PUJINE DINA BADAN NAPAS NAPSU ATI WIJI LAN ANASIRING MANUNGSA

0

 PUJINE DINA BADAN NAPAS NAPSU ATI WIJI LAN ANASIRING MANUNGSA




PUJINE DINA PITU

1. Dina Ahad ; ya kayu ya kayumu, nabi Adam kang ndarbemni, lakunya tidak boleh nginang sehari semalam, ahad lakune ing surya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat limang leksa.

Kuwasane :  lungguhe  ing  wulu,  teguh  ora kena winekang, lan ora katon.

 

2. Dina Senen ; ya rahmanu ya rahima, nabi’ullah kang ndarbeni, lakune nyegah iwak sadina sadalu, senen uripe ning wulan kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat kawan leksa.

Kuwasane : lungguhe  ing kulit,  teguh kang kena binenggang.

 

3. Dina Selasa ; ya maliku ya kudusu, nabi Isa kang ndarbeni, lakune apasa sadina sadalu selasa uriping lintang kang rumeksa sadino lawan sawengi, malekat tigang leksa.

Kuwasane : lungguhe ing bebayu, angumpulake cahya kabeh.

 

4. Dina Rebo ; ya kabiru ya muntaha, pepitu uripipun nabi Ibrahim kang ndarbeni, lakune nyegah toya sadina sadalu, rebo bumi uripira kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat pitung leksa.

Kuwasane : lungguhe  ing daging, teguh tan kena winangenan.

 

5. Dina Kemis ; ya ngalim ya ngalimu, wewolu uripipun, nabi Idris kang ndarbeni, lakune nyegah uyah sadina sedalu, kemis dahana uripnya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat wolung leksa.

Kuwasane : lungguhe ing otot, teguh sajege urip.

 

6. Dina Jumungah ; ya kafi ya muqni, ya enem uripipun, nabi Rasul kang ndarbeni, lakune nyegah pangan sadina sadalu, jumungah lakune barat, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat leksa.

Kuwasane : lungguhe ing bebalung, sekti mandraguna.

 

7. Dina Saptu ; ya fatah ya rajah, sesanga uripipun, nabi Iskhak kang ndarbeni, lakune datan mendra, sadina sadalu, saptu uripe ing toya kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat sangang leksa.

Kuwasane :  lungguhe ing sumsum, angumpulaken sakehing rasa kabeh.

 

8. Dina pitu lakon solan salin, mung sadina sawengi salinnya, pan akatah supangate, sarta anganggo laku lakunira solan salin, puji lan nabirira, myang cecegahipun apa kajate tinekan, lan malati ora kena den langkahi wayangane kang maca.

 

PUJINE BADAN

Pujine Utek : ” Rasulun Rabbil’alamiin “.

Kuwasane luput tujuh teluh dadi tawar.

Pujine Kuping tengen : ” Alliyatan ilahu rabbi ‘umum “.

Kuwasane ngilangake bilahi kabeh.

Pujine Kuping kiwa : ” Samikna wa ‘atakna guprana karabbasa wa’llekal massiir “.

Kuwasane ngilangake pakewuh kabeh.

Pujine Sirah : ” Padaraktum “.

Kuwasane nglerebaken kang sarwa galak kabeh.

Pujine netra : ” Kudusun rabbana wa rabbul malaikatu wa ruh “.

Kuwasane kinaweden dening wong lanang wadon .

Pujine napas : ” Haplil palubuti ngalla yasin “.

Kuwasane kinasihan wong sajagad kabeh.

Pujine Gigir : ” Nawaitu minal kibari pibigalikad hapika karja “.

Kuwasane teguh timbul.

Pujine Otot : ” Parekun parekanun wa’ljannatun nangimum cipta katon cipta ora katon “

Kuwasane amurba ora katon.

Pujine Awak kabeh : ” Inna fatokna iakafakan mubinin ” lamun arep malebu ing omah

Kuwasane slamet rahayu.

Pujine Ati : ” Nasrun minallahi wa patekun karibun wa kasiril mukminin “

Kuwasane awake katon gede.

Pujine Amperu : ” Layastakli panahum “

Kuwasane kinawedan dening wong tur bagus rupane kang muji

Pujine Sikil : ” Sari mal maruna “

Kuwasane ora katon.

Pujine Pepusuh : ” Fasayakfikahumullahu, wahuwassami’ul ‘aliim “

Kuwasane luput senjata tawa.

Pujine Dalamake : ” Sangan sangun yuhyi wayumitu wahuwa allah lakuli sekkin katdir “

Kuwasane betah lumaku lan lumayu.

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)