SULUK BABARANING NGELMU MAKRIPAT

0

SULUK BABARANING NGELMU MAKRIPAT

 




Dhandhanggula.

Wonten malih pingilaning ngilmi, pipiritan saking kitab Daka,

kapendet ing saperlune, wedharaning pra guru, miwah murid kang

sami kasil, minangka pralampita, ning para saharju, wijanganing

wewejangan, sakathahing suluk pra sami pinethik, pathokkaning

kewala.

Mung manambung ing kata kaesthi, musthi rehing para leliya,

minangka pamersudine, sawawedharing ngilmu, mangkya wonten

ingkang kapirit, rikala Seh Malaya, jinaten ing guru, Jeng Nabi

Kilir wejangnya, ambabarken sakathahing kanan jati, makaten

andikanya.

Poma jebeng ing wawaler mami, tembe lamun prapta kehing dajal,

ing kono den awas bae, mring pamurunging laku, aja ana kang

sira apti, den bener den waspada, inganggep ireku, yen wus ta

sikeping sira, aja mung den nganggo warah yen angling, yeku reh

pipingitan.

Nora kena lamun den rasani, lan sasama samaning manungsa,

yen ora lan nugrahane, yen ana sedya padu, angrasani rarasan iki,

ya teka kalahana, aja kongsi banjur, aja ngadekken sarira, ywa

karaket mring wisayaning ngaurip, balik sikepen uga.

Kawisesa kang maring ing pati, den awas pamanthenging cipta,

rupa ingkang sabenere, sinengker buwana gung, urip nora nana

nguripi, datan antara mangsa iya ananipun, yen wus ana ing

sarira, tuhu tunggal kalawan ing sira iki, tan kena pisahena.

Datan beda sangkanireng nguni, tunggal pakartining sabuwana,

pan dudu lan pamyarsane, wus aneng ing sireku, pamyarsaning

suksma sajati, ya tan lawan karana, ing pandulunipun, wimah

nora lawan netra, karnanira myang netranta kang kinardi, anane

aneng sira.

Lahiring suksma aneng sireki, bathinira kang ana ing suksma, iya

mangkono patrape, kadya wreksa tinunu, ananing kang kukusing

ngagni, sarta kalawan wreksa, lir toya lan alun, kadya menyak

lawan puwan, raganira ing reh obah lawan mosik, iya sarta

nugraha.

Yen wruha pamoring kawula gusti, sarta suksma kang sinedya

ana, den wor ing sira anggone, lir wayang kita iku, saking dhalang

kang misesani, mangka papanggur jagad, kelir alamipun, amolah

lawan pinolah, sasolahe kumedhap, myarsa ningali, tumindak lan

pangucap.

Kang wisesa lan kang amisesani, datan antara pamoring karsa, jer

tanpa rupa rupane, wus ana ing sireku, upamane paesan jati,

ingkang ngilo ywang suksma, wayangan ireku, kang aneng

sajrining kaca, iya sira jenenging manungsa jati, rupa sajroning

kaca.

Luwih gengya kalepasan ugi, lawan jagad ageng kalepasan,

kalawan luwih lembute, salembutaning banyu, apan lembut kang

suksma jati, luwih alit kumedhang, saya alit tengu, pan maksih

alit ywang suksma, teka luwih misesa sabarang kalir, ing lembut

alitira.

Bisa nuksma lembut lawan alit, kalimputan kabeh kang

rumangkang, kang gumremet datan paruha, kaluwihan satuhu,

luwih enggonira nampani, tan kena ngandelena, ing basa puniku,

den banget panguswanira, badanira wasuhen, den kongsi resik,

wruha rungsiting basa.

Wuruk iku upamane wiji, kang winuruk upamane papan, kaya

kacang lan kadhele, sinebar aneng watu, yen watune datan pa siti,

kodanan kepanasan, yekti nora thukul, lamun sira wicaksana,

tingalira sirnakna ananireki, dadya tinggaling suksma.

Rupanira swaranira nunggil, ulihena mring kang duwe swara jer

sira ingaken bae, sisilih kang satuhu, nanging aja duwe sireki,

pakareman paliyan, marang ing hyang agung, dadya sarira

bathara, obah mosikina pan wus dadi siji.

Lamun dadi anggepira yekti, yen angrasa roro maksih was-was,

kena ing ngridu yektine, yen wus siji kang wujud, saka rentegira

ing ati, ingkang sinedya ana, kang cinipta rawuh, wus kawengku,

aneng sira, jagad kabeh jer sira kinarya yekti, gentine ing sasegah.

Yen mangarti ing puniki, den awingit sarta den asasab, sasap

pamer panganggone, saking ta batinipun, sakedhap tan kena ing

lali, lahire sasaban, kawruh patang dhapur, padha anggepen

sadaya, kalimane kang siji iku premati, kanggo ing kene kana.

Liring mati sajroning ngaurip, iya urip sajroning apejah, urip bae

salawase, kang mati iku nepsu, basa lahir basa nglakoni,

katampan badan nyawa, amore sawujud, pagene ngrasa matia,

seh Malaya tyasira padhang nampani, wahyu nugraha prapta.

Lir sasongka katawengan riris, praptaning wahyu ngima nirmala

sumilak ilang regede, angling malih nulya rum, Nabi Kilir ririh

amanis, tan ana aji paran, kabeh wus kawengku, tan ana

ingulatan kaprawiran kadigdayan wus kawingking, kabeh rehing

ngayuda.

Telas wulange Jeng Nabi Kilir, Seh Malaya ing tyas wus tan

kewran, wus weruh namane dhewe, hardaning swara muluk,

tanpa elar anjajah bangkit, wawengkon jagad raya, angga wus

kawengku, pantes ambantingi, basa, sahenggane sekar malesih

kudhup lami, mangke sekar ambabar.

Wuwuh warnane lan gandaneki, pan wus kena ingkang panca

mulya, wus medal saking garbane, pan sampun marek gupuh,

angulihi alame lami, Nabi Kilir ngandika, he jebeng sireku, wus

katrima ing ywang suksma, lulus saking gandaning kasturi jati,

papanasing tyasira.

Wus laksana salekere, bumi, ujer sira wus lebda sadaya, lire

kabeh kamulyane, den mantep tarimeku, dipun kadi ngangge

sutra di, maya-maya kaslira, ing reh sarwa alus, sinuksmeng mas

ing kancana, kahanannya harjaning tyas sinuksmeng manik, wruh

kapenaking tingkah.

Milih sumping abra puspita di, warnaning sekar kinta sumekar,

kasturi jati arane, pratandha datan kerut, ing pahit tan wekan ing

pati, angungkabi kabisan, kawruh tan kaliru, poleng bang bitulu

lima, aparaga kawiled dinulu sari, lanoingan kampuhira.

Mangka pangemut-emut, ing nguni, titiga duk aneng jroning

garba, Nabi Kilir pepengete, ireng bang kuning iku, pamurunge

laku ngadhangi, kang putih iku tengah, sidaning pengangkuh,

kalimeku kang ginanjar, den kaesthi sanalika tan alali, den mulus

antepira.

Saking wrateng sun karya ling-aling, pambengkasing sumringah

jub riya, den kesthi siyang dalune, akathah dennya ngrungu,

pratingkahe para miharsi, kang samya kaluputan ing

pangangkahipun, pangancabe kawruhana, wus abener wekasan

mati tan dadi, kawileting tatrapan.

Ana ingkang anitis para ji, sugih garwa miwah raja brana, ana

kang nitis putrane, putra kang arsa mengku, karesmene wong sijisiji,

samyantuk kaluwihan, ing panitisipun, yen mungguh Sang

Seh Malaya, durung arsa yen mati sumedya nitis, sadaya iku

arang.

Tibaning pati tan kena pinasthi, yen durung jumeneng janma

utama, ingkang mangkono anggepe, pangrasane wus nemu, suka

sugih tan wruh ing yekti, anuli nemu duka, kabanjur kalantur,

sanggone nitis kewala, tanpa wekas kangela tinemu, tan bisa

babar pisan.

Yen luputa patakoning bumi, iya apa kalamun neng donya, ing

pati marang tibane, ing kono karemipun, nora kuwat parenging

pati, keron pan kasamaran, maksih wowor sambu, abote ulah

kamuksan, nora kena nolih bapa anak rabi, sajroning awekasan.

Yen luput sajroning bumi,-bumi, luhung biyen aja dadi janma,

sarta gampang pratikele, sirnane tanpa tutur, yen wus salin

benering pati, langgeng tanpa karana, angga buwana gung,

umeneng tan kadya sela, beningira iya nora kaya warih, warta

tanpa tuduhan.

Kang saweneh pandhita ngantepi, ing kamuksan nenggih

peksanira, anjungkung kasutapane, nyana kena den rengkuh,

tanpa tuduh mung tapaneki, tan mawi puruhita, suwung

kadalurung, mung temene ciptanira, durung antuk wurung

pratikel kang yekti, anganda ngayawara.

Dennya tapa kongsi gagang aking, pekanira dennya mrih wekasan,

tanpa tuhu sirnane, kematengen tanpa wuk, ing pratikel kurang

utami, tapa iku minangka, reragi pan amung, ngelmu kang

minangka ulam, tapa tanpa ngelmu iya nora dadi, yen ngilmu

tanpa tapa.

Cemplang-cemplang nora wurung dadi, lamun nora wudhar ing

tatrapan, kecagak sagung bekane, sayekti dadinipun, apanaken

Pandhita sandi, wuruke sinatengah, marang muridipun, muride

landhep priyangga, kang linempit ingudhar raose nuli, ngaturken

gurunira.

Pamudharing mung grahitang ati, nguni-uni durung mambu

warah, saking tan eca manahe, ngaturken gurunipun, langkung

ngungun tumut nganggepi, sinambadaken marang, Pandhita nung

agung.

 




****

Terjemahan dalam Bahasa Indonesia :

SULUK BABARANING NGELMU MAKRIPAT

Dhandhanggula.

Ada lagi sebagian ilmu, wiridan dari kitab Daka, diambil

seperlunya, keterangan para guru, dan murid yang terbukti benar,

dari pengalaman, di masyarakat, penjelasan wasiat, sebanyaknya

suluk yang diambil, dari zaman dahulu.

Hanya menyambung sebagian cerita, kepastian dari orang lain,

seandainya bersedia, setelah belajar, semoga ada yang dapat

diambil, ketika Seh Malaya, berguru kepada guru, wejangan

Kanjeng Nabi Khidzir, menjelaskan kepada sebagian teman,

berikut penjelasannya.

Seandainya kamu mendengar, berita tentang dajal, berhatihatilah,

terhadap perilaku, jangan ada orang sombong, yang

berhati-hati yang waspada, terhadap dajal tersebut, jika orang

sudah bersikap seperti itu, jangan sembarangan menyebarkan

ajaran apabila lupa, lakukan sebisanya.

Tidak boleh hanya dirasakan, dan sesama manusia, bila tidak

saling berbagi, jika masih ada percekcokan, merasuki perasaan

ini, kalahkan saja, jangan setengah-setengah, jangan biarkan

masuk ke tubuh, mendekatlah kepada yang memberi hidup,

kembali bersikap juga.

Patuh kepada yang memberi kematian, takutlah melihat Pencipta,

wajah yang sebenarnya, penguasa jagad raya, hidup tidak ada

yang menghidupkan, berbeda dengan mahluk lainnya, jika sudah

ada di tubuh , menyatu dengan badan ini, tidak bisa dipisahkan.

Tidak berbeda dengan omongan orang, mengetahui perbuatan

sejagad, yang berbeda dan melihat, sudah ada di tubuh ini,

penjaga sugma sejati, tidak dengan sebab, seperti pendahulunya,

dan tidak dengan orang nakal, karena kenakalan sejati, adanya di

tubuh.

Lahirnya sugma di tubuh ini, batin kita yang ada di sugma, ya

disitulah tempatnya, harus dicerna secara serius, yang ada hanya

ketenangan, serta dengan dicerna, seperti air yang mengalir

dengan pelan, harus kesana mengikuti arus, raga ini dalam

perilaku dengan orang lain, serta saling berbagi.

Bila mengetahui wibawa hama Tuhan, serta sugma yang selalu

ada, yang bersama tubuh ini tempatnya, seperti wayang kita itu,

dari dalang yang menguasai, di panggung dunia, beserta alamnya,

berkehendak sesuai kehendaknya, ada dimana-mana, mendengar

melihat, terjadi bila diucapkan.

Yang berwenang dan yang menguasai, tidak samar-samar, tetapi

tanpa wujud, sudah ada di tubuh ini, seperti kaca jati, bahkan

lebih kecil, melebihi kutu, dan lebih kecil dewa sugma, melebihi

semuanya, dalam balutan lembut unsur terkecil.

Bisa nyamar lembut nan kecil, melewati semua yang nampak,

yang bersatu tidak terpisah, lebih pasti, lebih bisa diterima, tanpa

bisa diandalkan, dalam basa tersebut, yang sangat suci,

bersihkanlah badan ini, agar bersih, mengetahui sebagian basa.

Kemudian seperti padi, yang terletak di dasar, seperti kacang dan

kedelai, tersebar di bebatuan, yang batunya tidak rata, kehujanan

kepanasan, walaupun tidak tumbuh, tetapi kamu bijaksana,

lihatlah dalam dirimu, masuklah ke dalam sugma.

Wajahnya suaranya nampak, kembalikan kepada yang mempunyai

suara dan kamu biarkan saja, pilih yang benar, tetapi jangan

mempunyai kejelekan, yakinlah kepada Tuhan, jadilah dirimu

dewa, perilaku apapun sudah menjadi satu.

Namun jadi anggapan, bila merasa masih sakit tetap berhati-hati,

bisa memahami maknanya, jika sudah satu yang ada, dari

susahnya hati, yang selalu ada, yang ditakdir untuk datang,

sudah menyatu di tubuh ini, semuanya, untuk pencegahan.

Apabila mengerti kalimat ini, yang menakutkan serta berubahubah,

kesombongan tempatnya, tetapi batin kita, jangan sampai

lupa sedikitpun, lahirnya perubahan, itu ada di belakang, yang

beranggapan semua, kelima itu yang satu itu mati, untuk sana

sini.

Tahu mati di dalam hidup, dan hidup di dalam mati, hidup

selamanya, yang mati itu nafsu, bisa lahir bisa melakukan,

tertangkap badan nyawa, menyatu, seperti merasa mati, seh

Malaya dengan senang hati menerima, wahyu mulia tersebut.

Seperti rembulan tertutup hujan, datangnya wahyu suci agar

hilang kotornya, berubah menjadi wangi, Nabi Khidzir penyayang,

tanpa meminta balasan apapun, semua sudah dimaafkan, tanpa

mengingat mengungkap yang sudah lalu, semuanya dirangkul.

Sudah habis ajaran Kanjeng Nabi Khidzir, seh Malaya sudah tidak

takut, sudah mengetahui jati dirinya, menahan suara apapun,

dengan kemampuannya, menyatu dengan alam semesta, tubuh

sudah pasrah, siap apabila sengsara, sehingga kebaikan terpancar

terus, sampai harum aromanya.

Bagus warnanya dan mempesona, memancarkan kemuliaan,

sudah keluar dari perutnya, sudah bisa membuat baru,

membolehkan tinggal di alamnya, Nabi Khidzir bersabda, hai

murid yang diberi kemuliaan, sudah saya terima dewa sugma,

lulus dari berbagai rintangan.

Sudah melakukan semuanya, dan kamu sudah mendapatkan

semuanya, termasuk semua kemuliaan, yakin diterima, seperti

memakai sutra kebesaran, terlihat begitu terhormat, bertingkah

laku sopan, berkereta kencana emas, tempatnya penuh dengan

mustika, mendapatkan apa yang diinginkan.

Memilih apapun yang mulia, berkembangnya warna sehingga

membesar, orang yang harum sebutannya, pertanda tidak kerut,

tanpa ada matinya, mengungkap pengetahuan, tanpa ada

kesalahan, tajam ucapannya, pandai memilih pasangan, ahli

perang.

Menjadi pujian, menuju kedalam perut, pesannya Nabi Khidzir,

hitam merah kuning itu, sejatinya masih menghalangi, yang putih

itu di tengah, jadi pemisah, lima yang berwarna, mengingatkan

ketika sedang lupa, agar lurus jalannya.

Dari pembicaraan buat pengingat, senang menjadi orang besar,

yang mulia siang malam, semua orang mengetahui, kelakuan para

miharsi, yang tidak luput dari kesalahan, merasakan kenikmatan,

sudah benar setelah mati tanpa menjadi, kebancut gelar.

Ada yang mengangkat para ratu, kaya permaisuri banyak uang,

ada yang mengangkat anaknya, anak yang mau menganggap,

mempunyai karisma sendiri-sendiri, semua mendapat kelebihan,

orang tersebut jika ada Sang Seh Malaya, belum mau apabila

mati, semua itu jarang.

Datangnya mati tidak dapat dipastikan, bila belum menjumpai

orang tersebut, yang itu sebutannya, sudah bisa dirasakan, kaya

tanpa mengetahui maknanya, ternyata susah, terlanjur terbiasa,

tempatnya orang zaman dahulu, tidak dengan pesan yang sulit,

dan tidak akan pernah selesai.

Apabila lalai menjawab pertanyaan bumi, seandainya di dunia,

semua akan sirna ketika mati, disitu tempatnya, tidak sanggup

menolak kematian, karena kerinduan, sayang dengan kebaikan,

berat kebaikannya, tidak bisa melihat bapak anak istri, di dalam

pesan.

Ketika lalai di dunia, jangan seperti petinggi zaman dahulu, serta

mudah tergoda, hilang tanpa kata, apabila sudah berganti dengan

kematian, abadi tanpa sebab, sejagad raya, tidak begitu luas,

bersihnya melebihi air, kabar tak jelas.

Yang memberi pandhita, dalam kebaikan di paksa, mendukung

pandhita, membuat pikiran bingung ,tanpa petunjuk hanya papan

saja, tidak memakai guru, sunyi senyap, hanya berteman

bayangan, belum mendapat ketentuan yang pasti, membuat kita

lelah.

Apabila kita mulai bosan bertapa, tumpangan kita selesai, tanpa

kepastian, kefasihan tiada hilang, dalam hal ini kurang penting,

bertapa itu seperti, raga yang harum, ilmu yang seperti cahaya,

bertapa tanpa ilmu itu tidak jadi, apabila ilmu tanpa bertapa.

Setengah-setengah belum tentu jadi, namun tidak terlihat

memudar, tertahan semua isinya, jadinya yaitu, menjadikan

pandhita samar, keburukannya terlihat, kepada muridnya,

muridnya pintar sendiri, yang tersimpan di perkataan, kata

gurunya.

Memudarnya kesusahan hati, perkataan belum ada yang

mengajari, dari yang tidak tenang, kata gurunya, kemudian segera

ditiru, yang membuat, pandhita semakin agung.



Imajiner Nuswantoro 




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)