Kidungan Puji Hayu Indonesia
Pambuka
Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare :
Kang kinitha lelaguning gendhing,
Sarayuda pambukaning sekar,
Dhandhanggula turu lare,
Binarung ing swara rum,
Ruming raras kang milangoni,
Wiramane lancaran,
Mung kinarya gecul,
Pepathete nora oncat,
Wus kacakup cakepane datan cicir,
Lir-ilir gumregaha.
Katampi Tembang Ilir-Ilir :
Lir-ilir lir-ilir tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh
temanten anyar
Bocah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh
dodotira
Dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Domana jlumatana kanggo seba mengko
sore
Mumpung gedhe rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya suraka .. Surak iyo
Kidung Suksmawedha
(Dhandhanggula)
Ana kidung hakembang hartati, sapa
weruh reke
araningwang, duk ingsun ana ing
ngare, miwah duk aneng
gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti,
ngalih aran ping
tiga, Artadaya tengsun, araningsun
duk jajaka, Ki
Artati mangke araningsun ngalih, sapa
weruh
araningwang.
Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat
weruh reke
Artadaya, tunggal pancer lan uripe,
sapa wruh ing
panuju, sasat sugih pagere wesi,
rineksa wong sajagad,
kang angidung iku, lamun dipun
apalena, kidung iku den
tutug padha sawengi, adoh panggawe
ala.
Lawan rineksa dening Hyang Widdhi,
sakarsanya tinekan
dening Hyang, rineksa ing janma
kabeh, kang maca kang
angrungu, kang anurat myang kang
animpeni, yen ora
bisa maca, simpenana iku, temah ayu
kang sarira, yen
linakon dinulur sasedyaneki, lan
rineksa dening Hyang.
Kang sinedya tinekan Hyang Widdhi,
kang kinarsan
dumadakan kena, tur sinihan
Pangerane, nadyan tan
weruh iku, lamun nedya muja semedi,
sesaji ing sagara,
dadya ngumbareku, dumadi sarira
tunggal, tunggal jati
swara awor ing Artati, aran Sekar
Jempina.
Somahira ingaran Penjari, melu urip
lawan melu pejah,
tan pisah ing saparane, paripurna
satuhu, anirmala
waluya jati, kena ing kene kana, ing
wasananipun,
ajujuluk Adi Suksma, cahya ening
jumeneng aneng
Artati, anom tan kena tuwa.
Panunggale kawula lan Gusti,
Nilaening arane duk
gesang, duk mati nilar arane, lan
suksma ngumbreku,
ing asmara mongraga yekti, durung
duwe peparab, duk
rarene iku, awayah bisa dolanan, aran
Sang Hyang Jati
iya Sang Artati, yeku sang Artadaya.
Dadya wisa mangkya amartani, lamun
marta atemahan
wisa, marma Artadaya rane, duk lagya
aneng gunung,
ngalih aran Asmarajati, wayah
tumekeng tuwa, emut
ibunipun, Ni Panjari lunga ngetan, Ki
Artati nurut
gigiring Merapi, anulya mring Sundara
(Sindara).
Kidung Darmawedha
(Dhandhanggula)
Ana Pandhita akarya wangsit, mindha
kumbang angajab
ing tawang, susuh angin ngendi
nggone, lawan galihing
kangkung, wekasane langit jaladri,
isining wuluh
wungwang, lan gigiring punglu,
tapaking kuntul
anglayang, manuk miber uluke
ngungkuli langit, kusuma
njrah ing tawang.
Ngambil banyu apikulan warih, amek
geni sarwi
adedamar, kodhok ngemuli lenge, miwah
kang banyu
dikum, myang dhahana murub kabesmi,
bumi pinethak
ingkang, pawana katiyub, tanggal
pisan kapurnaman, yen
anenun senteg pisan anigasi, kuda
ngrap ing
pandhengan.
Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana
epang keblat papat,
agodhong mega rumembe, apradhapa
kukuwung, kembang
lintang salaga langit, semi andaru
kilat, woh surya
lan tengsu, asirat bun lawan udan,
apupucuk akasa
bungkah pratiwi, oyode bayu bajra.
Wiwitane duk anemu candhi,
gegedhongan miwah
wewerangkan, sihing Hyang kabesmi
kabeh, tan ana janma
kang wruh, yen weruha purwane dadi,
candhi sagara
wetan, ingobar karuhun, kayangane
Sang Hyang Tunggal,
sapa reke kang jumeneng mung Artati,
katon tengahing
lawang.
Gunung Agung sagara Serandhil, langit
ingkang amengku
buwana, kawruhana ing artine, gunung
sagara umum,
guntur sirna amengku bumi, rug kang
langit buwana,
dadiya weruh iku, mudya madyaning
ngawiyat, mangasrama
ing gunung agung sabumi,
candhi-candhi sagara.
Gunung luhure kagiri-giri, sagara
agung datanpa sama,
pan sampun kawruhan reke, Artadaya
puniku, datan kena
cinakreng budi, nanging kang sampun
prapta, ing
kuwasanipun, angadeg tengahing jagad,
wetan kulon lor
kidul ngandhap lan nginggil, kapurba
kawisesa.
Bumi sagara gunung myang kali,
sagunging kang isining
bawana, kasor ing Artadayane, segara
sat kang gunung,
guntur sirna guwa samya nir, singa
wruh Artadaya,
dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing
prang, yen
lelungan kang kapapag wedi asih, sato
galak suminggah.
Jim peri prayangan padha wedi,
mendhak asih sakehing
drubiksa, rumeksa siyang dalune,
singa anempuh lumpuh,
tan tumama ing awak mami, kang nedya
tan raharja,
kabeh pan linebur, sakehing kang
nedya ala, larut
sirna kang nedya becik basuki, kang
sinedya waluya.
Siyang dalu rineksa ing Widdhi,
dinulur saking karseng
Hyang Suksma, kaidhep ing janma
kabeh, aran wikuning
wiku, wikan liring mudya semedi, dadi
sasedyanira,
mangunah linuhung, paparab Hyang
Tegalana, kang
asimpen yen tuwajuh jroning ati,
kalis ing pancabaya.
Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim
setan datan wani
ngambah, rineksa malaekate, nabi wali
angepung, sakeh
lara padha sumingkir, ingkang sedya
pitenah, marang
awak ingsun, rinusak dening Pangeran,
eblis laknat
sato mara-mara mati, tumpes tapis
sadaya.
Kidung Reksawedha
(Suluk Plencung)
(Sinom)
Apuranen sun angetang, lelembut ing
tanah Jawi, kang
rumeksa ing nagara, para ratuning
dhedhemit, agung
sawabe ugi, yen apal sedayanipun,
kena ginawe tulak,
kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng
lemah sangar dadi
tawa.
Kang kariyin ing bang wetan,
Durganeluh Maospait,
lawan Raja Baureksa, sami ratuning
dhedhemit,
Blambangan kang jagi, awasta Sang
Bala Batu, Buta
Locaya ika, kang rumeksa ing Kedhiri,
Prabu Jaksa kang
rumeksa Giripura.
Sida Kare ing Pacitan, Kedhuwang si
Klenthing Mungil,
Endra Yaksa ing Magetan, Jenggala ing
Tunjungpuri,
Prangmuka Surabanggi, ing Panggung si
Abur-Abur, Sapu
Jagad ing Jipang, Madiun sang Kala
Sekti, pan si Korep
lelembut ing Panaraga.
Singa Barong Jagaraga, Majenang
Trenggiling Wesi,
Macan Guguh ing Grobogan, Kala Johar
Singasari,
Srengat si Baru Kuping, ing Blitar si
Kala Kathung,
Buta Krodha ing Rawa, Kalangbret si
Sekar Gambir, Caru
Bawor kang rumeksa ing Lamongan.
Gurnita ing Puspa Laya, si Lengkur
ing Tilam Putih, si
Lancuk aneng Balora, Gambiran sang
Kala Durgi, Kedhung
Gedhe ni Jenggi, ing Batang si Klewer
iku, Lasem Kala
Prahara, Sidayu si Dhandhang Murti,
Wida Langking ing
Candhi kahyanganira.
Semarang Barat Katiga, Pekalongan
Guntur Geni,
Pemalang Ki Sembung Yuda, Suwarda ing
Sokawati, ing
Tandhes Nyai Ragil, Jaya Lelana ing
Suruh, Buta
Trenggiling Tanggal, ing Kendhal si
Gunting Geni,
Kaliwungu Gutu Kapi kang rumeksa.
Gegelang si Somaita, Dhadhung Awuk
Brebes nenggih, ing
Pajang Buta Salewah, Monda-Monda ing
Mentawis, Palered
Rajek Wesi Kuthagedhe Nyai Panggung,
Pragota
Kartasura, Cirebon Setan Kaberi, Juru
Taman ingkang
aneng Tegal Layang.
Genawati ing Siluman, Kemandhang
Waringinputih, si
Kareteg Pajajaran, Sapu Regel ing
Batawi, Warusuli
Waringin, ingkang aneng gunung Agung,
Kalekah
Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi,
Ni Taluki ingkang
aneng Tunjungbang.
Setan Kowak aneng Sendhang, Pamasuhan
Sapu Angin,
Kresna (Sonod) Pada ing Rangkudan,
Pandhan Sari ing
Tarisig, kang aneng Wanagiri, Malang
Karsa namanipun,
Sawahan Ki Sandhungan, Pelabuhan
Duduk Warih, Buta
Tukang ingkang aneng Pelayangan.
Rara Amis aneng Tawang, ing Tidhar si
Kala Sekti, Madu
Retna ing Sundara, Jalela ing redi
Sumbing,
Ngungrungan Sidamukti, Terapa ardi
Merbabu, si Bangsan
ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir,
Aji Dipa ardi
Kendheng kang den reksa.
Sunan Lawu Ngargapura, ing Bayat Ki
Malang Gati,
Kalanadhah ing Toyamas, Segaluh aran
si Rendhil,
Banjaran Ki Wesasi, si Korok aneng
Lowanu, gunung Duk
Geniyara, mBok Bereng Prang Tritis,
Dremba Moha
ingkang aneng Purbalingga.
Ing Karangbolong si Kreta, si Belen
ing Banarawi, ing
Jenu si Karung Kala, ing Penging
Banjaransari, Dhung
Winong Andonsari, Pagelen Ki Candra
Latu, ardi
Kendhalisada, Kethek Putih kang
nenggani, Buta Glemboh
ing Gajah kahyanganira.
Rara Dhenok aneng Demak, si Bathithit
aneng Tubin,
Juwal Pasat ing Talsanga, ing Tremas
Kujang nenggani,
Trenggalek Nyai Kuring, si Kuncung
Cemarasewu, Kala
Dhadhung Benthongan, si Asmara aneng
Taji, Bagus Anom
ing Kudus kahyanganira.
Himagiri Manglar Munga, ing Gadhing
Ki Puspagati,
Cucuk Dhandhang ing Kartika,
Kulawarga Tasikwedhi,
kali Opak winarni, Sanggabuwana
ranipun, Pak Kecek
Pajarakan, Cingcing Goling
Kalibening, ing Dhahrama
Kara Welang kang rumeksa.
Kang aneng Warulandheyan, Ki Daruna
Ni Daruni, Bagus
Karang aneng Roban, Pasujayan Udan
Riris, Widanangga
Dalepih, si Gadhung Kedhung
Garunggung, kang aneng
Karabean, Citranaya kang nenggani,
Genapura ingkang
aneng Majaraga.
Logenjeng aneng Juwana, ing Rembang
si Bajulbali, si
Londir ing Wirasaba, Madura Buta
Carigis, kang aneng
ing Matesih, Jaran Panolih ranipun,
si Gober
Pecangakan, Danapi ing Jatisari,
Obar-Abir kang
rumeksa Jatimalang.
Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpabangsa
aneng Pening,
Pesayangan Udan Gelap, Buta Gigis
aneng Tegil, ing
Grenggeng Caping Warih, Penawangan
Gutuk Watu, Tengger
Ni Otarwiyah, Wiradesa Gusti Geni,
Penarukan kang aran
Setan Korokan.
Rara Dungik Randhulawang, ing
Mendhang Retna Pengasih,
Buta Kepala ing Prambanan, mBok
Sampur neng ardi
Gajahmungkur, si Gendruk ing
Talpegat, ing Ngembel
Rahaden Panji, Pagerwaja Rahaden
Kusumayuda.
Si Penthul aneng Kacangan, Pecabakan
Dodolkawit,
kalangkung kasektenira, titihane kuda
putih, lar waja
kemul neki, kalacakra payungipun, pan
samya rinajegan,
akukuh rajege wesi, cemethine
pat-upate ula lanang.
Sinabetaken mangetan, ana lara teka
bali, tinulak bali
mangetan, mangaidul panyabet neki, na
lara teka bali,
tinulak bali mangidul, ngulon
panyabetira, ana lara
teka bali, pan tinulak mangulon bali
kang lara.
Mangalor panyabetira, ana lara teka
bali, tinulak
ngalor parannya, manginggil panyabet
neki, na lara
teka bali, tinulak bali mandhuwur,
mangisor
panyabetnya, ana lara teka bali, pan
tindak bali
mangandhap kang lara.
Si Kuthung aneng Jepara, Gambiranom
aneng Pathi,
kalangkung kasektenira, keringan
samining dhemit, ing
Ngrema Tambak Suli, Yuda Paksa ing
Delanggu,
Perangtandang Kesanga, Buta Kala ing
Pasisir, si
Kecubung Kadilangu kang rineksa.
Nini Gelu aneng Jenar, Klabang Curing
Banjarsari,
Talengkung ing Watukura, si Kuris ing
wit Talrukmi,
Pujangga lan Pujanggi, ingkang aneng
Semeru, si Bedreg
ing Tegalpat, Bancuri klawan
Bancuring, kang angreksa
sukune ardi Baita.
Si Lowar aneng Subang, ing Kuwu si
Ondar Andir, si
Barandang aneng Comal, si Kalunthung
Dudukjalmi, setan
Telaga Pasir, ingkang aran si
Jalilung, Kalangadhang
ing Tuntang, si Kuru Bokor den
nggoni, Singanadha
ingkang aneng Petanahan.
Teluh Braja neng Cilacap, Nusa Barong
Buratwangi,
Singgela Ki Nayadipa, si Dulit aneng
Weleri,
Pringtulis Udan Geni, Kandhangwesi
Gendir Diyu,
Barukin ing Kejayan, Dirgabahu Jeruk
Legi, si Mahesa
Kuda neng Nusa Kambangan.
Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse
Raja Putri, kang
rumeksa Parang Wedang, Raden Arya
Jayeng Westhi, kabeh
urut pasisir, kulawarga Ratu Kidul,
sampun pepak
sadaya, para pramukaning dhemit,
nungswa Jawa Pangeran
kang rumeksa.
Kidung Puji Hayu
Indonesia
(Dhandhanggula) :
Duk semana nalikaning uni, caritane
nagri Nuswantara,
keblat papat kalokane, panca buwana
tepung, gemah
ripah lan loh jinawi, kerta raharja
samya, amanggih
rahayu, kineringan sakeh bangsa,
panjang punjung
kuncara ingkang negari, Nuswantara
kaloka
Jaman kalabendhu ngelun bumi,
Nuswantara cinangkerem
Landa, nandhang papa kawulane,
triatus seket tahun,
bangsa kita nggennya prihatin,
tumimbal bangsa Jepang,
tri setengah taun, nggennya njajah
Indonesia, pupus
pepes dayaning jatidhiri, kabandhang
ing prang dunya.
Antuk berkah rahmat Allah Gusti, lan
jinurung sedya
kang utama, nuju pitulas tanggale,
dhawah sasi
Agustus, patang puluh lima kang
warsi, Indonesia
merdika, hayu kang tinemu, adhedhasar
Pancasila,
angrengkuh sakabehing putra nagri, lumintu
salaminya.
Pamintaku mring pra kadang sami,
setya tuhu njaga
karukunan, mrih raharja negarane,
Indonesia bersatu,
dadya pangudi kang utami, adoh ing
pancakara, prayoga
memayu, hayuning ingkang bawana,
linambaran
kautamaning budi, madeg satriatama.
Yogya sami padha dipun eling,
kuwajiban warganing
nagara, gelem njaga adege, nadyan
tumekeng lampus, den
belani ingkang negari, kusumaning
negara, iku kang den
tuju, jejering satriatama,
manggalaning bangsa abdi
negari, Indonesia merdika.
Panutup
(Ayak-Ayak
Pamungkas)
Dhuh Allah mugi-mugi keparenga paring
rahmat
Dhuh Allah lestaria Indonesia merdika
Wusana wosing pangidung tarlen amung
amuji
Mugi Bangsa Indonesia sepuh anem jalu
estri
Sami kersa amanunggil gumolong
gelenge kapti
Catetan katerangan
:
Racikan kidungan punika mawi
landhesan tata-caranipun
ndonga sesarengan manut tatacara
“Laku Budaya Jawa”
ingkang saged kaaturaken
kateranganipun makaten :
Pambuka
Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare
punika kados dene
pangucaping niyat sesarengan asung
swasana endah
kanthi wiramaning sekar.
Tembang Ilir-Ilir minangka
panggugahing sedya-karsa
tuwin ajak-ajak atur “persembahan”
lan “panyuwunan”.
Kidung Suksmawedha
Hanyatakaken “sejatining urip” mawi
basa perlambang.
Dayanipun anggugah kekiyataning
suksma. Kakidungaken
murih tuwuh kekiyataning suksma
(batos) anggenipun
asung “persembahan” lan “panyuwunan”
dhumateng Hyang
Agung (Gusti Allah).
Kidung Darmawedha
Hanyatakaken kawruh “sangkan paraning
dumadi”
mirunggan nedahaken dununging titah
manungsa wonten
ing jagad (semesta). Bilih
sayektosipun mirid saking
pangertosan “hananira sayektine
wahanane Hyang”. Ing
agami Islam kasebat bilih titah
manungsa punika dados
kalifahipun Allah Swt. wonten ing
donya. Kakidungaken
minangka panyuwun dhumateng sedaya
kekiyataning “alam
semesta” supados kersa nyengkuyung
anggenipun asung
“persembahan” lan “panyuwunan”.
Kidung Reksawedha
(Suluk Plencung)
Hanyatakaken raos pasedherekan
kaliyan bangsanipun
gaib (lelembut) amargi sami-sami
“titah dumadi”
mahlukipun Hyang Agung. Kakidungaken
minangka pangajak
dhumateng para sedherek kita ingkang
gaib supados
nyengkuyung anggenipun badhe atur
“persembahan” tuwin
“panyuwun” dhumateng Hyang Agung.
Kidung Puji Hayu
Indonesia
Inggih punika sejatining kidung ing
racikan punika.
Pilihan sekar (tembang) lan cacahing
pupuh saged dipun
racik piyambak. Bakenipun muji rahayu
kangge
Indonesia. Ingkang katur punika
racikanipun Ki Sondong
Mandali.
Panutup (Ayak-Ayak
Pamungkas)
Minangka donga panyuwunan konjuk
ngarsanipun Allah
Kang Murbeng Dumadi.
Menawi racikan kidungan punika badhe
kaagem “ritualan”
prayogi ugi cawis sesaji trep kaliyan
Laku Budaya
Jawa. Sesaji ngemu teges pasugatan
kangge para-para
gaib ingkang mesthinipun rawuh amargi
rumaos dipun
ajak nyengkuyung karsa lan sedya.
Kamangka sedya lan
karsa ingkang utami, pramila mboten
perlu “cethil”
dhumateng para kadang sedherek
ingkang gaib. Punapa
malih menawi ngginakaken Kidung
Reksawedha (Suluk
Plencung) ingkang nyebat para
“tetungguling lelembut”
satanah Jawi. Sampun ngantos kadamel
cuwa manahipun.
Wondene ubarampenipun sesaji
kasumanggakaken. Prayogi
nyuwun seserapan para sepuh ingkang
mangertos. Saben
dhusun tertampu wonten para sepuh
ingkang taksih
kagungan kasagedan ing babagan punika.
“Ritualan” mawi racikan kidungan
punika sae
katindakaken para warga masyarakat
kanthi mendhet
wekdal ingkang prayogi. Malem Suran,
Agustusan, utawi
langkung prayogi saged katindakaken
kanthi rutin ing
saben malem Jum’at (selapanan utawi
minggon),
sumangga. Insya Allah, manggih
katentreman lair batos
menggahing pribadi lan bebrayan.
Nuwun
Saking Pangracik, Ki Sondong Mandali