TATA CARA LAMARAN ADAT JAWA
A. TULADHA PRANATA ADICARA ING PAHARGYAN LAMARAN
1. Tuladha Atur Pambuka Pranata Adicara Pasrah Penampining Lamaran
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri, kadang wredha ingkang winantu suka basuki.
Mradapa keparengipun Bp.(.......) sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kula piniji pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah penampining upakarti miwah lamaran kinarya jejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung saderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging pancasila sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rahmat ingkang sampun kaparinga-ken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga Pranata Adicara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah penampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam para kulawangsa.
Tinarbuka atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun piniji. Atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih salira saking badhe/calon kadang besan. Atur penampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp.(......) ingkang mengku gati. Kaleksananing adicara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh ingkang tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten). Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratanda saking kulawarga minangka paran para.
Makaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka waning penggalih para lenggah tansah henjenengi ngantos dumugi purnaning gati.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
2. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Pambagyaharja Ing Pahargyan Lamaran
Para lenggah kakung sumawana putri, ingkang sinuba ing pakurmatan, raos bombong miwah mongkoging manah, panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan ingkang mengku gati mboten saged kagambaraken ing mriki, madyaning pahargyan ing kalenggahan punika ing sedya badhe hangaturaken pambagyaharjo wonten ngarsa panjenengan.
Awit saking bombongin manah anggennya badhe matur amung kandheg wonten semadyaning jangga, ingkang punika minangka sulih sarira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp.(…….) wekdal kasumanggakaken, semangga nun.
3. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sasampunipun Tata Adicara Pambagyaharjo
Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bp.(…….) pinangka sulih salira ingkang hamengku gati. Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, salajengipun dumugi laksitaning tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon kadang besan. Wondene ingkang pinangka sulih salira nun inggih panjenenganipun Bp.(…….) wekdal kasumanggakaken.
4. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Saksampunipun Pasrah Lamaran Ngancik Panampi
Makaten para lenggah kakung saha putri, atur pasrahipun Bp.(…….) pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, kanthi prastawa cetha wijang wijilih pangandikan, ingkang salajengipun prasah sarana badhe katampi penjenenganipun Bp.(…….) minangka sulih salira Bp.(…….) sekalian (mengku gati). Wekdal kasumanggakaken, sumagga nun.
5. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sasampunipun Panampi Pasrah Lamaran
Kanthi terwaca cetha atur penampi saking penjenenganipun Bp.(…….) minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun dipun wonteni paniti priksa sarana ingkang kapasrahaken saha kaleksanakaken paragan saking duta saraya (ingkang pasrah) dhumateng penampi pasrah, ujuding arta miwah jene salajengipun kaaturaken dhumateng ingkang mengku gati, kaleksananing sedya kasumanggakaken.
6. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Kaleksanakaken Liru Kalpika (menawi wonten)
Para lenggah kakung putri ingkang sunuba ing pakurmatan jumbuh kalian pamintanipun saking calon kadang besan, ing mriki keparengipun Bp.(…….) ingkang mengku gati kaleksanakaken wontenipun liru kalpika dening para kulawarga ingkang piniji mratitisaken.
Wondene para kulawarga ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Ibu.(…….) ingkang hanganthi calon penganten putri panjenenganipun Ibu.(…….) dalasan Ibu.(…….), calon temanten kakung ugi kakanthi panjenenganipun Bp.(…….) dalah Bp.(…….).
Kados samudayanipun sampun samekta dhumateng para kulawangsa ingkang piniji wekdal kasumanggakaken. Wahyaning mangsa kala tumapaking liru kalpika katindakaken dening calon peganten, sinubagya ungeling Ketewang Wigaringtyas/Langgam Ali-ali Sl. Panthet Manyura.
7. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Salebetipun Liru Kalpika
Para lenggah kakung putri, keleksanan liru kalpika, pangandikanipun para penisepuh, liru kalpika saged katindakaken saderengipun calon penganten kaijabaken utawi kapanggihaken, wondene menawi sampun kaijabaken saged winastan imbal kalpika, tali asih minangka pratandha miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang nggadhahi.
8. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Tanggap Wacana (menawi wonten)
Kanthi lulus raharjo liru kalpika ingkang katindakaken calon temanten kakung miwah penganten putri, inggih awit saking keparengipun Bp.(…….) sekalihan (mengku gati) mrih calon temanten tansah manteb anggenya badhe netepi palakrama mboten nalisir saking prajanji ingkang sampun wonten paugeran ingkang antawisipun calon temanten kakung miwah calon temanten putri, saha tansah asah, asih, asuh, mboten kengguh ing panggodha.
Ingkang punika badhe wonten tanggap wacana saking pinisepuh ngiras pantes paring piweling dhumateng calon penganten kekalih tumuju kasaenan. Wondene ingkang kepareng atur tanggap wacana nun inggih Bp.(…….) wekdal kasumanggakake, sumangga nun.
9. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Wonten Ing Salebetipun Swasana Mirunggan
Para lenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit dening kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Namung panyuwunipun Bp.(…….) (ingkang mengku gati) panjenenganipun para lenggah kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratandha paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon temanten kekalih miwah rama Ibu (ingkang mengku gati) sampun kawistara jumeneng wonten sangajenipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar ingkang sawatawis, nuwun, matur nuwun.
10. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Ndungkap Paripurnaning Gati
Handungkap titi mangsa kala paripurnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksanakaken dening para kulawarga. Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun purnaning gati apanjenenganipun Bp.(…….) sekalihan (mengku gati) raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung kaleksananing sedya kanthi pinaringan wilujeng niring sambekala, mboten kekilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta seraya sumrambah para tamu samudayanipun, ingkang punika Bp.(…….) sekalihan (mengku gati) tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sedaya kirang hanuju prana kalihan andhap niggling kalenggahan panjenengan sedaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama panjenengan.
Kula minangka pambiwara, ugi hanglenggana karana kiranging seserepan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reg bahasa tuwin sastra, ingkang punika hambok bilik wonten kalepatan kula, mugi para tamu sedaya ngluberna pangaksama ingkang agung, calon temanten kekalih badhe kajengkaraken panjenenganipun Ibu.(…….) miwah Ibu.(…….) tumuju wiwara ngajeng pratandha yekti purnaning gati.
Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang kaleksanakaken para kulawarga, sesantining Bp.(…….) sekalihan (mengku gati) mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, konduripun nderekaken sugeng.
Wabillahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Keterangan:
Saderengipun paripurna mbok bilih wonten atur pamitan saking duta saraya, atur tanggapan saking ingkang mengku gati menawi saged kaaturaken dening Pranata Adicara (kangge ngringkes wekdal).
B. TULADHA PANYANDRA WONTENING ADICARA LAMARAN
1. Tuladha Atur Pambagyaharja Pasrah Lamaran
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta saraya saking calon saha badhe/calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya karana kula piniji panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan, kinen ngaturaken pambagyaharjo, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kelenggahan punika.
Pinangka purwaking atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalam Gusti Allah ingkang Maha Agung, kararia sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika maksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pepanggih punika Bp.(…….) sekalihan lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.
Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika. Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan panjenengani-pun Bp.(…….) sekalihan, karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bp.(…….) sekalihan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bg.(…….) panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan anggadhahi siwi putri taruni kanthi selisih Rr.(…….) manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken satataning adat. Inggih awit saking samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran saha walimahan.
Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, penyuwunipun Bp.(…….) sekalihan mogi wontena jumurunging pamuji hastuti saking para lenggah sadaya hanggenya Bp.(…….) sekalihan badhe nampi pasrahipun calon kadang besan tansah manggi basuki ing salwiring reh.
Hambok bilih Bp.(…….) sekalihan sumarambah para kulawangsa anggenipun nampi karawuh panjenengan sedaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp.(…….) sekalihan naming tansah tumadhah lumbering pangaksama.
Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bp.(…….) sekalihan lumantar kula, hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri saha Hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya, wekdal kula aturaken kadang Pranata Adicara.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
2. Tuladha Atur Pasrah Lamaran Saking Duta Seraya Pinangka Sulih Salira Saking Calon Kadang Besan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinudhi, panjenenganipun purna karya labet praja, para santana warga saking Bp.(…….) sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes kinurmatan para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya.
Amit pasang paliman tablik, ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang towang, mugi linepata saking siku dhendhaning Gusti Allah ingkang Maha Kawasa, kalilanana kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu nggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, karana ing kalenggahan punika kula piniji ngembani wuwus dados duta saraya miwah cundhaka sulih saliranipun Bp.(…….) sekalihan.
Tinarbuka keparenga langkung rumiyin kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung awit saking barokah saha rohmatipun ingkang tansah kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga maksih pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan tebih ing sambekala. Sinawung raos suka ing ngajeng, keparenga kula ngaturaken wosing gati menggah piwosan kula sakadang.
Nun inggih maligi katur wonten ngersanipun Bp.(…….) sekalihan garwa (ingkang mengku gati) kula pinangka sulih saliranipun Bp.(…….) sekalihan ngaturaken salam taklim mugi wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kulawarga samudyanipun. Wondene wigatosing gati pisowan kula sakadang saperlu ngaturaken wudharing gantha babaring sedya. Nun inggih ing nguni Bp.(…….) sekalihan garwa sami-sami hanggadhahi pirembagan ingkang ing antawisipun Bp.(…….) sekalihan hanggadhahi putra jalu kekasih pun Bg.(…….) wondene Bp.(…….) sekalihan garwa (mengku gati) hanggadhahi kenya taruni sesilih Rr.(…….) gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung apisah daging arenggang bebasan ngebunebun enjang anjejawah sonten ndhodhok latar ndhondhok lawing sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa agenging manah ingkang tanpa pepindhan Bp.(…….) sekalihan anggenya sampun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan punika Bp.(…….) sekalihan ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara selaki rabi.
Nun inggih perlu kula aturaken mriki ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp.(…….) sekalihan garwa. Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan temah mboten saget pisah salami-laminipun. Kasoking katresnanipun Bp.(…….) sekalihan dhumateng Bp.(…….) sekalihan garwa ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri.
Mboten kekilapan Bp.(…….) sekalihan ngaturaken redana wujuding arta kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp.(…….) sekalihan garwa (mengku gati) netepi darmaning sepuh miwaha siwi mahargyan suta. Amung panyuwunipun Bp.(…….) sekalihan, mugi keparenga calon penganten kadhaupna saha kapanggihna miturut satataning agami miwah adat ingkang sampun lumampah ing tlahta kampong mriki. Hambok bilih Bp.(…….) sekalihan anggenipun ngaturaken sarana wonten kekiranganipun labet budi dayaning manungsa kirang sampurna, mila awit saking punika Bp.(…….) sekalihan garwa (mengku gati) mugi hangandhapna samodra pangaksama ingkang agung.
Pepuntoning atur kula minangka sulih salira saking Bp.(…….) sekalihan menawi wonten gonyak-ganyuking wicara kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata karma miwah kasusilan, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya. Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
3. Tuladha Penampi Pasrah Lamaran
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng…….(sesebutan kajumbuhaken kawontenan miturut andhap inggiling pangkat kalenggahan ingkang sami rawuh). Ngembani wuwus karsanipun Bp.(…….) sakalihan, ing hari kalenggahan punika kula piniji pinangka sulih salira nampi pasrahipun saking Bp.(…….) minangka cundhaka badhe/calon kadang besan sutresna, minangka purwakaning atur kula ugi ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit sih wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang panjenengan sedaya dalasan kula.
Nun inggih panjenenganipun Bp.(…….) ingkang pantes sinudarsana (ingkang pasrah) sedaya atur pasrah panjenengan hambok bilih sampun mboten wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa pepindhan Bp.(…….) sekalihan lumantar kula.
Nung inggih atur salam taklim saking badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami. Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka renaning manah, ing mengke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp.(…….) sekalihan (mengku gati). Atur panyuwunipun saking badhe/calon kadang besan menggah ijab panggihipun badhe/calon temanten mangke badhe kaleksanakaken, ijab wanci tabuh (…….) panggih wanci tabuh (…….) mboten kekilapan panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan among ngaturaken panuwun menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bp.(…….) sekalihan (mengku gati) mugi dasosa sarana raketing kekandangan sami-sami netepi darmaning sepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Amung semanten penampi saking Bp.(…….) sekalihan lumantar kula, ngaturi uninga wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih kasuwun panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan garwa wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudystuti murih rahayuning sedya.
Pepuntoning atur kula hambok bilih kirang hanuju prana anggen kula nampi labet kula hangglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika panjenenganipun Bp.(…….) (ingkang pasrah) sumrambah para lenggah sedaya mugi keparenga hangandhapna agunging pangaksama.
Ing wasana Wabillahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
4. Tuladha Atur Pamitan Upacara Pasrah Lamaran
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh, ingkang pantes pinudhi saha kinabekten, punapadene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Ngaturaken sewu agungin aksama, dene kula parikedah angridhu, anggen panjenengan katembe wawan pangandikan, saperlu sumela atur ing ngarsanipun Bp.(…….) sekalihan (ingkang mengku gati) sumarambah para tamu sadaya.
Syukur alhamdulillah, adicara pasrah lamaran sampun kalampahan kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala, inggih awit saking rahmating Gusti Ingkang Mahamirah saha Mahaasih, punapadene pengestunipun para tamu sadaya.
Kula ingkang piniji minangka talanging basa sulih sarira saking panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan, rehning adicara pasrah sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi, samudayanipun sampun paripurna boten kirang satunggal punapa, mugi kalilanana kula sapangombyong keparenga nyuwun pamit madal pasilan, daya-daya maturing ngarsanipun Bp.(…….) sekalihan, bab purnaning sadaya ingkang dados sesanggeman kula. Ingkang punika, nyuwun tambahing puji pangestu, mugi-mugi lampah kula sarombongan tansah manggih rahayu wilujeng kalis saking bayaning marga.
Minangka puputing atur, hambok bilih anggen kula matur wonten tutur ingkang kalantur-lantur miwah kiranging subasita ingkang mboten hanuju prana, kula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
5. Tuladha Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun,
Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp.(…….) sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, saperlu caos wangsulan pamundhut palilah pamitipun kadang kula wakil saking badhe kadang besan sutresna.
Dhumateng panjenenganipun Bp.(…….) ingkang minangka sulih sarira saking panjenenganipun badhe kadang besan sutresna ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Kanthi suka bingahing manah panjenenganipun Bp.(…….) sakalihan, nampi karawuhan panjenengan sarombongan, ingkang sampun kepareng angestreni lampahing adicara pasrah sarana miwah upakarti minangka jangkepi tatacara salaki rabi. Ingkang punika sepindhah malih ngaturaken sewu agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Dene panjenengan kepareng mundhut pamit, kula mboten kadugi amambengi, namung saged ndherekaken sugeng kondur saha ngaturaken puji donga konjol dhumateng Gusti, mugi-mugi jengkar panjenengan saking pawiwahan mriki dumugi ing ndalem, tansah manggih rayahu wilujeng sepen sambe-kalaning margi.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning boja krami anggep kula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sarombongan, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa hambok bilih anggep kula matur wonten kiranging suba sita ingkang singlar ing tata krami, kupat duduhe santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
C. TULADHA PRANATA ADICARA ING PAHARGYAN TEMANTEN
1. Tuladha Atur Pambuka Pranata Adicara Wonten Ing Pahargyan Temanten
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtaman, para purna karya labet praja ingkang mahambeg luhuring kitab suci wahyuning Illahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para sastya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp.(…….) sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun Bp.(…….) netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargyan suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringi rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancasila sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung-langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ategas sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti Purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu ni ring sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara :
1. Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng humarak sowan lenggah ing sasana rinengga dening para ingkang piniji.
2. Pasrah penampining putra temanten kakung dening para tetuwangga ingkang piniji.
3. Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.
4. Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa.
5. Ingkang salajengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih winastan upacara kirab I. (Kirab Kanarendran)
6. Kirabing putra temanten ingkang angka II winastan kirab kastriyan.
7. Wondene pratandha cetha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih sampun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika, mila hawit saking mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Nuwun, nuwun, maturnuwun.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karana sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadi salira mulas wadana keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe humarak sowan, wonten ngarsa panjenengan sedaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu.(…….) saha Ibu.(…….) hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling Ketawang Puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga nun nuwun.
2. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sesampunipun Temanten Putri Lenggah Hangancik Adicara Salajengipun
Para rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya-kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.
Nun inggih para rawuh saha lenggah, laksitaning tata cara upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kekanthi panjenenganipun Bp.(…….) saha Bp.(…….) wondene ingkang hamboyong sekar cepaka mulya inggih kembar mayang panjenenganipun Ibu.(…….), Ibu.(…….) ingkang serta Ibu.(…….) minangka panyongsongipun, jengkaring caraka pamethuking temanten kakung kabiwaldha ugeling ladrang kapang-kapang laras pelog panthet 6 sumangga nun, nuwun.
3. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Jengkaring Temanten Kakung Saking Wisma Palereman
Nun inggih panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, caraka pamethuking putra temanten kakung inggih panjenenganipun Bp.(…….) saha Bp.(…….) sampun dumugi sasana ingkang tinuju nulya hanjengkaraken sri atmaja temanten kakung, jengkaring putra temanten kakung ginarubyug para kadang wanciawa binarung ungeling ladrang wilujeng laras pelog panthet barang, nuwun.
4. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Upacara Pasrah Temanten
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondhene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun Bp.(…….) minangka sulih panjenenganipun Bp.(…….) (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp.(…….) (besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak). Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp.(…….) jumenengipun Bp.(…….) ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp.(…….) ingkang sarta Bp.(…….) hambok bilih sampun samekta ing samudayaning saha swasana kasumanggakake dhumateng para-para ingkang piniji sumangga nun nuwun.
5. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sesampunipun Pasrah Temanten Kakung Ngancik Panampi
Nun inggih, paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun (…….) (ingkang pasrah) gya tinampi panjenenganipun Bp.(…….) (ingkang nampi) minangka talanging basa panjenenganipun Bp.(……) (mengku gati) ing wasana wekdal kasumanggakaken. Nuwun.
6. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sesampunipun Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung
Paripurna pasrah penampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja ni ring sambekala.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu.(…….) minangka panganthining putra temanten putri Ibu.(…….) ingkang sarta Ibu.(…….) wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu.(……) dhumateng panjenenganipun Ibu.(…….) minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaring putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun. Suwun.
7. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sesampunipun Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung
Para rawuh saha para lenggah, paripurna panggihing putra temanten, ingkang punika pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika dereng paripurna, mila awit saking punika mugi wonten suka lilaning penggalih kasekecakna lenggah saengga paripurnaning pawiwahan ing kalenggahan punika.
8. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Rawuhipun Besan
Para rawuh saha para lenggah, sampun paripurna putra temanten anggennya netepi tatacara adat ingkang sinengker nun inggih upacara krobongan winastan kacar-kucur.
Mila awit saking punika laksitaning upacara salajengipun nun inggih rawuhing kadang besan sutresna, dhumateng ingkang piniji minangka hanganthi rawuhing kadang besan nun inggih panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan, jengkaring Bp.(…….)sekalihan binarung ungeling ladrang Tirta Kencana nuwun.
9. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Upacara Sungkem
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, kadang besan sutresna panjenenganipun Bp.(…….) sekalihan (besan) sampun lenggah aben ajeng kalihan Bp.(…….) sekalihan (ingkang mengku gati) wonten ing sasana ingkang sampun sumadya, keparengi sedya badhe hanampi sungkeping putra temanten sekalihan, ingkang piniji nglolos dhuwung panjenenganipun Bp.(…….) hambok bilih sampun samekta ing gati, rahayuning sedya kasumanggakaken para-para ingkang piniji, sungkeming putra temanten sinarengan rerepen sekar macapat dhandhanggula, sumangga nun nuwun.
10. Tuladha Aturipun Pranata Adicara Paripurnaning Upacara Sungkem
Paripurna putra temanten hanggennya ngaras pada wonten ngarsanipun rama miwah ibu kanthi lulus raharja hing sambekala. Para rawuh saha para lenggah, titi laksana upacara salajengipun nun inggih atur pambagya yuwana saking panjenenganipun Bp.(…….) (ingkang mengku gati), keparenging sedya badhe hangaturaken raos ebahing manah bingah inggih atur pambagyaharja dhumateng panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, inggih karana bombong birawaning manah ingkang mboten saget ginambaraken ing mriki, pindha kajugrugan harga inten kariban seganten madu, anggenya badhe matur mboten kawiyos wijiling lesan amung kandheng wonten samadyaning jangga, sinten ta minangka talanging basa atur pambagya, tan nolyan panjenenganipun Bp. Lurah (upaminipun) minangka tetuwang-ganipun para kawula dasih hing kalurahan (…….) wondene ingkang hanjajari jumenengipun Bp. Lurah nun inggih panjenenganipun Bp.(…….) ingkang sarta Bp.(…….) mbok bilih sampun samekta ing gati mrih rahayuning sedya kasumanggakaken, nuwun.

