KAYA KETHEK DITULUP

0

KAYA KETHEK DITULUP




Kaya yaiku mirip utawa meh padha.

Kethek iku monyet utawa bedhes (wanoro).

Tulup kaya gaman sumpit kanggo mburu kewan.

Kaya dene kethek ditulup iku pasemon Jawa kanggo wong kang lagi bingung, nyawang mrana-mrene utawa basane nemen, plonga-plongo, dlongap-dlongop, clingak-clinguk, ndi lor-ndi kidul kaya enthung, ingah-ingih, linglung, ngosek, klepekan, clingukan, kemlungkungen, mubet mumet, sarwo kliru sarwo salah kaya wong koclok lan koplak, mati kutu.

Dadi, kaya kethek tulup, jarwane kaya kethek kena sumpit (kena watune). Kepriye kelakuane kethek sing kena tulup ? Ana sing ngomong thingak-thinguk nyawang kiwa tengen, ana sing ngomong dlongap-dlongop pekok buglug, nanging ora ana sing ngomong yen kethek ketulup bakal mlayu (kapok encit).  Jaman saiki akeh wong wes akeh contone, nganti pejabat malah para tokoh sing disegani, wes ora duwe isin lali adat sarune, lali tata kramane, wes petheng dedhet sipate (angkaramurka), tumindak maksiat hingga marang duratmoko kejahatan luar biasa (Extra Ordinary Crime) kanthi guya-guyu pringisan alias kapok lombok. Pancene dasar sipate rai gedheg. Dihukum sanget berat lan dimiskinkan (dikere bathilne) modhar kowe.

 


****

Terjemahanya dalam bahasa Indonesia bebas :

KAYA KETHEK DITULUP

Kaya yaitu seperti atau mirip.

Kethek adalah monyet atau kera (wanoro).

Tulup seperti senjata sumpit untuk berburu binatang.

Jadi kaya kethek ditulup terjemahannya adalah seperti kera kena sumpit (kena batunya).

Kaya kethek ditulup adalah perumpamaan Jawa bagi orang yang bingung, noleh sana sini atau bahasa ekstremnya plonga-plongo, dlongap-dlongop, clingak-clinguk, ndi lor-ndi kidul, ingah-ingih, linglung, ngosek, klepekan, kemlungkungen, mubet mumet, sarwo kliru sarwo salah seperti orang koclok dan koplak, mati kutu.

Seperti apa perilaku kera yang kena sumpit. Ada yang mengatakan thingak-thinguk menoleh kiri kanan, ada yang mengatakan dlongap-dlongop bengong, tapi tidak ada yang mengatakan bahwa kera kena tulup akan lari (kapok encit).  Jaman sekarang sudah banyak contohnya, banyak orang hingga pejabat bahkan orang tokoh terhormat sudah tidak punya rasa malu, lali adat sarunya, lupa dengan etika sopan santunnya, sudah kesifatan petheng dedhet (murka), melakukan amoral hingga duratmoko kejahatan luar biasa (Extra Ordinary Crime) dengan guya-guyu alias pringisan kapok lombok. Memang dasarnya karakter rai gedheg. Dihukum dengan hukuman sangat berat dan dimiskinkan (kere bathilkan) sekarat awakmu.

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)