WIWA WITE LESBO DONGE KARWO PAKE (cangkriman / teka-teki Jawa)

0

wiwa wite lesbo donge KARWO PAKE (cangkriman / teka teki Jawa)


Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu di batang utawa dibadek (dijawab). Cangkriman yaiku tetembung utawa unen-unen kang kudu di babang kekarepane amarga tetembung mau duweni teges seng ora sak benere.

Cangkriman akeh maceme,

1.   Cangkriman wancah, tuladha bot ginawa enteng, teng ginawa abot = klobot digawa enteng, genteng digawa abot.

2.   Cakriman pepindhan, tuladha pitik walik saba meja batangane apa ? kemoceng.

3.   Cangkriman awujud plesedan, tuladha wong mati dipencoloti kucing urip, tegese seng urip kuwi kucinge dudu wong seng mati.

4.   Cangkriman awujud sinawung ing tembang, tuladha.

Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung dawa kaya ula pencokanmu wesi miring sing disaba si pucung mung turut kutha batangane si pucung yaiku : sepur.


Cangkriman ing soal wiwa wite lesbo donge kalebuh cangkriman wancah

Wiwa wite lesbo donge = uwi dawa wite tales ombo godonge

wiwo wite lesbadonge karwo pake artinya bhs.jawa:uwi dowo wite,tales amba godonge,cikar dowo tipake (ubi panjang pohonya,talas lebar daunnya, cikar panjang bekasnya).

Teka teki tebak tebakan kata bahasa Jawanya yaitu wiwa wite lesba dhonge Batangane yaiku uwi dawa uwite, tales amba godhonge.

Terdiri dari dua buah pokok kalimat yaitu :

Wiwa wite yang tebakannya yaitu uwi dawa uwite dan

Lesba dhonge bedhekane yaiku tales amba godhonge.

Uwi adalah jenis tanaman yang isinya bisa dimakan.

Biasanya simbah / orang-orang sepuh dulu /wong ndeso paham apa itu uwi, namun cucu-cucunya sudah tidak paham, mungkin juga aneh jika hendak memakannya.

Uwi dawa uwite artinya adalah tumbuhan uwi yang panjang pohonnya.

Sedangkan lesba dhonge alias tales Amba godhonge artinya yaitu tanaman talas yang lebar daunnya.

Talas merupakan tanaman yang apabila luka atau dipotong tangkainya akan mengeluarkan getah.

Biasanya menyebabkan gatal pada kulit yang terkena getah tersebut.

Buahnya bisa dimakan. Bahkan masa sekarang dengan teknik tertentu talas ini di jadikan keripik dan dijual sehingga bisa bernilai ekonomis.


Berikut adalah ulasan singkat mengenai cangkriman, ulasan dibawah ini semuanya menggunakan bahasa Jawa :

Cangkriman dibedakake dadi 4 (papat) yaiku :

1.   Cangkriman blancahan.

Tuladha :

-         Pak Lawa = tapak ula dawa.

-         Wi wawite les mba dhonge  = uwi dawa wite tale amba godhonge

2.   Cangkriman pepindhan (irib-iriban).

Tuladha :

-         Sego sekepel dirubung tinggi  = Salak.

-         Pitik walik sobo kebon = Nanas.

-         Gajah nguntal sangrah = Pawon.

-         Anake gelungan, ibune ngrembyang = Pakis.

-         Pitik walik sobo mejo = Sulak

3.     Cangkriman blenderan (srekalan).

Tuladha :

-         Wong dodol rokok ing pinggir dalan ora oleh pulisi.

-         Wong dodol kambil enek pasar dikepruki.

-         Montor mabur lare bocah.

-         Pak haji lagi sholat ono asu ndilat sikile ora batal.

4.   Cangkriman ing tembang.

Bapak pocung cangkemu madhep manduwur

Sabamu ing sendhong

Pencakanmu lambung kereng

Prapteng wisma si pocung

Mutah guwasa

 

Cangkriman Wancah

1.   Pak boletus : tepak kebo lelene satus.

2.   Burnas kopen : bubur panas kokopen.

3.   Pindhang kilen : sapi nang kandhang, kaki mentheleng.

4.  Wiwa wite, lesbo donge, karwa pake : uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.

5.  Pak lawa : tepak ula dawa.

6.   Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng ginawa abot.

7.  Surles pe dheg wer-weran : susur teles dipepe nang gedheg jewer-jeweran.

 

Cangkriman Ing Basa Jawa

Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan.

1.     Cangkriman wancah (cekakan), tuladha contoh :

-         Pak beletos : Tapak kebo lelene satus.

-         Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut.

-         Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng.

-         Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot.

-         Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.

-         Kabaketan : Nangka tiba neng suketan.

-         Yumaerong : yuyu omahe ngerong.

-         Suru bregitu : asu turu di bregi watu.

-         Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren.

-         Nasgithel : Panas, legi, kenthel

2.     Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :

-         Pitik walik saba kebon (nanas).

-         Urang sapikul matane pira ? (ana 6 = Urang, sapi, kul).

-         Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? (salak).

-         Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong (kates).

-         Emboke di elus elus anak di idak-idak (andha).

-         Gajah nguntal sangkrah (pawon).

-         Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil).

-         Kebo bule cancang merang (buntil).

-         Disuguh opak angin (ora disuguhi apa-apa).

-         Anake gelungan ibune ngrembyang (pakis).

-         Wes gedhe kok ngguyu tawa (nangis).

-         Pitik walik saba meja (sulak, kemoceng).

-         Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon (dom / jarum).

-         Wit adhikih woh adhakah (waloh).

-         Wit adhakah woh adhikih (ringin).

-         Emboke wuda, anake tapihan (pring).

-         Dikethok malah dhuwur (celana).

3.     Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :

-     Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan.

-    Ora usah mutung. Mutung apa ? Mutung kesarung (lutung kasarung).

-     Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.

-     Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.

-    Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)

4.     Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :

-    Bapak pocung cakemu marep mandhuwur, sabamu ing sendhang, pencokanmu lambung kering, prapteng wisma si pocung muntah guwaya (batangane = klenthing/jun).

-   Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung dawa kaya ula pencokanmu wesi miring sing disaba si pucung mung turut kutha (batangane : sepur).

-   Bapak pucung dudu watu dudu gunung Sangkamu ing Plembang ngon ingone sang Bupati yen lumampah Si pucung lembehan grana = (gajah).

-   Bapak pocung. Amung sirah lawan gembung. Padha dikunjara. Mati sajroning ngaurip. Mijil baka. Si pocung dadi dahana (Penthol Korek).

 

CONTOH CANGRIMAN YANG LAIN

Pethel Gowang Pelot Batangane utawa tegese yaiku sepete cemanthel, jagone ana lawang, cempene mencolot. Artinya adalah sepet (kulit kambil) cementhel (tergantung pada sesuatu), jagone ana lawang (ayam jantan berada di pintu, cempene mencolot (anak kambingnya melompat).

Jadi cangkriman ini memiliki 3 buah kata yaitu :

1.     Pethel = sepete cementhel yang artinya kulit kelapa yang tergantung.

2.     Gowang = jagone ana lawang artinya ayam jantan berada di pintu dan.

3.     Pelot = cempene mencolot artinya yaitu anak kambingnya meloncat.

Jadi batangane cangkriman pethel gowang pelot yaiku sepete cementhel jagone ana lawang cempene mencolot.

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)