BEJA SING PRASAJA URIPE SAKMADYA GINANJAR LULUS LAN RAHARJA
Sabibare sang prabu Tritusta anjang sana wonten ing negari Wirata anuweni ingkang raka prabu Basukeswara, tumuli kondur wonten ing negari Giling Wesi. Ngiras pantes wisata tuwin titipriksa negari jajahan, prabu Tritusta nitih kreta kencana angliwat alas Roban.
Dasare raja pinandhita rumaos jenjem ananging kagyat jroning manah dupi ningali kawontenan ingkang sajak nyalawadi. Sang prabu uninga teja manter umancur gumilang anelahi lajeng tinedhakan. Dupi prenah panggenan teja pinanggih bangkong (kodhok ageng) amangun tapa.
Sang prabu ewa tuwuh dedukanipun, bangkong cinandak kaudhet-udhet temah mukswa . Lajeng kepireng suwanten makaten :
"HEH SANG PRABU, TITAHE KAWASA INGKANG KADOS SATO UTAWI MANUNGSA, PUNIKA BOTEN BEDA AWIT SAMI DENE KATITISAN SANG HYANG ATMA (HYANG MAHA URIP), SATO'A PISAN UGER LERES ING LAMPAH INGGIH MULYA. SANADYAN MANUNGSA UGER BOTEN LERES LAMPAHIPUN INGGIH DADOS SATO KEWAN INGKANG BOTEN AJI."
Prabu Tritusta sanget gegetun midanget swanten wau kaliyan geter raosing salira, lajeng kondur angedhaton. Sajeroning pura sang prabu nandhang gerah ngantos dumugine seda. Sakderengipun seda sang prabu paring piwucal marang ingkang putra Raden Parikenan, makaten sabdanipun :
Tritusta :" Kulup Parikenan, manungsa mono kedunungan luput apes lan lali, nggoninsun nyikara kodhok kang tanpa dosa amarga ewa, aja ana titah kang becik ngungkuli ingsun , yen ngantiya ana bakal ngurangi sungkeme marang ingsun. Bareng wus gebacut lagi eling purwa duksina, ning ya luwih beja timbang lali. Mumpung diparingi eling dening Kawasa Ingsun pitungkas marang sira kulup.
lah ta kulup mung mangkene mungguh sasmitane gesang wewarahe leluhur ing nguni-nguni, Lamun pengin nyumurupi goibing Hyang Maha Luhur amung datan kena cidra ing rina wengine, datan cidra ing badan lan batine.
Sarta tuhu ngerti parane turu sabab wong anendra iku prasanakane pati, lawan weruha manjing suruping surya. Mula kulup tan gampang olah ngelmu , akeh ngaku bisa lan ngerti nanging satuhune tan bangkit amung kandeg ing wicara lan pikiran durung antuk pepadhang saka Hyang Sasongka Jati( guru sejati). Lan manehe durung bisa asung pejah tinupiksa jroning gesang , yen mung carita bocah cilik wae bisa.
Akeh sing padha padudon rebut bener rebut dosa tan angruruh rosing sarak kang sinerung ing peragak, keh kang gabuk agabebenging tyas ngalugut pangilute gigal geyongane . Kaya lakon kodhok takudhet-udhet mengku prasemon manawa ora kaya aku lan ora niru bakal takidek nganggo tungkah.
Yen tumraping sarira eling ngawruhi lelakon titah mung marmo darbeke, kabeh iku darbeke Hyang Wisesa, sagung kang kumelip kasrah ing Hyang Agung . Yen wus bisa tampa sasmita dhiri tandha yekti yen wus sajem jineme sarta jenjem tumanem , ati yekti tumeka jatine jalma linuhung "
Wedaranipun makaten :
Menggah pikajenging suraos : Prabu Tritusta punika sanepanipun tiyang ingkang angkara murka, boten beda kaliyan Dasamuka. Pejahe Bangkong punika pejahe piwulang, pejahe Prabu Tritusta punika pejahe pikir.
Menawi pikir pejah ateges boten purun mikir, piwulang tuwin kawruhipun inggih tamtu pejah kajengipun piyambak. Amila sang prabu jejuluk Tritusta, negaranipun Giling wesi.
Giling wesi = gulung wesi, ugi sinebut gedhong waja = gedhong kunjara ingkang boten tedhas pinalu lan sanes-sanesipun. Punika kagem pasemon sirah kepala batu. Boten tedhas sinusupan piwulang utawi kawruh.
Nami Tritusta, tegesipun Tri = tiga, trusta = bingah, seneng, sengsem, kepencut, punika amastani dununging kasengseman tigang prakawis, kasebut Hestyarta utawi retnestri inggih punika :
1. Arta inggih raja brana
2. Pakareman (teda)
3. Senggama.
Mangsuli carios ing nginggil bab suwanten ingkang kapireng dening prabu Tritusta Sata'a pisan uger leres ing lampah inggih mulya, nadyan manungsa uger boten leres lampahipun inggih dados sato ingkang tanpo aji. Suwanten kala wau mengku weca nyupaosi dhateng prabu Tritusta, ing lahir. Batosipun nyupaosi dhateng para nata tuwin para ingkang ngasta jantra ubeng ingering negari, ingkang nilar kawruhe leluhur. Pikajengipun negari ingkang tinilar adil ngatawisi badhe dinukan dewa.
Temah radi gonjing ngedalaken laharipun, seganten kocak jawah salah mangsam negari dahuru pranatan sirna , kawula ingepuh dados jalantahing papa sangsara salami-laminipun, bilih ingkang ngasta bang2 pangalum-aluming praja tansah lengket kemawon dhateng kalulutane Tritusta akhiripun katah maling lungguh mblenduk wetenge.
Dene Prabu Tritusta punika kagungang putra kekasih Raden Parikenan,
prabu Parikenan kagungan putra aran Resi Manumayasa ingkang nurunaken Pandawa tuwin Kurawa.
Saking :
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)