WIDHI ASIH PRANA DWITUNGGAL KETAWANG SARINING GESANG
Kesambet dening wulang wuruke Begawan Dwapara, prabu Parta Wijaya kelangan kaprayitnan batin, minggah gunung sapta rengga soroh amung pertapan digawe karang abang. Mulat Bambang Sakutrem gya mapak tekane Prabu Partawijaya makaten sumbaripun :
Parta Wijaya : "Brahmana keparat ana ruwet rentenging negara ora melu cawe2 bebasan udu tembung saklimah ora kewetu kaya ngemut inten bungkem sewu basa, brahmana sasar , hayo sapa kowe ngakua sadurunge takilangi jagake sirahmu?"
Satrukem : "Kaya raja amacak dandan cara brahmana, bosah basehake pertapan kang ora ana dosane, iku kelakuwane manungsa apa celeng ?"
Jleg sanalika Prabu Parta wijaya malih wujud dadi celeng nangis sesengrukan nyebut ingkang mantu Raden Sakri, dupi sedaya sami mangertos sejatine Prabu Parta Wijaya besanipun Bambang satrukem nuli dipun sidikara pulih kados sakawit. Nuli sami jejagongan.
Parto Wijaya : " Adhuh kakang Panemban, geageng pangaksama paduka awit lampah kula ingkang nerak susila kesambet kawrunipun Begawan Dwapara. "
Satrukem ; " Boten dados punapa, kalilanana sang Prabu kula badhe anjarwani menggah punapa sababipun kula boten tumut-tumut olah kaprajan. Awit jejere brahmana kedah mungkur saking pepaes donya ngudi memanising pati kang patitis. Manawi satriya kedah ngembat ruwet rentenge praja.
Upamia meksa kula kedah tumut olah kaprajan ateges mangro tingal, kedahipun kula kipataken kok tansah disandhing . Ing tembe wingkingipun kamuksan saget tuna kagridu tabet2ing donya."
Parta Wijaya : " Ha..inggih, upami lengser keprabon kula inggih badhe masanggrah madeg bramana, condhong raos kula. Punapa jalari kukute jiwangga panemban?"
Satrukem : " Dhuh sang prabu, upami tinarbuka dereng guwa raganipun, boten pilih raja utawi sudra rasanipun PADHANG sarta wening amargi katuntun dening rasane pribadi. Ingkang sami ngarani NGUKUD boten kecalan panca indriya, boten panca indriyane meneng boten mangerti. Amargi daya kekuatane Gesang kang suwaune gesangi panca indriya sami angumpul dhateng kang amengkoni panca indriya ya ingaran kang amengkoni saliring rasa rumangsa bisa ditembungake kukudane jiwangga.
Sabanjure ingaranan Dwi Tunggal bisaha milah-milah ing nunggal misah antaranipun angen-angen kaliyan jiwanipun. Manawi pepilahan kalih warna punika sampun terang saged ngraosaken alusing rasa dipun basakaken awas loroning atunggal."
Semar : " Blegegeg ugeg-ugeg, sadulita mel-mel, He..Satrukem aku atut ora ?.
Satrukem : " Dhawah kaleresan Wa Semar, Awas punika boten kasamaran dipun emong dening kyai Semar. Punika boten namung tumrap pepilahanipun kemawon nanging ugi panunggale kang ingaran PRAMANA. Terang sakterangipun tumrap tingale rasa tuwin pangerten sagede kaleksanan jumenengaken pramanane menawi semecinipun sagec meneng temenan boten namung meneng badan wadag , angen-angen lan napsu sampun boten makerti lestari meleng sawiji mring Hyang Widhi ingaran sembah tanpa kendat tanpa pedhot.
Kawahya(kabuka) yen sinukmaya kasaring ketawang wonten mangsa kalane sepi saking rubedane angen-angen napsune panca indriya. Jalari samadinipun saged pramana dados eling boten saged lali. Punika pratanda sampun manunggale rasa kaliyan kang amengku sakabehe watak jiwa, saged dipun wastani nunggal mring Hyang Maha Tunggal kaya dene Surya kaliyan sorote."
Semar : " Sinuhun sumangga kula dherekaken kampir wonten wisma kula, minangka prasemone nunggale kawula lan gusti, wong cilik kaliyan wong luhur."
Parta Wijaya : " Sendika dhawuh pukulun, upami boten wonten kawula ratu punika sanes sapa-sapa. Manunggale kawula lawan gusti negari kula Tabelasuket saged Mardika salaminya gemah ripah loh jinawi, pukulun."
Satrukem : " Minangka panutuping atur kula sinuhun, Jiwa kang gesangi kaupamakna sorote srengenge kang nyoroti sawijine wujud, supaya wujud wau katon ana tuwin rumasa ana sanadjan diarani SUWUNG. Nanging suwung punika sulapane kang gumelar, ingkang ngarani suwung kang dumadi dene kang dadekake ngarani ANA."
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)