MUTIARA RINONCE ING BENANG PINDHA PEKSI CINANCANG JALMA
Duta pengawak Pandawa anganthi panjenenganipun para Dewa, Bathara Narada, Bathara Rama Parasu, Bathara Kanwa tuwin Bathara Janaka tinampi kinurmatan dening Prabu Duryudana.
Sasampunipun prajanjen dipun tapak astani dening prabu Duryudana tumuli para dewa kondur ing kayangan. Mesem Prabu Duryudana ingkang sanget ngegungaken kaluhurane negari Hastina tumuli serat perjanjen dipun sebit-sebit makaten pangandikanipun:
Duryudana : "Dewa jare ngerti sadurunge winarah, ora saranta nunggu layang perjanjen takpasrahake bali marang duta pengawak adile ora duwe udel, leluhur hastina wus maringi Wanamarta dadi negara, lho ...kok bisa njaluk negara hastina sesigar semangka."
Kresna : "Yayi punika warisanipun Prabu Pandu, tuwin teka kula mriki wau sesarengan para Dewa."
Duryudana : "Inggih dewa sing keluwen ora bisa nyeyeger sarira, kayangan panggonane nduwur celak srengenge diarani prapat kepanasan, ora ana tukulan beda Hastina kebak kali bengawan kebak alas , gunung lan segara. Dewa ngendel-endelke midadari sing ana kayangan panas ngetak-ngetak mesti garing, beda nyawang wanudya Hastina luwih rupa kurang candra, jamu madu Hastina akeh alas, susu sapi wis mesti Hastina sugih sesuketan.
Hastina darahe Resi Wiyasa ora kurang waskita, adhi-adhiku Pandawa sejatine dudu darahe Prabu Pandu, upama Puntadewa mara dhewe ora kira jaluk Negara hastina sesigar semangga sabab ngluhurake leluhur, upama keladuk nggonku srakah negara Amarta takjaluk mesthi di ulungake kanthi lila legawa dening adhiku Puntadewa.
Tak tinting entek-entek pantok kaya patokan jembul sing jaluk warisan iku anak mantu gendruwa (petheng), nurut naluri ora ana bedane anak mantu karo anake dhewe. Dedongengane biyen paman Prabu Pandu nyidra resmi Dewi Trijatha garwane kapi Jembawan anak-anak aran Jembawati, wiwit iku paman Prabu Pandu kena wewelak ketaman lara peloh ora bisa lanang.
Hem..........Jembowati bojone sampeyan ya ?... eling-eling turunane wanara, bedhes elek iku sipate seneng rebutan, ora liya ratu kang nyenyepeti mripatku ing ngarepku iki."
Jleg triwikrawa ratu Dwarawati dados brahala sagunung anakan jalari kantaka Prabu Duryudana, pungun-pungun saking kantaka nyumurupi para kurawa boten miris nandhingi Brahala sabab ing mriku wonten Bambang Swatama kang sejatine panjalmane sang Lodramurti.
Liya dinten Prabu Duryudana rawuh wonten Negari Ngawangga tuwi kawilujenipun ingkang raka prabu Karna awit nalika rawuhe nata Dwarawati ninggalaken pasamuan, makaten pangadikane prabu Duryudana :
Duryudana : "Dhuh kaka prabu kang ati samodra, miturut wirit kasunyata serat-serat kina yasane para nimpuna nyariosaken bilih manungsa punika gesange kapurba dening WIDHI, beja cilakane manungsa sampun pinasthi sinerat dening kawasa sakderengipun linahiraken wonten ing donya.
Manungsa kapurba wisesa dening Kawasa ateges sakedhep netra kemawon manungsa boten gadhah kamardikan anguwasani beja cilakanipun piyambak boten benten peksi cinancang, mutiara rinonce benang.
Hyang widhi ingkang nglimputi saliring dumadi, awon saene manungsa, surga nerakane atas karsane Hyang. Manungsa amung piratos Hyang Widhi anggelar kawontenan.
Dhuh kaka prabu kula raosaken Widhi pandamelanipun rinten dalu kajawi amung tansah dolanan titah, sakedhap katitahaken sakedap karisak, samangke kagelar benjang kakukup kados dene lare alit dolanan. Pamanggih kula pamengkuhe Widhi dhateng titah punika Murah (ngayomi) kados dene Bapa anak ipun, Asih kados biyung.
Ananging Widhi teka kepareng dawahaken bebendhu dhateng titah kang lepat, kadi dene tiyang ingkang awon kadugi andawahaken bebendhu saha boten ngegungaken pangapura punika kalebet golonganing tiyang sabab Hyang Widhi Maha Asih."
Karna : " Ha...ha......yayi, yayi, punika namung pamanggihe tiyang miturut sagaduke dewasane pikir. Yayi Prabu kedah kemutan bilih Kang Maha Kawasa punika sakduwure pikirane titah, milanipun boten saged ginayuh mawi pangira-ira, sabab tan kena kinaya ngapa. Pangira-ira punika ateges ngarani kurang bejane kepleset kenging jati ngaran (naga jati ngaran).
Yayi Prabu Trah Resi wiyasa langkung prayogi kula dherekaken sumendhe takdir, sumarahe titah trima panduming dumadi tegesipun tumindak kita rumaggang damel kedah mamayu hayuning nagari, Beja cilaka sesa-sesa ingkang sami ngarani sedaya sampun kapasrahke marang Hyang. Menawi sampun pasrah punika tindak kita sampun boten tanggung-tanggung mboh dadine mangsa bodhoa Pangeran. Golong giligke tekad ingkang boten tanggung-tanggung sayekti saged mrantasi damel.
Boten cimeng manawi gagal nyalahke sing Kuwasa, yen nemu beja muja-muja sing kawasa punika manungsa boten mulat salira.
Yayi ampun ngandel marang piwulang kang lebet-lebet, ngandela menawi sampun saged jajagi jeronipun. Ampun ngandel dhateng pituturing tiyang ingkang boten kaseksen dening gumelaring akal. Ampun ngandel dhateng piwulang serat-serat kuna sabab upami muni abang sejatine ijo punika dinapur pralampita, badare pralampita saking pangertosane pribadi (kalantipane batin). Sagedipun lantip kala wau inggih kedah betahaken maos serat-serat kuna kang tinolak batin denanggep minangka wisane kawruh. Dados batin saged nyandaki oooooo, jebule mung ngono ngertine saking awake dhewe sanes saking seratan kuna."
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)

