, ratu pan
namongnging dasih, pantaran kang mrih budi, darajat ingkang linuhur, maklum
kalawan sabar, nanging ywa nyabarri ngadil nistha madya utama dipun waskitha.
Pan
prakosanning Naréndra, punniku kalawan-nadil mapan-napessing naréndra, punniku
atinggal-ladil tannarséng para budi, tan mulya karatonnipun ratu kang
satrunning Hyang, iya lilussayatinni, nora arus yén nerak adilling praja.
Ratu
adoh saking ngiya, antarannira Hyang Widdhi, ratu parêk saking ngiya, iku antaranning
ngéblis pan ora angukuhi, supangat saking rahayu, adil punniku mulya, ing
kaprabon kang sayekti, poma-poma dén énget kang para raja.
Pan
wajib akarya ihsan sagung kang para Narpathi, ihsanniku kabecikkan
angger-anggerring ngaurip adil lan gawé becik ing manungsa teteppipun yén ora
mengkonnowa, sayekti punniku iblis lamun ratu annerakking rong prakara.
Iya
pan dudu Naréndra, ratu gagawéyan éblis suker papawong sapraja, awit aberring
Narpathi,kennabinné gung ngéblis benggang susilanning ratu, dén mémélik ing
sétan akéh ingkang dén karêmmi, nagri arja kawarassan sanagara.
Awit
darajatting raja, mangkana Imam Bukari, wiyat wonten Naréndra, pari paksa
minggah kaji, tan kénging dénnaturri, mantri punggawa gung, marmanné minggah,
kapéngin ganjarran kaji, prapténg marga kapethuk maring Pandhitha.
Sang
Pandhita atatannya, éh Sang Prabu maring pundi, Sang Naréndra lon sahurnya,
kawularsa munggah kaji, ambalangkung kapéngin wong kaji ganjarrannipun Sang
Pandhitha lingngira, punnapa boten ngawruhi, pakennira ing panggawéhanning
raja.
Pakennira
wus pamittan punnapi wus dén lilanni, maring wadya sanagara, kabéh kang sira
ratonni, lamun durung ngapamit sayekti atinggal perlu, pijer amburu iya,
kautamannira urip lamun durung karêksa ing wajibbira.
Duraka
manggih duduka, pan sira wakilling Widdhi, lan ratu eroh ing jagad nagara iku
pan jisim lamun eroh punniku, benggang ngalan jisimmipun punnapi boya rusak yén
eroh atinggal jisim lah dén éng[59]gal muliya kadhatonnira.
Yén
sira amrih ganjaran ingkang luwih saking kaji, kabéh kaduwék ing sira, yén
benner karatonnéki, yén sira angadilli, marang kang wadya bala gung miwah n
sira angadilli, marang kang wadya bala gung miwah yén angapura, maring bala
kang asisip mung sapisan padha kaji ping sawidak,
Wus
kocap ing dalem kitab sembayangnging ratu : ngadil iya lagi sarêkangat punniku
wus angluwihi, lan salatté wong cilik rêkangat ta kaping séwu, kongkullan kang
sapisan luwih ganjaranning kaji, lamun ratu agawéya kabecikkan,
Iya
ing dalem sadinnané, iku pan uwus madhanni, lan ngamallé wong sajagad kabéh
ingkang dén ratonni, isiya para wali, sajronning karatonnipun pan wus ginnawé
padha, lan ratu agawé becik mung sadinna méndah silamun mindengnga.
Pan
ujarring para imam pandhita ingkang musannip nora kudu kajat jakat ratu iku
lamunnadil pan ratu nora wajib jakat wajib adillipun yén wong asimpen arta, yén
benner amupangatti, ngawal-lakir yén benner karya santosa.
Yén
luput pratikellira, iku inbgkang bilaénni, marmanné wong karêm arta, dén becik
dén ngati-yati, supaya dadi kanthi, aywa kongsi dadi satru, éh sagung para
raja, dén wruh kamulanniréki, lamun ratu akarya adil sapisan,
Sami
lan wong salat sunnat sawidak rêkangatnéki, yén mungguh kocapping sarak ing
tembé tannana malih, ing bale ngaras nenggih, samohanning para rathu, nadyan
silih mukminna, yén wong kang dudu Narpathi, nora kenna marêpekki bale ngaras,
Tannana
ingkang winnennang,lenggah mimbar mutyaradi, papatiking nawa rêtna, liyanné
para Narpathi, tannana kang ngungkulli, gonning nikmat rasullahu, éh sagung
raja-raja, dén samya neteppi ngadil singgahana panganniayanning wadya.
Dadi
niayéng sarira, ambuwang karatonnadi, yén ora asih ing bala, lawang nikmat
anginnebbi, rêksannen kang sayekti, tan kenna pépéka ratu, aywa ngugung
dursila, wesiasatten lan adil ana lire ingkang panten tinambannan,
Supaya
wong sugih ika, aywa ngungkulli wong miskin kang dadi wong ngagung samya, aywa
niyat angungkulli, marang para wong cilik dén ajrih adilling ratu, kabéh padha
éngetta, marang sarira pribadi, pan mangkonno labetté ratu utama.
Kang
kocap ing dalem kitab ila hilakussalatin wong mamakedah punnika, awit saking
kurang budi, tinutup benner néki, dénning Hyang dadya akumprung,
sinnandhingngan cilaka, lan nepsu sumimpang ngidin kang mangkana mongka talutuh
ing praja.
Lawan
malih kang mupakat kitab adangus salatin pan ora kuwasa ora, para ratu
angawruhi, pratingkah jro nagari, ing saulah bawannipun para mantri prawira,
ing rêmpit miwah prajurit ing punggawa gemah rusakking praja.
Imam
Bukari mupakat lan sagung para musanip ingkang angrusak nagara, telung prakara
winnarni, dénné ingkiang sawiji, amepetti pawarta yu,kang mungguh raja-raja,
dénné ta kang kaping kalih, gedhékaken marang bébétting wong ala.
Yén
durung kalawan burhan yén wong ngandhap wijil néki, yén ora putussing wéka,
trus pamicara bérbudi, yén ora mengkonéki, aywa géginnawé agung, lamun durung
prawira, bébét iku anglabetti,pan wong ala durung wruh ing becik ala.
Dénné
warna kaping tiga, yén bulu cumbu Narpathi, apitenah nora katrap punniku
angrusak bumi, ngéman dén sihi, kongsul wahyunning Hyang Ngagung, wong siji
kang dén éman ambuwang wong sanagari, ora lila subkannahu watangala.
Imam
Bukari anggubah, tri prakara dén maksuddi, kang dhingin nyimpenni arta,kang
yogya katur Narpathi, pan ratu tan udanni, inggih jronning nagaréku, yén tan
saking punggawa, pira-pira jro nagari, wong ngabekti dursila lawan maksiyat,
Wong
bidengngah lan duraka, pasék mungkir wong bilahi, yén ora dén aturri pawarta
ratu tan weruh, iya sapa maturra, apura dadi bilahi, pan tétéla wong pitenah
iku dadra.
Dénné
ping kalih punnika, wau kang ngakarya mantri, lamun bébétté wong ala, bongsa
andhap saking cilik sayektinné ing wésthi, dadi saluman-salumun sabab kirang
wicara, mila mamak andeng kénni, durung ngreti pratingkah batal lan karam,
Nadyan
silih angretiya, luamah dén karatonni, sabab duryatting wong ala, kurang
pamicaranéki, yén dén kathik sang ngaji, kéh susah kang bongsa luhur, kang
putus émengnging tyas nimpen daya upayéki, nagri rusak kaollé para Pandhitha.
Jawalut
duryati ika, biirti pangissawilin tegessé lapal punnika, kontal begjanning
Narpathi, lawan daulatnéki, sabab angagungkenniku, karya nayakéng praja, wong
ngasor kawijilnéki, saiyatté tanpa ngélmu konthong sétan,
Kaping
tiga kang ginubah, tegessé ratu nurutti, paliwara kang niyaya, punniku dén
karêmenni, tur cekak kurang budi, temah kecit wahyunnipun yén kotrah witaradya
sayektinné anglabetti, trahing ala sayekti labetté
Kasugihanning
Naréndra, apan sugih wong ngabecik bérbudi alus wicara, pangupaya lawan suci,
wruhing bab dalil kadis sayekti nora kaliru, ing panggawénning sétan ambubungah
lawan singkir, singkir iku pindha mujijat karamat.
Yén
wong tanpa ngélmu tapa, apuwasa pati genni, mongka duwé panguwasa, iku
kuwasanning ngéblis iku dadi lan singkir, karamat mangunnah dudu, ngedohken
wahyunning Hyang, yén ratu karêmming singkir, nora wurung lamunna garanné
Kunneng
pasal kaping sapta, anyatekaken pakarti, adilling kang para raja, kitab
sipatusalatin ingucappaken nenggih, parlunning kang para ratu, agunem lan pandhitha,
hudamamah ahli ngélmi, supayanné musawarat wadya-wadya.
Karana
sagung pandhitha, yén mungguh kang ahli batin yekti sasakanning jagad yén
mungguh kang ahli lahir, sasakanning nagari, kakimmiku tegessipun sagungnging
wicaksana, sujana miwah bérbudi, wong micara iku sasakanning praja.
Yén
tannana kang mangkana, sajronning nagara abis pan iku nagara cela, inna
pamicaranéki, sayekti kang kinnathik wong loba mamak tur punggung, bidengah lan
maksiyat wong ngasor bangsanné sami, sayektinné cacah cucah.
Tindakké
acela wendhah, ajeggé samennir, adillé pating barisak sarang derajatting bumi,
tannanangi sik-isik wisma kebon kebonnipun nangkoda kang sasanga, tannana
sudagar kedhik sapanedya ngambah praja tanpa marta.
Bokmannawa
gung pitennah, tannana pamicaréki, dé[64]nning sawungnging nagara, tannana kang
ahli budi, ahli nalar bérbudi, kang trus pamicarannipun asring kang mawa tindak
wruhing ngala lawan becik yén tannana mangkono kuthanning sétan,
Akéh-akéh
wong babarang, kaluwihan lawan singkir, dhangngan tur dénnela-ela, tan wruh
pakartinning ngéblis mila Imam Bukari, éh sagungnging ratu-ratu, dén wruh
panggawé nistha, iku mengakaken sisib panggawé kang utama mengakken rahmat,
Apan
undhakking darajat ing wahyu kang dadi margi, sagung panggawé utama,
kaluhurranning Narpathi, panggawé nistha nenggih, darajat wahyu linungsur, apes
wekassan rusak tunna bet pan ora bathi, ngajarraken malarat tinnagih utang.
Utangngé
mungguhing raja, iya kang kocapping dalil tinnagih ing wong sajagad ing jaman kapaténnéki, papa
naraka nenggih, tindak nistha tegessipun swarga tindak utama, awit
pamicaranéki, laku nistha awit kirang pamicara.
Muktamat
kang para imam pan wahyu punniku budi, budi busana ihtiyar, kalamun condhong
mring becik tetep wahyunniréki, yén condhong mring ala mumuk dadi wahyunning
sétan awit budinné pribadi, ala becik badanné dhéwé kang murwa.
Yogya
sagung raja raja, mardiya ing ahli budi, baurêksa ahlul imam karana wong
saganari, katempuh ing Narpathi, supaya wadya bala gung, aywa na manggih sasar,
pamardinning Narapathi, marma wajib ratu angathik pandhitha.
Kang
sidik ing pamicara, mring wadya kang mantri-mantri, nayaka malah sami,
mamalangngan punniku, mamak loba myang ngedak kalamun tan ana nagri, wong
mangkana yekti rêged adillira.
Dadi
wadya sanagara, tindakking réh saha pait dennya lumuh amicara, lan sagung kang
ahli budi, myang sagung pandhithéki, sétan kang samya nununtun marang ing nepsu
hawa, sasarré wong sanagari, wonten imam ginupit mongka lepiyan,
Wonten
ratu parawira, ahlulliman tur bérbudi, prayitna ing saniskara, nama Prabu Harum
Rasid apanning saben ari, annimballi punggawa gung, angaturri pandhitha, wonten
pandhitha satunggil lagi prapta winnisudhéng Naranatha.
Pangandikanné
ngrarêpa, Maha Prabu Harun Rasid pan O… Ah.. éya Séh Kinna, amba amiminta kang
sih, pamuruk saking awit pangulah mungguhing ratu, barang sagadug amba, nedha
barkat sangngayogi, aturripun sarwi mésem Sang pandhitha.
Éh
Sang Prabu kadi apa, tuwan jumenneng Narpathi, apan sampun pinnaringngan
dénnira kang Maha Suci, apanning ratu pasthi, duk déréng diwasannipun ngangkat
kinnarya raja, punniku pinnaring ngélmi, ngélmu siidik kadi Sayid Abubakar.
Malah
amba kang nenedha, ing barkat tuwan Sang Ngaji, ngélmu ingkang kawaskitham lan
tuwan dunurraénni, ngélmu pangrupa nenggih, pan wus sinnaringken ratu, kang
kadi Sayid Ngumar, lan kula nenedha malih ngélmu ihsan kadi Sayiddinna Ngusman,
Lan
amba malih nenedha, ing paduka Sri Bupathi, ngélmu ngadil lan prawira, suraya
amangun jurit kang kadi Sayid Ngali, apan sagung para ratu, dukmisih roh
binnakal sampun dénnisénni-sénni, lamun datan makatenna Sri Naré
Lamun
boten makatenna, punnapa ginnawé ngéblis alon aturré Naréndra, saking sawab
sang ngayogi, nanging barkat sang yogi, kawula aminta wuwuh, mugi-mugi
wontenna, supangat tuwan sayekti, sigra matur wau Sang Maha Pandhitha.
Inggih
ing tigang prakara, katur ing tuwan Sang Ngaji, kang dhingin nartabét takmal
pedhang ingkang kaping kalih, eréh ingkang kaping tri, wasiyat amba punniku,
dénné artabét takmal wéwéhenna mring wong miskin dimén aywa amamaling
ambébégal,
Karana
tembé ngayunnan yén ratu kéh wadyanéki, kang samya manjing naraka, iku
tiwassing Narpathi, ratu kinnén bélanni, yén ana kawula matur, mila samya
kasasar, amba tiwas nyandhang bukti, inggih dénning Sang Ratu kirang pariksa.
Saking
kurang ngupa jiwa, nipkah dhateng annak rabi, lamun ana kang mangkana, awit
cukengnging Narpathi, dénné pedhang punniki, pedhangngenna doséng lampus lan
manungsa kang bongga, jronning karatonniréki, kaping katri nenggih punniku saréngat,
Yén
ana mopo ing sarak ratu kang tinundhes bénjing, yén ana bedhah ngagama, liwar
amrih ngélmu gaip yén sarak dén wudanni, nuli pedhangngen dén gupuh, éh aywa na
pépéka, botté kang para Narpathi, ratu iku upama udan lan toya.
Sagungnging
para nayaka, punniku upama kali, klamun sirahé buthak ilinné kali tan wenning,
yén sirahipun wenning, kang kali mili punniku, yékti wenning sadaya, dénné
sagungnging wong cilik kang angombé kang adus anut sadaya.
Yén
ratu wenning punnika, sajagad kang dén ratonni, sayekti wenning sadaya, ratu
babonning sabumi, yén ana jro nagari, akéh wong ala punniku, pasthi retune ala,
lamun akéh wong ngabecik sayektinné punniku ratunné
Nora
kenna pépérangngan sajronning kang dén ratonni, ratu ala mélu ala, ratu becik
mélu becik tan kenna muring-muring ngruntikki sarirannipun saking tanpa micara,
iku tiwassing Narpathi, angungungngi ing nepsunné kang luamah.
Lan
aja amburu ingkang, lirikken dén amatitis nadyan ketek jro puri, lamuna garanné
letuh, wong cilik salang tunjang, nipkahé kurang mring rabi, sayektinné akéh
wong agawé
Karana
kéh upa jiwa, binnendung dénning narpathi, amrih kebekking jro pura, punniku
ratunning ngéblis dunhya tan dadi kanthi, kang mangkonno dadi satru, ratu lali
Pangéran poma-poma Sri Bupathi, dén waskitha panungkulling iblis lannat,
Sawussira
cacarita, dadya musna Sang Maha Yekti, kari dénnya bawa rasa, sira Prabu Harun
Rasid lan sagung para mantri,nayaka punggawannipun lawan patih satunggal
ngubasa namanniréki, kang ginnunnem lestarinning guladrawa.
Pupuh X
DHANDHANGGULA
Tannantara
Sultan Harun Rasid sawussira dénnya pagunnemman lawan sagung nayakanné, lunga
kalanning dalu, lawan patihira tutwuri, umaturring Pandhitha, Séh Pullé
punniku, putranné Pandhitha Hiyal Ki Séh ika siyang ratri ngabekti, ing dalu
atilawat,
Dupi
prapta Prabu Harus Rasid jawinning gedhong duk amiyarsa, tilawatté Ki Séh Pulél
kang winaca anuju, pakartinné ala lan becik Sang Natha angandika, mring
Papatihipun éh Patih ingkang winnaca, Ki Séh ika wus miwurukken ing mami,
ingsun isih kémuttan,
Payo
manjing nyuwun wuruk malih, kiya Patih nulya nembah lawang, kéndel tannya Ki
Séh Pulél sapa kang ngarsa masuk lawanna pakaryanniréki, Kya Patih aturrira,
mangsuk nuwun wuruk Séh nulya matenni damar, apan sarwi amengakaken ing kori,
Prabu dyan gurawallan,
Menjing
gedhong lawan Kyana Patih, jawab asta Ki Séh sarwi maca, Subkannalahi wiyossé,
patannyannira arum iya apa pratingkahiki, réwang ngong sasalamman tangannya lus
empuk tatkala manjing nagara, liwat pannas pan pakéwuh angluwihi, Séh Pulél
malih mojar.
Éh
Sang Ratu sampun tuwan pikir, suker gampangngé karaton tuwan tan wandé annempuh
tembé, kabéh wadya bala gung, pira-pira éwu lan kethi, miwah saleksa dhuta,
kang kekel punniku, ing ngisorré kraton tuwan ing bennerré luputté kang dén
ratonni, tan wurung pinnariksa.
Sultan
Harun Rasid sru angangngis anungkemmi padanning Pandhitha, sarta Kya Patih
aturré, Séh Kinna tuwanningsun putra tuwan Sri Narapathi, sumongga ing paduka,
lerêssing ngawiku, Séh Pulél anulya duka, anudingngi éh aman baya siréki, lawan
wong sanagara.
Kang
maténni ratu Harus Rasid Kyana Patih langkung tangissira, Sang Prabu
pangadikanné, mennengnga ta karuhun apa sira Patih wus ngarti, pangandikanné
ika, nganggo amanniku, Kyana Patih matur nembah, déréng dugi rapa paduka dénnya
ngling, nganggo aman punnika.
Angling
malih Prabu Harun Rasid tegessé Patih aman punnika, Raja Pirngon Papatihé,
dadinné sira iku, kaya Patihing Banni Srail ingsunniki minnongka, Raja
Pirngonnipun Rêkyana Patih anjola, sarwi mantuk tanna dangu prapta malih, sarwi
anggotong emas,
Kathahipun
nenggih séwu tail angrarêpa matur Sang Pandhitha, punniku donnya kawitté, mas
kawinné pun biyung, Nyai Kalwan tatkala laki, sri kawinnipun emas tail kaping
séwu, punika mangké katurra, ing paduka Séh Pulél ngandika aris aturna
ratunnira.
Éh
Sang Ratu andika tampanni, wonten warissé malih sungngenna, marang kang ahli
warissé, luwihé saking iku, balanjakna maring wong miskin Sri Naréndra gya
tedhak jawat asta kondur, lawan Rêkya Apatya, prapténg pura karya tindak
ngati-yati, titi pangréhing jagad,
Wonten
hikayatting ratu malih, Sultan Bahgedad nama Suléman Ibnu Ngabdul Malik ranné,
mashur karatonnipun ahlul iman neteppi adil agung karatonnira, bumintara kasub
kaonnang-ngonangnging jagad bondha bandhu para surayanning jurit tangngéh kang
Sri
Soléman Ibnu Ngabdul Malik ing nalika asaré supenna, awor para Pandhitha kéh,
adhadharran anutug miwah para ngulama sami, kukam ahlul iman pandhitha gung
ngagung, tur sarwi abawa rasa, sawungunné Sang Prabu nulya prihatin asiyam
tigang dinna.
Apan
wonten pandhitha satunggil jro nagrinné ika pinundhuttan dhadharran
adi-yadinné, dhaharring pandhitéku, ing ngaturran galepung sangir, praptanning
patang dinna, pati genninnipun sanget luwénning Naréndra, nulya buka riyaya galepung
sangngir, Sang Natha ngungunning tyas,
Pan
tannana rasanning kang sangir, gawok marang sabarring pandhitha, dénné
salami-laminné, kang dhinnahar mung ngiku, datan montra-montra nyegerri, sigra
wau Naréndra, sacumbana lulut nutug lawan sorinnira, wus mangkana pan wawrat
sang raja putri, wusnya ngalaman lama.
Babar
putra jalu turra pekik kalis lara sawusnya diwasa, Ngumar Ngadul Ngajid ranné,
alus pambekkannipun anglabetti galepung sangir, kang saking Sang Pandhitha,
mangkana winuwus sasédannira kang rama, madeg Prabu Ngumar Ibnu Ngabdul Ngajid
luwih karatonnira.
Kang
wus kocap ing Bahdad rumiyin ratu kang buwang arta jro pura, binnalén malih
tuturré, duk saking ramannipun purwa saking galepung sangir, tuturré kang
pinanjang, darajatté luhur, tannana kang nimbangngana, Sultan Ngumar ya Ibnu
Ngabdul Ngajid solah parêkking suksma.
Wus
tétéla Sultan Ngabdul Ngajid ambek santa paramarténg wadya, santosa doh
kadunnyanné, kaollé param gung, Sultan Ngumar Ibnu Dul Ngajid cahyanné kadya
surya, tengngangé dinulu, angebekki sabuwana, satengngahé kitab nama
ngumarsanni, ngumar kapindho ika.
Ngumar
sabat maninnah prajéki, ngumar punniku nagri Bahgedad Ibnu Ngabdul Ngajud
ranné,mangkya malih winuwus lalakonné jennengngiréki, mangkana duk utussan mawi
surattipun katurring natha Pandhitha, kang paparab Sultan Séh Kasan Basarri,
anuwun pamejang.
Pratingkah
kang utaméng Narpathi, supayanné kéngingnga angulah, ing praja mrih kamulyanné,
darapon wuwuh-wuwuh, arjannipun kang buji-bumi, supaya supangatta, wulang-wulangngipun
riwunnya nupikséng serat amangsulli Sultan Séh Kasan Basarri, prapténg nagri,
bahgedad,
Annak
Prabu wruhanta sayekti, kang sarira dudu Sayid Ngumar, langkung awrat
karatonné, mannawi tan kacakup tutuladda pangréhing bumi, éwa mangkana uga,
lamun annak prabu, temen-temen angarsakna, pan sun bapa aminnarabal ngalamin
mugi kalampahan.
Wus
mangkana Sultan Ngabdul Ngajid Bagéndha Ngumar ingkang tinulad pangréhing
kaprabon dénné, saulah bawannipun anninnitik ngayeng-ngayengngi, bok ana
kukurangngan jro karatonnipun siyang dalu Naranatha, andalenjet siyang dalu
angulatti, wong kurang sandhang pangan,
Nanging
rahayu kaprabonnéki, nora ana wadya kukurangngan su[73]ka sugih sawadyanné,
mangkana duk winuwus Sultan Ngumar Ibnu Dul Ngajid ing nalika sinnéba, ing
punggawannipun nuju jagaddé paillan sinnagotrah wadya sajronning prajéki,
barêng warêg lan kurang.
Bulu
bekti pira-pira nagri, kang binnagi munggéng pannangkillan Sang Pandhitha
sakadarré, iku ginnawé sangu, angingonni sagung kang nangkil mangkana katamuwan
pekir anjajaluk nanging derwis saking Ngarab langkung dénnya angurmatti dén
pasrahi, milu ambagi arta.
Tur
mualap rad ahli budi, mila Naréndra langkung pracaya, timut sabarang pangréhé,
datan sawaléng kayun sakarsanné darma nginggahi, lair batinné rênna, tan
méngéng sarambut legawa trussing wardaya, ing nalika Ki Pekir duk arsa mulih,
pamit marang Naré
Angandika
Sultan Ngabdul Ngajid éh Sang Pekir Ngarab sakayunta, branamba ing skayunné,
punnapa karsannipun sinungngenna wong pekir miskin ingkang liyan nagara, pan
sakatoggipun mungguh kawulanning Ngalah, ingkang wonten ing ngriki kula
ratonni, kadi-kadi tan ana.
Kukurangngan
ing sandhang lan bukti, yén wontenna ingkang duka cipta, kula bélanni solahé,
pasrahna mring Hyang Ngagung, amba darmi juru ambagi, Sang pekir aturrira,
punnika satuhu, angandika nara dipa, boten lamis padatan karana rai, kawula wus
annondha.
Angandika
malih Sri Bupathi, lamun tuwan Sang Pekir pracaya, kawula nedha donganné,
tulussa sih Hyang Ngagung, ing sarayat wong sanagari, kang kawajibban amba,
amongnging sakayun kang mungguh sor-sorré ika, kukumming Hyang kamotting
karaton mami, mugi dén apuraha.
Saking
bidengngah pasék lan sirik sigra pekir ika junjung asta, mendhuwur lan
andonganné, nangis panjeléhipun sarwi mulat pingirring langit madhep maring ing
kéblat wijilling pamuwus ya Allah rahmanudunya, ya ilahi kang ngagung kang Maha
Suci, kawula annenedha.
Mulyakenna
Sultan Ngabdul Ngajid kang nuhonni ing paréntah tuwan tur kang ngasih ing
balanné, tétéla boten amung, buru alem karana rai, tuwan sungnga nugraha, ing
ratu punniku, déréng tutug pujinnira, gumeledheg méga agung agungkulli,
saluhurring wong sé
Tedhak
aging gumaleger riris genjotting kang bantala asmara. Kilat abarêng jumebrét
dhedhet sakala tedhuh, byar sumilak padhang wus prapti, wadya gung kang séwaka,
kagyat duk andulu, wedananné ratunnira, pindha surya sirnanning pepeteng
ngunni, sarêng tinganning cahya.
Sarta
wau tiba ngarsanéki, nulya pecah ing jro isi surat apan mengkonno unninné,
nenggih adasiréAU, minnallahi ngajijilkarim il Sultanu Ngumar, neng[75]gih Ibnu
Ngabdul Ngajiji Bahdaddi balad ya innahu nenggih kuruminnannarri, tegessé kang
punnika.
Surat
dhawuh saking Hyang Kang Luwih, maring Sultan dil baladdi Bahdad Ngumar Ibnu
Dul Ngajiddé, pinnaring mardika wus saking ngapi naraka nenggih, mulya
karatonnira, ing dunnya ing lampus suka tyassing wadya-wadya, sarêng sujud ing
ngarsanning Narapathi, kang pindha pekir musna.
Kunnengnging
kang wus dadya palupi, lepiyanning para
raja-raja myang jaman-najam wus dénné, kunneng malih winuwus wonten ratu
nagri Saburi, Sri Abu Ngali Ilyas bisikkanning ratu, bérbudi prawira tama,
langkung titi ing tata alinggih, wiréng prang wicaksana.
Sih
ing wadya myang kadang warga sih, miwah sama-samanning Naréndra, legawéng pari
bawanné, tyas rêmbugnya lus-tulus annorraga ing sami-sami, lan ana jronning
praja, ing Saburi agung, pandhitha wankithéng tindak lepas budi méngo
kamulyanning margi, éh Abu Ngali Dipak,
Ing
ngaturran marang Narapathi, Séh Abu Ngali Dipak wus prapta, jronning pura
byantaranné, prabu naossi babut prang wadanni umési sari, Sang Natha angrerêpa,
mring Sang Pandhithéku, éh ya tuwan Séhé Kinna, amba ayun nunuhun pamulang
yekti, ing sapa manggih tuwan,
Séh
Bu Ngali Dipak ngandika ris éh Sang Ratu Abu Ngali Ilyas punnapa tuwan sayektén jawab pata[76]kén ulun kang punnika
tan-nangéndranni, lamun tuwan anjawab ing sual satuhu, yekti kawula sung warta,
ingkang sidik tur kanggo ngawal lan ngakir, Sang Prabu angandika.
Inggih
sa Allah ta mugi-mugi, amba kongangnga anglampahana, pawarta yu sakathahé, Sang
Pandhitha amuwus punnapa ta tuwan sayekti, asih maringnging arta, lan éstri
punniku, Sultan Abu Ngali Ilyas angandika sarwi dres waspanné mijil ya tuwan
Séhé
Inggih
amba satuhuné asih, amarang éstri miwah marang arta, Maha Pandhitha delingngé,
tuwan asih punniku, dénné boten ambangkat kardi, menggahing satru tuwan tan
neggulang kéwuh, ing jaman kepaténnira, miwah inggih ing jaman uni punniki,
tetep tan dadi ré
Punndi
marganning tuwan kasihi, boten pisan yén bangkatta karya, mindhak angrubeddi
baé, sajronning ngaprang ngamuk miwah sajronning sakaratil maot sampun tétéla,
malah dadi satru, Sang Natha Bu Ngali Ilyas asru nangis tobatting kang Maha
Suci, sampun kadawan-dawan,
Sapunika
apura rumiyin inggih saking déréng amicara, ing bab kang punnika dénné, cekak
budi satuhu, Sang Pandhitha wuwusnya malih, ambuwang sihing suksma, embuh dén
palaur, sanadyan silih asiha, sawetara aywa kongsi lali maring, wajibbé ing
karatyan,
Pan
wajibbé ratu anuhonni, pakonning Hyang nutting rasullullah, nagri Saburiki
gedhé, lali karyanning ratu, pijer asih tengu kemerki, gurêm tan dadi bahan
amumurung laku, angogodha mring kamulyan yata obah bumi genjot-genjong ganjing,
dé natha sru udrasa.
Tinnarima
niyatté kang becik wus mangkana malih wonten kojah, saking ratu gedhé-gedhé,
wus tétéla luhur, darajaddé kang wus ngungkulli, ing para raja-raja, iku kang
winuwus kang kocap sajronning kitab sakathahé kahanan panggawé becik awit
saking Pandhitha.
Lepassing
tindak mulyanning pati, iya awit saking ingkang ing pandhitha myang ratu
kaluhurranné, mangkana kang cinatur, wonten ratu Prabu Ismangil Ibnu Jeng
Sultan Ahmad Saépurijallun ajeg adil palimarma, saben wulan nagaranné dén
ubengngi, wajib kang linampahan,
Saking
pracaya wiwéka kapti, datan namung ngaturri niyaka, miwah ing mantri-mantriné,
mannawa jrihiréku, bottinaken jronning pati, paranta sahurring wang,
tinudingnga ingsun sikil kiwa mring malékat dénné ingsun ambahu rêksa ing bumi,
tan wruh pijer pépé
Dadya
saben miyos angubengngi, ing nagara sarwi undhang-ngundhang, nora towang
sawulanné, mangkana undhangngipun Sultannadi PrabuIsmangil wadya kang kamot
samya, jro ka[78]dhatonning sing sapa anganniyaya, mring siji wong sasat
anniyayéng mami, sayekti satrunning wang.
Lan
sapa kang denniyayi sami, wong sawiji nora tur unningnga, marang
jennengngingsun dhéwé, pan iku satrunningsun iya nganniyaya ing mami, warata
saben wulan undhang dhawuhipun paréng miyossan Naréndra, duk samana wong
gamelling Sri Bupathi, mampirring pakebonnan,
Sanget
kasattan ngambil kerai, mung sawiji tanna tembungngira, iya marang kang
ngaduwé, dadyéwuh manahipun yén katurra mung timun siji, lamun nora katurra,
ajrih undhangngipun nadyan timun siji pama, yén tan nembung sayekti niyaya ugi,
yénnora umaturra.
Sembrana
undhang yekti bilai, dadya kumpul wong sapakarangngan miwah pinnituwanné,
rêmbug katur Sang Prabu, dadya medal jalu lan éstri,manjer ing sinjang pethak
pinggirring lulurung, wongngé pan sujud sadaya dadya kéndel baris kang
lumakyéng ngrsi, punggawa tur unningnga.
Wonten
darbéatur ing Narpathi, wus ingirid marang ing punggawa binekta katur prabunné,
dennangu atirripun abdi dalem gamel satunggil manjing kebon kawula, sarwi
ngambil timun satinggil lajeng pinnangan tanpa tembung milamba matur ing gusti,
kakandhang nganniaya.
Mundhut
aparran kéndel Sang Ngaji, tedhak saking ing panggénnannira, akubeng
magersarinné, andhendheng baris tepung, sagungnging kang nayaka mantri,
ngandika mring ngayunnan atémbak supenuh, gamel siji tinnimballan kenna terka
ngandika Prabu Ismangil éh gamel apa sira.
Tan
katekan marang ngundhang mami, kang wus mashur iya saben tanggal kang kalebu
karaton mami, kabéh yekti misrawas ing paréntah ingsun ponnang gamel siji
turnya, inggih myarsa ing pangundhang Narapathi, saking kasattan amba.
Mila
mendhet ing timun satunggil langkung dukannira Sri Naréndra, bang latu-latu
jajanné, pagénné ya si kumprung, pengngung cubluk tan duwé budi, dé wus wruh
lamun ingwang, kalipattullahu, tur kang kabubuhanning wang, bau rêksa marang
isinning sabumi, mung sira kang gagampang.
Juru
gedhong tinnimballan prapti, Sultan Nadi Ismangil ngandika, marang juru gedhong
kabéh, apata sira durung, iya saben wiyossan mami, annedhakken balonja, mring
wong gamel iku, ponnang gedhong matur nembah, inggih saben pitung dinna wong
satunggil inggih saben nangkattan,
Duka
malih Kangjeng Nadi, Malikul Karim Pannata Dinnan Séh Purijal andikanné, apata
nora ingsun annyampetti tur anutuggi, ing kakarêppannira, dinnar kaping pitu,
iya ing dalem sadinna, wong sawiji wong sapuluh malah luwih, pagénné
Teka
ngrusak ing naga[80]ra mami, lanna ngrusak ing kaprabonning wang, kang mashur
ing salawassé, mungguh karatonningsun sira wanni-wanni ngrégonni, kang munni
jronning ngundhang, amecat siréku, marangnging karatonning wang, dyan cinnekel
darijinné dén gecekki, wong gamel
pinendhangngan,
Sakancanné
salurahé sami, dosanné ora éling sung warah, kumprung pengngungngé kancanné,
jirap pinggir marga gung, papenthangngan wong gamel sami, Sang Natha bayar
dinnar, séwu ingkang sinung, kang nambelli karyannira, wadya gamel sajronning
papara nenggih, ngayengngi kuthannira.
Jronning
kitab ahbarus salatin wajibbing ratu anuhonnana, ing sarak rasul pasthinné, lan
aja tinggal iku, sakathahé sunatting Nabi, daraponna wuwuha, mannis madana
anderajatti, wring wadya sanagara.
Wadya
asih pasamohan jurit angasorraken ratu kang ana, jronning aprang lawannanné,
saking supangat rasul temen-temen kang anglabetti, yén nana jro nagara, bibngah
ing sila dur, angrusa agama sarak glis tundhungngen wetokna jabanning tamping,
yén mopo paté
Kang
mangkonno iku pan sayekti, kang ngrusak kaprabonning natha, tétéla
nganniyayanné, mring nagara kang mashur, ratu-ratu iku pan wakil kang mangkonno
wong mamak songar ing Hyang Luhur, sayogyanné para raja, kudu asih marang wong
ngulah saréngi, papagerring nagara.
Apan
ratu iku wus pinnasthi, jinnennengngaken dadi kalipah, amongnging wadya
sakabéh, ing darajat wus sinung, kaluhurranning kang para Ji, sinungngan
wicaksana, ébah pan wus sinung, nora na andhedhepaha, mrih dén alem marang
samanning ngaurip yén mangkonnoha rusak.
Lawan
sayogya ing ratu adil marang bala kinu lawisudha, dén sarta tata kramanné, kang
annom balannipun ingkang pantes binnasan adhi, ingkang panten kinnakang, kakang
basannipun uwa kaki apa paman pan wus kocap kitab sipatusalatin iku luhurring
raja.
Kukuhing
praja kalawan taklim gonjingnging praja ngéndhangken sarak ambakuha kenna sihé,
pira-pira praja gung, ingkang ana ing bawah angin prawira tur kéringngan kekes
kang makéwuh, saking supangatting sarak, kunneng wonten kojah ngujar jamhur
kakim pandhitha ngraga suksma.
Wonten
ratu tatakén satunggil ya Séh Kinna punnapa wontenna, ratu ingkang luwih dhéwé,
saking samanning ratu, ujar jamhur kakim naurri, ratu kang luwih ika, kang
agawé laku, kabecikkan ing ngawakkan apa dénné akonning balanniréki, saréh
annata praja.
Para
ratu ingkang mamak sami, nora pariksa mring wong niaya, iku kang luwih mamakké,
nora amicaréku, lamun praja ing ngala becik saking titahing raja, rusak
arjannipun solahé dadi ngalamat saisinning bumi tan lyan nora pathi, bawanning
becik ala.
Pan
wonten Séh pariksa ing ngunni, nama Turap Ibnu Ngabdis Salam duk Sayid Ngumar
lakunné, ingkang sipatulahu, mijil saking kadhatonnéki, ing wingngi karsannira,
namar ing wadya gung, lajeng maring jawi kitha, anningngalli sorring kayon ana
genni, punniku pinnarannan,
Wong
papasar marang jro nagari, kawengngen maksih jaban nagara, wong wadon telu
annakké, annangis jaluk sekulkakendhillé pinnajer genni, nanging tan darbé
beras ingisénnan watu, annakké nangis katiga, pan kaluwén menneng dénnarêmmi,
dénnya ngaliwet padhas,
Wong
wadon ngucap sarwi annangis éya Allah tuwan amalessa, ing ratu ingkang
mengkonné, amukti ing kadhatun dénné iya nora ngawruhi, mring kawulanning
Ngallah, kang lingip kalangkung, lali lamun kawajibban ratu iku angreksa
isinning bumi, ywa kongsi duka cipta.
Sultan
Ngumar ing Madinah iki, dénnya ngenggonni karatonnéya, Kangjeng Rasul
wasiyatté, teka téga kalangkung, amung gugu ujarring mantri, tan wruh ing becik
ala, ing ngarinnipun Bagéndha Ngumar miyarsa, uluk salam pangandikannira aris
wong ngendi sira baya.
Annauhurri
wong padésan ma[83]mi, apa pasar mring jronning Madinnah, mila néng ngriki
kapengngén annak mannira telu, padha nangis anjaluk nasi, malah-malah mannira,
aluwé kalangkung, mennengngé annak mannira, dénné ingsun katon angedhukka
kendhil tur ing jro isi padhas,
Bagéndha
Ngumar ngandika malih, apa sira ngidénni maring wang, sun arsa maronno dhéwé,
wong wadon ika muwus lamun ana agawé becik yekti ngidénni ingwang, Sayid Ngumar
muwus arsa wruh tennayannira, dupi parêk pawéstri ika ngingsirri, kumapyarring
tyassira.
Apa
tuwan punniki Sang Ngaji, dénné kumepyar mannah kawula, duk tuwan parêk ing
ngenggén punniya Ngumar téngsun kalipatu Madinnah mami, wong wadon aturrira,
kawula duk wau, mring tuwan angundhat-tundhat saking sanget duka cipta luwé
mami, lawan annak kawula.
Sayid
Ngumar angandika malih, lah mennengnga ing kénné sadhéla, nulya kondur
sapraptanné, kadhaton ngambil gandum wus galepung kalawan daging, winadhahan
sakala, Sayid Ngumar wangsul kalawan dirham sadasa, annéng marga ingkang
nganglang aningalli, yén retune gagawa.
Gineténnan
amba gentossanné, milanné dalu-dalu, Sayid Ngumar ngandika malih, lah aja sira
gawaha pan ningsun durung, kabottan lagyana karya, supayanné énggala dosa mami,
luputtingsun sirnaha.
Luputtingsun
niki kurang titi, pariksa marang isinning praja, kawulanning Ngallah kabéh,
jronning jajahanningsun ingkang ana karaton mami, ingsun kang kawajibban among
ing sakayun aywa kurang nyandhang mangan yén anaha wong duka cipta prihatin sun
tiwas kennéng dosa.
Wong
kang luwé asanget prihatin ajéng jéréh matur ing Hyang Suksma, ingsun kang
dénnaryrraké, di gung karatonningsun nora montra-montra ngrawatti, mring
kawulanning Ngallah, kang langip punniku, wus lajeng Bagéndha Ngumar, wong kang
ngangnglang sadaya wus kinnon bali, marang sajronning kitha.
Sultan
Ngumar prapta gén pawéstri, sinungngaken daging lan gandumnya, miwah mas limang
taillé, wong ngika langkung ngungun annak samya dipun gugahi, katiga parêng
nedha, sami tuwuhkkipun sakawan lan biyangngira, sami tuwuk lan tampi mas
limang tail andonga mring Pangéran,
Ya
ilahi kang ngamaha suci, tuwan apuraha Sang Sultan Ngumar, ingkang mulya
karatonné, pariksa ing wadya gung, angawakki parikséng dasih, lah tuwan
angganjarra, kalipattullahu, kang ngasih marma ing bala, ya rahmanu aminnarabil
ngalamin lah tuwan tarimaha.
Lah
punniku sagung kang para Ji, lalakonné Jeng Bagéndha Ngumar, kang utama
kaprabonné, mumuri Kangjeng Rasul wonten malih ratu utami, [85] nagarinnipun
Ngsam dibya ambek sadu, santamarta sih ing wadya, dénnya amrih lulussé
karatonnéki, ing dunnya iing ngakérat,
Kannikmatannira
nora gempil prapténg jaman langgeng kang sinnedya, Sang Prabu Maliyul Saléh,
lampahé datan namung, ngatur ingkang nayaka mantri, dénnya rumekséng praja,
ngawakki annamur, ing siyang dalu lélédhang, malah-malah wus karêksa prajanéki,
suka sugih gung wadya.
Wong
ngumbara kang kadi punnapanni kang ngadagang layar marang Ngesam miwah kang
musapir kabéh, Sang Natha saben dalu, pan wuhara kang dén ngangnglangngi,
gonning baita dagang, bok tinlagung laku, lajeng marang pakuburran bok manawa
ana wong sanget prihatin dadagan mring ngastana.
Nulya
lajeng angangnglang mring masjid pekir ingkang samya angumbara, pasthi ing
masjid jujuggé, méh jam satengngah telu, Prabu ing Sam anjogging masjid ana
wong angumbara, ajrih anjaluk saking nagara Basarah, turu masjid ing Ngesam
langkung amiskin adhem krukup kalasa.
Saking
sanget miskin tanpa jarik kaku tyassé mulat masjid Ngesam luwih pélag
rêrênggané, yén dénnétung ngalangkung, ajénnajén sapuluh kethi, jronning masjid
kéwala, si miskin angungun dunnya méh tanpa ajiya, suwé-suwé si miskin
amurung-muring, dénné nora kayaha.
Sugih
ing Hyang dén paringken iki, maru ratu Ngerum kliwat liwat kagungngan lan
darajatté, kang kaya awakkingsun liwat miskin kapati-pati, parandénné tannana,
ngawruhi maringsun éh Allah boten kadiya, yénna paring kaluhurran angliwatti,
éya rahmanu dunnya.
Kasih
tuwan ratu sak punniki, dénné boten anganggé pariksa, maring isinning jagaddé,
wonten kang wong jangjaluk teka boten dipun kawruhi, kambah wong duka cipta,
jro nagarinnipun nora ngarah dén lalarra, pijer mukti wibawa anéng jro puri,lan
sagung parisuka.
Apan
ratu kang mangkéné iki, bésuk dadak pinnaringngan swarga, dénné nora wruh
gawénné, pijer kumprung adigung, sarwi ngrintih dénnira nangngis kekemullé
kalasa, asrep tanpa kantuk Sultanning Sam duk miyarsa, sadangunné solahé kang
dipun intip tyasnya kadisinnendhal,
Mring
jro pura angambil jajarik telung kebar lan angambil emas patang ngatus tail
kéhé, medal saking kadhatun amranggulli kang ngangnglang sami, wruh lamun
ratunnira, ambopong amanggul wadya kang ngangnglang tur sembah, lah punnapa
kang tuwan panggul punniki, kawula gentossannya.
Prabu
ing Sam angandika aris teka sira tutugna angangnglang, iki karyanningsun dhéwé,
nadyan nabotsun puwung, dimén ilang ing dosa mami, supayanné mayarsa,
kaluputtanning[87]sun dénné kongsi angresula, wong musapir masjid ing nagara
mami, suwé nora kawruhan,
Iya
iku kang ingsun paranni, Sang Natha prapta lampahé nulya, mas jarik
dénnuncullaken si miskin gyat jumbul lagya sanget dénnira angrintih, ulon-ulon
katiban ing sinjang kumabrug ana buntelanné emas ginnappan si miskin adhem kang
ngati, menneng pangrintihira.
Wus
barukut kemullé si miskin sarwi emassé ginnaweé bantal telung kanthong
gedhé-gedhé, Sang Natha prapta uluk salam kagyat pekir nahurri, tuwan punniku
raja, saéstu pinunjul mugi Allah amalessa, ing pakarti tuwan kang parikséng
cilik utama kawajibban,
Angandika
aris Sri Bupathi, pawong sannak mannira ngumbara, ngunni ngong pirsa kojahé,
lalakonné Jeng Rasul ana uga asih ing pekir, asih wong mara désa, ngumbara
jajaluk ingajak lenggah satata, sepinning wong ingajak sarêngngan bukti, lan
rasul undhang-ngundhang.
Para
ratu ing sawuri mami, sapa nedya tulus dadi raja, ing ngurip prapténg kapatén
iki lalakonnipun rumeksa amarang wong miskin anuli wéwéhana, dimén nuli cukup
mariya papariman kacukuppan kang sinnandhang kang binukti, agung pamalessing
Hyang.
Yén
awéwéh marang wong kang sugih, tur katrinni malah uju[88]bbriya, luamah ing
panggawénné, nora dadi pitulung, wong wus kelar kang dén wéwéhi lan kawulanning
Ngallah, kang nemu pakéwuh kang annandhang akang annandhang duka cipta,
warassenna piyarannen wong prihatin barang kaprihatinnan,
Nemu
wales nikmat kang linuwih, wong kang nora simpen sandhang pangan tinulung asru
donganné, tinnarima méng Hyang Luhur, lawan aja sikaréng budi, yén wong
kinnanniaya, kabul dongannipun akéh pekir béla raja, wong malarat abéla nayaka
mantri, malah béla nagara.
Wonten
ratu Basarah linuwih, gagah prakosa kuwanénning prang, nanging akedhig adillé,
akéh kasukannipun duk semana Sri Narapathi, akénning kajinnemman prasamya
atugur, ing lawang sakéthéng papat angundhangngi wong liwat awira-wiri, kang
maring jronning kitha.
Wong
kang manjing pinundhuttan sami, pada sadirham yénnora sok-sokkan ingandheg
paturranné, datan sinung malebu, yén wong medal saking nagari, amung satengah
dirham pupundhuttannipun mangkana nagri Basarah, ana uwong malarat kaworran
miskin Ki Emong naminnira.
Borah-baréhé
mungkul dadi siji, kang ginnawé buburuh mring pasar, sabarang dén worottaké,
salaminné mung iku, ingkang dadi wetunning bukti, mangkana katowaongngan Ki
Emong punniku, arêmbag lan rabinni[80]ra, lunga andon duburuh lakunning kuldi,
maeing wijinning kitha.
Rabinnipun
kinnén nunggang kuldi, Ki Mong nuntun lumaku néng ngarsa, prapta ing
patugurranné, kajinnemman punniku, kang makuwon lawang sademi, Ki Emong
pinundhuttan undhang saking ratu, wong metu satengah dirham pan Ki Emong
sasambatté ander willi, tutur malarattira.
Annak
luruh alim dika linggih, kula boten mangan kalih dinna, datan wonten patukonné,
milakésah buburuh, anuttaken lakunning kuldi, marang jawinning kitha, sugal
kang ngatugur, nora kenna asasambat sira ngrungu banget undhangngé Sang Ngaji,
endi satengngah dirham,
Angrarêpa
Ki Mong kudu bali, mulih marang sajronning nagara, wong tugur samya ujarré, yén
sira iku wangsul pan wus ngancik lawang sademi, dadi kenna sadirham Ki Emong
angrungu, dheleg-dheleg tanpa ngucapmileg-mileg langkung dénnira prihatin apa
dén nesokkenna.
Banjur
satengah dirham yén bali,mring nagara pan kenna sadirham dadi ngungun joto baé,
kasaru kéh langkung, wong ngadagang mring jro nagari, padha sok-sokkan dirham
wong tugur agugup dénnira nampanni dirham pan Ki Emong suwé tan dén talikurri,
katungkul kéh wong dagang.
Lunga
nurut wangsul mring nagari, kang ngatugur tannana unningnga, nora antara
suwénné, wusnya wong dagang laju, pan kélingngan wong tugur [90] sami, Ki Emong
katingallan lampahira wangsul binuru sigra kacandhak kuldinnira sinnendhal Ki
Mong ginnitik wanni-wanni annerak,
Ingkang
wus dhawuh undhang Sang Ngaji, ingarannan wong wanni paréntah, kuldinné
dipunréréwéng, tinugel buntuttipun kuldi jolani mong kang ngéstri, tiba ginnawé
jola, wetengnganné runtuh, Nyai Mong nangis alara, miwah anon lakinné dipun
gitikki, langkung prihatinnira.
Kajinnemman
sadaya abengngis lah lunga aluluruwa dirham bojomu iku sun gadhé, iya tebussen
bésuk ingsun wedi undhang Sang Ngaji, Ki Emong sigra késah,mring nagara wangsul
marêkki para nayaka, nedha kukum tinutur solahiréki, duk anéng patugurran,
Ginnebuggan
néng lawang sademi, nanging khukummé sagung punggawa, Basarah mupakat kabéh,
pan nora kukum ingarannan doséng narpathi, wanni nerak paréntah, malah sira
perung, kongsi ya katur Sang Natha, nora
antuk malah nemuwa bilai, jer sira nerak undhang.
Nanging
Ki Mong anglabuhi pati, nadyan katurra marang Naréndra, matiya sarta rabinné,
dadya kang punggawa gung, hulu balang nayaka mantri, Ki Emong tinuruttan
katurring Sang Prabu, Sulthan Basarah sinnéba, wus dinnangu katur sasolahiréki,
annari mring nayaka.
Aturripun
kang nayaka mantri, yén punniku dipun apuntenna, aber sawingkingngé, préntah
kang wus dhumawuh, kathah purumin mikan bénjing, dadya wau Naréndra, nurut
aturripun Ki Mong sampun dhinnawuhan wus lungaha nora pinnerung siréki, pan
uwis nemu begja.
Yata
Ki Mong kalangkung prihatin angupaya dinnar nora bisa, ginnawé nebus rabinné,
prihatin kangennipun marang rabi tur wangngati, langkungnging duka cipta,
tambuh solahipun annangngis gya junjung asta, ya ilahi kang ngakarya bumi
langit kang nora kikilappan,
Tingkah
jro munni jabanning munni, kaunningan pakartinning jagad wonten rathu kang
mengkéné, siya-siya kalangkung, datan kenna dén prasabenni, pan namung buru
arta, makan darahipun ngadeggaken patugurran ngalap darah marang wadyanné
pribadi, lah tuwan adillana.
Niyayanné
narpathi punniki, sapa sinten amba jalukkana, liya saking tuwab dhéwé, wakil
tuwan punniku, boten pantes angreksa sabumi, malah angalap darah, saking
wadyannipun anjeléh pannangngissira, lah walessen ratthu sikara punniki, ajur
ing tyas kawula.
Dyan
Ki Emong miyarsa swara ris saking éba: Emong énggal metuwa, saking jro nagara
kénné, tinnarima sira wus pandongan ta mring Hyang Kang Luwih, samengko iki
iya, dhawuhken babendhu, marang Sang Rajéng Basarah, samantrinné kabéh sanagara
iki, katut tingkahing ra
Dyan
lumayu Ki Emong wus prapti, jawi kitha miyarsa kang swara, amung sapisan
jumebrét nolih Ki Emong sampun jronning kitha sampun winnalik tumpes wong sajro
kitha, kinnelem ing bannyu, irêng ingkang katingngallan ngombak kombak umobbé
ngijab-bijabbi, luluh wong sajro kitha.
Malah
ing mangké taksih katawis patilassan kitha ing Basarah, nadya rawi rêng
bannyunné, duk ratu kenna bendu, anggagawa wong sanagari, mila Jeng
rasullullah, sanget undhangngipun kaol ittaku donga An Almalumi; walaoka
nakafirin tegessé kang punnika.
Padha
wediya éh umat mami, mring donganné wong kinnanniaya, nadyan wong kapir
yektinné, tinnarima punniku, nora nganggo gedhé lan cilik sipat aduwé endhas
jagul lawan rathu, sajronning pitennah padha, ing kukummé mila dénna ngatiyati,
kaol Bukari Imam,
Pratandhanné
sagung para Ji, nora kenna sélak saking bala, sabarang ing pakartinné, tan
kenna api sadu, sasolhé kudu ngawruhi, niyasat ing dursila, angganjar kang anut
barang réh ing kabecikkan nora wruha katempun ingkang para Ji, tan kenna
ngungkurrênna.
Pupuh XI
JURU DEMUNG
Wonten
gantyanning nalirah, kaol saking Kiyai Jeng Musannip Imam Bukari kang sinung,
iklas kawicaksannan wonten nagri agung kéh jajahannipun apanjang-punjung
prayoga, nagri loh pasir awukir.
Anengguh
nagari Ngérak nanging manggih cilaka wussalami, singa ingkang madeg Prabu,
anéng nagari Ngérak sedhih saking dursilanné kang wadya gung, yén rahinna kéh
bébégal yén dalu prahara maling.
Sebrot
tan nutil-lutillan seselerran nadyan sajronning masjid ing ngari Jumungahipun
kéh bodhik-bodhik ilang, nadyan tasbéh pan nora kenna katungkul yén dalu
anggung wurahan tannana wong metu ngising.
Maling
satus barêngngira, tigangngatus malah ana kang luwih, kongsi jangkep
gangsallatus ratunné sedhih dénnua, nora kanggo paréntah miwah pitutur, dadya
patinning Naréndra, saking sangetté
Nalika
iku Madinnah, kang jumenneng pan kalipattullahi, Bagéndha Ngusman punniku,
mentas sédanné Ngumar, dadya kang pranayaka Ngérak samya tur, unninga marang
Jeng Ngusman Bagéndha Ngusman anuding.
Putranné
Bagéndha Ngumar, kang tinnannem anéng Ngerak nulya glis ingaterraken wadya
gung, saking nagri Madinnah, putra Ngumar néng Ngérak wus madeg Rathu, suyut
kang para nayaka, punggawa satriya mantri.
Prawira
ném putra Ngumar, bagus sarta putus sakéhing ngélmi, kramanning wiwéka putus
pasang graihita limpad, wus micara ing ngélmu wong made[94]ga Prabu, nanging
nagara ing Ngérak déréng mantun dursilé
Putra
Ngumar Sultan Jiyad ing nalika énjing miyos tinnangkil anglar nayaka
gung-ngagung, punggawa hulu balabang, andhér penuh tébak ngarsanniréng Prabu,
Sri Bupathi paparétah, angelar jembarring masjid,
Ingkang
kinnarya Jumungah, kira-kira amotta wong sakethi, malah dén kapara langkung,
tanna lami wus dadya, ing ngundhangngan keriggan jumungahipun ajana wong kari
wisma, jinnarah tur dén paté
Tatkalannira
jumungah, Sultan Jiyad akudbah angimanni, mangkana salaminnipun prandénné jro
nagara, durung mari dursila bégal mamandung, nanging yén nari Jumungah, jro
kitha pepak néng masjid,
Sultan
Jiyad amariksa, mring punggawa aturripun pan maksih, dursila wadya mamandung,
nuju ari Jumungah, Sultan Jiyad sawussing kudbah tumurun angimanni bakda salat
lawangnging masjid kinunci.
Wong
siji tan sinung medal paparétah mring pra nayaka mantri, tuwin kang wadya bala
gung, Sultan Jiyad ngandika, éh wong Ngérak rungunnen parétah ingsun sira wus
ngiman ken padha, saking jronning pitung
dinna punniki, aywa na wong metu dalu,
sawussing bakda ngisa, yén anaha kang annerak undhangngingsun paté
Sanadyan
lanang wadonna, gedhé cilik aywa na temu bengngi, wus pasthi paréntah ingsun
iku sun gawé lunnas gumarumung kang matur sandikannipun nulya dén wenganni
lawang, sadaya wus kinnén mijil,
Wuwusen
ing dalunnira, Sultan Jiyad ngrasuk kaprabon jurit milih wadyannira amung,
ingkang ginnawa ngangnglang, kawan dasa dharat amung Sang Ngaprabu, nitih
turongga paperang, lor kitha kang dén ngangnglangngi.
Kapethuk
wong ngamamara, tigangatus lagi arsa mamaling, tinnakon wong ngapa iku, wong
maling nora nyana, lamun ingkang ngangnglang iku Sangnga Prabu, ingandheg
kéndel sadaya, pagénné sira mamaling.
Yén
sira kurang pangan dénné nora nunuwunning Sang Ngaji, pan arta béttakmal agung,
saossan wong malarat sira arsa angambil kratonningsun wanni annerak paréntah,
wong limangatus samya jrih.
Kawruhan
yén rathunnira, langkung ngungun tannana bisa angling, Sutan Jiyad langkung
bendu, sebrak annarik pedhang,pinnedhangngan tumpes maling limangngatus
tinnigassan murdannira, sawiji tannana kari.
Gembungngé
sinéléh samya, praptanning margi sirahé nanging, binnekta mring ngalun-nalun,
nulya kalangan rinna, ing dalunné malih SangNatha angidul manggih wong nedya
mamara, tigangngatus dén tumpessi.
Gegembung
tinnilar marga, anggalasah sirah binnekta sami, sadaya mring ngalun-nalun
mangkana wusé abekkan Sultan Jiyad anggung angangnglangngi dalu sanadyan dudu
malingnga, miwah wong nguyuh angising.
Yén
katemu anéng jaba, pinggir lurung pinnedhang dén paténni, kekes ajrih wong
mamandung, dénnira Sultan Jiyad yénna ngikal pedhangngé angin-nagung, keras
tarampil acukat tatag trangginnas tur wanni.
Dhasarré
weweton Ngarab wus wiwéka utama ing ngajurit anom prakoswa dibya nung, pekik
sampun kaorjat prawiréng prang saking jumantara kasun kerêng tan kenna tinnerak
wawalerré amaté
Prapténg
dalu kaping tiga, lunga ngétan Sang Prabu amranggulli, wonten kang wong adol
wedhus kadalon samiyarsa, undhang sanget tan kenna wong metu dalu, dadya kéndel
anéng marga, sipeng sangandhap waringngin,
Kaunningngan
mring Sang Natha, wus dinnangu aturré wong ngagrimi, saking dhusun sadé wedhus
mila sipengnging marga, mirsa undhang dadya sipeng ing lulurung, sajabanning
pager dhadhah, énjing lajeng mring nagari.
Sang
Prabu Jiyad ngandika, iya benner aturrira ing mami, nanging ingsun iki ratu,
tan kenna mindho sabda, koluhul kak wakalamuhu sadikun tegessé dalil punnika,
pangandikanning Hyang Widdhi.
Temen
lamun angandika, lan wus benner pangandikanning Hyang Widdhi, ratu iku
wakillipun pan dadi wawayangngan ing Pangéran sagung para ratu-ratu, yénnana
mindhonni sabda, rêngka darajatting bumi.
Méndah
wong nagara Ngérak pannacaddé mring ingsun angennénni, kang wus ngrungu
undhangngingsun wruh toggé ing tyassing wang, dadi padha gagampang paréntah
ingsun yén kenna dén gagampang, ing tembé paréntah mami.
Tannana
dén rungu ika yekti rusak iya karaton mami, yén rusak kaprabonningsun
panningsun nemu dosa, iya dénné gawé jagad ara-uru, bawur saébahing praja,
yekti nora dén gugonni.
Padha
lemu wong dursila, dadi gagah; wong benner kuru aking, padha sedhih mannahipun
sagung wong amicara, kang durjana kang kumprung pengngung andarung, milanné
dadi surjana, iku saking kurang budi.
Yén
nulaha pamicara, pagénné ya teka kudu mamaling, bok iya sasawah iku, adagang
angawula, nora kurang kamurahan kang dhumawah, upa jiwa kang kipkah, sipenggung
dén dhadhung ngidlis,
Sawussira
ngunnandika, Sultan Jiyad ngejeppi amaténni, sakéhé kang adhol wedhus sirahé tinnigassan
wus binnekta sadaya mring ngalun-nalun gagembung maksih dén tilar, tunggil lan
wedhussiré
Sangsaya
sru lékking praja, Sultan Jiyad tannarsa angoncatti, pangandika kang wus
dhawuh, kerêng amara asta, kekes kabéh akéh maling padha sukur, kalung tasbéh
dinna-dinna, ajerih wingwrin lan sepi.
Praptannira
tigang dinna, patang dinna cinna[98]cah kang ngemassi, séwu sawidak gungngipun
wewah dinna awewah, sanggén enggén gagembung pinggir marga gung, pan sirah
pating kalarah, undhang tan kenna dén ambil,
Mring
sanak wong tuwannira, yekti dén lud sadaya wedi giris gagembung pating
galundhung, papathah ting galéthak éstu lamun pangéwan-néwan satuhu, dadi
tamsilling durjana, mangkana Sr Narapathi.
Nuju
ing ngari Jumungah, minggah mimbar akudbah angimanni, sabakdannira agupuh,
kinnon angunci lawang, wong sawiji tannana sinungngen metu, kethén aleksana
samana, sipat lannang gedhé cilik,
Sagung
nayaka ngabdikan hulu balang satriya para mantri, jejel ing ngarsa Sang Prabu,
atap kang wadya bala, Sultan Jiyad minggah ing mimbar aluhur, dénnira arsa
paréntah, mrih kapyarsa wawadyé
Éh
éh kawulanning Ngallah, wong ing Ngérak kabéh kang sun karatonni, rungunnen
paréntahingsun iku panggawénning wang, apa kurang sajronning siyasattingsun yén
padha wanni nerakka, wuwuh luwih saking iki.
Karana
ngedohken ningwang, ingkang ngala marêkkaken kang becik yén ta mari kang
ngamanggih dosa ingsun tiwas kinnarya kalipah, ginéndhongngan dosa mami.
Dosanné
waong sanagara, kurang saking pambaurêksa mami, ing mangko paréntah ingsun
poma-poma pacuwan sarupanné kang manuk karatonningsun dén sayékti piyarsakna,
éh éling-ngéling dénné
Aja
na wongkancing lawang, lawang jaba aja na dén innebbi, aja na kang ngunci iku,
sakéhé sisimpennan kang arupa kothak pethi, kepék tumbu, garobog gedhong sadaya,
kabéh aywa na dén kunci.
Yén
nana wong kamalingngan pira jinné panningsun kang ngilénni, malah sun tikel
telu, lan duwékké kang ngilang, ingsun robbi sajronning tetempuh ingsun éh poma
wong nagri Ngérak aywa na kang maling sari.
Kang
wus dhawuh kang wus dhawuh undhangnging wang, sapa nerak angajarraken pati, lan
kapindho warung-warung, aja na kukut padha, ing dodollan kabéh maksih ya néng
warung, sadaya kang wadya-wadya, gumer sandika turné
Minnengngan
kori gya medal sarupanné dénné ta Sri Bupathi, parêng nayak gung ngagung,
angiring mring jro pura, adhadharran sarêng tunggil Sang Ngaprabu, mangkana ing
pitung dinna, antara dhawuhiré
Undhangngé
Sang Nganaréndra, saben pitung dinna atur upaksi, ing punniku tannana
prakarannipun rahayu wong sanagara, tannana wartanning maling.
Ngutil
annyeler annayap ing punniku rahayu jro nagari, samya kekes ajrihipun dénné ta
Sang Naréndta, tuju janji tannarsa ngoncatti wu[100]wus pan wus pirang-pirang
dinna, tannana walang ngasisik.
Dodollan
dalu dén tilar tannana kang suda cacahé sami, sore wutuh ésuk wutuh, siji
tannana ilang, wus mangkana sagung nayaka gung ngagung, saben sapta ri tur
priksa, mulyanné ingkang nagari.
Tannana
warta kang ngala, saben-saben punggawatur upaksi, amung pawarta rahayu, katur
ing ratunnira, Sultan Jiyad asrep duk miyarsa atur, mulyanné nagarinnira,
medallaken dana mintir.
Mangkana
kang cinnarita, wonten anakking rondha éstri yatin ni rondho arsa mamantu,
annak éstri punnika, suwengngi pun cinolong ing sanakkipun tur tunggal tatongga
wisma, ni rondha langkung prihatin,
Sengkang
pangaji rong samas wolung ngatus réyal gungnging pangaji, angundang
santanannipun kang samya tuwa-tuwa, nedha rêmbag apa katur Sang Ngaprabu ajrih
yénnora katurra, sanget undhangnging Narpathi.
Dadya
katurring Naréndra, sinupatan temenné pinnét maling, sumonggéng karsa satuhu,
tan purun matur dora, Sultan Jiyad sigra dénnira amundhut tikel telu tinempuhan
sukéng tyas kang anampé
Mangkana
ari Jumungah, Sultan Jiyad minggah mimbar, sarwi pedhangngé tinnarik,
Asru
dénnya undhang-undhang, éh wong Ngérak kabéh kang sun ratonni, wetokkenna
maling iku, ingkang malingngi marang, bibi rondha suweng rêga wolungngatus
lamunnora pinnanggiha, iku ing adinna iki.
Éh
éh wong nagara Ngérak apa arêp mati sadinna iki, sinamberring pedhang ingsun
wong kethén leksana sira, nora gawer pedhang siji bapé gempur, sagungnging
wadya miyarsa, kekes samya wedi giris,
Dadi
tatonga punnika, kang unningnga samya jawil jinnawil katurring punggawannipun
lajeng katur Sang Natha, wus cinnekel kang nyolong suweng punniku, winnesi asta
sakala, tinnatrappan lawan adil,
Wusnnya
mangkana binuka, lawang masjid sadaya kinnén mijil lestari arja praja gung,
Sultan Jiyad sinnéba, dangu marang pra nayaka gung ngagung, aturring
punggawannira, pukulun Sri Narapathi.
Wonten
bumi kang tampingngan tapel wates siti Basarah gusti, punnika dadya marga gung,
saking wong dagang dharat ing pawarti kathah songga runggénnipun Sultan Jiyad
angandika, payo cacakken tumuli.
Nyebarra
brana wastra, ingkang samya pépénni raja pénni, miwah ma rêtna di luhung,
tinggalen ing dalan wong sawiji poma aywa na kang tunggu, watessan bumi
Basarah, sigra lampahira nuli.
Punggawa
annyebar dunnya, prapténg marga kagungngan Narapathi, binuwang ing pinggir
marga gung, wunnya lajeng dén tilar, rêtna wastra sotya mas tinnilar mantuk
antara ing pitung dinna, pinariksa wutuk maksih.
Tannana
cicir satunggal ing nganténken ing pitung dinna malih pinnariksa misih wutuh,
tetep sampun kaojat Sultan Jiyad aluhur darajattipun takut pra monca Naréndra,
dursila doh wedi giris,
Ajar
padha kapelajar, wong kang nembah genni padha angili, sagung bobotoh kabutuh,
asukur dadi salat limang waktu ajrih kawistarê Prabu, durjana sagung dursila
akéh manjing marbot modin,
Wus
mangkana paparéntah, Sultan Jiyad ambedhah gedhong aglis tinnampénning punggawa
gung, ingkang mong kaprabéya, wana gunung kang kinnén akarya dhukuh, prabéya
saking jro pura, arta bétakmal kang mijil,
Anggili
andinna-dinna, pra Dipati kang samya anninitik alas-salas gunung-gunung, kang
pantes dadi désa, kang sayogya kenna kaunggahan bannyu, kang pakolih wong
sasawah, sigra dénnira ngyasanni.
Prabéyanné
ginnantungngan dadya kapiyarsa liyan nagari, akathah kang samya rawuh, ingkang
ngamilih papan ana pantes dadi dhukuh isi satus rongatus isi wong samas kawot
sabobotting bumi.
Kang
pantes kawot wong dhomas miwah séwuhan boboting bumi, ingkang séket pitung
puluh, papantessé binubak amisuwur mring monca nagri gung ngagung,kang prapta
nagari Ngérak kang miskin anedya sugih.
Wong
kang kurang sandhang pangan adhudhukuh wana ing Ngérak dadi, cukup sandhang
pangannipun anak putu tumangkar, tangkar samya awisma dadya sadhukuh, marmanné
dadi raharja, nagara Ngérak mewahi.
Dadinning
mulya raharja, Sultan Jiyad pinunjul ing para Ji, kekes parang muka takut
dénnya jrih kaungkullan ing susila sudibya kaprabonnipun utama agelar dana,
siyasatté
Sawussira
lama-lama, kathah dadi dhukuh pinggir wanadri, lan tepinning gunung-gunung,
tannana kang maluwa, ing wana gung dadi désa agung-agung, mangkana kang cinnarita,
Sultan Jiyad nandhang sakit,
Sakit
lumpuh sukunnira, pra nayakannira samya prihatin annekakken dhukun-dhukun
prapta samya turrira, gerah dalem yén amrih waluyannipun karyaha wadhah inumman
saking siti dén seseppi.
Katur
ing Sri Maharaja, Sultan Jiyad nulya kén angulatti, manawa na désa suwung,
amendhet sitinnira, kang kinnarya wadhah inumman Sang Prabu, téko lamun
amanggiha, ing lemah désa kang sepi.
Dadya
sagungnging punggawa, ngutus samya ngulatti désa sepi, darapon énggalla iku,
waluyanné Sang Natha, dénnya gerah lumpuh wus dungkap sataun nanging dutanning
punggawa, lami ngupaya tan manggih.
Ing
désa kang suwung ika, dadya katur marang Rêkyana Patih, dhusun samya
wutuh-wutuh, gemah-gemah raharja, dyan umarêk sagung nayaka gung-ngagung la apatih
mring jro pura, umatur ring Sri Bupathi.
Prapténg
byantara Naréndra, aturrira nayaka lan apatih, tannana tuk dhusun kang suwung,
ingkang badhé usadha, yén wontenna lilah paduka pukulun inggih akarya sakedhap
anyuwungken désa siji.
Amrih
énggal waluyaha, gerah dalem duk miyarsa Sang Ngaji, Kyana Patih aturipun asru
dénnya ngandika, yén mengkoné iku ujarring kang dhukun nora waras laranning
wang, yénnara usada siti.
Lemah
désa sasuwung ngika, dadak gawé nyuwungken désa siji, yekti sun palaur lampus
lawan nyuwungken désa, nora kudu waras nging kaprabonningsun aja kongsi dadi
nistha, lingsem tinudingngan mami.
Sikil
kiwa mring malékat sawussira ngandika Sri Bupathi, lan sagung nayakannipun
waras dadak sakala parmanning Hyang usada antepping kalbu, sukéng tyas sagung
nayaka, mulyanné Sang Bupathi.
Amiyossaken
sidekah, saking pura andinna-dinna mintir, bingngar kuwungnging praja gung, duk
gerahing Naréndra, nagri Ngérak béla lir kang pradapa lum ing mangkya Natha
waluya, kadya sinnom rinengga sri.
Pupuh XII
SINOM
Mangkana
Sri Maharaja, Sultan Jiyad angundhangngi, marang sa[105]gung hulubalang,
punggawa satriya mantri, kinnén nglampahken sami, caraka mring dhusun-dhusun
désa kang dadi annyar, miwah désa kang wus lami, akarya alulurung nyawidak
cengkal,
Lawan
samya akaryaha, made geng tepinning margi,lawan lurung terussan marang désa
kang sawiji, padha karyaha kali, satirahing lurung-lurung, sadaya pinnaringngan
prabéya saking jro puri, saben-saben iya lalakon sadinna.
Sinnungngan
wade sannépa, pura siji angiderri, hér kembang ing kéring kannan
jembang-jembangngan marapit wisma doh magersari, rinnakit sakuwu-kuwu, lajurran
babanjengngan ing ngadeggan masjid alit linnimputtan piranti tunggal warastra.
Sawussira
lama-lama, samekta rêngganning margi,undhang Sang Sri Maharaja, arsa wruh
untabbing dasih, mring jawi kitha mijil lajeng mring wana buburu, dinnar pirang
gotonngan balonja wong turut mami, ingkang samya kamarganninglampahira.
Budhallé
saking jro kitha, wadya gung datanpa wilis wadya kang wahana kuda, tigang leksa
munggéng ngarsi, ingkang wahana ésthi, saleksa ing wurinnipun sanuk mémréng
blegdaba, unta kuldi lan karêndhi, kang ngadharat akethén yutan aleksan,
Yén
tinonton busana bra, lir wimbuh ingkang wiyatti, sirêp suratting baskara,
kawistaréng lintang riris Sultan Jiyad nupéksi, kanan kéring ngarsa pungkur,
untabbé wadyanira, sukéng tyas sukurring Widdhi, agung maos subkanahu
watangala.
Sanget
undhangnging mring bala, siyasat sajronning janji, sapa kang ngrampas wong
désa, cangkem karut pala dadi, yén ora lawan idin ingundhangken ukummipun
tanganné kang ginnecak pinrih ajur kang dariji, wus musuwur sadaya kang
wadya-wadya.
Sapraptannira
ing wana, masanggrahan Sru Bupathi, tan cinnatur laminnira, Sultan Jiyad néng
wanadri, suka dénnya ningalli, arjanning kang dhusun-dhusun beberêg
dinna-dinna, wonten panguncangnging Widdhi, Sultan Jiyad kapisah lan
wadyannira.
Amung
lan turanggannira, amikul towok pribadi, kalautting pagunungngan wonten désa
geng satunggil ing kana kéring kali, ing ngarsa babawanna gung, wukir ing
wurinnira, arêsik sitinné wedhi, gunungngipun isi pajatén punnika.
Wisma
séwu luwih malah, isinné désa sawiji, anurut kali sarwéndah, dhukuh iku annyar
dadi, saking papan prayogi, mila kathah wismannipun tegal pomahan wiyar,
tinnannemman sebu sami, satanjengngé katéla timun semongka.
Samya
jati wismannira, payon jati pager jati, ginnebyog dhadhah ing jaba, sawisma
salawang kori, saben wisma wong siji, lumrah samya ngrangkep lumbung, lesung
pawon gedhoggan kandhangngé pra samya jati, Sri Naréndra kasasar kasaryan
mulat,
Ésmu
salah manjing désa, nuju wismanning patinggi, pinanggihan bale jaba, Sang Natha
tatannya aris sinten-ningkang darbénni, désa langkung arjannipun naurri kang
tinnannyan tumut dhateng Kiyapatih, pamedallé mung kélang tebu sarêmbat, Sang
Natha ngungun miyarsa, pangunandikanning malih, Si Apatih iki cidra, kurang
tumemenning mami, désa seménné iki, ana dinnar patangngatus patut pametunnira,
mongsa rêkasaha ugi, maksih énnak apajegga dinnar samas,
Sang
Natha mundhut inumman pinnerêsken tebu nuli, kang duwé omah tannyana,lamunniku
Sri Bupathi, dénné datanpa kanthi, pinnanggiyan cara senuk ngatak malih Sang
Natha, dénné suwé Ki Patinggi, dénnira sasuguh perêssan rossan,
Ki
Patinggi nolih wisma, éh rubiyah dénnagelis génnira amerês rossan kasattan Ki
Bagus iki, kasasar semunéki, pisah lan bendarannipun Jeng Gusti Prabu Ngérak
ameng-ngamengnging wanadri, Ni Rubiyah saurré
Ki
omah wonten punnapa, gonningsun merês punniki, tebu limang lonjor telas pan
durung ngoléh sacangkir, saben-sabenné iki, amerês salonjor iku, tadhahé limang
gelas tebu limang lonjor iki, ingsun perês suwé tannantuk sagelas,
Bok
ki dayoh ingkang mawa daulattira akedhik saben kang katurring kitha, ing gusti
Rêkyana Patih, saben tebu sawiji, limang gelas antukkipun iki tebu lilima,
sagelas pan nora oleh, Sultan Jiyad miyarsa graiténg driya.
Mangkana
andikannira, tegessé ingsun punniki, tetep cegahing Naréndra, nora santosa
mring Patih, lawan cegah tan sipi, nedya ngundhakken pametu, suda ingkang maonah,
darajatté kocar-kacir, dénné iki ingsun surung paparé
Lagiacipta
kéwala, semunné dhendhanning Widdhi, méndah baya kalakonna, Sultan Jiyad lajeng
pamit pan nora angenté
Maring
kang amerês tebu, mérang marang Pangéran nyéngklak kuda cinnamethi, Sultan
Jiyad pannyanderré tilar bala.
Tan
kongsi mring pasanggrahan lajeng kondur mring nagari, praptanning kadhatonnira,
lajeng mring gedhong pannepin tobattira tan sipi, marang Hyang Kang Maha Luhur
nora malih cuiptaha, maido wetunning bumi, lawannora nedya ngundhakken pamedal,
Wadya
gung kang anéng wana, srang-srangngan samya prihatin icallé Sri Maharaja, wus
wus lami nora prapti, mantri kang tengga puri, mring Patih ngaturri weruh,
kalamun Sri Naréndra, pribadi kondur mring puri, sarawuhé manjing gedhong pamidakkan,
Sigra
Kya Patih tengngara, budhallé sagung kang baris sigra-sigra lampahira,
sajronning kitha wus prapta, lajeng Rêkyana Patih, makajeng ngalun-nalun cipta
manggih duduka, apa wadinné Sang Ngaji, kondur marang nagara atilar bala.
Lan
sagung mantri nayaka, praptanné saking wanadri, kukuwu poncaniti, makajengngan
boten mantuk mring wisma sowang-sowang, Sultan Jiyad sigra mijil saking kalwat
annimballi Kiyapatya.
Lan
sagung kang pranayaka, keridding Rêkyana Patih, prapténg byantara Naréndra,
mésem ngandika Narpathi, wruhannira Apatih, sayektiné raganningsun karêngon
sawatara, marang Hyang Kang Maha Sukci, witté ingsun maido ing lakunnira.
Maido
wetunning désa, tinutur solahing ngunni, duk kasasarring padésan nuju désanné
Ki Patih, purwa malah mekassi, Kyana Patih langkung ngungun Sang Natha sru
ngandika éling-ngélingnga dénnaling, aja sira kuwatir sudanning arta.
Lawan
aja bungah sira, undhakké artanniréki, nora kenna pépékaha, mungguh jenengnging
Narpathi, apa dénné Papatih, sawahyu kalawan ratu, sagung mantri nayaka,
sawahyu kalawan Patih, sayogyanné wruha ing wau punnika.
Sajronning
karatonnira, rahayu isinning bumi,lan saisinné sadaya, tinnempuhaken Narpathi,
yén ratu duwé pikir, tan saréh ing ngundhakkipun arta kang manjing pura, iku
niyaya ing bumi, lanniyaya marang manungsa sadaya.
Teteppé
kang para raja, aja aturut wong cilik kuwatir sudanning arta, suda wahyunning
Narpathi, ilang darajatnéki, sihing Hyang satengah kongsul batin wus
ingucullan, pangandellira Hyang Widdhi pan mengkono dén prayitna para raja.
Kuneng
kang sampun utama, Sultan Jiyad angungkulli, darajatting para raja, kang kadi
tepa palupi, ratu sawuri-wuri, wonten malih kang winuwus ratu agung utama, ing
kitab adangul amri, ratu luwih nama Sultan Abu Jakpar.
Ing
nalika sinniwaka, ing sagung wadya para Ji, tuwin wadya pra nayaka, punggawa
satriya mantri, pannarsa amaténni, mring siji kawulannipun nulya waonten
soprapta, Mubarah naminniréki, Séh Mubarak Séh Pulél kang darbé
Sultan
Bu Jakpar ngandika, punnapa aturriréki Séh Mubarak aturrira, tuwan-narsa
manténni, yén déréng apa titis sedheng saking tatrappipun sanadyan wus
katrappa, utama apuranéki, wonten kadis kautamanning Naré
Ing
bénjing néng pangayunnan wonten swara saking gaib kang dadi gegedhé ika, mulya
nikmatting para Ji, ngapura dosa pati, angesokki niyattipun maring kang duwé
gugat liwat pamalessing Widdhi, yata mésem ngandika Sultan Bu Jakpar.
Inggih
manira, punika kang dosa pati nanging mannira nenedha, pitutur ingkang sayekti,
utamanning para Ji, Ki Séh Mubara[111]k turripun inggih ta Sang Naréndra,
singgahana amaténni, dipun-némut yén badan jasmanni tuwan,
Apan
dédé rasullullah, baanné badan rokanni, paran dénné yén binnéka, momot boten
andukanni, éling yén manungséki, wong kang serêngngen punniku, yekti manggih
duduka, awake marang Hyang Widdhi, barang tingkah solah iku wawalessan.
Wonten
kitab kang amarah, najatul muluk naméki, duk jamanné Nabi Musa, wonten iblis
kang sumiwi, maring ing Kangjeng Nambi, pun-niblis nembah umatu, éh nabining
Pangéran punnapa tuwan karsanni, ngélmunning Hyang kang ginnadhuh dénning
sétan,
Anenggih
tigang prakara, kang ginnadhuh dénning ngiblis gumujeng Jeng Nabi Musa,
sun-narsa angrungu ugi, nembah matur pun-niblis punnika pan agemmipun sampun
tuwan duduka, nenggih maring wang sawiji, najan benner lamun kakathahen duka.
Kawula
kang angsal papan nadyan benner dadi sipip dipun nedya angapura, punnika kawula
ajrih, dén kedhik tur patitis sabobot lan dosannipun utama kang apura, sétan
konca kula sami, wong kang sabar punnika ingkang ngunjara.
Lan
malih dipun prayitna, sampun nedya mindakanni, maring wong wadon punnika, dénné
kaping tigannéki, sampun tuwan ngukuhi, luluwihanning ngartéku, tegessé
kumettika, kang dadi kuthanning ngblis ngéca-éca sétan sami babarissan,
Tigang
prakawis puunika, kang dadi agemming ngiblis kapanggih pundi-pundiya, punik
adi, mésem Sri Narapathi, Sultan Bu Jakpar angrungu, kojahé Séh Mubarak Séh
Mubarak matur malih, lan malihé utamanning para raja.
Arêp
saolaha gagah, anrappaken ukummadil yén kennaha dén bat-tembat anggrog
kaprabonnéki, ratu anrappi adil akathah ganjarannipun lagi niyat kéwala, nedya
ngadilli mring dasih, ganjarrané sami lan adegging salat,
Wonten
kojah ratu dibya, kinnasiyanning Hyang Widdhi, kasub lokking pramudita, Sultan
Ibnu Ngabdul Ngajid cinnatur wali-wali, dadi lepiyanning ratu, ing nalika
sinnéba, ing wadya para Narpathi, miwah sagung nayaka pramonca radya.
Sadangunné
sinniwaka, Sang Ngaprabu anjennengngi, nayaka kang paliwara, juru nrapken kukum
adil Jeng Sultan Ngabdul Ngajid sayah kondur mring kadhatun pinnethuk para
garwa, miwah kaputra pawéstri, duk alenggah made gung arsa ané
Wonten
dakwa kalangkungngan wau duk wontenning jawi, Sang Natha sampun ngadhatyan
nanging pun gugat bek pati, nedha katur tumuli, pariwara sigra matur, pun gugat
kalangkungan anunuwun pangandika Ji, ing sakarsa punnapa inggih mantukka.
Inggih
sinnemayan bénjing, ngandika Sri Narapathi, lah mengko konnen ngantiya, ing
konno paséban jawi, ingsun narsa aguling, lagi sanget arippingsunsang Prabu
Nulya minggah, ing made arsa aguling, duk nglagéyéh putranné éstri tur sembah.
Nyandhak
sukunné kang rama, Rama Prabu sampun guling, déréng telas karya tuwan wonten
kawulanning Widdhi, punnika nyuwun adil tuwan kén ngantossi iku, yekti susah
punnika, jrih ing tuwan tur prihatin yekti rama rinnengngon dénning Hyang
Suksma.
Praptanning
ngajal paduka, rubed ing sakarat bénjing, dadi duka nalongsa, tur tuwan damel
pribadi, nyunyuwé mring wong cilik kang wonten prakarannipun tur tuwan
kawajibban angluwarraken prihatin yata kagyat Naréndra ngungun miyarsa.
Aturring
putra wanudya, kumembeng waspanya mijil, Sang Natha maréntahi, mring juru kan
mancas padu, nayaka kang mranata, pinnedhot kalawan adil sawussira kondur malih
Naraditha.
Nutugken
dénnira néndra, Séh Mubarak turriréki, maring Sultan Abu Jakpar, punnika Sri
Narapathi, kakandhangngan utami, ing nganggé palupinnipun tampilling kalakuhan
ondhé-ondhé ing para Ji, boten kénging ratu atilar upama.
Luput
benner kinnawruhan upama kang ngunni-unni, nadyan Kangjeng Rasullullah, yén
wonten upama becik misih ing nganggé ugi, tilas upama rahayu, sétan sok
amiroga, ratu dén-nojok-kojokki, aywa nganggo pratingkah kang kunna-kunna.
Ginnéndéng
marangnging sasar, dén wiwitti saking becik darapon nuli rahabba, wekasanné dén
alanni, jer oléh untung yekti, sétan godha kanthi raku, angradon babarrira, yén
ratu suci tur adil minggring-minggring sétan angambah nagara.
Lagi
muncul palarassan lir tikus amburu kucing, mara amiyat pragalba, wong sabar
maklum kinnéring, lan wonten kocap malih, ing jro kitab sirul muluk aja kéh
kalangennan angluwihi sangking wangkid tinunggulken iku panggawénning sétan,
Tannantuk
ing para yogya, sakéhing para Narpathi, kang ngekéhaken kasukan mung ngélingnga
marang adil lan ngedohana ugi, saking hawa nepsunnipun yén wong angugung hawa,
gugur dénnya ulah adil ing rahayu tindak aja kacampurran,
Wonten
malih undhang-undhang, ing kitab maratungadlin wajibbing kang para raja, yén
micara aywa bengngis balikken dén-namanis sung-sungngen lejarring semu,
utamanning Naréndra, dén sarta kalawan ngélmi, paparéntah tan kenna tumpang so
tata.
Karana
wus angandika, Jeng Nabi Mukamaddinnil Mustapa kang Rasullullah, utamanning
umat mami, sagungnging kang para Ji, kang nga[115]sih balannipun dénné kang
luwih nistha, umattingsun kang para Ji, kang kemléra nora asih maring bala.
Lan
sayogya para raja, tambuh pamujinning dasih, nyudaken kaprayitnan artinning
wong kang ngamuji, amung tigang prakawis pépéka pakolihipun apan tigang
prakara, wong amuji maring Gusti, saprakara iya ana kalannira.
Panunulakking
kadukan ana kang karana rai, ana kala saking loba, dénné mungguhing Narpathi,
utamanning sakalir, pawartanning dasihipun amriha kanyatahan solah bawanning
prajéki, aja amung aturré ingkang dinuta.
Dinuta
ngayengngi praja, lamun ngaturken pawarti, sayekti nedya utama, ratu namur
angayengngi, yén nora mengkonnéki, akaryaha juru-juru, amrih kabar santosa, bok
wong ala ngaku becik wong mangkonno iku marêkkaken pinah.
Angedohaken
raharja, pra ratu kang dhingin-dhingin dalu pra samya anuksma, ngayengngi praja
pribadi, ingkang dén nudannénni, panggawé balik punniku, ana wong nganiaya,
temen-temen karya drengki, paran dénné angaku kinnanniyaya.
Karana
awarna-warna, ing wong kang nemu pakarti, awit saking loba mamak paran dénné
nemu becik ratu wajib ngawruhi, panggawé mengkonno iku, pan teluhing nagara,
dursila andedrengkénni, wong panastén iku sétan anyuriga.
Kocap
wajibbing Naréndra, jro kitab adabusalatin arêp ambagi punnika, jronning
sadinna sawengi, pinnarat pambagi, dénné kang sadummannipun angabekti ing
Ngallah, dénné kang sadumman malih, tata-tata kaprabon tindakking praja.
Mariksa
ing paribawa, rahayu pakéwuh néki, alang ujurring prakara, ninimballi wong
bérbudi, pamicara wong ahli, juru mamancassing laku, angembat ngingerrika, lan
wong alim anunulis sapadhanné anéndra miwah adhahar.
Mriksa
wong kinnanniaya, miwah kang nganniayéka, dénné ta ingkang sadumman
ameng-ngamengngan turanggi, ameng-ngameng jemparing, léssan lan turongga iku,
ingadu kakerappan nenandur angrerêsikki, kang sadumman mariksa juru
tampingngan, obah osikking wong désa udan terangnging prakawis apa ingkang dadi
sabab dénné sadummanné malih, anacahaken sami, sagung gagaman prang pupuh,
sagungnging kang gagaman sarta prajurittiréki, bokmanawa ana suker kasakittan,
Wus
kocap sajronning kitab nengguh ahbarul maliki, yén ratu amangun yuda, aywa
angamuk pribadi, anneteggan baris aja ngrucat umbul-lumbul aywa ambuwang
kendhang, teteg saéngga ngemassi, supayanné punniku aywa angrusak,
Iya
kaprabonning raja, karana rohing wadyéki, gumantung kalawan-niya, rohing gusti
kang jennengngi, tegessé ratu nenggih, nyawanning wadya bala gung, lawan
becikking bala, sajronning amangun jurit, pan gumantung néng kaurippanning
raja.
Lan
wajibbing para raja, yekti aywa makéwuhi, bala kang kaprihatinnan yogya mrih
marma rudatin suka bungahing dasih, awusana saking ratu lengkyéh karya asuka,
aywa akarya prihatin pan dosa gung bubuh prihatinning wadya.
Apan
ratu kawajibban angluwarraken prihatin amongsa saisinning praja, mongka
wajibbing Narpathi, élingngan barang kardi, utamanné sarwa émut sakéhing
pinniyarsa, sarta wadya kang kinnathik wong ngélingngan becikkaken barang
karya.
Panggawé
kang luwih ala, barang karya sarwa lali, yéku angrusak lampah, tangéh minggaha
basuki, labanné nora éling, anggung gumingsirring tuhu, kéh owahing ngupaya,
ing ngadil datan lestari, papanning ngrat akuwur jagaddé rêksa.
Lan
malih wajibbing ratu, yén-narsannira aguling, akarya apa gulingngan warni pat
miwah ta katri, sarat kreppa angalih, saking pagulingngannipun karan ing
Naréndra, akéh ingkang makéwuhi, luwih akéh wiwilangnganning pitennah.
Pasal
ping wolu punnika, annyatakken ratu kapir, kang sami ngadil sadaya, tuhunné
carita ngunni, kaya para ratu kapir, dénné sami ngadillipun iya padha prayoga,
rumekséng jagaddé sami, lan rumeksa marang ngisinné
Lan
kuwasa agawé arja,mulyanné kang bumi-bumi, énnak suka sugih samya, manungsa
kang dén ratonni, bisa bédakken sami, ala lan becik punniku, réhing rumekséng
jagad rahayunné wadya néki, nadyan kapir kang becik dadya lepiyan,
Méndah
silih ratu Islam nglakokna pratingkah becik dénnira rumekséng bala, dénning
wuwuha ngluwihi, sinung darajatnéki, paribawannira luhur, apan Jeng
Rasullullah, amundhut tepa palupi, kapir Islam pra ratu kunna-kunna.
Kadis
wanna wulidda, wijamanni mulkiki ngadli, punniku kang pangandika, Jeng Rasul
nayakéng bumi, tegessé awak mami, ingannakaken katéngsun apan duk lairring
wang, nuju jaman ratu adil – ratu adil Sri Maha Prabu Nusirwan,
Kang
kocap ing dalem kitab nenggih tarikul umami, antara ing kalih warsa, babarré
andika Nabi, Prabu Nusirwanngadil ing nalika sédannipun mennangngi kalih warsa,
Jeng Rasul Mukammaddinnil lami-lami wahyuning nayakanning ngrat,
Diwasa
dhawuhing rahmat madeg kalipattullahi, jaratté Prabu Nusirwan dhinudhuk ing
Kangjeng Nabi, susupénné kakalih, punnika ingkang pinundhut dénning Jeng
Rasullullah, susupé punnika ciri, nistha madya utamanning para raja.
Misuwur
sampun tétéla, Sang Prabu Nusirwan ngadil adil pragya rumekséng rat wus dadi
tepa palupi, snadyan ratu kapir, sayekti wajib tinniru, réhning rumekséng
ngalam Jang Nabi wus apupuji, ing ngadillé Sri Maha Prabu Nusirwan,
Wus
kocap ing dalem kitab nenggih tarikul umami, nadyan ta ratu kapirra, yén najeg
dénnya ngadil, marang sagungnging dasih, sayekti pédah tinniru, amimbuh ing
kamulyan mangkana ingkang winnarni, duk jenengngé sang ngadil Prabu Nusirwan,
Ing
nalika sinniwaka, ing wadya kang para Aji, nayaka pra monca radya, mangkona ana
wong prapti, mradata amradondi, kang dadya wit milannipun ana wong annennebas
pomahan saking ngenggénni, lawan sagung pakarangnganné
Bur
manuk ingkang tinnebas kang annebad angenggonni, annon papethéttannira, kedah
samya dénnowahi, tan rêmen patut néki, tilassé ingkang rumuhun ing gelih
prennahira, pethéttan samya dénnelih, pinnuruturran winnangun patutté
Sangandhapping
puputerran ana pendhemman massadi, sosotya inten lan mirah, encéh wawadhahé
sami, yén ginunggungngan yekti, pangaji sayuta langkung, kagyat ingkang annebas
sigra dénnira sung warti, marang iya kang annebassaken omah.
Kakang
mannira sung warta, wau mannira muterri, ngelih-elih pepethéttan pan mannira
patut malih, wonten emas kaéksi, ing ngencéh wawadhahipun langkung dénning
akathah, miwah inten mirah sami, malah langkung saking pangaji sayuta.
Kakang
punnapa andika, kang duwé simpennan dhingin kang nebasken sahurrira, kula boten
nyinyimpenni, wus begjannira adhi, kang anebas saurripun kul boten annebas kang
wonten sajronning bumi, sayektiinné punika darbék andika.
Kang
annebasken saurnya, pan dédé punniku adhi, bennerré duwék andika, mungguh wong
nenebas adhi, yé sampun dén picissi, isiya gajah nem éwu, begjanné kang annebas
kula botenna ngawruhi, kang annebas saurré dédé
Duk
kawula jangji nebas boten jangji jronning bumi, mung kang katon katingallan
kakang sajabanning bumi, dangu dénnya pradondi, tannana gelem angaku, nekakken
pinnituwa, sannakké kinén bennerri, pan mangkénné iku bebennerranning wang.
Yén
padha pradondi sira, tannana purun ngakonni, iku kagungnganning natha, aturna
marang kang ngaji, iku pathi kawajib sakéhé arta kang masgul wajib katur
Naréndra, anulya sami lumaris annak putu kinnérig angusung emas,
Sapraptanning
panangkillan anuju mijil tinnangkil Sri Maha Prabu Nusirwan kagyat dénnira
ningalli, kinné mariksa sami, purwa munglabukannipun katur sasolahira, miwitti
malah mekassi, milannipun dadya katur Paduké
Adangu
diya-dinniya, pradondi ingkang ngakenni, sayekti kagungngan tuwan nunggil
betakmal Sang Ngaji, lerês katurring tuwan ngandika Nursiwan ngadil apanningsun
nora ngratonni pendheman,
Amung
manungsané padha, kabéh kang ingsun ratonni, nora odhep pependhemman iku dudu
bala mami, lamun mangusa ugi, barang solah tingkahipun mung iku kawajibban
angawruhi angadilli, ingsun nora babala pendheman emas,
Sagung
nayaka katurrira, lerêssing pangandika Ji, nanging ta arta punnika, teteppé
ingkang darbénni, wontenning paduka Ji, ing karsa sinten tinuduh, punnika kang
darbéya, ngandika Nursiwan ngadil pariksannen apa karo duwé annak,
Aturré
ingkang annebas punnika anakké éstri, kang nebassaken punnika, jalu annakkipun
nenggih, ngandika Sri Bupathi, panggihenna laré iku, padha bebésannana, laré
iku yén wus panggih, emas iku kabéh padha gawakenna.
Annakkira
karo padha, kang sun tuduh andarbénni, mas iku kabéh lan sotya, kang duwé ya
rare kalih, padha annakiréki, kalihé pra samya sujud sumungkem nekem sirah, ing
kisma ngabyantara Ji, bubar sagung tinninggil Prabu Nursiwan,
Wongkang
nemu pependhemman sapraptanning wisma sami, lajeng mangkat bébésannan pakonnira
Sri Bupathi, samya sukanné kalih, gung munpangattira Prabu, sagung mas
papanggihan pinnaringken rare kalih, suka sugih lawan adilling Naré
Wonten
malih winursita, jro kitab balakul muhsin duk jamanné ratu dibya, Jeng Sultan
Makmunurrasid ing nalika sinniwi, mring wadya nayakannipun amaossaken arta,
Sultan Makmunurrasidin ratu ngadil ing patinné
Wutuh
tannana kapisah, bumi tan wanni merpekki, sanadyan silih kapirra, yén ratu
punniku ngadil agung nikmatting pati, kawibawannira punjul saking karaton
dunnya, yén Islam adilla nenggih, nora kenna dénnitung gungnging kamulyan,
Wonten
malih ginupita, kitab ahbarul maliki, duk jamanné ratu Cinna, ing nalika
nandhang sakit sakitté sakit tuli, langkung prihatin Sang Prabu, lami tannarsa
dhahar, miwah asaré ing latri, sariranné atemah gagra kusika.
Kadya
kontal kamarutan wadya tannana udanni, gerahé Sang Sri Narédra, kang pra nayaka
sawiji, datan wruh kang dadya wit purwa gerahira Prabu, sadaya makajangngan
asaos marang jro puri, ingandikan prapta ing ngarsa Naré
Aturré
kang pra nayaka, paran gerah Sri Bupathi, punnapa kang dadi purwa, mila risak
sariréki, ngandika Sri Bupathi, lara angger laranningsun laranné tan ngapaha,
nanging prihatinning ngati, laranningsun lara tunna pamiyarsa.
Apa
tanduk ciptaha, dénné tanna ngrungu mami, yénnana mawi prakara, ing sakéhé
wadya mami, punggawa matur sami, yén makaten Sang Ngaprabu, paduka pitayaha,
ing sagung konca Bupathi, barang tingkah obah osikking nagara.
Inggih
paduka pasrahna, ing ngabdi kang pra Dipathi, yén wonten abdi Naréndra, ingkang
amawi prakawis miwah kang nyuwun adil sagung ingkang para padu, sampunna ing
punggawa, inggih kang tuwan pasrahi, sru ngandika sira Sang Prabu ing Cinna.
Yén
bésuk néng pangayunnan papariksanning Hyang Widdhi, mongsa kenna asasambat
prasédhé punggawa mami, nora liwat wak mami, papariksanning Hyang Luhur, barang
solahing wadya, kabéh kang ingsun ratonni, nora nana jer mung ngingsun
kawajibban,
Pariksa
sadinna-dinna, suker gampangngé wadyéki, apa kang dadi santosa, suka rênnaning
wdya lit sayekti ngong lakonni, ingkang dadi sabab iku, kéndel sagung nayaka,
Sang Natha ngandika malih, éh nayaka pirsakna timballanning wang.
Karnanningsun
tan miyarsa, netra ngong misih udanni, dadi yénnana prakara, kabéh tulissan
sami, sarta dérahen sami, kalawan ibarattipun witting dadi prakara, katurra ing
ngarsa mami, tur sandika sagung nayaka pradata.
Wus
kasebut kawigdan wicaksana tur bérbudi, pragya sanniskaréng praja, gung maklum
martannira dil turra sih maring dasih, Sang Prabu Cinna pinunjulh sagung para
raja, ingkang sawarsa ngluwihi, ngulattan Imam Bukari kitabnya,
Myang
kaluhurranning ngaprang, sayekti Imam Bukari, kang pratistha wus agubah, miwah
mulyanning para Ji, mungguh maring Hyang Widdhi, Mukamad sampun sinnebut
sagungnging pra pandhitha, tetepping
Imam Bukari, kang ngakarya mamannissing ngulah praja.
Bersambung
SERAT TAJUSALATIN (Bagian II)
KLIK DISINI :
https://syehhakediri.blogspot.com/2023/09/serat-tajusalatin-bagian-ii.html
https://syehhakediri.blogspot.com/2023/09/serat-tajusalatin-bagian-ii.html
Imajier Nuswantoro