SING SAPA NGERTI GESANGE PRIBADI PRASASAT NGERTI MARANG KANG AKARYA GESANG

0

 SING SAPA NGERTI GESANGE PRIBADI PRASASAT NGERTI MARANG KANG AKARYA GESANG

(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)



Risang Anoman  anggenturaken tapa nyeyuwun dhateng Hyang Maha Kawasa supados enggalo angambah jaman kamuksan, sabab sampun dangu tumitah amenangi tigang jaman, wiwit loka pala dumugi jaman pandawa kurawa.  

Wauta kang prayetneng kewuh Begawan Senalodra dupi nyumurupi kadang tunggal bayu matekung ancase nantang kodrat kiniriman aji pameling dhawah pyak kapidara, pungun-pungun saking samadi  tumuli  paring sabda sora sopata:

Anoman : "  He... yayi, tingkahmu iku kurang prayoga, dosa-dosane dosa ora kaya wong jugarake tapa, sabab panjenenganingsun lagi ngadep marang pangeran."

Senalodra : "  Bebakalmu isih wor suh  tekadira mring patrape brata, tanpa paedah dadi wiku ana gunung pirang-pirang windu  ana gunung kendhalisada. Nanging ya wis becik wani tarak brata minangka sukunira marang parmane Hyang Agung  kang lumeber marang sira."

Anoman : " Punapa kalentu panemban  manawi hamba kagungan ancas marang kamuksan? kapeksa takbasani"

Senalodra : "  Wruhanira titahe Hyang manon kang pada nandhang rogarda sekung ngupaya tamba mrih waluya ragane pinajangke yuswane. Sira kang wus antuk sih pinaringan umur dawa teka banget prihatine ngresula tinitah gesang , kepingin arep mati iku nampik milih arane mring purbane kawasa.

Beda-bedane dumadi , wedhare UNI lan UNA, iku dadi ukuran gegayuhan sowang-sowang, lan dadi tandha sor luhure budi sawiji-wijine janma. Tumrap manungsane jalma, sarjana mengku sujana kang wus kandhas tekade  marang laksitane brata sirik nampik milih, sumandhange kodrate muhung sumarah Hyang Sukma.

Pati urip anyanggemi kang kareping ati muhung wewenange dhewe, titah mung wenang budidaya  ngetog kfida budaya nanging wohing pakarti tan wenang namtokena. Perkara pati urip sumandhange marang titah muhung parenge hyang manon titah tan wenang murba , sing sapa wani murba purba wasesane Hyang Agung tetep nemaha dosa."

Anoman : " Hamba nyeyuwun marang Kawasa!"

Sena lodra : " Nanging jamake para janma arang kang gelem tumanggap , marang sasmitane Hyang Manon  karepe kudu marentah tembunge nyeyuwun marang kang murbeng titah. Pangeran Maha Ngerti apa kang bakal tinindakake, apa kowe arep ngajari marang kang Maha ngerti?  karepmu Pangeran kon nuruti karepmu nampik papa milih mulya.

Kang mangkono tetep sisip ngendi ana jamanira gusti rineh kawulane tan rumangsa gesangira ana sing nguripi, marma sapa kang sumurup marang gesangira sasat nyumurupi kang akarsa gesang."

Anoman : "Dhuh pukulun kadiparan kang winastan gesang,  mugi kadhawugana gupuh amba pengin miyarsa."

Senalodra : "Pitakon kang mangkono dudu ing kene dununge, iku ilmu rasa dudu rerasan ora kena pinerang dening wicara muhung amung nugraha.

Mung pratela tengarane gesang  lan kuwajibane sing rumangsa urip,  iku watak rumagang kabeh sabarang urip cipta rasa budi karsa lire rumagang iku makarya ya nyambut gawe, panduke rumagang karya ngawruhi butuhe urip, ya uripe raga ya uripe sukma  kang kumpul daya dinaya.

Empaning ati weruh wajibe urip , sanadyan datan jinarag sayekti dadi wewinih memayu harjaningrat. Nanging sing sapa gesang  pepes budi ngakale sungkan rumagang karya (nyambut gawe)  uripe prasasat mati tan kalap tumraping jagad malah anggung dadi gawe, marang sesamine gesang iku sasat nemaha andedawa gawe luput mung anandhang siheng liyan, watak wantune wong Jawa manawa rumagang karya sarana raga ora kuwawa dibacutke nyambut gawe kanthi kekuatane sukma ya tarakbrata."

Kasaru gedering jawi tekane para kurawa kapak dening Resi Anoman:

Karno : "Adhuh kakang Anoman sembah sungkemku mugi katur marang kakang Anoman, sowan kula ing mriki tuwi kawilujengane kakang kaping kalih ngemutaken bilih tlatah ing mriki tasih wewengkon nagari Hastina."

Anoman : "Iya sinuwun, aku ora lali mengka Sang Resi Sena lodra takaturi uninga."

Dursasana : "Man..man...Pendita surabadhog Senalodra  paling-paling wejangane  Makarya, nyambut gawe banjur mangan ?...ha...ha...hu...ha.....,!  cagake urip kudu jejeg. sing pantes diguroni iku wong sing tapa betah luwe dudu surabadog turta ngerti ing hukum iki tlatah negara ngendi?  kudu jaluk idi palilah, Sumur ora goleki timba.

Ana ngendhi-ngendhi wejangan, jaman saiki wis padha bosen pitutur-pitutur ngenthong umos, ibarat wong nandhur pari lemu-lemu hasile apik wong-wong mesthi teka dhewe takon carane,  ana kandha kudu ana tandha, ana yekti kudu ana bukti!!!!......ha....ha...... ora ngrungokne wong ngedabus entek-enteke dikon urunan duwit utawa tuku buku...ha...ha......"

Durmagati : " Anoman....ha..jaman saiki tak butuh teori butuh bukti, begitu bangganya  menasehati biar dihormati orang-orang yang tidak mengerti!.  masih sebatas kira-kira  dipersoalkan bisa-bisa  jadi baku hantam.  Sadarlah man...man, apa sesudah mendengar pitutur sena lodra Si anoman merasa tercerahkan  lebih suci hingga memandang saya kecil sekali, ingat yang berhak menghakimi itu Hyang Maha kuasa , bisaha rumangsa aja rumasa bisa, jangan merasampaling benar dan belum tentu ilmu orang lain  salah sebab seisi dunia karya Sang pencipta."

Karno : " Kakang Anoman lumuh takajeni, katitik anggonku sowan gawa gawan pirang-pirang pedhati kanggo kakang anoman , lha kok wedhang wae ora metu. Bab idi palilah ya ora nganggo ora apa-apa waris dhewe, mung gelaku degan pirang-pirang Si kakang ora gelem menek degan siji wae kanggo aku."

Jaja muntap lir kinetap duka yayah sinipi wadananira mranang kaya kembang wora wari lir sinabet merang sagedheng del murup  dahanane risang Begawan Anoman rumaos dikilani dhadhane kapurih meneh klapa.

Anoman : " Dhuh sinuwun kula purun menek klapa manawi sinuhun kedugi ambatang cangkriman kula, kapan jagad punika wonten?"

Karno : "Cangkriman gampan iku, he...Kartamarmo seblakno obormu, prajurit diblanja negara dikongkon perang ora dikonkon mangan turu.  Kalah cacak menang cacak mengko dibumi hangus pertapan Arga Kelasa. Heh Anoman ngapunten aku nungkak krama, Jagad digawe lagi dek wingi ukurane sakuat elingane sing mung sakepel utekmu!!"

Muntap Anoman mere dados bandhayuda nandhingi sata kurawa, ramene anggone bandhayuda ndadosaken gara-gara ing kayangan Suralaya, tumuli jawara tumurun damel karampungan.

Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging pangaksami


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)