AJA DUMEH SUGIH BANDA
Eling-eling
sira manungsa,
Temenana
lehmu ngaji,
Mumpung
durung katekanan,
Malaikat
juru patiLuwih susah luwih lara,
Rasane
wong nang naraka,
Klabang
kures kalajengking,
Klabang
geni ula geniRante geni gada geni,
Cawisane
wong kang dosa,
Angas
mring kang Maha Kwasa,
Goroh
nyolong main zinaLuwih beja luwih mulya,
Rasane
manggon suwarga,
Mangan
turu diladeni,
Kasur
babut edi peni.
Cawisane
wong kang bekti,
Mring
Allah kang Maha Suci,
Sadat
salat pasa ngaji,
Kumpul-kumpul
ra ngrasani.
Omong
jujur blaka suta,
Niliki
tangga kang lara,
Nulungi
kanca sangsara,
Pada-pada
tepa slira.
Yen
janji mesthi netepi,
Yen
utang kudu nyahuri,
Layat
mring kang kasripahan,
Nglipur
mring kang kasisahan.
Awak-awak
wangsulana,
Pitakonku
marang sira,
Saka
ngendi sira iku,
Menyang
endi tujuanmu.
Mula
coba wangsulana,
Jawaben
kalawan cetha,
Aneng
endi urip ira,
Saiki
sadina-dina,
Kula
gesang tanpa nyana,
Kula
mboten gadhah seja,
Mung
karsane kang Kuwasa,
Gesang
kula mung sa’derma.
Gesang
kula sapunika,
Inggih
wonten ngalam donya,
Donya
ngalam karameyan,
Isine
apus-apusan.
Yen
sampun dumugi mangsa,
Nuli
sowan kang Kuwasa,
Siyang
dalu sinten nyana,
Jer
manungsa mung sa’derma.
Sowanmu
mring Pangeranmu,
Sapa
kang dadi kancamu,
Sarta
apa gegawanmu,
Kang
nylametke mring awakmu.
Kula
sowan mring Pangeran,
Kula
ijen tanpa rewang,
Tanpa
sanak tanpa kadang,
Banda
kula katilaran.
Yen
manungsa sampun pejah,
Uwal
saking griya sawah,
Najan
nangis anak semah,
Nanging
kempal mboten wetah.
Sanajan
babanda-banda,
Morine
mung telung amba,
Anak
bojo mara tuwa,
Yen
wis ngurug banjur lunga.
Yen
urip tan kabeneran,
Banda
kang sapirang-pirang,
Ditinggal
dinggo rebutan,
Anake
padha kleleran.
Yen
sowan kang Maha Agung,
Aja
susah aja bingung,
Janjine
ridhone Allah,
Udinen
nganggo amalan.
Ngamal
soleh ra mung siji,
Dasare
waton ngabekti,
Ndherek
marang kanjeng nabi,
Muhammad
Rasul Illahi,
Mbangun
turut mring wong tuwa,
Sarta
becik karo tangga,
Welasa
sapadha-padha,
Nulunga
marang sing papa.
Yen
ngandika ngati-ati,
Aja
waton angger muni,
Rakib
ngatit sing nulisi,
Gusti
Allah sing ngadili.
Karo
putra sing permati,
Kuwi
gadhuhan sing edi,
Aja
wegah nggula wentah,
Suk
dadi ngamal jariyah.
Banda
donya golekana,
Metu
dalan sing prayoga,
Yen
antuk enggal tanjakna,
Mring
kang bener aja lena.
Aja
medhit aja blaba,
Tengah-tengah
kang mejana,
Kanggo
urip cukupana,
Sing
akherat ya perlokna.
Aja
dumeh sugih banda,
Yen
Pangeran paring lara,
Banda
akeh tanpa guna,
Doktere
mung ngreka daya.
Mula
mumpung sira sugih,
Tanjakna
ja wigah wigih,
Darma
ja ndadak ditagih,
Tetulung
ja pilah-pilih.
Mumpung
sira isih waras,
Ngibadaha
kanthi ikhlas,
Yen
lerara lagi teka,
Sanakmu
mung bisa ndonga.
Mumpung
sira isih gagah,
Mempeng
sengkut aja wegah,
Muga
sira yen wus pikun,
Ora
nlangsa ora getun,
Mula
kanca da elinga,
Mung
sapisan aneng donya,
Uripmu
sing ngati-ati,
Yen
wis mati ora bali,
Gusti
Allah wus nyawisi,
Islam
agama sejati,
Tatanen
kang anyukupi,
Lahir
batin amumpuni.
Kitab
Qur’an kang sampurna,
Tindak
nabi kang pratela,
Sinaunen
kang permana,
Sing
sregep lan aja ndleya.
Dhuh
Allah kang Maha Agung,
Mugi
paduka maringi,
Pitedah
lawan pitulung,
Margi
leres kang mungkasi.
Nggih
punika marginipun,
Tetiyang
jaman rumuhun,
Ingkang
sampun pinaringan,
Pinten-pinten
kanikmatan,
Sanes
marginipun tiyang,
Ingkang
sami dinukanan,
Lan
sanes margining tiyang,
Kang
kasasar kabingungan.
Gesang
kita datan lama,
Amung
sakedheping netra,
Maena
sami andika,
Rukun
Islam kang lelima.

