DARMAGANDHUL
(Carita adege nagara Islam ing Demak bedhahe nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin agama Islam)
Gancaran basa Jawa ngoko
Babon asli tinggalane KRT
Tandhanagara, Surakarta
Cap-capan ingkang kaping sekawan,
1959
Toko Buku Sadu-Budi Sala
BEBUKA
Sinarkara sarjunireng galih, myat
carita dipangiketira, kiyai Kalamwadine, ing nguni anggeguru, puruhita mring
Raden Budi, mangesthi amiluta, duta rehing guru, sru sêtya nglampahi dhawah,
panggusthine tan mamang ing lair batin, pinindha lir Jawata.
Satuduhe Raden Budi ening, pan
ingembun pinusthi ing cipta, sumungkem lair batine, tan etung lebur luluh,
pangesthine ing awal akhir, tinarimeng Bathara, sasedyanya kabul, agung
nugraheng Hyang Suksma, sinung ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya auliya.
Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan
biyasa mituhu susetya, mring dhawuh weling gurune, kedah medharken kawruh,
karya suka pireneng jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai
Kalamwadi ngarang, sinung aran srat Darmagandhul jinilid, sinung tembang
macapat.
Pan katemben amaos kinteki, tembang raras rum seya prasaja, trewaca wijang raose, mring tyas gung kumacelu, yun darbeya miwah nimpeni, pinirit tinuladha, lelepiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan tinedhak tinurun sungging, kinarya nglipur manah.
Pan sinambi-sambi jagi panti,
saselanira ngupaya tedha, kinarya cagak lenggahe, nggennya dama cinubluk, mung
kinarya ngarem-aremi, tarimanireng badan, anganggur ngethekur, ngebun-bun
pasihaning Hyang, suprandene tan kaliren wayah siwi, sagotra minulyarja.
Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang karseng Hyang, ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri Tumpak manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nem ringkêlnya Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata [taun Jawa 1830].
DARMAGANDHUL
Ing sawijining dina Darmagandhul
matur marang Kalamwadi mangkene “Mau-maune kêpriye dene wong Jawa kok banjur
padha ninggal agama Buddha salin agama Islam?”
Wangsulane Ki Kalamwadi: “Aku dhewe
iya ora pati ngrêti, nanging aku tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi
iya kêna dipracaya, nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha
banjur salin agama Rasul”.
Ature Darmagandhul: “Banjur kapriye
dongengane?”
Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh:
“Bab iki satêmêne iya prêlu dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti
mula-bukane karêben ngrêti”.
Ing jaman kuna nagara Majapahit iku
jênênge nagara Majalêngka, dene ênggone jênêng Majapahit iku, mung kanggo
pasêmon, nanging kang durung ngrêti dêdongengane iya Majapahit iku jênêng
sakawit.
Ing nagara Majalêngka kang jumênêng
Nata wêkasan jêjuluk Prabu Brawijaya.
Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi
kalimput panggalihe, Sang Prabu krama oleh Putri Cêmpa, ing mangka Putri Cêmpa
mau agamane Islam, sajrone lagi sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang
Sang Nata, bab luruhe agama Islam, sabên marak, ora ana maneh kang diaturake,
kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari katariking panggalihe Sang
Prabu marang agama Islam mau.
Ora antara suwe kaprênah pulunane
Putri Cêmpa kang aran Sayid Rakhmat tinjo mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi
marang Sang Nata, kaparênga anggêlarake sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya
marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid Rakhmat banjur
kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur
akeh para ngulama saka sabrang kang padha têka, para ngulama lan para maulana
iku padhamarêk sang Prabu ing Majalêngka, sarta padha nyuwun dhêdhukuh ing
pasisir. Panyuwunan mangkono mau uga diparêngake dening Sang Nata. Suwe-suwe
pangidhêp mangkono mau saya ngrêbda, wong Jawa banjur akeh bangêt kang padha
agama Islam.
Sayid Kramat dadi gurune wong-wong
kang wis ngrasuk agama Islam kabeh, dene panggonane ana ing Bonang bawah Tuban.
Sayid Kramat iku maulana saka ing ‘Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu’llah, mula
bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid
Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor sapangulon sapangetan padha ninggal agamane
Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul. Ing Balambangan sapangulon nganti tumêka
ing Bantên, wonge uga padha kelu rêmbuge Sayid Kramat.
Mangka agama Buddha iku ana ing tanah
Jawa wis kêlakon urip nganti sewu taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang
Budi Hawa. Budi iku Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa
apa-apa, bisane mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.
Sang Prabu Brawijaya kagungan putra
kakung kang patutan saka Putri Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang,
diparingi têtêngêr Raden Patah.
Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan
ingkang rama, nganti sadhereke seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen.
Satêkane Majalêngka Sang Prabu kewran panggalihe ênggone arêp maringi sêsêbutan
marang putrane, awit yen miturut lêluri saka ingkang rama, Jawa Buddha agamane,
yen nglêluri lêluhur kuna, putraning Nata kang pambabare ana ing gunung,
sêsêbutane Bambang. Yen miturut ibu, sêsêbutane: Kaotiang, dene yen wong ‘Arab
sêsêbutane Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para
nayaka, padha dipundhuti têtimbangan ênggone arêp maringi sêsêbutan ingkang
putra mau. Saka ature Patih, yen miturut lêluhur kuna putrane Sang Prabu mau
disêbut Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina, prayoga disêbut Babah,
têgêse pambabare ana nagara liya. Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka
uga padha mupakat, mula Sang Nata iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen
putra Nata kang miyos ana ing Palembang iku diparingi sêsêbutan lan asma Babah
Patah. Katêlah nganti tumêka saprene, yen blastêran Cina lan Jawa sêsêbutane
Babah. Ing nalika samana, Babah Patah wêdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang
rama, mulane katone iya sênêng, sênênge mau amung kanggo samudana bae, mungguh
satêmêne ora sênêng bangêt ênggone diparingi sêsêbutan Babah iku.
Ing nalika iku Babah Patah banjur
jinunjung dadi Bupati ing Dêmak, madanani para bupati urut pasisir Dêmak
sapangulon, sarta Babah Patah dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr
wayahe kiyai Agêng Ngampel. Barêng wis sawatara masa, banjur boyong marang
Dêmak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang
agamane wis Islam, anane ing Dêmak didhawuhi nglêstarekake agamane, dene Raden
Kusen ing nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing Têrung, pinaringan nama
sarta sêsêbutan Raden Arya Pêcattandha.
Suwening suwe sarak Rasul saya
ngrêbda, para ngulama padha nyuwun pangkat sarta padha duwe sêsêbutan Sunan,
Sunan iku têgêse budi, uwite kawruh kaelingan kang bêcik lan kang ala, yen wohe
budi ngrêti marang kaelingan bêcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu lair
batin.
Ing wêktu iku para ngulama budine
bêcik-bêcik, durung padha duwe karêp kang cidra, isih padha cêgah dhahar sarta
cêgah sare. sang Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake
Buddha, kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih padha cêgah mangan, cêgah
turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung nuruti rasaning lesan lan
awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga banjur paring idi. Suwe-suwe
agama Rasul saya sumêbar. Ing wêktu iku ana nalar kang aneh, ora kêna dikawruhi
sarana netra karna sarta lesan, wêtune saka engêtan, jroning utêk iku yen
diwarahi budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu nganggêp têmên lan ora,
iya kudu ditimbang ing sabênêre, saiki isih ana wujuding patilasane, isih kêna
dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.
Dhek nalika samana Sunan Bonang
sumêdya tindak marang Kadhiri, kang ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor
Kadhiri, iya iku ing tanah Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju
banjir. Sunan Bonang sarta sakabate loro padha nyabrang, satêkane wetan kali
banjur niti-niti agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi. Ature Ki
Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha mung sawatara, dene kang
agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono akeh padha agama Kalang,
mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung dianggêp Nabine, yen pinuji dina Riyadi,
wong-wong padha bêbarêngan mangan enak, padha sênêng-sênêng ana ing omah. Sunan
Bonang ngandika: “Yen ngono wong kene kabeh padha agama Gêdhah, Gêdhah iku ora
irêng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha Gêdhah”.
Ki Bandar matur: “Dhawuh pangandika
panjênêngan, kula ingkang nêkseni”. Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng
Kutha Gêdhah, nganti têkane saiki isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang
mangkono mau arang kang padha ngrêti mula-bukane.
Sunan Bonang ngandika marang
sakabate: “Kowe goleka banyu imbon mênyang padesan, kali iki isih banjir,
banyune isih buthêk, yen diombe nglarani wêtêng, lan maneh iki wancine luhur,
aku arêp wudhu, arêp salat”.
Sakabate siji banjur lunga mênyang
padesan arêp golek banyu, têkan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana
wonge lanang, kang ana mung bocah prawan siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi,
ing wêktu iku lagi nênun. Sakabat têka sarta alon calathune: “mBok Nganten,
kula nêdha toya imbon bêning rêsik”. mBok Prawan kaget krungu swarane wong
lanang, barêng noleh wêruh lanang sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta,
pangrasane wong lanang arêp njêjawat, mêjanani marang dheweke, mula ênggone
mangsuli nganggo têmbung saru: “nDika mêntas liwat kali têka ngangge ngarani
njaluk banyu imbon, ngriki botên entên carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh
kula niki imbon bêning, yen sampeyan ajêng ngombe”.
Santri krungu têtêmbungan mangkono
banjur lunga tanpa pamit lakune dirikatake sarta garundêlan turut dalan,
satêkane ngarsane Sunan Bonang banjur ngaturake lêlakone nalika golek banyu.
Sunan Bonang mirêng ature sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu pangandikane
nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen
durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen durung dadi jaka tuwa, barêng kêna
dayaning pangandika mau, ing sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline
banyu kang gêdhe nyimpang nrabas desa alas sawah lan patêgalan, akeh desa kang
padha rusak, awit katrajang ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang
maune iline gêdhe sanalika dadi asat. Nganti tumêka saprene tanah Gêdhah iku
larang banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep ênggone omah-omah. Sunan Bonang
têrus tindak mênyang Kadhiri.
Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai
Plêncing, iya iku dhêmit ing sumur Tanjungtani, tansah digubêl anak putune,
padha wadul yen ana wong arane Sunan Bonang, gawene nyikara marang para
lêlêmbut, ngêndêl-êndêlake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur
asat sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu mêsthine, mula akeh desa,
alas, sawah sarta patêgalan, kang padha rusak, iya iku saka panggawene Sunan Bonang,
kang uga ngêsotake wong ing kono, lanang wadon ngantiya kasep ênggone
omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta diêlih jênênge tanah aran
Kutha Gêdhah, Sunan Bonang dhêmêne salah gawe. Anak putune Nyai Plêncing padha
ngajak supaya Nyai Plêncing gêlêma nêluh sarta ngrêridhu Sunan Bonang, bisaa
tumêka ing pati, dadi ora tansah ganggu gawe. Nyai Plêncing krungu wadule anak
putune mangkono mau, enggal mangkat mêthukake lakune Sunan Bonang, nanging
dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki Sunan Bonang, amarga rasane awake padha
panas bangêt kaya diobong. Dhêmit-dhêmit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri,
satêkane ing Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. ratune
manggon ing Selabale. Jênênge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune
gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jênênge kiyai Daha,
duwe adhi jênênge kiyai Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri, barêng
Sri Jayabaya rawuh, jênênge kiyai Daha dipundhut kanggo jênênge nagara, dheweke
diparingi Buta Locaya, sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.
Buta iku têgêse: butêng utawa bodho,
Lo têgêse kowe, caya têgêse: kêna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho,
nanging têmên mantêp sêtya ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana
sêbutan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai têgêse: ngayahi anak
putune sarta wong-wong ing kanan keringe.
Jêngkare Sri Narendra anjujug ing
omahe kiyai Daka, ana ing kono Sang Prabu sawadya-balane disugata, mula sang
Prabu asih bangêt marang kiyai Daka, jênênge kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng
desa, dene kiyai Daka banjur diparingi jênêng kiyai Tunggulwulung, sarta dadi
senapatining pêrang.
Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan
putrane putri kang aran Ni Mas Ratu Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai
Tunggulwulung uga padha muksa; Ni Mas Ratu Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit
nusa Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta jêjuluk Ni Mas Ratu Anginangin.
Sakabehe lêlêmbut kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa,
kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin.
Buta Locaya panggonane ana ing
Selabale, dene kiyai Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, rumêksa kawah sarta
lahar, yen lahar mêtu supaya ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.
Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah
ana ing kursi kêncana kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinêbutan
êlaring mêrak, diadhêp patihe aran Megamêndhung, lan putrane kakung loro uga
padha ngadhêp, kang tuwa arane Panji Sêktidiguna, kang anom aran panji
Sarilaut.
Buta Locaya lagi ngandikan karo kang
padha ngadhêp, kaget kasaru têkane Nyai Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur
bab rusake tanah lor Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong
saka Tuban kang sumêdya lêlana mênyang Kadhiri, arane Sunan Bonang. Nyai
Plêncing ngaturake susahe para lêlêmbut sarta para manusa.
Buta Locaya krungu wadule Nyai
Plêncing mangkono mau bangêt dukane, sarirane nganti kaya gêni, sanalika banjur
nimbali putra-wayahe sarta para jin pêri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Bonang.
Para lêlêmbut mau padha sikêp gêgaman pêrang, sarta lakune barêng karo angin,
ora antara suwe lêlêmbut wis têkan ing saêloring desa Kukum, ing kono Buta
Locaya banjur maujud manusa aran kiyai Sumbre, dene para lêlêmbut kang
pirang-pirang ewu mau padha ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing
têngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang lakune Sunan Bonang kang saka
êlor.
Ora antara suwe têkane Sunan Bonang
saka lor, Sunan Bonang wis ora kasamaran yen kang ngadêg ana sangisoring wit
sambi iku ratuning dhêmit, sumêdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya
mawa. Dene lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir adoh, ora bêtah
kêna prabawane Sunan Bonang. Mangkono uga Sunan Bonang uga ora bêtah cêdhak
karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene cêdhak mawa, kiyai Sumbre mangkono uga.
Sakabat loro kang maune padha
sumaput, banjur padha katisên, amarga kêna daya prabawane kiyai Sumbre.
Sunan Bonang andangu marang kiyai
Sumbre: “Buta Locaya! kowe kok mêthukake lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre,
kowe apa padha slamêt?”.
Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Bonang
ngrêtos jênênge dheweke, dadi dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur
marang Sunan Bonang: “Kados pundi dene paduka sagêd mangrêtos manawi kula
punika Buta Locaya?”.
Sunan Bonang ngandika: “Aku ora
kasamaran, aku ngrêti yen kowe ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.”.
Kiyai Sumbre matur marang Sunan Bonang:
“Paduka punika tiyang punapa, dene mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm
Jawi. Kados wangun walang kadung?”.
Sunan Bonang ngandika maneh: “Aku
bangsa ‘Arab, jênêngku Sayid Kramat, dene omahku ing Bonang tanah Tuban,
mungguh kang dadi sêdyaku arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan
kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku prênahe ana ing ngêndi?”.
Buta Locaya banjur matur: “Wetan
punika wastanipun dhusun Mênang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton
sarta pasanggrahanipun inggih sampun botên wontên, kraton utawi patamanan
Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pagêdhongan inggih sampun sirna,
pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya
wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking rêdi Kêlut. Kula badhe
pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak putu Adam, nyabdakakên ingkang
botên patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngêlih nami Kutha Gêdhah, ngêlih
lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki awis toya, punika namanipun siya-siya
botên surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang gêsang laki rabi sampun
lungse, lajêng botên gampil pêncaripun titahing Latawalhujwa, makatên wau saking
sabda paduka, sêpintên susahipun tiyang ingkang sami kêbênan, lepen Kadhiri
ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintên-pintên sami risak,
ngriki paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka sikara
botên surup, nyikara tanpa prakara”.
Sunan Bonang ngandika: “Mula ing kene
tak-êlih jênêng Kutha Gêdhah, amarga wonge kene agamane ora irêng ora putih,
têtêpe agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk
banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih iline, kene kabeh tak sotake larang
banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki
banyu ora oleh iku, prawan baleg.”.
Buta Locaya matur maneh: “Punika
namanipun botên timbang kaliyan sot panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur
namung tiyang satunggal ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah
sangêt, botên timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun damêl
mlaratipun tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih
dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakên tanah, lah sapunika
mugi panjênêngan-sotakên wangsulipun malih, ing ngriki sagêda mirah toya malih,
sagêd dados asil panggêsangan laki rabi taksih alit lajêng mêncarakên titahipun
Hyang Manon. Panjênêngan sanes Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun
tiyang dahwen”.
Sunan Bonang ngandika: “Sanadyan
kok-aturake Ratu Majalêngka aku ora wêdi”.
Buta Locaya barêng krungu têmbung ora
wêdi marang Ratu Majalêngka banjur mêtu nêpsune, calathune sêngol: “Rêmbag
paduka niki dede rêmbage wong ahli praja, patute rêmbage tiyang entên ing
bambon, ngêndêlake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh
dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, lajêng tumindak sakarsa-karsa
botên toleh kalêpatan, siya dahwen sikara botên ngangge prakara, sanadyan ing
tanah Jawi rak inggih wontên ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging
sami ahli budi sarta ajrih sêsikuning Dewa, têbih saking ahli budi yen ngantos
siya dhatêng sêsami nyikara tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang
tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil. Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung
tigang taun lajêng minggat saking tanah Jawi, sumbêr toya ing Mêdhang
saurutipun dipunbêkta minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka
tiyang saking ‘Arab, mila sami siya-siya dhatêng sêsami, sami damêl awising
toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên budi luhur, damêl wilujêng dhatêng
tiyang kathah, nanging kok jêbul botên makatên, wujud paduka niki jajil bêlis
katingal, botên tahan digodha lare, lajêng mubal nêpsune gêlis duka, niku Sunan
napa? Yen pancen Sunaning jalma yêktos, mêsthi simpên budi luhur. Paduka niksa
wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane paduka sapunika
sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, lajêng paduka-ênggeni piyambak,
siram salêbêting kawah wedang ingkang umob mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning
lêlêmbut, sanes alam kaliyan manusa, ewadene kula taksih engêt dhatêng
wilujêngipun manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi
mangsulakên malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami katrajang toya
kula-aturi mangsulakên kados sawaunipun, manawi panjênêngan botên karsa
mangsulakên, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun
pêjah sadaya, kula tamtu nyuwun bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu
Anginangin ingkang wontên samodra kidul”.
Sunan Bonang barêng mirêng nêpsune
Buta Locaya rumaos lupute, dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang
ora dosa, mula banjur ngandika: “Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna
mbaleni caturku kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki bisa
bali kaya mau-maune”.
Buta Locaya barêng krungu kêsagahane
Sunan Bonang, banjur nêpsu maneh, nuli matur marang Sunan Bonang: “Kêdah
paduka- wangsulna sapunika, yen botên sagêd, paduka kula-banda”.
Sunan Bonang ngandika marang Buta
Locaya: “Wis kowe ora kêna mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki
tak-jênêngake cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit lan wong
pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta susahe jalma
lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana, woh sambi dadi warna loro kanggone,
daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa lêngane, asêm dadi pasêmoning ulat kêcut,
dene dhêmit padu lan manusa, lênga têgêse dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk
dadiya pasêksen, yen aku padu karo kowe, lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki,
kang lor jênênge desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene panggonane balamu
kang ana ing kidul iku jênênge desa Kawanguran”.
Sunan Bonang sawuse ngandika mangkono
banjur mlumpat marang wetan kali, katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha
Gêdhah ana desa aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse
kawruhan, Singkal têgêse sêngkêl banjur nêmu akal.
Buta Locaya nututi tindake Sunan Bonang.
Sunan Bonang tindake têkan ing desa Bogêm, ana ing kono Sunan Bonang mriksani
rêca jaran, rêca mau awak siji êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring wit
trênggulun, wohe trênggulun mau akeh bangêt kang padha tiba nganti amblasah,
Sunan Bonang ngasta kudhi, rêca jaran êndhase digêmpal.
Buta Locaya barêng wêruh patrape
Sunan Bonang anggêmpal êndhasing rêca jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene
wuwuse: “Punika yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun
wanita Jawi, benjing jaman Nusa Srênggi, sintên ingkang sumêrêp rêca punika,
lajêng sami mangrêtos tekadipun para wanita Jawi”.
Sunan Bonang ngandika: “Kowe iku
bangsa dhêmit kok wani padu karo manusa, jênênge dhêmit kêmênthus”.
Buta Locaya mangsuli: “Inggih kaot
punapa, ngriku Sunan, kula Ratu”.
Sunan Bonang ngandika: “Woh
trênggulun iki tak-jênêngake kênthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku
kêrêngan karo dhêmit kumênthus, prakara rusaking rêca”.
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah
nganti saprene, woh trênggulun jênênge kênthos, awit saka sabdane Sunan Bonang,
iku pituture Raden Budi Sukardi, guruku”.
Sunan Bonang banjur tindak mangalor,
barêng wis wanci asar, kêrsane arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging
ora ana timbane, sumure banjur digolingake, dene Sunan Bonang sawise, nuli
sagêd mundhut banyu kagêm wudhu banjur salat.
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah
nganti saprene sumur mau karane sumur Gumuling, Sunan Bonang kang anggolingake,
iku pituture Raden Budi guruku, êmbuh bênêr lupute”.
Sunan Bonang sawise salat banjur
nêrusake tindake, satêkane desa Nyahen ing kona ana rêca buta wadon, prênahe
ana sangisoring wit dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange,
sarta akeh kang tiba kanan keringe rêca buta mau, nganti katon abang mbêranang,
saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan Bonang priksa rêca mau gumun bangêt, dene
ana madhêp mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ubênge bangkekane 10 kaki, saupama
diêlih saka panggonane, yen dijunjung wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen
nganggo piranti, baune têngên rêca mau disêmpal dening Sunan Bonang, bathuke
dikrowak.
Buta Locaya wêruh yen Sunan Bonang
ngrusak rêca, dheweke nêpsu maneh, calathune: “Panjênêngan nyata tiyang dahwen,
rêca buta bêcik-bêcik dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka
punika yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjênêngan ngrisak
rêca?”
Pangandikane Sunan Bonang: “Mulane
rêca iki tak-rusak, supaya aja dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah
disajeni dikutugi, yen wong muji brahala iku jênênge kapir kupur lair batine
kêsasar.”
Buta Locaya calathu maneh: “Wong Jawa
rak sampun ngrêtos, yen punika rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa,
sanes Hyang Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni,
supados para lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi kajêng, amargi
siti utawi kajêng punika wontên asilipun, dados têdhanipun manusa, mila para
lêlêmbut sami dipunsukani panggenan wontên ing rêca, panjênêngan-tundhung
dhatêng pundi? Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca,
sarta nêdha ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi badanipun kraos
sumyah, langkung sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca wêtah ing
panggenan ingkang sêpi edhum utawi wontên ngandhap kajêng ingkang agêng, sampun
sami ngraos yen alamipun dhêmit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen
wontên ing rêca têka panjênêngan-sikara, dados panjênêngan punika têtêp tiyang
jail gêndhak sikara siya-siya dhatêng sasamining tumitah, makluking Pangeran.
Aluwung manusa Jawa ngurmati wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa,
wangsul tiyang bangsa ‘Arab sami sojah Ka’batu’llah, wujude nggih tugu sela,
punika inggih langkung sasar”.
Pangandikane Sunan Bonang:
Ka’batu’llah iku kang jasa Kangjêng Nabi Ibrahim, ing kono pusêring bumi,
didelehi tugu watu disujudi wong akeh, sing sapa sujud marang Ka’batu’llah,
Gusti Allah paring pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing ‘alam
pangumbaran”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu:
“Tandhane napa yen angsal sihe Pangeran, angsal pangapuntên sadaya
kalêpatanipun, punapa sampun angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta
mawi cap abrit?
Sunan Bonang ngandika maneh: “Kang
kasêbut ing kitabku, besuk yen mati oleh kamulyan”.
Buta Locaya mangsuli karo mbêkos:
“Pêjah malih yen sumêrêpa, kamulyan sanyata wontên ing dunya kemawon sampun
korup, sasar nyêmbah tugu sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi
dhatêng rêdi Kêlut kathah sela agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami maujud
piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang
Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah sumêrêp ing Batu’llahipun, badanipun manusa
punika Baitu’llah ingkang sayêktos, sayêktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos,
punika kêdah dipunrêksa, sintên sumêrêp asalipun badanipun, sumêrêp budi
hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan rintên dalu
nglampahi salat, manawi panggenanipun raga pêtêng, kawruhipun sasar-susur,
sasar nêmbah tugu sela, tugu damêlan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa
kêkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik
paningalipun têrus, sumêrêp cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene
ingkang yasa rêca punika Prabu Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos,
pinaringan wahyu mulya, inggih pintêr sugih engêtan sidik paningalipun têrus,
sumêrêp saderengipun kalampahan, paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan
sastra, bêtuwah saking lêluhuripun. sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung
nyungkêmi kabar sastra saking lêluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun
taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi kabar ‘Arab, dereng ngrêtos
kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos, anggêga ujaripun tiyang
nglêmpara. Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari
Mêkah, kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis toya, tanêm-tanêm tuwuh
botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli
nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas
tiyang, kangge rencang tumbasan. Panjênêngan tiyang duraka, kula-aturi kesah
saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrêp lan bênteripun
cêkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd tuwuh,
tiyangipun jalêr bagus, wanitanipun ayu, madya luwês wicaranipun. Rêmbag
panjênêngan badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki ingkang
kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula lêpat panjênêngan
jotos. Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang nêdha
kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika Maha Prabu
Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd ngêpal
lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi
botên purun kesah sapunika, badhe kula undhangakên adhi kula ingkang wontên ing
rêdi Kêlut, panjênêngan kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula bêkta
mlêbêt dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah,
punapa panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng
Selabale, dados murid kula!”.
Sunan Bonang ngandika: “Ora arêp
manut rêmbugmu, kowe setan brêkasakan”.
Buta Locaya mangsuli: “Sanadyan kula
dhêmit, nanging dhêmit raja, mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu
mulya kados kula, tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila
panjênêngan dhatêng tanah Jawi, wontên ing ‘Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen
panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking ‘Arab, mila minggat, saking lêpat,
tandhanipun wontên ing ngriki taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni
agama, damêl risak barang sae, ngarubiru agamane lêluhur kina, Ratu wajib
niksa, mbucal dhatêng Mênadhu”.
Sunan Bonang ngandika: “Dhadhap iki
kêmbange tak jênêngake celung, uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan
kêledhung rêmbag, dadiya pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh
kalah nalar”.
Mula katêlah nganti tumêka saprene,
woh dhadhap jênênge kledhung, kêmbange aran celung.
Sunan Bonang banjur pamitan: “Wis aku
arêp mulih mênyang Bonang”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu:
“Inggih sampun, panjênêngan enggala kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar,
manawi kadangon wontên ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis wos,
nambahi bênter, nyudakakên toya”.
Sunan Bonang banjur tindak, dene Buta
Locaya sawadya-balane uga banjur mulih. Gênti kang cinarita, nagari ing
Majalêngka, anuju sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp
Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen mêntas nampani layang saka
Tumênggung ing Kêrtasana, dene surasane layang ngaturi uninga yen nagara
Kêrtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang mangetan,
saperanganing layang mau unine mangkene: “Wontên ler-kilen Kadhiri,
pintên-pintên dhusun sami karisakan, anggenipun makatên wau, saking kenging
sabdanipun ngulama saking ‘Arab, namanipun Sunan Bonang.
Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt
dukane, Patih banjur diutus mênyang Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh,
kahanane wonge sarta asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi
nimbali Sunan Bonang.
Gêlising carita, Patih sawise
niti-priksa, banjur ngaturake kahanane kabeh, dene duta kang diutus mênyang
Tuban uga wis têka, matur yen ora oleh gawe, amarga Sunan Bonang lunga ora
karuhan parane.
Sang Prabu midhangêt ature para wadya
banjur duka, paring pangandika yen ngulama saka ‘Arab pada ora lamba atine.
Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong ‘Arab kang ana ing tanah Jawa padha
didhawuhi lunga, amarga gawe ribêding nagara, mung ing Dêmak lang
Ngampelgadhing kang kêparêng ana ing tanah Jawa, nglêstarekake agamane, liyane
loro iku didhawuhi ngulihake mênyang asale, dene yen padha ora gêlêm lunga
didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: “Gusti! lêrês dhawuh paduka punika,
amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botên sowan utawi botên ngaturakên
bulubêkti, mênggah sêdyanipun badhe rêraton piyambak, botên ngrumaosi nêdha ngombe
wontên tanah Jawi, dene namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka,
pêparabipun Sunan ‘Aênalyakin, punika nama ing têmbung ‘Arab, mênggah têgêsipun
Sunan punika budi, têgêsipun Aenal punika ma’rifat, têgêsipun Yakin punika
wikan, sumêrêp piyambak, dados nama tingal ingkang têrus, suraosipun ing
têmbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang makatên punika
ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botên kasamaran, ing alam
donya botên wontên kalih ingkang asma Sang Prabu Satmata, kajawi namung Bathara
Wisnu nalika jumênêng Nata wontên ing nagari Mêdhang-Kasapta. Sang Prabu
midhangêt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi pêrang mênyang Giri, Patih budhal
ngirid wadya-bala prajurit, nglurug mênyang Giri. Patih sawadya-balane satêkane
ing Giri banjur campuh pêrang. Wong ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi
pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu mênyang Bonang, golek kêkuwatan,
sawise oleh bêbantu, banjur pêrang maneh mungsuh wong Majalêngka, pêrange rame
bangêt, ing wêktu iku tanah jawa wis meh saparo kang padha ngrasuk agama Islam,
wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam, dene kang kidul isih têtêp
nganggo agama Buddha. Sunan Bonang wis ngrumasani kaluputane, ênggone ora sowan
mênyang Majalêngka, mula banjur lunga karo Sunan Giri mênyang Dêmak, satêkane
ing Dêmak, banjur ngêbang marang Adipati Dêmak, diajak nglurug mênyang
Majalêngka, pangandikane Sunan Bonang marang Adipati Dêmak: “Wêruha yen saiki
wis têkan masa rusake Kraton Majalêngka, umure wis satus têlu taun, saka panawangku,
kang kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, rêmbugku
rusakên Kraton Majalêngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ngêtarani,
sowana besuk Garêbêg Mulud, nanging rumantiya sikêping pêrang :
1.
gaweya samudana,
2.
dhawuhana balamu para
Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing Dêmak, yen
kumpule iku arêp gawe masjid, mêngko yen wis kumpul, para Sunan sarta Bupati
sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh mêsthi nurut marang kowe”.
Ature Adipati Dêmak: “Kula ajrih
ngrisak Nagari Majalêngka, amêngsah bapa tur raja, kaping tiganipun damêl sae
paring kamukten ing dunya, lajêng punapa ingkang kula-walêsakên, kajawi namung
sêtya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing, botên kaparêng yen kula
mêngsah bapa, sanadyan Buddha nanging margi-kula sagêd dumados gêsang wontên
ing dunya. Inggih sanadyan Buddha punapa kapir, tiyang punika bapa inggih kêdah
dipunhurmati, punapa malih dereng wontên lêpatipun dhatêng kula”.
Sunan Bonang ngandika mêneh: “Sanadyan
mungsuh bapa lan ratu, ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir
Buddha kawak: kang kok-têmu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mêri, gundhul
bêntul butêng tanpa nalar, patute mung dadi godhogan, sapira kawruhe
Ngampelgadhing, bocah kalairan Cêmpa, masa padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Bonang
kang wis dipuji wong sabumi ‘alam, têdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh.
Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu
kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang
mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikêl kaping
êmbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Satêmêne ramanira
iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi jênêng Babah, iku ora
prayoga, têgêse Babah iku saru bangêt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa
digawa Putri Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang,
wong pranakan buta; iku mêgat sih arane. Ramanira panggalihe têtêp ora bêcik,
mulane rêmbugku, walêsên kalawan alus, lire aja katara, ing batin sêsêpên
gêtihe, mamahên balunge”.
Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki
ora dosa dilurugi ramamu, didakwa rêraton, amarga aku ora seba marang
Majalêngka. Sumbare Patih, yen aku kacandhak arêp dikuciri lan dikon ngêdusi
asu, akeh bangsa Cina kang padha têka ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha
tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake wong kapir, besuk
ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak- Islamake, tak-anggêp
kulawarga. Dene têkaku mrene ini ngungsi urip mênyang kowe, aku wêdi marang
Patih Majalêngka, lan ramanira sêngit bangêt marang santri kang muji dhikir,
ênggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, mêsthi
rusak agama Mukhammad Nabi”.
Wangsulane Sang Adipati Dêmak:
“Anggenipun nglurugi punika lêrês, tiyang rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah
manut prentahing Ratu ingkang mbawahakên, sampun wajibipun dipunlurugi,
dipunukum pêjah, awit panjênêngan botên ngrumaosi dhahar ngunjuk wontên in
tanah Jawi”.
Sunan Bonang ngandika maneh: “Yen ora
kok-rêbut dina iki, kowe ngênteni surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis mêsthi
ora bakal tiba kowe, mêsthi dipasrahake marang Adipati Pranaraga, amarga iku
putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang putra mantu, iya iku Ki
Andayaningrat ing Pêngging, kowe anak nom, ora wajib jumênêng Nata, mumpung iki
ana lawang mênga, Giri kang dadi jalarane ngrusak Majalêngka, nadyan mati,
mungsuh wong kapir, mati sabilu’llah, patine slamêt nampani swarga mulya, wis
wajibe wong Islam mati dening wong kapir, saka ênggone nyungkêmi agamane, karo
wis wajibe wong urip golek kamuktening dunya, golek darajat kang unggul dhewe,
yen wong urip ora wêruh marang uripe, iku durung gênêp uripe, lamun sipat
manusa mêsthi melik mêngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku Khalifa
wakile Hyang Widdhi, apa bae kang dikarêpake bisa kêlakon, satêmêne kowe wis
pinasthi bakal jumênêng Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih kaprabone ramamu,
ananging ing laire iya kudu nganggo sarat dirêbut sarana pêrang, yen kowe ora
gêlêm nglakoni, mêsthine sihe Gusti Allah kang mênyang kowe bakal dipundhut
bali, dadi kowe jênênge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga
aku wis wêruh sadurunge winarah, wis tak-sêmprong nganggo sangkal bolong katon
nêrawang ora samar sajroning gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa
dadi Ratu ana ing tanah Jawa, murwani agama suci, ambirat ênggonmu madêg
Narendra, bisa ngideni adêgmu Nata mêngku tanah Jawa, bisa lêstari satêruse”.
Akeh-akeh dhawuhe Sunan Bonang, pambujuke marang adipati Dêmak supaya mêtu
nêpsune, gêlêm ngrusak Majalêngka, malah diwenehi lêpiyan carita Nabi, kang
gêlêm ngrusak bapa kapir, iku padha nêmu rahayu.
Adipati Dêmak matur: “Manawi karsa
panjênêngan makatên, kula namung sadarmi nglampahi dhawuh, panjênêngan ingkang
mbotohi”.
Sunan Bonang ngandika maneh: “Iya
mangkono iku kang tak karêpake, saiki kowe wis gêlêm tak botohi, lah saiki uga
kowe kirima layang marang adhimu Adipati Têrung, ananging têmbungmu kang rêmit
sarta alus, adhimu antêpên, apa abot Sang Nata, apa abot sadulur tuwa kang
tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adêgmu Nata, gampang bangêt rusaking
Majalêngka. Majapahit sapa kang diêndêlake yen Kusen mbalik, Si gugur isih
cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis tuwa, dithothok bae mati, mêsthi ora bisa
nadhahi yudamu”. Adipati Dêmak banjur kirim layang marang Têrung, ora suwe
utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati Têrung, saguh ambiyantu
pêrang, layang banjur katur Sunan Bonang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan Bonang
banjur ngandika marang Adipati Dêmak, supaya Sang Adipati ngaturi para Sunan
lan para Bupati kabeh, samudana yen arêp ngêdêgake masjid, lan diwenehana
sumurup yen Sunan Bonang wis ana ing Dêmak. Gêlising carita, ora suwe para
Sunan lan para Bupati padha têka kabeh, banjur pakumpulan ngêdêgake masjid,
sawise mêsjid dadi, banjur padha salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur
tutup lawang, wong kabeh dipangandikani dening Sunan Bonang, yen Adipati Dêmak
arêp dijumênêngake Nata, sarta banjur arêp ngrusak Majapahit, yen wis padha
rujuk, banjur arêp kêpyakan tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk
kabeh, mung siji kang ora rujuk, iya iku Syekh Sitijênar. Sunan Bonang duka,
Syekh Sitijênar dipateni, dene kang kadhawuhan mateni iya iku Sunan Giri, Syekh
Sitijênar dilawe gulune mati. Sadurunge Syekh Sitijênar tumêka ing pati,
ninggal swara: “Eling-eling ngulama ing Giri, kowe ora tak-walês ing akhirat,
nanging tak-walês ana ing dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong
tuwa, ing kono gulumu bakal tak-lawe gênti”. Sunan Giri mangsuli: “Iya besuk
wani, saiki wani, aku ora bakal mundur”. Sawise golong karêpe, nglêstarekake
apa kang wis dirêmbug. Sang Adipati Dêmak banjur ingidenan jumênêng Nata,
amêngku tanah Jawa, jêjuluk Senapati Jimbuningrat, patihe wong saka Atasaning
aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati Jimbuningrat wis miranti sapraboting
pêrang, banjur budhal mênyang Majapahit, diiringake para Sunan lan para Bupati,
lakune kaya dene Garêbêg Maulud, para wadya bala ora ana kang ngrêti wadining
laku, kajaba mung para Tumênggung lan para Sunan apa dene para ngulama, Sunan Bonang
lan Sunan Giri ora melu mênyang Majapahit, pawadane sarehne wis sêpuh, mung
arêp salat ana ing masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para
Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora kacarita lakune
ana ing dalan.
Gênti kocapa nagara in Majapahit,
Patih saulihe saka ing Giri banjur matur sang Praba, bab ênggone mukul pêrang
ing Giri, mungguh kang dadi senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa Cina
kang wis ngrasuk agama Islam, arane Sêcasena, mangsah mêncak nganggo gêgêman
abir, sawadya-balane watara wong têlung atus, padha bisa mêncak kabeh, brêngose
capang sirahe gundhul, padha manganggo srêban cara kaji, mangsah pêrang paculat
kaya walang kadung, wadya Majapahit ambêdhili, dene wadya-bala ing Giri pating
jênkelang ora kêlar nadhahi tibaning mimis. Senapati Sêcasena wis mati, dene
bala Cina liyane lang kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri ngungsi
mênyang alas ing gunung, sawêneh ngambang ing sagara, mlayu mênyang Bonang
têrus diburu dening wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Bonang banjur
nunggal saprau-layar ngambang ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora
bali ngajawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mênyang
Dêmak, andhawuhake yen ngulama ing Giri lan ing Bonang padha têka ing Dêmak,
didhawuhi nyêkêl, kaaturna bêbandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Bonang
ngrusak bumi ing Kêrtasana, dene dosane santri Giri ora gêlêm seba marang
ngarsa Prabu, tekade sumêdya nglawan pêrang.
Patih samêtune ing paseban jaba,
banjur nimbali duta kang arêp diutus mênyang Dêmak, sajrone ana ing paseban
jaba, kêsaru têkane utusane Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih,
layang banjur diwaos kiyai Patih, mungguh surasaning layang. Menak Tunjungpura
ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing Dêmak, iya iku Babah Patah, wis madêg
Ratu ana ing Dêmak, dene kang ngêbang- êbang adêging Nata, iya iku Sunan Bonang
lan Sunan Giri, para Bupati pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga
padha njurungi, dene jêjuluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah
‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’rrasul Amiri’lmukminin Tajudi’l’Abdu’lhamid Kak,
iya Sultan Adi Surya ‘Alam, ing Bintara. Ing samêngko Babah Patah sawadya-balane
wis budhal nglurug marang Majapahit, sêdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah
abot mênyang gurune, ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati
padha ambiyantu anggone arêp mbêdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala
têlung lêksa miranti sapraboting pêrang, mungguh kature Sang Prabu amborongake
kiyai Patih. Layang kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud
taun Jimakir 1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos
layang, njêtung atine, sarta kêrot, gêrêng-gêrêng, gedheg-gedheg, bangêt
pangungune, banjur tumênga ing tawang karo nyêbut marang Dewa kang Linuwih,
bangêt gumune mênyang wong Islam, dene ora padha ngrêti mênyang kabêcikane Sang
Prabu, malah padha gawe ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake
surasane layang mau.
Sang Prabu Brawijaya midhangêt ature
Patih kaget bangêt panggalihe, njêgrêg kaya tugu, nganti suwe ora ngandika,
jroning panggalih ngungun bangêt marang putrane sarta para Sunan, dene padha
duwe sêdya kang mangkono, padha diparingi pangkat, wêkasane malah padha gawe
buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang Prabu nganti ora bisa manggalih apa
mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama têka arêp ngrusak
karaton, digoleki nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tinêmu ing nalar,
dene kok padha duwe pikir ala. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng
bangêt, sungkawane ratu Gêdhe kang linuwih, sinêmonan dening Dewa, kaya dene
atining kêbo êntek dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu
marang Patih, apa ta mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama
apa dene para Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi marang
kabêcikan.
Ature Patih, mratelakake yen uga ora
mangêrti, amarga adoh karo nalare, wong dibêciki kok padha malês ala, lumrahe
mêsthi, padha malês bêcik. Ki Patih uga mung gumun, dene wong Islam pikire kok
padha ora bêcik, dibêciki walêse kok padha ala.
Sang Prabu banjur ngandika marang
patih, bab anane lêlakon kaya mangkono iku amarga saka lêpate sang nata
piyambak, dene nggêgampang marang agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta
ênggone kêgiwang marang ature Putri Cêmpa, ngideni para ngulama mêncarake agama
Islam. Sang Nata saka putêking panggalihe nganti kawêdhar pangandikane
ngêsotake marang wong Islam: Sun-suwung marang Dewa Gung, muga winalêsna
susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi wong
kucir, dene tan wruh kabêcikan, sun-bêciki walêse angalani”. “Sabdaning Ratu
Agung sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sinêksen ing jagad, katandhan
ana swara jumêgur gêtêr patêr sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang
kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangkêp jênêng walikan, katêlah tumêka saprene,
ngulama jênênge walian, kuntul kucir githoke. Sang Prabu banjur mundhut
pamrayoga marang Patih, prakara têkane mungsuh, santri kang ngrêbut nagara, iku
dilawan apa ora? Sang Nata rumaos gêtun lan ngungun, dene Adipati Dêmak
kapengin mêngkoni Majapahit bae kok dirêbut sarana pêrang, saupama disuwun
kalayan aris bae mêsthi diparingake, amarga Sang Nata wis sêpuh. Ature Patih
prayoga nglawan têkaning mungsuh. Sang Prabu ngandika, yen nganti nglawan
rumaos lingsêm bangêt, dene mungsuh karo putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen
mapag pêrang kang sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala. Patih didhawuhi
nimbali Adipati Pêngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra kang ana ing
Majapahit durung wanci yen mapagake pêrang, sawise paring pangandika mangkono.
Sang Prabu banjur lolos arsa têdhak marang Bali, kadherekake abdi kêkasih,
Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala
Dêmak wis pacak baris ngêpung nagara, mula kasêsa tindake. Wadya Dêmak banjur
campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur ngawaki pêrang, Patih Majapahit
ngamuk ana samadyaning papêrangan. Para Bupati Nayaka wolu uga banjur melu
ngamuk. Pêrange rame bangêt, bala Dêmak têlung lêksa, balang Majapahit mung
têlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akeh kang padha mati,
mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya nêsêg. Bala Dêmak kang katrajang
mêsthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden Lêmbupangarsa ngamuk ana satêngahing
papêrangan, tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-ramene têtandhingan pêrang,
Patih Mangkurat ing Dêmak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangêt nêpsune,
pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana kang diwêdeni, Patih ora pasah
sakehing gêgaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang tumama marang
sarirane, ing ngêndi kang katrajang bubar ngisis, kang tadhah mati nggêlasah,
bangkening wong tumpang tindhih, Patih binendrongan saka kadohan, tibaning
mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging
ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk kêna, barêng Sunan Ngudhung tiwas, Patih
dibyuki wadya ing Dêmak, dene wadya Majapahit wis êntek, sapira kuwate wong
siji, wêkasan Patih ing Majapahit ngêmasi, nanging kuwandane sirna, tinggal
swara: “Eling-eling wong Islam, dibêciki gustiku walêse ngalani, kolu ngrusak
nagara Majapahit, ngrêbut nagara gawe pêpati, besuk tak-walês, tak-ajar wêruh
nalar bênêr luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu tak-cukur rêsik”.
Sapatine Patih, para Sunan banjur
mlêbu mênyang kadhaton. nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas,
iya iku Putri Cêmpa, sang Putri diaturi sumingkir mênyang Bonang uga karsa.
Para prajurit Dêmak banjur padha
mlêbu mênyang kadhaton, ana ing kono pada njarah rayah nganti rêsik, wong
kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak.
Adipati Têrung banjur mlêbu mênyang jêro pura, ngobongi buku-buku bêtuwah
Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura padha bubar, beteng ing
Bangsal wis dijaga wong Têrung. Wong Majapahit kang ora gêlêm têluk banjur
ngungsi mênyang gunung lan alas-alas, dene kang padha gêlêm têluk, banjur
dikumpulake karo wong Islam, padha dikon nyêbut asmaning Allah. Layone para
putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pinêtak ana sakidul-wetan pura.
Kuburan mau banjur dijênêngake Bratalaya, jarene iku kubure Raden
Lêmbupangarsa.
Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak
budhal mênyang Ngampel, dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku
Patih Mangkurat sarta Adipati Têrung, njaga kaslamêtan mbokmanawa isih ana
pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu,
Têrung uga dijaga ngulama têlung atus, sabên bêngi padha salat kajat sarta
andêrês Kur’an, wadya-bala kang saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu
mênyang Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis seda, mung kari garwane kang isih ana
ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan
Ngampel, Nyai Agêng kanggo têtuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat
satêkane ing Ngampel, banjur ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati
gênti-gênti padha ngaturake sêmbah mênyang Nyai Agêng. Prabu Jimbuningrat matur
yen mêntas mbêdhah Majapahit, ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur,
ngaturake patine Patih ing Majapahit lan matur yen panjênêngane wis madêg Nata
mêngku tanah Jawa, dene jêjuluke: Senapati Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang,
ênggone sowan mênyang Ngampel iku, prêlu nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata
nganti run-tumurun aja ana kang nyêlani.
Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng
ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta ngrangkul Sang Prabu, Nyai Agêng ing
batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing panggalih: “Putuku, kowe dosa têlung
prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta kang aweh kamukten ing dunya, têka
dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para
ngulama padha diparingi panggonan kang wis anggawa pamêtu minangka dadi
pangane, sarta padha diuja sakarêpe, wong pancene rak sêmbah nuwun bangêt,
wusana banjur diwalês ala, seda utawa sugênge ora ana kang wêruh”.
Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu,
pangandikane: “Êngger! aku arêp takon mênyang kowe, kandhaa satêmêne, bapakmu
tênan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang
ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara kang tanpa dosa?”
Sang Prabu banjur matur, yen Prabu
Brawijaya iku jarene ramane têmênan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu mêngku
tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane
nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa salin agama
Islam, isih ngagêm agama kapir kupur, Buddha kawak dhawuk kaya kuwuk.
Nyai Agêng barêng mirêng ature Prabu
Jimbun, banjur njêrit ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: “Êngger! kowe wêruha,
kowe iku dosa têlung prakara, mêsthi kêsiku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh
Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok
wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung
siji Gusti Allah piyambak. Wong ganti agama iku ora kêna dipêksa yen durung
mêtu saka karêpe dhewe. Wong kang nyungkêmi agamane nganti mati isih nggoceki
tekade iku utama. Yen Gusti Allah wis marêngake, ora susah ngango dikon, wis
mêsthi salin dhewe ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora
dhawuh lan ora malangi marang wong kang salin agama. Kabeh iki sasênênge
dhewe-dhewe. Gusti Allah ora niksa wong kapir kang ora luput, sarta ora paring
ganjaran marang wong Islam kang tumindak ora bênêr, mung bênêr karo lupute sing
diadili nganggo têtêping adil, lalar-lulurên asalmu, ibumu Putri Cêmpa nyêmbah
pikkong, wujud dluwang utawa rêja watu. Kowe ora kêna sêngit mênyang wong kang
agama Buddha, tandha mripatmu iku lapisan, mula blero pandêlêngmu, ora ngrêti
marang kang bênêr lan kang luput, jarene anake Sang Prabu, têka kolu marang
bapa, kêduga ngrusak ora nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi
ngrêti matane mung siji, dadi wêruh ing bênêr lan luput, wêruh kang bêcik lan kang
ala, mêsthi wêdi mênyang bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib
dibêkteni. Eklasing ati bêkti bapa, ora bêkti wong kapir, amarga wis wajibe
manusa bêkti marang wong tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku
agamane Islam, duwe maratuwa kapir, maratuwane gêthing marang wong Agung amarga
seje agama, maratuwane tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong
Agung tansah wêdi- asih lang ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora
dielingi kapire, nanging kang dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya
ngaji-aji marang maratuwane. Iya iku êngger, kang diarani wong linuwih, ora
kaya tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh kapir Budha ora gêlêm ganti agama, iku
dudu padon. Lan aku arêp takon, apa kowe wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi
salin agama? nagarane kok nganti kok-rusak iku kapriye?
Prabu Jimbun matur, yen durung
ngaturi salin agama, têkane Majapahit banjur ngêpung nagara bae.
Nyai Agêng Ngampel gumujêng karo
ngandika: “Tindakmu iku saya luput bangêt, sanadyan para Nadi dhek jaman kuna,
ênggone padha wani mungsuh wong tuwane, iku amarga sabên dinane wis ngaturi
santun agama, nanging ora karsa, mangka sabên dinane wis diaturi mujijade, kang
nandhakake yen kudu wis santun agama Islam, ananging atur mau ora dipanggalih,
isih nglêstarekake agamane lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono
tumindake, sanadyan mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. Barêng wong kang
kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata Khalifatu’llah wênang nyalini agama lah
coba wêtokna mujijadmu tak-tontone”.
Prabu Jimbun matur yen ora kagungan
mujijad apa-apa, mung manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing
besuk oleh ganjaran swarga.
Nyai Agêng Ngampel gumujêng nanging
wêwah dukane. Ujar-jare bae kok disungkêmi, tur dudu bukuning lêluhur, wong
ngumbara kok diturut rêmbuge, sing nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen
isih mêntah kawruhmu, durung wani marang wong tuwa, saka kêpenginmu jumênêng
Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu santri ahli budi, mung ngêndêlake
ikêt putih, nanging putihe kuntul, sing putih mung ing jaba, ing jêro abang,
nalika eyangmu isih sugêng, kowe tau matur yen arêp ngrusak Majapahit, eyangmu
ora parêng, malah manti-manti aja nganti mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis
seda, wêwalêre kok-trajang, kowe ora wêdi papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang
aku, prakara têtêpmu dadi Ratu tanah Jawa, aku ora wênang ngideni, aku bangsa
cilik tur wong wadon, mêngko rak buwana balik arane, awit kowe sing mêsthine
paring idi marang aku, amarga kowe Khalifatu’llah sajroning tanah Jawa, mung
kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu gêni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe têtêp
tuwa Ratu”.
Banjure pangandikane Nyai Agêng
Ngampel: “Putu! kowe tak- dongengi kupiya patang prakara, ing kitab hikayat wis
muni, carita tanah Mêsir, panjênêngane Kanjêng Nabi Dhawud, putrane anggege
kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti kengsêr saka nagara, putrane banjur
sumilih jumênêng Nata, ora lawas Nabi Dhawud sagêd wangsul ngrêbut nagarane.
Putrane nunggang jaran mlayu mênyang alas, jarane ambandhang kêcanthol-canthol
kayu, nganthi pothol gumantung ana ing kayu, iya iku kang diarani kukuming
Allah. Ana maneh caritane Sang Prabu Dewata-cêngkar, iku iya anggege
kapraboning rama, nanging banjur disotake dening ingkang rama banjur dadi buta,
sabên dina mangsa jalma, ora suwe antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang
angajawa, aran Aji Saka, anggêlarake panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong
Jawa akeh kang padha asih marang Aji Saka, gêthing marang Dewatacêngkar,
Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatacêngkar dipêrangi nganti kêplayu, ambyur ing
sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur mati. Ana maneh caritane nagara
Lokapala uga mangkono, Sang Prabu Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya
isih tumindak kaya kang tak-caritakake mau, kabeh padha nêmu sangsara. Apa
maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe mêsthi cilaka, patimu
iya mlêbu mênyang yomani, kang mangkono iku kukume Allah”.
Sang Prabu Jimbun mirêng pangandikane
ingkang eyang, panggalihe rumasa kêduwung bangêt, nanging wis ora kêna dibalekake.
Nyai Agêng Ngampel isih nêrusake
pangandikane: “Kowe kuwi dilêbokake ing loropan dening para ngulama lan para
Bupati, mung kowe kok gêlêm nglakoni, sing nglakoni cilaka rak iya mung kowe
dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip jênêngmu ala, bisa mênang pêrang
nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrêtobata marang Kang Maha Kuwasa, kiraku
ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa, kapindho murtat ing Ratu,
kaping têlune ngrusak kabêcikan apa dene ngrusak prajane tanpa prakara. Adipati
Pranaraga lan Adipati Pêngging masa trimaa rusaking Majapahit, mêsthine labuh
marang bapa, iku bae wis abot sanggane”. Nyai Agêng akeh-akeh pangandikane
marang Prabu Jimbun. Sawise Sang Prabu dipangandikani, banjur didhawuhi kondur
mênyang Dêmak, sarta didhawuhi nglari lolose ingkang rama, yen wis kêtêmu
diaturana kondur mênyang Majapahit, lan aturana mampir ing Ngampelgadhing,
nanging yen ora kêrsa, aja dipêksa, amarga yen nganti duka mangka banjur
nyupatani, mêsthi mandi.
Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing Dêmak,
para wadya padha sênêng-sênêng lan suka-suka nutug, para santri padha trêbangan
lan dhêdhikiran, padha angucap sukur lan bungah bangêt dene Sang Prabu wis
kondur sarta bisa mênang pêrange.
Sunan Bonang mêthukake kondure Sang
Prabu Jimbun, Sang Nata banjur matur marang Sunan Bonang yen Majapahit wis
kêlakon bêdhah, layang-layang Buddha iya wis diobongi kabeh, sarta ngaturake
yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos, Patih Majapahit mati ana samadyaning
papêrangan, Putri Cêmpa wis diaturi ngungsi mênyang Bonang, wadya Majapahit
sing wis têluk banjur padha dikon Islam.
Sunan Bonang mirêngake ature Sang
Prabu Jimbun, gumujêng karo manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo
panawange.
Sang Prabu matur, yen kondure uga
mampir ing Ngampeldênta, sowan ingkang eyang Nyai Agêng Ngampel, ngaturake yen
mêntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, nanging ana ing
Ngampel malah didukani sarta diuman-uman, ênggone ora ngrêti marang kabêcikane
Sang Prabu Brawijaya, nanging sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama,
apa sapangandikane Nyai Agêng Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Bonang.
Sunan Bonang sawise mirêngake ature
Sang Nata ing batos iya kêduwung, rumaos lupute, dene ora ngelingi marang
kabêcikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa kang mangkono mau banjur dislamur
ing pangandika, samudanane nyalahake Sang Prabu Brawijaya lan Patih, ênggone
ora karsa salin agama Islam.
Sunan Bonang banjur ngandika, yen
dhawuhe Nyai Agêng Ngampel ora pêrlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku
mêsthi kurang sampurna, luwih bêcik ênggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen
Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai Ngampeldênta, Sunan Bonang arêp kondur mênyang
‘Arab, wusana Prabu Jimbun banjur matur marang Sunan Bonang, yen ora nglakoni
dhawuhe Nyai Ngampel, mêsthine bakal oleh sabda kang ora bêcik, mula iya wêdi.
Sunan Bonang paring dhawuh marang
Sang Prabu, yen ingkang rama mêksa kondur mênyang Majapahit, Sang Prabu
didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane, dene yen arêp ngaturi
jumênêng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga mêsthi bakal ngribêdi
lakune wong kang padha arêp salin agama Islam, supaya dijumênêngake ana seje
nagara ing sajabaning tanah Jawa.
Sunan Giri banjur nyambungi
pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora ngrusakake bala, Sang Prabu
Brawijaya sarta putrane bêcik ditênung bae, awit yen mateni wong kapir ora ana
dosane.
Sunan Bonang sarta Prabu Jimbun wis
nayogyani panêmune Sunan Giri kang mangkono mau.
Gênti kang cinarita, tindake Sunan
kalijaga ênggone ngupaya Sang Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro
lakune kêlunta-lunta, sabên desa diampiri, saka ênggone ngupaya warta. Lampahe
Sunan Kalijaga turut pasisir wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu
Brawijaya.
Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis
têkan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah banjur kendêl ana sapinggiring
beji. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, dene sing marak ana
ngarsane mung kêkasih loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau
tansah gêguyon, lan padha mikir kahaning lêlakon kang mêntas dilakoni, ora
antara suwe kêsaru sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngabêkti sumungkêm padane
Sang Prabu.
Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan
Kalijaga: “Sahid! kowe têka ana apa? Apa prêlune nututi aku?”
Sunan Kalijaga matur: “Sowan kula
punika kautus putra paduka, madosi panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing
pundi-pundi, sêmbah sungkêmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama
sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngrêbat kaprabon paduka Nata, awit
saking kalimputing manah mudha punggung, botên sumêrêp tata krami, sangêt
kapenginipun mêngku praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke
putra paduka rumaos ing kalêpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang
anyêngkakakên saking ngandhap aparing darajat Adipati ing Dêmak, tangeh malêsa
ing sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panjênêngan paduka
linggar saking praja botên kantênan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen
mêsthi manggih dêdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjênêngan
paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit,
têtêpa kados ingkang wau-wau, mêngku wadya sineba para punggawa, aweta dados
jêjimat pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan
sinuwunan idi wilujêngipun wontên ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka
pasrah kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakên pêjah gêsang, yen kaparêng
saking karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalêpatanipun,
lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing Dêmak, têtêpa kados ingkang
sampun. Dene yen panjênêngan paduka botên karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan
kadhaton wontên ing rêdi, ing pundi sasênênging panggalih paduka, ing rêdi
ingkang karsakakên badhe dipundhêpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar
paduka, nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila
têrusing panggalih”.
Sang Prabu Brawijaya ngandika:
“Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis
kapok rêmbugan karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh,
mula blero pandulune, mawas ing ngarêp nanging jêbul anjênggung ing buri,
rêmbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut pasir kinapyukake ing mata,
murih picêka mataku siji. Sakawit ingsun bêciki, walêse kaya kênyung buntut,
apa ta salah-ingsun, têka rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning
manusa, mukul pêrang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu
tataning manusa kang utama”.
Sunan Kalijaga barêng ngrungu
pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane ênggone melu mbêdhah karaton
Majapahit, ing batin bangêt panalangsane, dene kadudon kang wis kêbanjur, mula
banjur ngrêrêpa, ature: “Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa dhatêng
putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang pucuking rema, kapêtêk wontên
ing êmbun, mandar amêwahana cahya nurbuwat ingkang wêning, rahayunipun para
putra wayah sadaya. Sarehning sampun kalêpatan, punapa malih ingkang sinuwun
malih, kajawi namung pangapuntên paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhatêng
pundi?”
Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Saiki
karsaningsun arsa tindak mênyang Bali, kêtêmu karo yayi Prabu Dewa agung ing
Kêlungkung, arsa ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang
tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa,
samêkta sakapraboning pêrang, lan Adipati Palembang sun-wehi wêruh, yen anake
karo pisan satêkane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wêruh ing
dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sun-jaluk lilane anake arêp ingsun pateni,
sabab murtat wani ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan
marang Hongte ing Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun mêtu lanang siji,
ananging ora wêruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane,
yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samêkta
sakapraboning pêrang, njujuga nagari Bali. Yen wis samêkta sawadya prajurit,
sarta padha eling marang lêlabêtan kabêcikaningsun, lan duwe wêlas marang wong
wungkuk kaki-kaki, yêkti padha têka ing Bali sagêgamaning pêrang, sun-jak
marang tanah Jawa angrêbut kapraboningsun, iya sanadyan pêrang gêdhe gêgêmpuran
amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane
wong agung.”
Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang
Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung dhêlêg-dhêlêg, ngandika sajroning
ati: “Tan cidra karo dhawuhe Nyai Agêng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih
mbrêgagah nggagahi nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit kisut gêgêr
wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali, ora wurung bakal ana pêrang
gêdhe tur wadya ing Dêmak masa mênanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu
pindho bapa, kaping têlune kang mbêciki, wis mêsthi bae wong Jawa kang durung
Islam yêkti asih marang Ratu tuwa, angantêp tangkêping jurit, mêsthi asor wong
Islam tumpês ing pêpêrangan.”
Wusana Sunan Kalijaga matur alon:
“Dhuh pukulun Jêng Sang Prabu! saupami paduka lajêngna rawuh ing bali, nimbali
para Raja, saestu badhe pêrang gêgêmpuran, punapa botên ngeman risakipun nagari
Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang badhe nêmahi kasoran, panjênêngan
paduka jumênêng Nata botên lami lajêng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes
darah paduka Nata, saupami kados dene sêgawon rêbatan bathang, ingkang kêrah
tulus kêrah têtumpêsan sami pêjah sadaya daging lan manah kathêda ing sêgawon
sanesipun”.
Sang prabu Brawijaya ngandika:
“Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki
Ratu Binathara, nêtêpi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang
bênêr paningalku, kang miturut adat pranatane para lêluhur. Saupama si Patah
ngrasa duwe bapa ingsun, kêpengin dadi Ratu, disuwun krananing bêcik, karaton
ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana bêcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warêg
jumênêng Ratu, nrima dadi pandhita, pitêkur ana ing gunung. Balik samêngko si
Patah siya mring sun, mêsthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni,
luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri.”
Sunan Kalijaga barêng mirêng
pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungkêmi
pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa
nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni bae,
amarga lingsêm manawa mêruhi lêlakon kang saru.
Sang Prabu nguningani patrape Sunan
kalijaga kang mangkono mau, panggalihe kanggêg, mula nganti suwe ora ngandika
tansah têbah jaja karo nênggak waspa, sêrêt pangandikane: “Sahid! linggiha
dhisik, tak-pikire sing bêcik, tak-timbange aturmu, bênêr lan lupute, têmên lan
gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama
aku kondur marang Majapahit, si Patah seba mênyang aku, gêthinge ora bisa mari,
amarga duwe bapa Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dicêkêl
dibiri, dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore diprêdi sêmbahyang, yen ora
ngrêti banjur diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing.”
Sang Prabu mbanjurake pangandikane
marang Sunan Kalijaga: “Mara pikirên, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis
tuwa, nyêkrukuk, kok dikum ing banyu”.
Sunan Kalijaga gumujêng karo matur:
“Mokal manawi makatên, benjing kula ingkang tanggêl, botên-botênipun manawi
putra paduka badhe siya-siya dhatêng panjênêngan paduka, dene bab agami namung
kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami manawi panjênêngan paduka karsa
gantos sarak rasul, lajêng nyêbut asmaning Allah, manawi botên karsa punika
botên dados punapa, tiyang namung bab agami, pikêkahipun tiyang Islam punika
sahadat, sanadyan salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangrêtos sahadat
punika inggih têtêp nama kapir”.
Sang Prabu ngandika: “Sahadat iku
kaya apa, aku kok durung ngrêti, coba ucapna tak-rungokne”.
Sunan kalijaga banjur ngucapake
sahadat: ashadu ala ilaha ila’llah, wa ashadu anna Mukhammadar-Rasulu’llah,
têgêsipun: Ingsung anêkseni, ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan
anêkseni, Kangjêng Nabi Mukhammad iku utusane Allah”.
Ature Sunan Kalijaga marang Sang
Prabu: “Tiyang nêmbah dhatêng arah kemawon, botên sumêrêp wujud têgêsipun,
punika têtêp kapiripun, lan malih sintên tiyang ingkang nêmbah puji ingkang
sipat wujud warni, punika nêmbah brahala namanipun, mila tiyang punika prêlu
mangrêtos dhatêng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika kêdah sumêrêp
dhatêng ingkang dipunucapakên, dene têgêsipun Nabi Mukhammad Rasula’llah:
Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa
sakalir, muji badanipun piyambak, botên muji Mukhammad ing ‘Arab, raganipun
manusa punika wêwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul
rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah swarga, lu’llah,
luluh dados êndhut, kasêbut Rasulu’llah punika rasa ala ganda salah, riningkês
dados satunggal Mukhammad Rasula’llah, kang dhingin wêruh badan, kaping kalih
wêruh ing têdhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan têdhi dados nyêbut
Mukhammad rasulu’llah, mila sêmbahyang mungêl “uzali” punika têgêsipun
nyumêrêpi asalipun. Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi,
rohipun Mukhammad Rasul, têgêsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, mêdal
saking badan kang mênga, lantaran ashadualla, manawi botên mêngrêtos têgêsipun
sahadat, botên sumêrêp rukun Islam, botên mangrêtos purwaning dumados”.
Sunan kalijaga ature akeh-akeh,
nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam, sawise banjur mundhut paras
marang Sunan Kalijaga nanging remane ora têdhas digunting, mulane Sunan
Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair batos, amarga yen mung
lair bae, remane ora têdhas digunting. Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair
batos, mulane kêna diparasi.
Sang Prabu sawise paras banjur
ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong: “Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit
dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk agama Islam, banjur nyêbut asmaning
Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak salin agama Rasul
tinggal agama Buddha”.
Sabdapalon ature sêndhu: “Kula niki
Ratu Dhang Hyang sing rumêksa tanah Jawa. Sintên ingkang jumênêng Nata, dados
momongan kula. Wiwit saking lêluhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa,
Sakutrêm lan Bambang Sakri, run-tumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong
pikukuh lajêr Jawi, kula manawi tilêm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilêm
tamtu wontên pêpêrangan sadherek mêngsah sami sadherek, ingkang nakal sami
nêdha jalma, sami nêdha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun
2000 langkung 3 taun, momong lajêr Jawi, botên wontên ingkang ewah agamanipun,
nêtêpi wiwit sapisan ngestokakên agami Buddha. Sawêg paduka ingkang karsa nilar
pikukuh luhur Jawi. Jawi têgêsipun ngrêti, têka narimah nama Jawan, rêmên manut
nunut-nunut, pamrihipun damêl kapiran muksa paduka mbenjing.”
Sabdane Wiku tama sinauran
gêtêr-patêr.
Sang Prabu Brawijaya sinêmonan dening
Jawata, ênggone karsa mlêbêt agama Rasul, iya iku rêrupan kahanan ing dunya
ditambahi warna têlu :
1.
aran sukêt Jawan,
2.
pari Randanunut, lan
3.
pari Mriyi.
Sang Prabu andangu maneh: “Kapriye
kang padha dadi kêkêncênganmu, apa gêlêm apa ora ninggal agama Buddha, salin
agama Rasul, nyêbut Nabi Mukhammad Rasula’llah panutaning para Nabi, lan nyêbut
asmaning Allah Kang Sajati?”
Sabdapalon ature sêndhu: “Paduka
mlêbêt piyambak, kula botên têgêl ningali watak siya, kados tiyang ‘Arab. Siya
punika têgêsipun ngukum, tur siya dhatêng raga, manawi kula santun agami,
saestu damêl kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani mulya
punika rak tiyang ‘Arab sarta tiyang Islam sadaya, anggenipun ngalêm badanipun
piyambak. Manawi kula, mastani botên urus, ngalêm saening tangga, ngapêsakên
badanipun piyambak, kula rêmên agami lami, nyêbut Dewa Ingkang Linangkung.
Jagad punika raganipun Dewa ingkang
asipat budi lan hawa, sampun dados wajibipun manusa punika manut dhatêng eling
budi karêpan, dados botên ngapirani, manawi nyêbut Nabi Mukhammad Rasulu’llah,
têgêse Mukhammad niku makaman kubur, kubure rasa kang salah, namung mangeran
rasa wadhag wadhahing êndhut, namung tansah nêdha eca, botên ngengêti
bilahinipun ing wingking, mila nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir,
roh idlafi têgêsipun lapisan, manawi sampun risak wangsul dhatêng asalipun
malih. Wangsul Prabu Brawijaya lajêng manggen wontên pundi. Adam punika muntêl
kaliyan Hyang Brahim, têgêsipun kêbrahen nalika gêsangipun, botên manggih raos
ingkang saestu, nanging tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun,
makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan raos. Manawi
dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka sipate tiyang wujud dados,
punika dadosipun piyambak, lantaranipun ngabên awon, bapa biyung botên damêl,
mila dipunwastani anak, wontênipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar,
saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak,
risak-risakipun piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa,
namung kantun rumaos lan pangraos ingkang paduka-bêkta dhatêng pundi kemawon,
manawi dados dhêmit ingkang têngga siti, makatên punika ingkang nistha, namung
prêlu nênggani daging bacin ingkang sampun luluh dados siti, makatên wau têtêp
botên wontên prêlunipun. Ingkang makatên punika amargi namung saking kirang budi
kawruhipun, kala gêsangipun dereng nêdha woh wit kawruh lan woh wit budi,
nrimah pêjah dados setan, nêdha siti ngajêng-ajêng tiyang ngirim sajen tuwin
slamêtanipun, ing têmbe tilar mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatêng anak
putunipun ingkang kantun. Tiyang pêjah botên kêbawah pranataning Ratu ing lair,
sampun mêsthi sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni
kamulyan, nanging manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi
paduka-jawab atur-kula punika”.
Sang Prabu ngandika: “Mulih marang
asale, asal Nur bali marang Nur”.
Sabdapalon matur maneh: “Inggih
punika kawruhipun tiyang bingung gêsangipun rugi, botên gadhah kawruh
kaengêtan, dereng nêdha woh kawruh lan budi, asal siji mantuk satunggal, punika
sanes pêjah ingkang utami, dene pêjah ingkang utami punika sewu satus têlung
puluh. Têgêsipun satus punika putus, têlu punika tilas, puluh punika pulih,
wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang risak namung ingkang asal saking
roh idlafi. Uripipun langgêng namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika
sahadat ingkang botên mawi ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup mêsthi
saking pundi asalipun wiwit dados jalmi. Surup têgêsipun: sumurup purwa madya
wasananipun, nêtêpana namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prênahipun
mlêbêt mbêkta sir cipta lami”.
Sang Prabu ngandika: “Ciptaku nempel
wong kang luwih”. Sabdapalon matur: “Punika tiyang kêsasar, kados dene
kêmladeyan tumemplek wit-witan agêng, botên bawa piyambak, kamuktenipun namung
nêmpil. Punika botên pêjah utami, pêjahipun tiyang nistha, rêmênipun namung
nempel, nunut-nunut, botên bawa piyambak, manawi dipuntundhung, lajêng
klambrangan, dados brêkasakan, lajêng nempel dhatêng sanesipun malih”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Asal
suwung aku bali, mênyang suwung, nalika aku durung maujud iya durung ana
apa-apa, dadi patiku iya mangkono”.
Sabdapalon: “Punika pêjahipun tiyang
kalap nglawong, botên iman ‘ilmi, nalika gêsangipun kados kewan, namung nêdha
ngombe lan tilêm, makatên punika namung sagêd lêma sugih daging, dados nama
sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical gêsangipun salêbêtipun pêjah”.
Sang Prabu: “Aku nunggoni makaman
kubur, yen wis luluh dadi lêbu”.
Sabdapalon: “Inggih punika pêjahipun
tiyang cubluk, dados setan kuburan, nênggani daging wontên kuburan, daging
ingkang sampun luluh dados siti, botên mangrêtos santun roh hidlafi enggal.
Inggih punika tiyang bodho mangrêtosa. Nun!”
Sang Prabu ngandika: “Aku arêp muksa
saragaku”.
Sabdapalon gumuyu: “Yen tiyang agami
Rasul têrang botên sagêd muksa, botên kuwawi ngringkês nguntal raganipun, lêma
kakathahên daging. Tiyang pêjah muksa punika cêlaka, amargi nami pêjah, nanging
botên tilar jisim, namanipun botên sahadat, botên pêjah, botên gêsang, botên
sagêd dados roh idlafi enggal, namung dados gunungan dhêmit”.
Pangandikane Sang Prabu: “Aku ora
duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa”.
Sabdapalon: “Paduka nilar sipat,
botên ngrumaosi yen tinitah linangkung, nilar wajibing manusa, manusa
dipunwênangakên nampik milih, manawi sampun narimah dados sela, sampun botên
prêlu pados ‘ilmi kamulyaning seda”.
Sang Prabu: “Ciptaku arêp mulih
mênyang akhirat, munggah swarga seba Kang maha Kuwasa”.
Sabdapalon matur: “Akhirat, swarga,
sampun paduka-bêkta ngaler ngidul, jagadipun manusa punika sampun mêngku ‘alam
sahir kabir, nalika tapêl Adam, sampun pêpak: akhirat, swarga, naraka ‘arasy
kursi. Paduka badhe tindak dhatêng akhirat pundi, mangke manawi kêsasar lo,
mangka ênggene akhirat punika têgêse mlarat, saênggen- ênggen wontên akhirat,
manawi kenging kula-singkiri, sampun ngantos kula mantuk dhatêng kamlaratan
sarta minggah dhatêng akhirat adil nagari, manawi lêpat jawabipun tamtu
dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut damêl awrat tur botên tampa arta.
Klêbêt akhirat nusa Srênggi, nusa têgêsipun manusa, Srêng têgêsipun padamêlan
ingkang awrat sangêt. Ênggi têgêsipun gawe. Dados têgêsipun jalma pinêksa
nyambut damêl dhatêng Ratu Nusa Srênggi namanipun, punapa botên cilaka, tiyang
gêsang wontên ing dunya kados makatên wau, sakulawargane mung nadhah bêras
sapithi, tanpa ulam, sambêl, jangan punika akhirat ingkang katingal tata lair,
manawi akhiratipun tiyang pêjah malah langkung saking punika, paduka sampun
ngantos kondur dhatêng akhirat, sampun ngantos minggah dhatêng swarga, mindhak kêsasar,
kathah rajakaya ingkang wontên ing ngriku, sadaya sami trima tilêm kêmul siti,
gêsangipun nyambut damêl kanthi paksan, botên salah dipunpragat, paduka sampun
ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah punika botên kantha botên warna,
wujudipun amung asma, nglimputi wontên ing dunya tuwin ing akhirat, paduka
dereng têpang, têpangipun amung têpang kados cahyanipun lintang lan rêmbulan,
kapanggihe cahya murub dados satunggal, botên pisah botên kumpul, têbihipun
botên mawi wangênan, cêlak botên panggihan, kula botên kuwawi cêlak, punapa
malih paduka, Kangjêng Nabi Musa toh botên kuwawi mandêng dhatêng Gusti Allah,
mila Allah botên katingal, namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud,
paduka wiji rohani, sanes bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking
nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun sêpuh, nyuwun
ingkang enggal, dados botên wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pêjah gêsang,
ingkang gêsang napasipun taksih lumampah, têgêsipun urip, ingkang têtêp
langgêng, botên ewah botên gingsir, ingkang pêjah namung raganipun, botên
ngraosakên kanikmatan, pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun
sampun sêpuh, suksmanipun mêdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang
sampun sêpuh, nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa
punika langgêng, botên ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga
wadhag ingkang asal roh idlafi.
Prabu Brawijaya botên anem botên
sêpuh, nanging langgêng manggen wontên satêngahipun jagadipun, lumampah botên
ebah saking panggenanipun, wontên salêbêting guwa sir cipta kang êning. Gawanên
gêgawanmu, ngGêgawa nêdha raga. Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul,
plêsatipun wêtaha. Ningali jantung kêtêg kiwa: surut marga sire cipta,
jujugipun ingkang cêtha cêthik cêthak. Punika pungkasanipun kawruh, kawruhipun
tiyang Buddha. Lêbêtipun roh saking cêthak marginipun, kendêl malih wontên
cêthik, mêdal wontên kalamwadi, kentir sagara rahmat lajêng lumêbêt ing guwa
indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wontên ing
ngriku ki budi jasa kadhaton baitu’llah ingkang mulya, dadosipun saking sabda
kun, dados wontên têngahing jagad swarganing tiyang sêpuh estri, mila jalma
keblatipun wontên têngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta
namanipun, dipunbêkta dhatêng pundi- pundi botên ewah, umuripun sampun
dipunpasthekakên, botên sagêd ewah gingsir, sampun dipunsêrat wontên
lokhil-makful, bêgja cilakanipun gumantung wontên ing budi nalar lan
kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi
kirang bêgjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul
ler : têgêsipun wetan : wiwitan manusa maujud; têgêsipun kulon : bapa kêlonan;
têgêsipun kidul : estri didudul wêtênge ing têngah; têgêsipun lor : laire
jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, sênteg sapisan tênunan sampun nigasi.
Têgêsipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madhêp dhatêng wujud; jumbuh punika
têgêsipun pêpak, sarwa wontên, mêngku alam sahir kabir, tanggalipun manusa,
lairipun saking tiyang sêpuhipun estri, sarêng tanggalipun kaliyan sadherekipun
kakang mbarêp adhi ragil, kakang mbarêp punika kawah, adhi punika ari-ari,
sadherek ingkang sarêng tanggal gaibipun, rumêksa gêsangipun elingipun
panjanmaning surya, lênggah rupa cahya, kontêning eling sadayanipun, siyang
dalu sampun sumêlang dhatêng sadaya rêrupen, ingkang engêt sadayanipun, surup
lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan benjing, punika
kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika dipunibaratakên baita,
dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontên ing baita wau, ingkang
nêdahakên pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah pandomipun, tamtu
manggih cilaka, baita pêcah, tiyangipun rêbah. Pramila kêdah ingkang mapan,
mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi botên mapan gêsangipun, pêjah malih
sagêda mapan, nêtêpi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih pisah
kaliyan tiyangipun; têgêsipun suksma ugi pisah kaliyan budi, punika namanipun
sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah têgêsipun pisah, dat punika
Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma, budinipun lajêng santun
baitu’llah, napas tali, muji dhatêng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi,
mrêtitis ingkang botên-botên, yen tunggal, kabêsaran, tanggalipun botên surup
salaminipun, punika kêdah ingkang waspada, ngengêtana dhatêng asaling kawula,
kawula ugi wajib utawi wênang matur dhatêng Gusti, nyuwun baitu’llah ingkang
enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa punika namanipun baitu’llah,
inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun
tiyang Jawi sagêd mapan santun baitu’llah malih ingkang sae, baitanipun tiyang
Islam gêsangipun kantun pangrasa, praunipun sampun rêmuk, manawi suksma punika
pêjah ing ‘alam dunya suwung, botên wontên tiyang, manawi tiyang punika têrus
gêsang, ing dunya kêbak manusa, lampahipun saking ênem urut sêpuh, ngantos roh
lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, pêjahipun
manjalma dados kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sagêd manjalma dados
tiyang (kajêngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing
panggawene piyambak-piyambak). Nalika panjênênganipun Bathara Wisnu jumênêng
Nata wontên ing Mêndhang Kasapta, sato wana tuwin lêlêmbut dipuncipta dados
manusa, dados wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara
iyasa kadhaton wontên ing Gajahoya, sato wana tuwin lêlêmbut inggih dipuncipta
dados tiyang, pramila gandanipun tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda,
gandanipun kadosdene nalika taksih dados sato kewan. Sêrat tapak Hyang, ingkang
dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun, ingkang
dipunwastani jithok têgêsipun namung puji thok. Dewa ingkang damêl cahya murub
nyrambahi badan, têgêsipun incêngên aneng cêngêlmu. Jiling punika puji eling marang
Gusti. Punuk têgêsipun panakna. Timbangan têgêsipun salang. Pundhak punika
panduk, urip wontên ing ‘alam dunya pados kawruh kaliyan woh kuldi, manawi
angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih daging, yen angsal woh kawruh kathah,
kenging kangge sangu gêsang, gêsang langgêng ingkang botên sagêd pêjah. Têpak
têgêsipun têpa-tapanira. Walikat: walikane gêsang. Ula-ula: ulatana, lalarên
gêgêrmu sing nggligir. Sungsum têgêsipun sungsungên. Lambung: waktu Dewa
nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali eling urip mati. Lêmpeng kiwa
têngên têgêsipun tekadmu sing lêmpêng lair batin, purwa bênêr lawan luput,
bêcik lawan ala. Mata têgêsipun tingalana batin siji, sing bênêr keblatira,
keblat lor bênêr siji. Têngên têgêsipun têngênên ingkang têrang, wontên ing dunya
amung sadarmi ngangge raga, botên damêl botên tumbas. Kiwa têgêsipun: raga iki
isi hawa kêkajêngan, botên wênang ngêkahi pêjah. Makatên punika ungêling sêrat.
Manawi paduka maibên, sintên ingkang damêl raga? Sintên ingkang paring nama?
inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maibên, paduka têtêp kapir, kapiran
seda paduka, botên pitados dhatêng sêratipun Gusti, sarta murtat dhatêng
lêluhur Jawi sadaya, nempel tosan, kajêng sela, dados dhêmit têngga siti,
manawi paduka botên sagêd maos sastra ingkang wontên ing badanipun manusa,
saseda paduka manjalma dhatêng kuwuk, dene manawi sagêd sagêd maos sastra
ingkang wontên ing raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasêbut ing
sêrat Anbiya, Kanjêng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pêjah wontên ing kubur,
lajêng tangi malih, gêsangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam enggal.
Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajêng Islam sadaya.
Manawi kula, wadhag alus-kula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun jumbuh
dados satunggal, inggih nglêbêt inggih jawi, dados kantun sasêdya-kula kemawon,
ngadam utawi wujud sagêd sami sanalika, manawi kula kêpengin badhe wujud,
inggih punika wujud-kula, sêdya ngadam, inggih sagêd ical sami sanalika, yen
sêdya maujud sagêd katingal sanalika. Raga-kawula punika sipating Dewa,
badan-kawula sakojur gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi
wujudipun Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun
botên katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, botên ênem botên
sêpuh, botên pêjah botên gêsang, gêsangipun nglimputi salêbêting pêjahipun,
dene pêjahipun nglimputi salêbêting gêsangipun, langgêng salaminipun”.
Sang Prabu ndangu: “Ana ing ngêndi
Pangeran Kang Sajati?”
Sabdapalon matur: “Botên têbih botên
cêlak, paduka wayangipun wujud sipating suksma, dipunanggêp sarira tunggal,
budi hawa badan, tiga-tiga punika tumindakipun; botên pisah, nanging inggih
botên kumpul. Paduka punika sampun Ratu linuhung tamtu botên badhe kêkilapan
dhatêng atur-kula punika”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Apa kowe
ora manut agama?”
Sabdapalon ature sêndhu: “Manut agami
lami, dhatêng agami enggal botên manut! Kenging punapa paduka gantos agami têka
botên nantun kula, paduka punapa kêkilapan dhatêng nama kula Sabdapalon? Sabda
têgêsipun pamuwus, Palon: pikukuh kandhang. Naya têgêsipun ulat, Genggong:
langgêng botên ewah. Dados wicantên-kula punika, kenging kangge pikêkah ulat
pasêmoning tanah Jawi, langgêng salaminipun.”
Sang Prabu ngandika: “Kapriye iki,
aku wis kêbacut mlêbu agama Islam, wis disêkseni Sahid, aku ora kêna bali agama
Buddha maneh, aku wirang yen digêguyu bumi langit.”
Sabdapalon matur maneh: “Inggih
sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula botên tumut-tumut.” Sunan Kalijaga
banjur matur marang Sang Prabu, kang surasane ora prêlu manggalih kang
akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya bangêt, sarta matur yen arêp nyipta
banyu kang ana ing beji, prêlu kanggo tandha yêkti, kapriye mungguh ing
gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantêp
marang agama Rasul, nanging yen gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang
Prabu isih panggalih Buddha. Sunan Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu
sêndhang banjur dadi wangi gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang
Prabu, kaya kang wis kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mantêp marang agama
Rasul, amarga banyu sêndhang gandane wangi.
Ature Sabdapalon marang Sang Prabu:
Punika kasêkten punapa? kasêktening uyuh kula wingi sontên, dipunpamerakên
dhatêng kula. Manawi kula timbangana nama kapilare, mêngsah uyuh-kula piyambak,
ingkang kula rêbat punika? Paduka sampun kêlajêng kêlorob, karsa dados jawan,
irib-iriban, rêmên manut nunut-nunut, tanpa guna kula êmong, kula wirang
dhatêng bumi langit, wirang momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan
ingkang mripat satunggal, botên rêmên momong paduka. Manawi kula sumêdya
ngêdalakên kaprawiran, toya kula-êntut sêpisan kemawon, sampun dados wangi.
Manawi paduka botên pitados, kang kasêbut ing pikêkah Jawi, nama Manik Maya,
punika kula, ingkang jasa kawah wedang sanginggiling rêdi rêdi Mahmeru punika
sadaya kula, adi Guru namung ngideni kemawon, ing wêkdal samantên tanah Jawi
sitinipun gonjang-ganjing, saking agênging latu ingkang wontên ing ngandhap
siti, rêdi-rêdi sami kula êntuti, pucakipun lajêng anjêmblong, latunipun kathah
ingkang mêdal, mila tanah Jawi lajêng botên goyang, mila rêdi-rêdi ingkang
inggil pucakipun, sami mêdal latunipun sarta lajêng wontên kawahipun, isi
wedang lan toya tawa, punika inggih kula ingkang damêl, sadaya wau atas
karsanipun Latawalhujwa, ingkang damêl bumi lan langit. Punapa cacadipun agami
Buddha, tiyang sagêd matur piyambak dhatêng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yêktos,
manawi sampun santun agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apês,
Jawi kantun jawan, Jawinipun ical, rêmên nunut bangsa sanes. Benjing tamtu
dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangrêti.
Cobi paduka-yêktosi, benjing: sasi
murub botên tanggal, wiji bungkêr botên thukul, dipuntampik dening Dewa,
tinanêma thukul mriyi, namung kangge têdha pêksi, mriyi punika pantun kados
kêtos, amargi paduka ingkang lêpat, rêmên nêmbah sela. Paduka-yêktosi, benjing
tanah Jawa ewah hawanipun, wêwah bênter awis jawah, suda asilipun siti, kathah
tiyang rêmên dora, kêndêl tindak nistha tuwin rêmên supata, jawah salah masa,
damêl bingungipun kanca tani. Wiwit dintên punika jawahipun sampun suda, amargi
kukuminipun manusa anggenipun sami gantos agami. Benjing yen sampun mrêtobat,
sami engêt dhatêng agami Buddha malih, lan sami purun nêdha woh kawruh, Dewa lajêng
paring pangapura, sagêd wangsul kados jaman Buddha jawahipun”.
Sang Prabu mirêng ature Sabdapalon,
ing batos rumaos kaduwung bangêt dene ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha.
Nganti suwe ora ngandika, wasana banjur ngandika, amratelakake yen ênggone
mlêbêt agama Islam iku, amarga kêpencut ature putri Cêmpa, kang ngaturake yen
wong agama Islam iku, jarene besuk yen mati, antuk swarga kang ngungkuli
swargane wong kapir.
Sabdapalon matur, angaturake lêpiyan,
yen wiwit jaman kuna mula, yen wong lanang manut wong wadon, mêsthi nêmu
sangsara, amarga wong wadon iku utamane kanggo wadhah, ora wênang miwiti karêp,
Sabdapalon akeh-akeh ênggone nutuh marang Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Kok-tutuha iya
tanpa gawe, amarga barang wis kêbacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye
kang dadi kêkêncênganing tekadmu? Yen aku mono ênggonku mlêbu agama Islam, wis
disêkseni dening si Sahid, wis ora bisa bali mênyang Buddha mêneh”.
Sabdapalon matur yen arêp misah,
barêng didangu lungane mênyang ngêndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing
kono, mung nêtêpi jênênge Sêmar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan
padhang. Sang Prabu diaturi ngyêktosi, ing besuk yen ana wong Jawa ajênêng
tuwa, agêgaman kawruh, iya iku sing diêmong Sabdapalon, wong jawan arêp diwulang
wêruha marang bênêr luput.
Sang Prabu karsane arêp ngrangkul
Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong loro mau banjur musna. Sang Prabu
ngungun sarta nênggak waspa, wusana banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Ing
besuk nagara Blambangan salina jênêng nagara Banyuwangi, dadiya têngêr
Sabdapalon ênggone bali marang tanah Jawa anggawa momongane. Dene samêngko
Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang”. Sunan Kalijaga banjur didhawuhi
nêngêri banyu sêndhang, yen gandane mari wangi, besuk wong Jawa padha ninggal
agama Islam ganti agama Kawruh.
Sunan Kalijaga banjur jasa bumbung
loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine diiseni banyu sêndhang. Banyu
sêndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari wangi, wong tanah Jawa padha salin
agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu, banjur disumpêli godhong
pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.
Sang Prabu Brawijaya banjur tindak
didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate loro, tindake kawêngen ana ing dalan,
nyare ana ing Sumbêrwaru, esuke bumbunge dibukak, banyune diambu isih wangi,
nuli mbanjurake tindake, wayah surup srêngenge, wis têkan ing Panarukan. Sang
Prabu nyare ana ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbu diganda isih wangi,
Sang Prabu mbanjurake tindake.
Barêng wis wayah surup srêngenge,
têkan ing Bêsuki, Sang Prabu uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung
diganda mundhak wangine, Sang Prabu banjur nêrusake tindake nganti wayah surup
srêngenge, têkan ing Prabalingga, ana ing kono uga nyare sawêngi, esuke banyune
ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum,
nanging mung kari sathithik, amarga kêrêp diunjuk ana ing dalan, dene banyune
sêndhang barêng ditiliki gandane dadi bangêr, tumuli dibuwang. Sang Prabu
banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Prabalingga ing besuk jênênge loro,
Prabalingga karo Bangêrwarih 12 ing kene besuk dadi panggonan kanggo
pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh kapintêran lan kabatinan,
Prabalingga têgêse prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga”. Sang Prabu
mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis têkan ing Ampelgadhing. Nyai Agêng
Ampelgadhing tumuli mêthukake banjur ngabêkti marang Sang Prabu karo muwun,
sarta akeh-akeh sêsambate.
Sang Prabu banjur ngandika: “Wis aja
nangis êngger, mupusa yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu
mangkene. Aku lan kowe mung sadarma nglakoni, kabeh lêlakon wis ditulis aneng
lokhilmakful. Bêgja cilaka ora kêna disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu
kêpengin mênyang ilmu”.
Nyai Agêng Ampel banjur matur marang
Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasêbut
ing ngarêp. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli
utusan mênyang Dêmak nggawa layang, satêkane ing Dêmak, layang wis katur marang
Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan mênyang Ampel.
Kacarita putra Nata ing Majapahit,
kang aran Raden Bondhankajawan ing Tarub, mirêng pawarta yen nagara Majapahit
dibêdhah Adipati Dêmak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura, ora karuhan
mênyang ngêndi tindake, rumasa ora kapenak panggalihe, banjur tindak marang
Majapahit, tindake Raden Bondhankajawan namur kula, nungsung warta ing ngêndi
dununge ingkang rama, satêkane Surabaya, mirêng warta yen ingkang rama Sang
Prabu têdhak ing Ampel, nanging banjur gêrah, Raden Bondhankajawan nuli sowan
ngabêkti.
Sang Prabu ndangu: “Sing ngabêkti iki
sapa?”
Raden Bondhankajawan matur yen
panjênêngane kang ngabêkti.
Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang
putra, gêrahe Sang Prabu sangsaya mbatêk, ngrumaosi yen wis arêp kondur marang
jaman kalanggêngan, pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene: Sahid,
nyêdhaka mrene, aku wis arêp mulih marang jaman kalanggêngan, kowe gaweya
layang mênyang Pêngging lan Pranaraga, mêngko tak-wenehane tandha asta, wis
padha narima rusake Majalêngka, aja padha ngrêbut kapraboningsun, kabeh mau wis
karsane Kang Maha Suci, aja padha pêrang, mundhak gawe rudahing jagad, balik
padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa marang Dêmak, sapungkurku sing padha
rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane apêsa.”
Sunan Kalijaga banjur nyêrat, sawise
rampung banjur ditapak-astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang
Pêngging lan Pranaraga.
Sang Prabu banjur ngandika: “Sahid,
sapungkurku kowe sing bisa momong marang anak putuku, aku titip bocah iki,
saturun-turune êmongên, manawa ana bêgjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake
lajêre tanah Jawa, lan maneh wêkasku marang kowe, yen aku wis kondur marang
jaman kalanggêngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran, dene
pasareyaningsun bakal sun-paringi jênêng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare
ana ing kono yayi Raja Putri Cêmpa, lan maneh wêlingku, besuk anak-putuku aja
nganti entuk liya bangsa, aja gawe senapati pêrang wong kang seje bangsa.”
Sunan Kalijaga sawise dipangandikani
banjur matur: “Punapa Sang Prabu botên paring idi dhatêng ingkang putra Prabu
Jimbun jumênêngipun Nata wontên ing tanah Jawi?”
Sang Prabu ngandika: “Sun-paringi
idi, nanging mung mandhêg têlung turunan.”
Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh
têgêse araning bakal pasareyane Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Sastra têgêse
tulis, Wulan têgêse damaring jagad, tulise kuburku mung kaya gêbyaring wulan,
yen isih ana gêbyaring wulan, ing têmbe buri, wong Jawa padha wêruh yen sedaku
wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake Putri Cêmpa, amarga aku wis
diwadonake si Patah, sarta wis ora dianggêp priya, nganti kaya mangkene
siya-siyane marang aku, mulane ênggonku mangêni madêge Ratu mung têlung
turunan, amarga si Patah iku wiji têlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu
marang bapa sarta rusuh tindake, mula wêkasku, anak-putuku aja entuk seje
bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake
agamane, bisaa ngapêsake urip, mula aku paring piwêling aja gawe senapati pêrang
wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda,
banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku, tulisên.”
Sang Prabu sawise paring pangandika
mangkono, astane banjur sidhakêp, têrus seda, layone banjur disarekake ana ing
astana Sastrawulan ing Majapahit, katêlah nganti saprene kocape kang sumare ana
ing kono iku Sang Putri Cêmpa, dene mungguh satêmêne Putri Cêmpa iku sedane ana
ing Tuban, dununing pasareyan ana ing Karang Kumuning.
Barêng wis têlung dina saka sedane
Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta
kapanggih Nyai Agêng.
Nyai Agêng ngandika: “Wis bêgjane
Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngabêkti sarta
nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang
wis kêlakon”.
Prabu Jimbun ature marang Nyai Agêng,
iya mung mupus pêpêsthen, barang wis kêbacut iya mung kudu dilakoni.
Sultan Dêmak ana ing Ampel têlung
dina lagi kondur.
Kacarita Adipati Pêngging lan
Pranaraga, iya iku Adipati Andayaningrat ing Pêngging lan Bathara katong ing
Pranaraga, wis padha mirêng pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati
Dêmak, nanging ênggone mbêdhah sinamun sowan riyaya, dene ingkang rama Sang
Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja, ora karuhan jujuge ana ing
ngêndi, Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga bangêt dukane, mula banjur
dhawuh ngundhangi para wadya sumêdya nglurug pêrang marang Dêmak, labuh bapa
ngrêbut praja, para wadya-bala wis rumanti gêgamaning pêrang pupuh, mung kari budhale
bae, kasaru têkane utusane Sang Prabu maringake layang. Adipati Pêngging lan
Adipati Pranaraga sawise tampa layang lan diwaos, layang banjur disungkêmi
kanthi bangêt ing pamuwune lan bangêt anjêntung panggalihe, tansah
gedheg-gedheg lan gêrêng-gêrêng, wajane kêrot-kêrot, surya katon abang kaya
gêni, lan kawiyos pangandikane sêru, kang surasane nyupatani marang
panjênêngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak ndêdawa wirang.
Adipati sakarone padha puguh ora
karsa sowan marang Dêmak, amarga saka putêking panggalihe banjur padha gêrah,
ora antara lawas padha nêmahi seda, dene kaol kang gaib, sedane Adipati
Pêngging lan Adipati Pranaraga padha ditênung dening Sunan Giri, pamrihe supaya
aja ngribêdi ing têmbe buri. Mula carita bêdhahe Majapahit iku mung dicêkak,
ora satimbang karo gêdhene nagara sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka
wêwadining ratu, putra mungsuh bapa, yen dirasa satêmêne saru bangêt. Mula
carita bêdhahe Majapahit sinêmonan dening para pujangga wicaksana, mangkene
pasêmone:
Amarga saka kramate para Wali, kêrise
Sunan Giri ditarik mêtu tawone ngêntupi wong Majapahit.
Sunan Cirêbon badhonge mêtu tikuse
maewu-ewu, padha mangani sangu lan bêkakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga
wêruh akehing tikus.
Pêthi saka Palembang ana satêngahing
paprangan dibukak mêtu dhêmite, wong Majapahit padha kagegeran amarga ditêluh
ing dhêmit.
Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.
Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi
marang muride kang aran Darmagandhul, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:
Kabeh mau mung pasêmon, mungguh sanyatane, carita bêdhahing Majapahit iku kaya
kang tak-caritakake ing ngarêp. Nagara Majapahit iku rak dudu barang kang
gampang rusake, ewadene bisa rusak mung amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon
iku bubar amarga saka dipangan ing wong. Alas angkêr akeh dhêmite, bubaring
dhêmit yen alase dirusak dening wong, arêp ditanduri. Nanging yen Majapahit
rusake amarga saking tikus, tawon lan dhêmit, sapa kang ngandêl yen rusake
Majapahit amarga tikus, tawon lan dhêmit, iku pratandha yen wong mau ora
landhêp pikire, amarga carita kang mangkono mau kalêbu aneh lan ora mulih ing
nalar, ora cocog lair lan batine, mula mung kanggo pasêmon, yen dilugokake
jênênge ambukak wadine Majapahit, mula mung dipralambangi pasêmon kang orang
mulih karo nalare. Dene têgêse pasêmon mau mangkene:
Tikus iku watake ikras-ikris,
suwe-suwe yen diumbar banjur ngrêbda, têgêse: para ‘ulama dhek samana, nalika
lagi têkane nyuwun panguripan marang sang Prabu ing Majapahit, barêng wis
diparingi, piwalêse ngrusak. Tawon iku nggawa madu kang rasane manis, gêgamane
ana ing silit, dene panggonane ana ing gowok utawa tala, têgêse: maune têkane
nganggo têmbung manis, wusana ngêntup saka ing buri, dene tala têgêse mêntala
ngrusak Majapahit, sapa kang ngrungu padha gawok.
Dene dhêmit diwadhahi pêthi saka
Palembang, barêng dibukak muni jumêglug, têgêse: Palembang iku mlembang, iya
iku ganti agama, pêthi têgêse wadhah kang brukut kanggo madhahi barang kang
samar, dhêmit têgêse samar, rêmit, rungsid, dhêmit iku uga tukang nêluh.
Mungguh gênahe mangkene: bêdhahe nagara Majapahit sarana ditêluh kalayan
primpên lan samar, nalika arêp pambêdhahe ora ana rêmbag apa-apa, samudanane
mung sowan garêbêgan, dadi dikagetake, mula wong Majapahit ora sikêp gêgaman
pêrang, wêruh-wêruh Adipati Têrung wis ambantu Adipati Dêmak.
Kuna-kunane ora ana praja gêdhe kaya
Majapahit bêdhahe mung saka diêntup ing tawon sarta dikritiki ing tikus bae,
apa dene bubare wong sapraja mung saka ditêluh ing dhêmit.
Bêdhahe Majapahit swarane jumêgur,
kêprungu saka ing ngêndi-êndi nagara, yen bêdhahe saka binêdhah dening putra,
iya iku Wali wolu utawa Sunan wolu kang padha dimêmule wong Jawa, sangane
Adipati Dêmak, kabeh mau padha mbalela mbalik.
Banjure maneh pangandikane kiyai
Kalamwadi: Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi, sadurunge Majapahit bêdhah,
manuk kuntul iku durung ana kang nganggo kucir, barêng nagara wis ngalih marang
Dêmak, kahanan ing dunya nuli malih, banjur ana manuk kuntul nganggo kucir.
Prabu Brawijaya sinêmonan ing gaib:
kêbo kombang atine êntek dimangsa tuma kinjir, kêbo têgêse ratu sugih, kombang
têgêse mênêng swarane kang mbrêngêngêng, iya iku Prabu Brawijaya panggalihe
têlas nalika bêdhahe Majapahit, kajaba mung kendêl gêrêng-gêrêng bae, ora karsa
nglawan pêrang, dene tuma kijir iku tumane celeng, tuma têgêse tuman, celeng
iku iya aran andhapan, iya iku Raden Patah nalika têkane ana ing Majapahit
sumungkêm marang ingkang rama Sang Prabu, ing wêktu iku banjur diparingi
pangkat, têgêse oleh ati saka Sang Prabu, wusana banjur mukul pêrang ngrêbut nagara,
ora ngetung bênêr utawa luput, nganti ngêntekake panggalihe Sang Prabu.
Dene kuntul nganggo kucir iku
pasêmone Sultan Dêmak, ênggone nyêri-nyêri marang ingkang rama Sang Prabu,
dumeh agamane Buddha kawak kapir kupur, mulane Gusti Allah paring pasêmon,
githok kuntul kinuciran, têgêse: tolehên githokmu, ibumu Putri Cina, ora kêna
nyêri-nyêri marang wong seje bangsa, Sang Prabu Jimbun iku wiji têlu, purwane
Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun gêdhe panggalihe
melik jumênêng Nata, mulane melik ênggal sugih, amarga katarik saka ibune, dene
ênggone kêndêl nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arja Damar, amarga Arja
Damar iku ibune putri raksasa, sênêng yen ngokop gêtih, pambêkane siya, mula
ana kuntul nganggo kucir iku wis karsaning Allah, ora mung Sunan Dêmak dhewe
bae kang didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali liyane uga
didhawuhi ngrumasani, yen ora padha gêlêm ngrumasani kaluputane, dosane lair
batin, mula jênênge Wali ditêgêsi Walikan: dibêciki malês ngalani.
Dene anane bangsa Cina padha nênêka
ana ing tanah Jawa iku dêdongengane mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika
santri Jawa durung akeh kawruhe, sawise padha mati, suksmane akeh kang katut
angin banjur thukul ana ing tanah China, mula saiki banjur padha bali mulih
marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau, iku mau-maune iya akeh kang suksma
Jawa.
Darmagandhul matur: “kiyai! Kang
diarani agama Srani iku kang kaya apa?”
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake:
“Kang diarani agama Srani iku têgêse sranane ngabêkti: têmên-têmên ngabêkti
marang Pangeran, ora nganggo nêmbah brahala, mung nêmbah marang Allah, mula
sêbutane Gusti Kanjêng Nabi ‘Isa iku Putrane Allah, awit Allah kang mujudake,
mangkono kang kasêbut ing kitab Anbiya”.
Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi.
Sultan Dêmak waskitha ing gaib,
rumaos kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula banjur ngrumaosi kabeh kaluputane,
nuli sowan andêdagan ana ing pasareyane ingkang rama, barêng wis antara têlung
dina lawase, kaprênah pusêring kuburan tanpa sangkan thukul wit-witan warna
papat, siji warnane irêng sêmu abang dalah godhong sarta kêmbange, loro wit
sarta kêmbange putih godhonge sêdhêngan, têlu wit kang godhonge ngrêmbuyut
mubêng kaya payung, papat wit kang godhonge lêmbut sarta mawa êri, lan wêktu
iku sajroning pasareyane Sang Prabu kêprungu ana swara dumêling, mangkene
ujaring swara: “Êntek katrêsnanku marang anak. Den enak mangan turu. Ana gajah
digêtak kaya kucing, sanajan matiya ing tata-kalairane, nanging lah
eling-elingên ing besuk, yen wis agama kawruh, ing têmbe bakal tak-walês,
tak-ajar wêruh ing nalar bênêr lan luput, pranatane mêngku praja, mangan babi
kaya dhek jaman Majapahit.”
Sultan Dêmak mirêng swara dumêling
kang surasane mangkono iku, ing batos bangêt kaduwung marang apa kang wis
dilampahi, mula nganti suwe njêgrêg ora bisa ngandika, ngrumaosi klirune dene
nuruti rêmbuge para Sunan kabeh, nganti wani mungsuh ingkang rama sarta ngrusak
Majapahit. Iya wiwit titi masa iku anane wit-witan warna papat kang padha
thukul ana ing kuburan, dadi pasêmon kabeh, iya iku Tlasih, Sêmboja, Turugajah
lan Gêtakkucing. Mula nganti tumêka saprene wit Sêmboja panggonane ana ing
kuburan, kêmbang Tlasih kanggo ngirim para lêluhur, godonge Gêtakkucing yen
kasenggol banjur obah, godhonge uga banjur mingkup kaya dene godhong
Gêtakkucing.
Sawise mangkono, Sultan Dêmak banjur
kondur, sakondure saka pasareyane ingkang rama, bangêt panalangsane ing dalêm
batos, tansah ngrumaosi ing kalêpatane.
Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib
yen sinêmonan dening Kang Maha Kuwasa, mula uga bangêt panalangsane sarta
ngrumaosi kaluputane, mula banjur mangagêm sarwa wulung, beda karo para Wali
liyane isih padha manganggo sarwa putih. Kabeh mau ora padha ngrumasani
kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak rumaos yen kadukan dening Kang Maha
Kuwasa, mula bangêt mrêtobate, wasana banjur pinaringan pangapura dening Allah,
sinêmonan wiwit anane orong-orong githoke tumêka ing punuk disêsêli tataling
kayu jati, mungguh karêpe: punukmu panakna, sajatining ‘ilmu iku ora susah
maguru marang wong ‘Arab, ‘ilmuning Gusti Allah wis ana ing githokmu
dhewe-dhewe,wujude puji thok, nanging dudu puji jatining kawruh, kang ngawruhi
sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran, manusa bisa apa, mobah
mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake, sabda iku mêtu saka ing
karêp, karêp mêtu saka ing budi, budi iku Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis
samêkta, tanpa kurang tan wuwuh, tanpa luwih sarta ora arah ora ênggon.
Kiyai kalamwadi nutugake caritane:
“Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi mangkene: mungguh kang katarima, muji
marang Allah iku, iku sindhenan Dharudhêmble. Têmbung dhar iku têgêse wudhar,
ru iku têgêse ruwêt sulit lan rungsit, dene dhêmble têgêse dhêmbel dadi siji,
yen wis sumurup têpunge sarat sari’at tarekat hakekat lan ma’rifat, iku mau wis
muji tanpa ngucap, sarak iku sarate ngaurip, iya iku nampik milih iktiyar lan
manggaota, sari’at iku saringane kawruh agal alus, tarekat iku kang nimbang lan
nandhing bênêr lan luput, hakekat iku wujud, wujud karsaning Allah, kang
ngobahake sarta ngosikake rasane budi, wêruh ora kasamaran ing sawiji-wiji. Yen
kowe wis ngrêti marang têgêse Dharudhêmble, mêsthi wis marêm marang kawruhmu
dhewe. Mangan woh kawruh lan budi, sêmbahe kaya wêsi kang dilabuh ana ing gêni
ilang abange mung rupa siji, kang muji lan kang dipuji wis nunggal dadi sawiji,
dhêmble wujud siji. Yen kowe wis bisangawruhi surasane kang tak-kandhakake iki,
jênênge munajad. Saupama wong nulup manuk, yen ra wêruh prênahe manuke, masa
kênaa, ênggone nulup mung ngawur. Yen kawruhe wong pintêr ora angel yen
disawang, mêtune saka ing utêk”.
Darmagandhul matur, nyuwun
ditêrangake bab ênggone Nabi Adam lan Babu Kawa padha kêsiku dening Pangeran,
sabab saka ênggone padha dhahar wohe kayu Kawruh kang ditandur ana satêngahing
taman Pirdus. Ana maneh kitab kang nêrangake, kang didhahar Nabi Adam lan Babu
Kawa iku woh Kuldi, kang ditandur ana ing swarga. Mula nyuwun têrange, yen ing
kitab Jawa caritane kapriye, kang nyêbutake kok mung kitab ‘Arab lan kitabe
wong Srani.
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen
kitabe wong Jawa ora nyêbutake bab mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang
nyêbutake turun Adam, iya kitab Manik Maya.
Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake:
“Sawise buku-buku pathokan agama Buddha diobongi, amarga mundhak ngrêribêdi
agama Rasul, sanadyan buku kang padha disimpêni dening para wadya, iya
dipundhut banjur diobongi, nalika sabêdhahe Majapahit, sapa kang durung gêlêm
nganggo agama Islam banjur dijarah rajah, mula wong-wong ing kono padha wêdi
marang wisesaning Ratu. Dene wong-wong kang wis padha gêlêm salin agama Rasul,
banjur padha diganjar pangkat utawa bumi sarta ora padha nyangga pajêg, mulane
wong-wong ing Majapahit banjur padha ngrasuk agama Islam, amarga padha melik
ganjaran. Ing wêktu iku Sunan Kalijaga, kagungan panggalih, caritane lêluhure
supaya aja nganti pêdhot, banjur iyasa wayang, kanggo gantine kitab-kitab kuna
kang wis padha diobongi. Ratu Mataram uga mangun carita sajarahe para lêluhur
Jawa, buku-buku sakarine, kang isih padha disimpên uga padha dipundhut kabeh,
nanging wis padha amoh, Sang Nata ing Mataram andangu para wadya, nanging wis
padha ora mênangi, wiwit Kraton Gilingwêsi nganti tumêka Mataram wis ora
kasumurupan caritane, buku-buku asli saka ing Dêmak lan Pajang padha dipriksa,
nanging tinêmu tulisan ‘Arab, kitab Pêkih lan Taju-salatina apa dene Surya-Alam
kang kanggo pikukuh, mula Sang Prabu ing Mataram kewran panggalihe ênggone
kagungan karsa iyasa babad carita tanah Jawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang
para pujangga, andikakake padha gawe layang Babad Tanah Jawa, ananging sarehne
kang gawe Babad mau ora ngêmungake wong siji bae, mula ora bisa padha gaweyane,
kang diênggo pathokan layang Lokapala, mungguh caritane kaya kang kasêbut ing
ngisor iki”.
Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi
Sis, arane Sayid Anwar. Sayid Anwar didukani ingkang rama lan ingkang eyang,
amarga wani- wani mangan wohe wit kayu Budi sêngkêrane Pangeran kang tinandur
ana ing swarga. Ciptane Sayid Anwar supaya kuwasane bisa ngiribi kaya dene
kuwasane Pangeran, ora narima yen mung mangan who Kawruh lan woh Kuldi bae,
nanging wohe kayu Budi kang disuwun. Sayid Anwar miwiti yasa sarengat dhewe,
ora karsa ngagêm agamane ingkang rama lan ingkang eyang, dadi murtat sarta
nampik agamane lêluhure, mangkono uga karsa ngakoni yen turune Adam sarta Sis,
pangraose Sayid Anwar iku dadi saka dadine piyambak, mung waranane bae saka
Adam lan Sis, dadine saka budi hawaning Pangeran. Ênggone Kagungan pamanggih
mangkono mau diantêpi bangêt, jalaran mangkene: asal suwung mulih marang sêpi,
bali marang asale maneh. Sarehne Sayid Anwar banjur lunga nuruti karêping
atine, lakune mangetan nganti tumêka ing tanah Dewani, ana ing kono banjur
kêtêmu karo ratuning jin arane Prabu Nuradi, Sayid Anwar ditakoni iya banjur
ngandharake lêlakone kabeh, wusanane Sayid Anwar diêpek mantu sarta dipasrahi
kaprabon, ngratoni para jin, jêjuluk Prabu Nurcahya, wiwit jumênênge Prabu
Nurcahya, jênênge nagara banjur diêlih dadi aran nagara Jawa. Misuwure, kang
jumênêng Nata, Jawa jawi ngrêti kawruh agal alus. Sawise iku Sang Prabu banjur
nganggit sastra mung salikur aksara, saucaping wong Jawa bisa kaucap,
dijênêngake Sastra Endra Prawata. Têmbung Jawa, ditêgêsi: nguja hawa, karsane
Sang Prabu: bisaa rowa, saturun-turune bisaa jumênêng Nata mêngkoni tanah Jawa.
Sang Prabu putrane siji pêparab Sang Hyang Nurrasa, uga dhaup karo putri jin
putrane mung siji iya iku Sang Hyang Wênang. Sang Hyang Wênang uga dhaup karo
putri jin, dene putrane uga mung siji kakung pêparab Sang Hyang Tunggal, krama
oleh putri jin. Sang Hyang Tunggal pêputra Sang Hyang Guru, kabeh mau turune
Sang Hyang Nurcahya, kang padha didhahar woh wit kayu Budi. Sang Hyang Guru
kagungan pangraos yen kuwasane padha karo Gusti Allah, mula banjur iyasa
kadhaton ana pucaking Mahameru, sarta ngakoni yen purwaning dumadi mêtune asal
saka budi hawa nêpsu. Aran Dewa ngaku misesani mujudake sipat roh, agamane
Buddha budi, mangeran digdayane sarta ngaku Gusti Allah. Sêdya kang mangkono
mau iya diideni dening Kang Maha Kuwasa, sarta kalilan nimbangi jasane Kang
Maha Kuwasa. Dewa iku wêrdine ana loro têgêse: budi hawa, sarta: wadi dawa,
mulane agamane Buddha. Sêbutan Dewi: têgêse: dening wadining wadon iku bisa
ngêtokake êndhas bocah.
Darmagandhul didhawuhi nimbang
mungguh kang bênêr kang êndi, mangan woh wit kayu Kawruh, apa wit kayu Budi,
apa woh wit Kuldi?
Saka panimbange Darmagandhul, kabeh
iku iya bênêr, sênêngan salah siji êndi kang disênêngi, diantêpi salah siji aja
nganti luput. Yen kang dipangan woh wit kayu Budi, agamane Buddha budi,
panyêbute marang Dewa; manawa mangan woh wit kawruh, pênyêbute marang Kangjêng
Nabi ‘Isa, agamane srani, yen sênêng mangan woh wit kayu Kuldi, agamane Islam,
sambate marang nabi panutan; iya iku Gusti Kangjêng Nabi Rasul; dene yen dhêmên
Godhong Kawruh Godhong Budi, panêmbahe marang Pikkong, sarta manut sarake
Sisingbing lan Sicim; salah sijine aja nganti luput. Yen bisa woh-wohan warna
têlu iku mau iya dipangan kabeh, yen wong ora mangan salah sijine woh mau,
mêsthine banjur dadi wong bodho, uripe kaya watu ora duwe kêkarêpan lan ora
mangrêti marang ala bêcik. Dene mungguh bêcike wong urip iku mung kudu manut
marang apa alame bae, dadi ora aran siya-siya marang uripe, yen Kalifah dhahar
woh Budi, iya melu mangan woh Budi, yen Kalifah dhahar woh kawruh, iya melu
mangan who kawruh, yen kalifah dhahar woh Kuldi, iya melu mangan woh Kuldi.
Dene prakara bênêr utawa lupute, uki Kalifah kang bakal tanggung. Sarehne
diênut wong akeh, dadi Panutan kudu kang bênêr, amarga wong dadi Panutan iku
saupama têtuwuhan minangka wite. Yen wong ora gêlêm manut marang kang bênêre
kudu diênut, iku kaya dene iwak kang mêtu saka ing banyu. Saupama woh ora gêlêm
nempel wit, mêsthi dadi glundhungan kang tanpa dunung. Awit saka iku, mulane
wong iku kudu ngelingi marang agamane kang nurunake, amarga sanadyan saupama ana
salahe, Gusti Allah mêsthi paring pangapura. Darmagandhul matur nyuwun têrange
agama Rasul lan liya-liyane, mungguh kang dadi bedane apa?
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake
beda-bedane, yen saka dhawuhe kang Maha Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang
agamane. Nanging banjur akeh kang kliru muja marang barang kang katon, kaya ta
kêris, tumbak, utawa liya-liyane barang. Kang kaya mangkono mau ngrusakake
agama, amarga banjur mangeran marang wujud, satêmah lali marang Pangerane,
amarga maro tingal marang barang rêrupan. Wong urip iku kudu duwe gondhelan
agama, amarga yen ora duwe agama mêsthi duwe dosa, mung bae dosane mau ana kang
sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa nyirnakake (nyudakake) dosa iku,
mung banyu suci, iya iku tekad suci lair batin. Kang diarani banyu tekad suci
iku kang êning, iya iku minangka aduse manusa, bisa ngrêsiki lair batine. Yen
wong luwih, ora ngarêp-arêp munggah swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya
punjula saka sapadhane, aja nganti nêmu sangsara, bisaa duwe jênêng kang bêcik,
sinêbut kang utama, bisaa nikmat badan lan atine, mulya kaya maune, kaya nalika
isih ana ing alam samar, ora duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prêlu
dirêsiki, dirêngga ing tekad kang utama, supaya aja ngrêribêdi ana ing donyane,
bisaa slamêt lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang nêraka iku,
pancadan kang tumuju marang kabêgjan utawa kacilakan. Yen bêcik narik raharja,
yen ala ngundhuh cilaka, mula pangucap kang ala, mêsthi mlêbu yomani. Yen
bêcik, bisa tampa ganjaran.
Darmagandhul matur maneh, nyuwun
têrange, manusa ing dunya wujude mung lanang lan wadon, dadine kok banjur
warna-warna, ana Jawa, ‘Arab, Walanda lan Cina. Dene sastrane kok uga
beda-beda. Iku maune kêpriye, dalah têgêse sarta cacahing aksarane kok uga
beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji bae?
Kyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen
kabeh-kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe
beda-beda, supaya para kawulane padha mangan woh wit kayu Budi lan woh wit kayu
Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu kaelingan, bisa mêthik who Kawruh lan woh
Budi, pamêthike sapira sagaduke. Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane
nglimputi ing jêro, lan manut wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa
ora bisa anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para Nabi ênggone nggayuh iya
mung sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi ditandhani nganggo sipat wujud,
dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi supaya wong bisa wêruh, mula jênênge
dalwang, têgêse mêtu wangune, mangsi têgêse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi
mangsi, mêsthi banjur mêtu wangune, mangsit mangan kawruh, mula jênêng kalam,
amarga kawruhe anggawa alam. Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku
wajib dipangan, supaya sugih pangrêten lan kaelingan, mung wong kang ora ngrêti
sastra paringe Gusti Allah, mêsthi ora mangêrti marang wangsit. Auliya Gong Cu
kumênthus niru sastra tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa,
sastrane unine kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki
cacahe, mung aksara Cina kang akeh bangêt cacahe, nanging unine pelo, amarga
Auliya kang nganggit kêsusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh
wit kayu Budi. Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mêksa nganggo
kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, kêsusu tampa panglulu
nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe, jênênge sastra godhong.
Godhonge wit Budi lan wit Kawruh, dipêthik saka sathithik, ditata dikumpulake,
banjur dianggit kanggo sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina kêsiku,
amarga arêp gawe sastra urip kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa ênggone
mangan woh wit kayu Budi nganti warêg, mula ênggone nganggit aksara iya
dipathoki cacahe. Auliya Arab ênggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangêt.
Dene ênggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra yasane
Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi dhewe, mulane unine iya cêtha,
sastrane ora ana kang padha.
Darmagandhul banjur didhawuhi
nimbang, mungguh anggitane para Auliya kabeh mau kang mratandhani asor luhuring
budine kang êndi?
Saka panimbange Darmagandhul, kabeh
mau iya bênêr, nanging anggêr mêtu saka budi. Dene kang gawe aksara mung
sathithik, nanging wis bisa nyukupi, iku mratandhani yen luwih pintêr tinimbang
karo liya-liyane.
Kiyai Kalamwadi ngandika: “Yen manusa
arêp wêruh sastrane Gusti Allah, tulisan mau ora kêna ditonton nganggo mripat
lair – kudu ditonton nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti
Allah iku mung sawiji, nanging Dzate nyarambahi sakabehing wujud. Yen ndêlêng kudu
nganggo ati kang bêning, ora kêna kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta
kudu kang mêlêng ênggone mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane”.
Kiyai Kalamwadi lênggah diadhêp
garwane aran Endhang Prêjiwati. Darmagandhul sarta para cantrik iya padha
marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang garwane, dadi nêtêpi jênênge
priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang diwulangake, bab kawruh
kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tumêka ing pati, ing wong sêsomahan
iku. Kang wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane wis sarwa bêcik. Nanging
sabên dinane isih kudu dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi
Kalamwadi, wong iku yen dipitakoni, satêmêne ragane wis bisa mangsuli, sabab
ing kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging ora mêtu ing
lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning badan sakojur.
Pangandikane kiyai Kalamwadi:
“Sarehne aku iku wong cubluk, dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung
arêp pitakon marang ragamu, amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe”.
Banjure pangandika kiyai Kalamwadi
kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku wis anggawa têgês dhewe, lan wis dadi
piwulang kang bêcik lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung
hawa kang katon. Têmbung ki: iku têgêse iki, wa: têgêse wêwadhah, ragamu iku
di’ibaratake prau, prau dadi ‘ibarate wong wadon, wong têgêse ngêlowong, wadon
têgêse mung dadi wadhah, dene isine mung têlung prakara, iya iku: “kar-ri-cis”.
Yen prau wis isi têlung prakara iku, wong wadon wis kêcukup butuhe, dadi ora
goreh atine. Dene têgêse kar-ri-cis iku mangkene.
Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong
lanang wis bisa nêtêpi lanange, mêsthi wong wadon atine marêm, wusanane dadi
nêmu slamêt ênggone jêjêdhowan.
Ri, têgêse pari, iya iku kang
minangka pangane wong wadon, yen wong lanang wis bisa nyukupi pangane, mêsthi
wong wadon bisa têntrêm ora goreh.
Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya
iku yen wong lanang wis bisa aweh dhuwit kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa
têntrêm, tak baleni maneh, cis têgêse bisa goreh atine.
Kosok baline yen wong lanang ora bisa
aweh momotan têlung prakara mau, wong wadon bisa goreh atine. Tangan têngên
têgêse etungên panggawemu, sabên dina sudiya, sanggup dadi kongkonan, wong
wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek sandhang pangan.
Bau têgêse kanthi, gênahe wong wadon
iku dadi kanthine wong lanang, tumrap nindakake samubarang kang prêlu.
Sikut têgêse singkurên sakehing
panggawe kang luput. Ugêl-ugêl têgêse sanadyan tukar padu, nanging yen isih
padha trêsnane iya ora bisa pêdhot. Epek-epek têgêse ngêpek-ngêpek jênênge kang
lanang, awit wong wadon iku yen wis laki, jênênge banjur melu jênênge kang
lanang. Iya iku kang diarani warangka manjing curiga, warangkane wanita,
curigane jênênge wong lanang.
Rajah (ing epek-epek) têgêse wong
wadon iku panganggêpe marang guru-lakine dikaya dene panganggêpe marang raja.
Driji têgêse drêjêg utawa pagêr, iya
iku idêrana jiwamu nganggo pagêr kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambêk kang
utama, dene driji kabeh mau ana têgêse dhewe-dhewe.
Jêmpol têgêse êmpol, yen wanita
dikarsakake dening priyane, iku kang gampang gêtas rênyah kaya dene êmpoling
klapa.
Driji panuduh têgêse wanita
nglakonana apa sapituduhe kang priya.
Driji panunggul, têgêse wanita wajib
ngunggulake marang priyane, supaya nyupangati bêcik.
Driji manis, têgêse wanita kudu duwe
pasêmon utawa polatan kang manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja.
Jênthik, têgêse wong wadon iku
panguwasane mung sapara limane wong lanang, mula kudu sêtya tuhu marang priyane.
Kuku têgêse ênggone rumêksa marang
wadi, paribasane aja nganti kêndho tapihe.
Mungguh pikikuhe wong jêjodhowan iku,
wanita kudu sêtya marang lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon,
paturon, pangrêksa, apa dene kudu nyingkiri padudon.
Wong jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya
piwulang iki, mêsthi bisa slamêt sarta akeh têntrême.
Kiyai Kalamwadi banjur paring
pangandika maneh, dene kang dipangandikakake bab pikukuhe wong jêjodhowan. Saka
pangandikane kiyai Kalamwadi, wong jêjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling,
aja nganti tumindak kang ora bênêr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu
dunya lan dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong jêjodhowan, yen gampang
luwih gampang, nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong jêjodhowan itu luput
pisan kêna pisan, yen wis luput, ora kêna tinambak ing rajabrana lan rupa.
Wanita kudu tansah eling yen winêngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute
banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake
Pangerane wong jêjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae,
nanging samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja
lair batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang
sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang
mangkono iku mêsthi ora bisa nêmu lêlakon kang kapenak. Mula ati, kudu tansah
eling, amarga tumindaking badan mung manut karêping ati, awit ati iku dadi
ratuning badan. Wong jêjodhowan di’ibaratake prau kang gêdhe, lakuning prau
manut satang lan kêmudhine, sanadyan satange bênêr, yen kêmudhine salah, prau
ora bêcik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon ngêmudheni,
sanadyan bêcik ênggone ngêmudheni, nanging yen kang nyatang ora bênêr, lakune
prau iya ora bisa jêjêg, sarta bisa têkan kang disêdya, amarga kang padha
nglakokake padha karêpe, dadi têgêse, wong jêjodhowan, kudu padha karêpe, mula
kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta mahanani katêntrêman, ora
ngêmungake wong jêjodhowan kang rukun bae, kang oleh katêntrêmaning ati,
sanadyan tangga têparone iya melu têntrêm, mula wong rukun iku bêcik bangêt.
Kowe tak-pituturi, mungguh dalane
kamulyan iku ana patang prakara :
(1) Mulya saka jênêng.
(2) Mulya saka bandha.
(3) Mulya saka sugih ‘ilmu.
(4) Mulya saka kawignyan.
Kang diarani mulya saka jênêng, iku
wong kang utama, bisa oleh kabêgjan kang gêdhe, nanging kabêgjane mau ora mung
kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang mulya saka
ing bandha, lan mulya saka ênggone sugih ‘ilmu, lan mulya saka kapintêran, iku
ana ngêndi bae, iya akeh rêgane.
Mungguh dalane kasangsaran uga ana
patang prakara :
(1) Rusaking ati, manusa iku yen
pikire rusak, ragane mêsthi iya melu rusak.
(2) Rusaking raga, iya iku wong
lara.
(3) Rusaking jênêng, iya iku wong
mlarat.
(4) Rusaking budi, iya iku wong
bodho, cupêt budine, wong bodho lumrahe gampang nêpsune.
Kang diarani tampa kanugrahing Gusti
Allah, iya iku wong kang sêgêr kawarasan sarta kacukupan, apa dene têntrêm
atine.
Wong urip kang kêpengin bisaa dadi
wong utama, duweya jênêng kang bêcik, kanggo têtuladhan marang wong kang padha
ditinggal ing têmbene”.
Ki Darmagandhul matur lang nyuwun
ditêrangake bab anane wong ing jaman kuna karo wong ing jaman saiki, iku
satêmêne pintêr kang êndi, amarga wong akeh panêmune warna-warna tumrape bab
iku.
Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Wong
kuna lan wong saiki, iku satêmêne iya padha pintêre, mung bae tumrape wong ing
jaman kuna, akeh kang durung bisa mujudake kapintêrane, mula katone banjur kaya
dene ora pintêr. Ana dene wong ing jaman saiki ênggone katon luwih pintêr iku
amarga bisa mujudake kapintêrane. Wong ing jaman kuna kapintêrane iya wis akeh,
dene kang mujudake iya iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapintêrane
wong ing jaman kuna, mêsthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang
kanggo têtuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh kang nganggo kupiya kahanan
ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi kahanan kang wis ana, êndi kang
kurang bêcik banjur dibêcikake. Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit
sastra, yen manusa iku rumasa pintêr, iku têgêse ora rumasa yen kawula, mangka
uripe manusa mung sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene mobah
mosik, wis ana kang murba. Yen kowe arêp wêruh wong kang pintêr têmênan, dununge
ana wong wadon kang nutu sabên dina, tampahe diiseni gabah banjur diubêngake
sadhela, gabah kang ana kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud
bêras mênir sarta gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah.
Têgêse: bêras yen arêp diolah kudu dirêsiki dhisik, miturut kaya karêpe kang
arêp olah-olah. Yen kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang
nutu mau, ênggone nyilah-nyilahake bêras aneng tampah, kowe pancen wong
linuwih, nanging kang mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane
para Raja, kang misesa marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrêti tataning
praja supaya uripmu aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi
bisa slamêt, kowe bakal dadi têtuwa, kêna kanggo pitakonan tumraping para mudha
bab pratikêle wong ngawula ing praja. Mula wêlingku marang kowe, kowe aja
pisan- pisan ngaku pintêr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen
ngrumasani pintêr, mundhak kêsiku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti
Allah, ora kêna ginayuh ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung
sadarma, ana wong pintêr isih kalah pintêr karo wong pintêr liyane, utawa uga
ana wong pintêr bisa kasoran karo wong kompra, bodho pintêring manusa iku saka
karsane Kang Maha Kuwasa, manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi
sadhela dening Kang Maha Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang
sanalika, saka kalangkungane Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur
diparingake marang wong kompra, wong kompra banjur duwe kaluwihan kang
ngungkuli kaluwihane wong pintêr. Mula wêlingku marang kowe, ngupayaa kawruh
kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng karo kamuksan”.
Ki Darmagandhul banjur matur maneh,
nyuwun têrange bab tilase kraton Kêdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya.
Kiyai Kalamwadi ngandika: “Sang Prabu Jayabaya ora jumênêng ana ing Kêdhiri,
dene kratone ana ing Daha, kaprênah sawetane kali Brantas. Dene yen Kêdhiri
prênahe ana sakuloning kali Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa
Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene
yen patilasane Sri Jayabaya ika ana ing daha, saikine jênênge desa Mênang,
patilasane kadhaton wis ora katon, amarga kurugan ing lêmah lahar saka gunung
Kêlut, patilasan-patilasan mau wis ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan
taman Bagendhawati uga wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu
Pagêdhongan uga wis sirna. Kang isih mung rêca yasane Sri Jayabaya, iya iku
candhi Prudhung, Têgalwangi, prênahe ing sa-lor-wetane desa Mênang, lan rêca
buta wadon, iya iku rêca kang diputung tangane dening Sunan Bonang nalika
lêlana mênyang Kêdhiri, rêca mau lungguhe madhêp mangulon, ana maneh rêca jaran
awak siji êndhase loro, panggonane ana ing desa Bogêm, wêwêngkon dhistrik
Sukarêja, mula Sri Jayabaya yasa rêca, mangkene caritane, (kaya kang
kapratelakake ing ngisor ini)”.
Ing Lodhaya ana buta wadon
ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging durung nganti katur ing ngarsa
Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya cilik-cilik, buta wadon banjur
ambruk, nanging durung mati, barêng ditakoni, lagi waleh yen sumêdya
ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani putri buta mau, barêng
didangu iya matur kang dadi sêdyane. Sang Prabu banjur paring pangandika
mangkene: “Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang Linuwih, aku iku dudu
jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene bakal ana Ratu,
nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging kowe aja wujud
mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang”.
Sawise dipangandikani mangkono, putri
buta banjur mati. Sang Prabu banjur paring pangandika marang para wadya, supaya
desa ing ngêndi papan matine putri buta mau dijênêngake desa Gumuruh. Ora
antara suwe Sri Jayabaya banjur jasa rêca ana ing desa Bogêm. Rêca mau wujud
jaran lagaran awak siji êndhase loro, kiwa têngên dilareni. Patihe Sang Prabu
kang aran Buta Locaya sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur
marang sang Prabu, kang surasane nyuwun mitêrang kang dadi karsa-Nata, ênggone
Sang Prabu yasa rêca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu
banjur paring pangandika, yen ênggone yasa rêca kang mangkono itu prêlu kanggo
pasêmon ing besuk, sapa kang wêruh marang wujude rêca iku mêsthi banjur padha
mangrêti kang dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa
Srênggi. Bogêm têgêse wadhah bangsa rêtna-rêtna kang adi, têgêse wanita iku
bangsa wadhah kang winadi. Laren kang ngubêngi jaran têgêse iya sêngkêran. Dene
jaran sêngkêran iya iku ngibaratake wong wadon kang disêngkêr. Sirah loro iku
dadi pasêmone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro tingal,
sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku têgêse
tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang kêlumrah wong arêp
laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis
mathuk pikire, iya sida diêpek rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida
laki-rabi.
Sang Prabu ênggone yasa candhi, prêlu
kanggo nyêdhiyani yen ana wadyabala kang mati banjur diobong ana ing kono,
supaya bisa sirna mulih marang alam sêpi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang Prabu
uga karsa rawuh ngurmati.
Kang mangkono iku wis dadi adate para
raja ing jaman kuna. Mula kang dadi panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu
karsa yasa candhi kanggo pangobongan mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna,
amarga aku iki anak dhalang, aja suwe-suwe kaya mêmêdi, duwe rupa tanpa nyawa,
bisaa mulih marang asale.
Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih
Buta Locaya sarta Senapati Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang
kêkasih Ni Mas Ratu Pagêdhongan, kabeh banjur padha andherek muksa.
Buta Locaya banjur dadi ratuning
dhêdhêmit ing Kêdhiri. Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, dene Ni Mas Ratu
Pagêdhongan banjur dadi ratuning dhêdhêmit ana ing sagara kidul, asmane ratu
Anginangin.
Ana kêkasihe Sang Prabu Jayabaya,
jênênge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana
ing sêndhang Kalasan. Sawise têlung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan,
kêkasih Lêmumbardadu iya Sang Pujaningrat, jumênêng Nata ana ing Kêdhiri,
kadhatone ana sakuloning bangawan, kêdhi têgêse wong wadon kang ora anggarap
sari, dene dhiri iku têgêse anggêp, kang paring jênêng iku Rêtna Dewi Kilisuci,
dicocogake karo adate Sang Rêtna piyambak, amarga Sang Rêtna Dewi Kilisuci iku
wadat, sarta ora anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh gêtihe
wong kang mêtu. Mula Kêdhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug pêrang akeh
mênange, nanging yen dilurugi apês. Kang kêlumrah pambêkane wanita ing Kêdhiri
iku gêdhe atine, amarga kasawaban pambêkane Sang Rêtna Dewi Kilisuci. Dene
Rêtna Dewi Kilisuci iku sadhereke sêpuh Nata ing Jênggala. Sang Rêtna mau tapa
ana ing guwa Selamangleng, sukune gunung Wilis.
WUWUHAN KATÊRANGAN.
Kanjeng Susuhunan Ampeldênta pêputra
ratu Fatimah, patutan saka Nyai Agêng Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran
Ibrahim, ing Karang Kumuning Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu Fatimah
banjur tapa ana ing manyura, karo Pangeran Ibrahim Ratu Fatimah pêputra putri
nama Nyai Agêng Malaka, katêmokake Raden Patah.
Raden Patah (Raden Praba), putrane
Prabu Brawijaya patutan saka putri Cêmpa kang katarimakake marang Arya Damar
Adipati ing Palembang, barêng Raden Patah wis jumênêng Nata, jêjuluk Sultan
Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’lRasul Amiri’lMu’minin Rajudi’l’Abdu’l
Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya ‘Alam ing Bintara (Dêmak).
Putri Cêmpa nama Aranawanti (Ratu
Êmas) kagarwa Prabu Brawijaya, pêputra têlu:
Putri nama Rêtna Pambayun,
katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing Pêngging, nalika jaman pambalelane
nagara Bali marang Majapahit.
Raden Arya Lêmbupêtêng Adipati ing
Madura.
Isih timur rêmên marang laku tapa,
nama Raden Gugur, barêng muksa kasêbut nama Sunan Lawu.
Panênggak Putri Cêmpa nama
Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadi’l Kubra I, patutan saka ibu Sitti Fatimah
Kamarumi, isih têdhake Kangjêng Nabi Mukammad, asma Maulana Ibrahim, dêdalêm
ana ing Jeddah, banjur pindhah ing Cêmpa, dadi Imam ana ing Asmara tanah ing
Cêmpa, banjur kasêbut nama Maulana Ibrahim Asmara, iku kang pêputra Susuhunan
Ampeldênta Surabaya. Dene putra Cêmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus
manjing Islam, nyakabat marang maulana Ibrahim, jumênêng Raja Pandhita ing
Cêmpa anggênteni ingkang rama, pêputra siji kakung kêkasih Raden Rachmat. Kang
ibu putri Cêmpa (garwa Maulana Ibrahim), pêputra Sayid ‘Ali Rachmat, ngêjawa
nama Susuhunan Katib ing Surabaya, dêdalêm ing Ampeldênta, kasêbut Susuhunan
Ampeldênta. Cêmpa iku kutha karajan ing India buri (Indo china).
Sayid Kramat kang kasêbut ing buku
iki pêparabe Susuhunan ing Bonang (Sunan Bonang).
TAMAT
KATRANGAN :
(1) Kulon kutha Majakêrta lêt +/-
10 km.
(2) Pêlabuhane saiki aran:
“Haipong”.
(3) Lor Stasiyun: Surabayakota
“Sêmut”.
(4) Bonang = Bonang ing
Karêsidhenan Rêmbang.
(5) Tarik.
(6) Kulon kutha Kêdhiri.
(9) Akire Mênang didêgi pabrik
gula arane iya pabrik Mênang,
stasiyune ing Gurah antarane
Kêdhiri – Pare +/- 7 km. saka Kêdhiri.
(10) Kidul Majaagung lêt +/- 15-16
km. Saiki dicêluk desa Ngrimbi.
(11) Ing sacêlakipun pabrik
Mênang, wontên dhusun nama Guruh.
1. mbok manawi ewah-ewahan saking
Gumêrah-Gumuruh.
2. Gurah = gusah.
3. ngrêsiki gorokan.
(12) Laren = kalenan.
(13) Bangawan = Brantas.