NURUTI GENGSI
Pemeran drama :
-
Ratna
(Felin) : Protagonis –
Korban pamer lan apikan
-
Sari (Risa) :
Antagonis – Tukang pamer lan gengsian
-
Widya (Yevi) : Antagonis – Tukang
pamer
-
Kanth (Rahma) :Antagonis – Tangga julid
-
Yudi (Okta) :
Antagonis – Tukang pamer lan caper
-
Wahyu
(Fatih) : Protagonis – Joko
bagus lan penasehat
-
Junet (Radit) :
Protagonis – Korban utang kanca-kanca
Ratna
yaiku murid lulusan saka SMA 12 Kota Kediri. Ratna pindah omah lan saiki ndueni toko kelontong,
Ratna nyediakake bahan-bahan masakan lan liyane. Sari yaiku kanca SMA ne Ratna
lan tangga omah e Ratna. Omah e Ratna lan Sari iku ngarep buri, nanging Sari
lan Ratna pada-pada ora ngerti lak tetanggan amarga Sari sektas pindahan ing
Desane Ratna. Isuk-isuk Sari teko ing tokone Ratna, amarga Sari oleh info toko
sayur seng murah murah. Sari blanja amarga persediaan sayur ing omah e sari wis
entek lan keluargane sari pada arep teka.
Ratna : “Wes siap
kabeh.. tinggal ngenteni seng tuku wae” (Ratna batin karo nyiapne dodolan e)
Sari : “Tuku bawang,
brambang, lombok, tempe walah wes ndelok kono wae . Lha iki toko sing jerene
murah murah” (batin Sari sambi mlaku nang tokone Ratna)
Sari : “Tumbas...”
Ratna: “Nggih mbak
tumbas napa?” (Gung sadar)
Sari : “ Lohh woalah… Ratna
ta iki? Suwi gak petuk ya… pie kabarmu na..?
Ratna: “Eh ya Allah…
iki Sari? Kancaku SMA biyenkan... Alhamdulillah apik-apik wae sar aku pie
kabarmu? awakmu kok iso nek kene kepriye ta ya bukan e omahmu adoh saka kene?
Sari : “ Kok yo panggah
ngene-ngene wae ya Ratna, hahaha” (batin sari karo guyu sinis)
Ratna: “ Sar..?”
Sari : “ Eh iya iya…
Alhamdulillah apik na, iya iki aku boyongan pindah mrene marai kan bosen ta ya,
akhir e pindah wae”
Ratna: “ Ohhh ya ya..
pie Sar, arep blanja apa iki?”
Sari : “ Dina iki aku
arep blanja akeh, margane keluarga ku arep teko”
Ratna: “ wahh,
siip-siip. Wis pilihen lengkap ning kene”
Sari
langsung milih-milih sayuran lan dilebokake ning keranjang blanja sing
disediane Ratna. Pas Sari lagi milih-milih, Widya lan Kanthi mampir ning toko
ne Ratna. Widya lan Kanthi arep blanja kebutuhan e saben dina.
Widya: “ jenggg.. tomat
sekilo pira iki ?”
Sari : “ loh kok kaya
kenal ya suarane.. sapa ya ? “ (batin sari)
Sari : “ loh, widya ?
widya to iki ? piye kabare wid ?“
Widya: “ ehh sari ya
iki? Suwi ora petuk loo. Alhamdulillah apik-apik wae kabarku sar, awakmu pie
kabare ? kok aku lagek ngerti awakmu nang kene.. apa pindahan?
Sari : “ Alhamdulillah
apik wid, hehe iya wid biasa aku wis bosen mangkane pindah mrene ? wis kaya
reuni wae.. aku pindah nang kene ketemu kabeh kanca”
Sari : “ Lha iki. iki
kanthi ta iki..? “
Kanthi : “Iyaa Sar
bener”
Kanthi : “ Loh kok kaya
gelang cincin e tangga komplek ku ta yaa.. kaya seng nduweni tatik” (batin
kanthi karo nyawang gelang e sari)
Sari
ndelok penampilane Widya rodok iri amarga penampilane Widya kaya wong sugih lan
gawe cincin-cincin emas. Sari langsung pamer gelang emas sing digawe ing
tangane. Padahal gelang sing digawe pemberian saka tangga anyar e Sari.
Sari : “ Ehh Wid,
awakmu ngerti ora? Aku ndek wingi sektas tuku gelang emas 500 gram “ ( sari
nyodorne tangane ning ngrepe widya, kanthi, lan ratna ).
Widya: “ Waduh jengg..
apik eram emas mu, ndek wingi adekku ya sektas jaluk mobil. Akhire tak tukakna
ne cash 450 juta “
Ratna: “ Alhamdulillah
aku melu seneng.. “
Kanthi: (Loh kok pamer
ngunu) “ duhh duhh.. Sar Sari mesti tuku emas kuwi gawe duit utangan
taa. Ngono wae kok sombong “
Sari : “ loo la dalah lak irii ki ngomomg, gak
pareng syirik ngono iku. Gak apik thi kanthi “
Kanthi : “ hoalah yuu..
iri teka ngendi aku ngomong ki sesuai kenyataan ta lah ngapain iri. seng ga
apik seng sombong ta ya kudune “
Ratna : “ wis-wis kok
malah tukaran “
Sari : “ eh ratna, iki
kabehe belanjaan kupira ? “
Ratna : “ 10 e.. “
Widya : “ ehh.. jengg, ayok
mengko sore reuni bareng bala-bala SMA “
(
Widya moro-moro motong omongane ratna )
Ratna
: “ayok ayok “
Sari
: “ ayok gass, suwi ora petuk kanca-kanca “
Kanthi
: “ ayok wis “
Sari
: “ eh iya iki mau piro rat ? “
Ratna
: “ 10 ewu sar “
Widya
: “ iki wortelku piro rat ? “
Ratna
: “ wortel e sekilo 30 ewu wid “
Widya
: “ oke, iki ya duit e. ngko sore ojo lali teka ya jengg.. “
Sari
: “ siapp “
Kanthi
: “ okee “
Ratna
: “ insyaallah ..”
Sari
: “ yawis sekya, aku balik disek “
(
sari balik numpak motor ning omahe )
Widya
: “ ayo jengg, pisan balik “
Kanthi
: “ ayo wid, suwun ya rat “
Widya
: “ suwun rat, ojo lali teka ya ngko jengg “
Ratna
: “iya insyaallah ya wid “
(
Widya lan kanthi akhire balik ning omah e dewe-dewe )
Pas
tekan omah, widya langsung woro-woro ning grup alumni SMA. Pas widya ngomong
ning grup, kanca-kanca pada gak iso teka. Akhire reuni an iki diundur sesok
minggu isuk ing omae Ratna lan kanca-kanca wis pada setuju.
Dina minggu, isuk..
Kebiasaan
ratna isuk-isuk wis nyambut pelanggan sing arep blanja ing toko ne, ratna
nata-nata sayur lan bahan-bahan masakan liyane. Biasane ratna diewangi bojone
tata-tata, amarga bojone ana tugas luar kota. Pas jam 9, ratna tutup toko lan
siap-siap kanggo teka ing acara reuni SMA jam 10 isuk.
Sari,
widya, lan kanca-kanca liyane pada siap-siap sedaya. Sari gawe klambi sing
mewah lan nggawe gelang emas kesayangan e. Widya wis siap-siap, nganggo dress
mewah lan tas elit, ora lali emas-emas an ning tangan e.
Jam 10.00 wib, omae Ratna..
Widya,
Sari, Kanthi, lan junet wis teka disik ing omae Ratna, disambi Ratna tata tata
jajan ing karpet
Kanthi
: “ Eh krungu-krungu awakmu ndek wingi bar tuku mobil nyar ya ? ditukokne sapa
iku? Pacar mu ya.. “
Widya
: “ Loh, enak wae. Aku tuku gawe duitku dewe ya!”
Wahyu
akhir e teka ing omae Ratna langsung lungguh ning sebelahe Junet, kurang Yudi
sing gung teka amarga mobile Yudi isih mogok lan di deleh ning bengkel mobil.
Wahyu
: “ Junn.. “
Junet
: “ eh Wahyu, pie kabare ? suwi ora petuk “
Wahyu
: “ Alhamdulillah jun, apik-apik wae aku. Awakmudewe pie kabare ? “
Junet
: “ Alhamdulillah yu sehat “
Jam
10.20 wib, omae Ratna..
Yudi : “ Duh sepurane
ya cah, aku telat. Soal e BMW ku mogok dadi gawe motor sak enek e”
Sari : “ dih, omong wae
yen semisal ora ana BMW ne “
( Akhire yudi lungguh
ning sebelahe wahyu lan junet )
Yudi : “ eh jun,
entenono aku gajian ya, mengko tak bayar utangku “
Kanthi : “ dih, gayane
numpak BMW. Jebule isih ngutang “
Yudi : “ ndek wingi aku
lali ora gawa cash “
Kanthi : “ hadeuhh..
tenan gak gawa cash apa gak duwe duit iki ? ha..ha..“
Yudi : “ sirik
eram, busettt “
Sari : “ eh Ratna,
klambi mu kok kayak kurang ngono ya ? klambi ku iki wae, aku sek tas tuku saka
el vi regane jutaan yuu “
Widya : “ klambi ku iki
si saka Gucci ya jengg.. gak level gawe klambi ngono kuwi rat, ya sepurane aku
ki gak pie pie kan lek saiki wis ora jaman“
Ratna : “
astaghfirullah, iya aku iki mung dodolan sayur, klambi ku ya wis ngene-ngene
wae penting nyaman digawe lan terpenting ora gengsi “
Widya
langsung ngalihne pembicaraan ..
Widya : “ eh sepurane
cah, iki apa gak pada luwe ? lak aku sih pengen pesen spaghetti pokok seng mie
mie lah, kalian pesen apa ? “
Kanthi : “busett, gaya
eram nduk “
Wahyu : “ aku tak pada
wae, bebas pengen apa “
Ratna : “ iya pada wae
deh aku “
Sari : “ tak pada pisan
wae cah “
Widya : “ ya wis, order
mie pedes wae ya piye, setuju gak ? “
Ratna, Wahyu,
&Junet : “ manutt “
Ngenteni
pesenane teka..
Sari : “ eh ratna,
bojomu kerja apa ye ? “
Widya : “ iya ya, kok
ora tau ketok “
Ratna : “ bojoku iku
TNI, saiki sek dinas ning luar kota “
Widya : “ busett,
sombong eram, iki lho kerja ku nyantai mung dadi manajer ning perusahaan gede
jengg “
Kanthi : “ ileng utang
mbak, utang mu sek 2 juta ning aku“
Widya : “ iya mengko
tak bayar, tak luwihi wes “
(
Yudi bisik-bisik ning junet )
Yudi
: “ mengko utangku totalen ya net, tak bayar. Tapi nyicil sek ya “
Junet
: “ iya yud “
Ratna : “ eh sar,
awakmu saiki kerja apa ? “
Sari : “ aku iku mung
dadi sekretaris bos ning perusahaan, lumayan gajine “
Wahyu : “ alah wis..
aja sombong, mengko malah amit amit kena musibah, kabeh iki mung titipane gusti
Allah “
Yudi : “ tapi titipan ku iki akeh eram “
Yudi : “ eh wid,
pesenane kae lho jupuken wis teka orderan e“
Widya : “ eh iya-iya “
( widya langsung jupuk
pesenane ning ngarep )
Sari : “ eh wid.. tak
aku wae sing jupuk “
Widya : “ loh “
Sari : “ tak aku wae,
tak traktir kabeh “
Yudi : “ loh loh,
tumben. Moment langka ngene iki “
Sari : “ iya, aku mari
gajian. Wis tak traktir wae “
Ratna : “ alhamdulilah,
ngirit “
( sari langsung jupuk
pesenane widya ning lobi )
Sari : “ gais iki lho
panganane teka “
Yudi : “ yok-yok di
pangan yokk “
( Sakwise madang, kabeh
padha muleh ning omahe dewe-dewe )
pas
tekan omah, yudi kaget. Omah e ana tulisan disita lan ning ngarep omah e ana
polisi.Yudi iku anggota DPR marga yudi melu-melu korupsi akhire omah e yudi
kenek sita bank. Yudi korupsi sampe 2,5 M , dana kanggo bangun jembatan. Lan
akhire yudi melbu penjara.
Widya
tekan omah kaget, ana rentenir sing nagih ning omahe, widya langsung nyilih
duit ning kanthi lan ratna lewat telpon.
Telpon..
Widya : “ halo jeng,
sepurane aku nyilih duit sek oleh gak ? mung 500 juta wae “
Ratna : “
astaghfirullah kanggo apa wid ? ndek wingi jarene duit mu akeh “
Kanthi : “ bayar utang?utang
mu 2 juta wae durung kok bayar wid, makane ojo sombong amprih gengsi tok dadi
kelilit utang ngene iki”
Ratna :“ iki aku enek
wid ,tapi mung 25 juta, tak tf ya aja ngene maneh ya wid ga apik dadi susah
nang awakmu dewe “
Kanthi : “ duhh ora ana
aku duit semana akeh e, jajal takono junet wae. makane ta lek pancen e duk
duwite dewe ki aja sombong wid“
Widya : “ iya aku ora
ngono maneh”
(
widya langsung telpon junet )
Widya : “ jun,
sepurane. Aku oleh nyiih duit gak ?saitik kok mung 500juta “
Junet : “ enek wid, di
tf kapan iki ? “
Widya : “ saiki ya, iki
no rek ku “
Junet : “ wis melbu ya,
sesuk ulan ngarep ndang balikno duit ku “
Widya
: “ iya jun, suwunn “
( widya langsung cek
rekening lan bayarne utang ning rentenir iku mau )
Sesuk isuk e, sari nerima surat saka kantore. Isi
surat e yaiku kanggo mecat sari saka kantore, marga sari uwis nyalah gunane
kerjaane lan korupsi duit kantor 100juta.
TAMAT