PRANATACARA

0

 PRANATACARA




I. PRANATACARA

Inggih menika salah satunggalipun paraga/pelaku sesorah ingkang pakaryanipun inggih menika :

Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi.

Ngatur saha nglantaraken  lampahing acara supados gangsar/lancar utawi rancag

Maosaken saha nyamektaaken/menyiapkan para paraga ingkang kajibah/ditugasi nindaaken tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang badhe dipunlampahi

Ingkang kagatosaken panatacara nalika nindaaken sesorah inggih menika wonten 4 ing antawisipun/ diantarannya :

Wiraga : patrap solah bawa/sikap anteng boten kathahen ngebahaken badan. Busana kajumbuhaken/disesuaikan kaliyan acaranipun (sungkawa/dukacita menapa manasuka)

Wirama : andhap inggiling suwanten kajumbuhaken kaliyan acaranipun (sungkawa menawa manasuka)

Wirasa : saged nglarasaken raosipun (penghayatan/penjiwaan) ingkang kajumbuhaken kaliyan acaranipun (sungkawa menapa manasuka)

Wicara : anggenipun matur kedah cetha saged mbedakaken tembung-tembung ingkang meh/hamper sami (d, dh, t, th) lan mboten bindheng/sengau


Methode-methode ingkang kaginakaken panatacara nalikanipun sesorah wonten 4 antawisipun :

1. Maos teks : inggih menika panatacara ngayahi jejibahan kanthi maos teks

2. Apalan : inggih menika panatacara nindakaken pakaryanipun kanthi ngapalaken teks ingkang sampun kawaos saderengipun

3. Ekstemporan : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan kanthi mbeta cathetan alit

4. Impromtu : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan  kanthi dadakan tanpa nyameptakaken/mempersiapkan saderengipun kejawi/selain kanthi wekdal ingkang sekedhik. Piyambakipun saged nindakaken awit pengalamnipun dados panatacara ing acara-acara sakderengipun.


Pambuka

Perangan-perangan/bagian-bagian sesorah ingkang kaaturaken/disampaikan dening panatacara inggih menika :

Salam pambuka

Atur pakurmat

Atur Pamuji

Isi

Urut-urtanipun acara ingkang badhe dipunlampahi

Nama-nama para paraga jangkep/lengkap kaliyan/dengan gelaripun (Drs, S.Pd, M.Pd, H, lsp) ingkang badhe nindakaken tanggap wacana,pambagyahaarja, atur sapala,utawi ingkang paring sabdatama,lsp.


Panutup

Atur pangapunten awit sedaya kekirangan saha kalepatan nalika nglantaraken/menyertai lampahing acara

Pangajab/harapan sasampunipun acara sampun kalampahan

Salam panutup

Ringkesipun ingkang dipunaturaken/disampaikan panatacara nalikanipun sesorah :


Salam pambuka :

Ngaturaken uluk salam minangka pambuka tuladhanipun assalamu’alaikum wr.wb,sugeng enjing, ngaturaken kasugengan mugi kawilujengan binabar dhumateng kula panjenengan sedaya, lsp.

Ngaturaken ancasipun utawi tujuwanipun minangka panatacara ing salebeting acara ….


Atur pakurmat

Ngaturaken atur pakurmat dhumateng para tamu, kawiwitan dhumateng para-para ingkang kaanggep langkung dipunkurmati :para sepuh, Bapak kepala sekolah, Bapak Kepala Desa, lsp. Dhumateng para priyagung, dwija/guru, sarjana, alim/ulama, dhumateng para rawuh tamu undangan, para kanca-kanca,para siswa, lsp.


Atur pamuji

Ngunjukaken atur raos puji sokur awit sedaya nikmat ingkang kaparingaken dening Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung dhateng para rawuh saengga saged kempal ngrawuhi acara …. Ing ….


Isi

Maosaken urut-urutanipun acara

Pambuka : kanthi donga utawi sanesipun

Atur tanggap sabda/wacana saking : ketua panitia acara, kepala sekolah, wakil keluwarga, lsp.

Acara manasuka kanthi ngaturaken panglipur : tari, paduan suara, gerak dan lagu, geguritan,pengumuman lomba, lsp.

Wosing gating acara : atur wasitatama/ular-ular/sesuluh saking paraga ingkang sampun kajibah dening panitia.

Panutup : maosaken dudutan utawi simpulan ingkang sampun kaaturaken dening wasitatama


Atur pangapunten

Ngaturaken agunging pangapunten awit sedaya kekiranganipun wiwit atur, patrap saha sanesipun nalika nindakaken jejibahan/pakaryan minangka panatacara ing acara …. Dhateng para rawuh lan nyuwun agenging pangapunten


Pangajab

Pangajab kanthi lampahing acara ingkang sampun kalampahan kala wau tumrap panitia sumrambahipun dhateng para rawuh.


Salam panutup

Salam panutup tuladhanipun Wassalamu’alaikum wr.wb, sugeng siang, sugeng pepanggihan ing sanes wekdal, jaya-jaya wijayanti rahayu ingkang sami pinanggih. Katutup kanthi atur panuwun :nuwun


Tuladha teks Pranatacara

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang kinurmatan, mangga sesarengan ngaturaken puji syukur Alhamdulillah  wonten  Ngarsa Dalem Allah SWT, dene kula saha Panjenengan  sadaya taksih kaparingan rahmat saha karahmatan saengga saged makempal wonren ing Masjid Al-Falaah menika.

Saderengipun acara dipunwiwiti, kula minangka pranatcara ing  pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW  dalu menika, badhe maosaken urut-urutaning adicara pengaosan , inggih menika :


pambuka

waosan kalam Ilahi

atur pangandikan saking Ketua Takmir masjid

Acar inti, pengaosan dening Al ustad H. Abdulrachim

penutup 


Para rawuh, para jamaah ingkang kinurmatn, mekaten menggah reronceneing acara pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW ingkang sampun karakit dening panitia. Salajengipun, sumangga acara enggal kawiwitan. Lumebet ing acara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Sumangga dipunbikak  kanthi maos Basmallah sesarengan, kula dherekaken………….

Acara salajengipun badhe kawosaken ayat-ayat suci Alquran, Pramila dhumateng kadang Muhammad Rasyid, wekdal kaaturaken, sumangga ….

Mugi-mugi kanthi waosan Kalam Ilahi kalawau, Gusti Allah S.W.T, tansah paring lubering kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sadaya.

Para rawuh, hadirin saha hadirat ingkang kaparingan rahmat dening Allah, menggah acara salajengipun inggih menika taur pangandikan saking takmir masjid, Dhumateng Bapak Kyai …. Kasuwun paring pangandikan.


Tumapak acara inti,inggih menika pengaosan. Dhumateng Al-Mukaram Ustadz / KH.......... kasuwun paring fatwanipun. Wekdal kaaturaken sacekapipun. Sumangga


Mugi-mugi menapa ingkang sampun kaandharaken dening Bapak Ustadz Abdullah saged migunani tumrap kula saha Panjenengan sadaya. Bapak-Ibu para jamaah, bok bilih anggen kula matur kathah lepat saha kekiranganipun,pramila saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Sumangga acara ing dalu menika kita tutup kanthi waosan Hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabbil’alamin

Billahi taufiq wal hidayah.

Wassalmu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh


Kawruh Basa

pranatacara   : tiyang ingkang tinenggenah nglantaraken satunggaling acara utawi master of  ceremony (mc)

adicara           : kawontenan acara utawi upacara endah, luhur, sae

kasarasan     : kawilujengan, kabagaswarasan

kasarira          : katindakaken dening

reroncening  : urut-urutan acara, rantamaning acara

al-mukaram  : ingkang luhur derajatipun

hadirin (arab)            : tiyang ingkang rawuh (hadir) wonten ing satunggaling acara

kaandharaken          : kaaturaken, dipun-ngendikakaken


Pambuka Pawiwahan (Pranata cara)

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu‘alaikumWr.Wb,

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Illahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bp ___________ sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun

Bp ___________ netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.


Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancaslia sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung – langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara;

– Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng

humarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga dening para

ingkang piniji.

– Pasrah panampining putra temanten kakung dening para tetuwangga

ingkang piniji.

– Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.

– Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa.

– Ingkang salajengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih

winastan upacara kirab angka I winastan Kirab Kanarendran.

– Kirabing putra temanten ingkang angka II winastan kirab kasatriyan.

– Wondene pratandha cetha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke

hambok bilih sampun wonten pratandha saking kulawarga minangka

paran para.

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila hawit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kaparenga tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.

Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karana sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe humarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun

Ibu ___________ saha Ibu ___________ hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling Ketawang Puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga, nun nuwun.


 Tuladha Pranatacara Temanten


Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb, 

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana. Mradapa awit saking keparengipun Bp ___________ sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun Bp ___________ netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala. Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancaslia sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung-langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala. Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara :

1. Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng humarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga dening para ingkang piniji.

2. Pasrah panampining putra temanten kakung dening para tetuwangga ingkang piniji. Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.

3. Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa.

4. Ingkang salajengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih winastan upacara kirab angka I winastan Kirab Kanarendran.

5. Kirabing putra temanten ingkang angka II winastan kirab kasatriyan.

6. Wondene pratandha cetha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangkehambok bilih sampun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila hawit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.

Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karana sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe humarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu ___________ saha Ibu ___________ hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling Ketawang Puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga, nun nuwun.


Panyandra

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu ___________ saha Ibu ___________ Sri temanten putri hangagem busanaa ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah. Hangagem puspito rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________ tumurun. Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala. Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu. Para rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya-kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)