ANAK POLAH BAPA KEPRADAH ANGGADHANG WIJILE SANG PUTRA SEJATI
Pasewakan agung Hastina pura prabu Pandu dewanata angrawuhaken ingkang raka kekalih inggih Prabu Salyapati tuwin Prabu Basudewa angrembah pamotahe Dewi Mandrim anggenipun kepengin nitih lembu Andini makaten pangandikane para priyagung:
Pandu : "Kaka prabu kula aturi tumut ngembat ruwet tentenging negati Hastina, ing dinten samangke ponang jabang bayi nyuwun nitih lembu Andini, kados pundi pamanggih paduka kakaprabu kekalihipun?"
Salya : " Yayi, Boten dupeh Madrim punika adhi kula ananging jejere ibu kang kinarya papan pertapan panggenanipun putra sakderengkpun kalahiraken . Sedaya gegeter ingkang kagigah dening penggalihipun ibu sayekti saged andayani dhateng gegeter ingkang sinandang ing atmaja, gegeter wau saged nyembuh dhateng wewatekan, upami pamotahe jabang bayi boten katurutan, nyuwun sewu adat saben wewatekane jabang bayi kirang prayogi."
Basudewa : " Yayi kula dherek udu pamrayogi ....Hem ..ewuh aku, Yayi sampun katah dedongengan luhur wiwit prabu Duswanta tuwin Dewi Sakuntala. Boten sisah tebih2.
Rama Mahatma Bhisma putranipun swargi Prabu Sentanu murti, mila sinebut putra mengku werdi PUT ateges neraka, TRA ateges ngetas, dados minangka juru angentasaken saking Naraka inggih kasangsaran. Sang Bhisma kuwawa angorbanaken napsu2 pribadi amung kagem ngluhuraken asmane ingkang rama kang sejatine dados kamulyaning raos."
Yayi prabu kalilanana pun kakang pamit badhe sowang dhateng Suralaya nyuwun ngampil lembu Andini konjuk paduka yayi, nadyan nerak wewalere dewa badhe kula trajang waton pulunan kula katurutan pamotahipun."
Pandu : " Maturnuwun kaka prabu kekalih ing dinten punika kula nyueun pamit badhe marak sowan Bathara Guru nyuwun ngampil Lembu Andini."
Sasampunipun marak sowan Bathara Guru Pandu kalilan ngampil lembu Andini mawi bebana manawi pejak kedah dados intipe naraka ananging tetep dipun sembadani dening Prabu Pandu kanthi dasar anak polah bapa kepradah. Tumuli prabu Pandu tuwin Dewi Madrim nglanglang jagad nitih lembu Andini tuwin wicara dhateng Bathara Guru.:
Pandu :" Keparenga ningali pukulun, bagus pundi Bathara Guru tuwin Prabu Pandu?"
Bethara Guru : " Iya bagus kowe nanging noleh, nalisir saka idepe panembah."
Pandu : " Langkung boten prayogi paduka pukulun, amit2 cacat tangan papat, siyung sagedhang klutuh, suku apus jangga belang biru. Wiwit ri kalenggahan punika para Dewa katelukaken dening ratu Hastina Pandu agelar Dewa nata.
Wiwit dinten punika kula Ratune para dewa ideping ati boten wonten ingkang sinembah dening Pandu. Awit Kang Maha Kuasa punika sarwa kecukupan ora butuh apa2 sabab sarwa luwih tuwin sarwa Maha ora butuhake sembahing titah.
Sing butuh punika sing kekurangan , kados paduka pukulun jaluk di sembah kapara dibangetke nganggo prentah, kanthi pamilut di iming2i widadari sing ora gelem diweden-wedeni nganggo pasiksan, yen ora dituruti nesu ngancam-ngancam paring sapudenda punika watekane titah sanes Hyang Welas-Asih.
Punapa paduka pukulun boten paring pangaksama dhumateng titah ingkang boten purun nyembah? menawi makaten paduka gedhe pamrihipun tuwin edan kinurmatan. Saupami paduka pukun paring maklum asih dhateng sasamine dasih boten paring bendu dhateng ingkang boten purun nyembah tartamtu titah cukup damel kasaenan dhateng sesamine titah, punapa pukulun boten karenan ing penggalih titahe sami rukun boten padudon sing nyembah tuwin ingkang boten purun nyembah."
Bethara Guru : " Ulun wakile kang gawe jagad "
Pandu : " He....he......, apa tumon Hyang Maha Kuasa kerepotan mranata obah osik jagad dadak nganggo wakil titah sipate dewa nanging isih bagus Pandu samukawise."
Bathara Guru : " Yen mangkono sapa sesembahanmu?"
Pandu : " Sesembahane Pandu dudu sapa lan dudu apa. Yen Sapa ateges nyembah Asma tan sumurup marang kang ditengeri asma, kaya dene wong manah ora ngerti pernahe sing dipanah dadi tanpa guna sembahe."
Menawi paduka pukulun nyembah kang gawe jagad ingkang paduka sabdaken wau sanes Kang Maha Kawasa nanging namung wujud ucap2an kang medal saking dayane pikir., ateges pukulun mangeran marang pikirane pribadi. Kang Maha Kawasa tan saged dinuwa mawi pikir sabab Kang Maha Kawasa sakjawine kekiyatan pikiran manungsa ateges boten saged kagantha tuwin kaentha-entha mawi pikiran.
Sembahe Pandu sembah rasa boten ing ucap2an ananging diraosaken (dihayati) kang tuwuh saking rasa murni, Rasa tumuju marang Hyang Tuhya inggih Hyang Maha suci tan kena kinaya ngapa, muhung saking patrap Heneng hening awas eling."
Bathara guru : " Yen mangkono sira bakal nyalahake sing beda patrape panembah?"
Pandu ; " Panemune manungsa bab patrap punika akehe kados dene tukule suket, dhereng tamtu gegebengane Pandu leres, tuwin dhereng kantenan gegebengane tiyang sanes salah. Sedaya miturut keyakinane piyambak2 sabab Pangeran sipat Kawasa. Boten rumaos leres inggih boten nyalahake kawruhe liyan sedaya wau tumuju marang karukunan. Sagadukipun ingkang sami nglampani wiwit sembah raga
,sembah cipta, sembah jiwa, sembah sukma,......sembah rasa.
Angelingi Pangeran Maha Tunggal inggih Maha Esa, nadyan benten2 patrape nanging tunggal rasane tumuju marang Hyang Maha Suci sejati.
Bathara Guru : " Iya Pandu pratitis ucapmu, sira antuk kamurahaning ulun wiwit dina iki sira wenang sinebut Pandu DEWANATA. Sira bakal antuk pangapurane jawata manawa besuk ana anakmu kang ngentasake sira saka nerakaloka."
Bingah gambira manahe prabu Pandu dupi nampi sabda pukulun Bathara Guru lali purwa dusina, wahuta jroning nganglang jagad nyumurupi kidang kekalih sami posah pasihan andum asmara katingal nyengsemaken tuwin anuju prana , panas atine prabu pandu mandap saking lembu Andini rumaos kasemonan, Gya linepasan panah sang kidang dumugine pejah badar dados Resi Kimindama kutah ludira paring Sopata
Kimindama : " Heh Pandu tilingno kandhaku , besok sira bakal kena tadah kalamangsa."
Prabu Pandu nalangsa rumaos dosa, awit keladuk anggenipun suka parisuka temahan kecalan kalantipane batos dados ketul dumawah boten mujur temahan ajur kumur-kumur lelakonipun.
Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging pangaksami.
Saking:
Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati

