LAKUNE SUKMA TUMINDAKE RAGA

0

LAKUNE SUKMA TUMINDAKE RAGA


Tumindake raga kudu sabar, narima, eklas kanti ngalah kuwi tegese laku mulung

Tumindak kanti mengkana kuwi mau tumrap jiwa raga, ateges laku manunggal, supaya entuk rasa


Yo kuwi rasa tentrem, dene raga kudu laku sabar, narima, eklas kanti ngalah amerga dadi wadahe urip

Mangka urip kuwi sabar sabaring sabar, narima narimaning narima, eklas eklasing eklas, ngalah ngalahing ngalah


Murih raga tansah bisa anindakake laku kuwi mau, patrape kudu tansah eling

Raga anggone tansah kudu laku mengkana mau salawase ana, dadi tanpa wates ateges nganti bali, mula carane raga kudu tansah dilatih saka setitik-setitik


Angayomi tegese reksa rineksa, welas lan asih kuwi lakune urip, yo rasa welas lan asih, lakune apa ? yo kuwi urip, sukma, sipat, krasa, rumangsa, ngrasakake, dadi lakune gelar lan gulung


Welas lan asih kuwi krasa ngrasake mring rasane liyane ingkang nyandang rekasa, welas lan asih kuwi laku lan lungguhe


Dene yen welas lan asih kuwi tegese eling, ukuran welas lan asih kuwi ing rasa, welas lan asih tumrap raga yo kuwi laku anggembleng, amerga urip kuwi welas welasing welas, asih asihing asih, buktine langgeng tan owah gingsir


Kawruh Jowo kuwi dalan, laku ageman, kuwi lakune wong melek dadi lakune budi pekerti, tumindake saka angen-angen, mula lungguhe rasa pangrasa dadi rumangsa ngrumangsani


Buktine yen kuwi lakune wong melek, yen turu ninggal kawruh amerga angen-angen ginulung rasa tegese iki dudu mung karep bener nanging bener benering bener awit buktine krasa temenan


Manungso iku sing duwe lelaku sukmone kebak welas asih lan tumindak rogone kebak tetulung marang sapadha-padha




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)