ROSO SEJATI
Roso sejati jalmi, kanggonan rasaning Gusti, sejati temen tegese, manungso ingkang kanggonan, mring temen Gusti, darbe roso jatinipun, marmo Gusti temen piyambak
Wateking roso sejati, kalangen mring katemenan, sengsem mring kanyataane, den pilalah loro lopo, tan arso karya cidro, sengit mring catur andlurung, trisna mring catur kang nyata
Wateking roso sejati, sengit marang kadurjanan, mring becik dahat asihe, becik trus rasaning driyo, tuhu suci ing karso, siyang latri amanekung, mring Gusti
Wong anut roso sejati, kalangkung suka pirena, mring pakarya becik kabeh, nyegah mring pakaryo olo, siyang latri tan pegat, madhep mring tindak kang tuhu, ing ngabyantoro Gusti
Tan pegat mujo semedi, lir pendah ilining tirto siyang latri mili bae, lirnyo mikir lan ambudyo, engeting jati roso, siyang latri yo lumintu, angesthi angestu podo
Ngucap pangapuro ping sakethi, ngucap kapok ping sayuto, yen suwung roso jatine, pangucapnya kadyo ampas, liring ampas pan sepo, tan katrimo mring Hyang Agung, wit Gusti prikso mring cipto
Nunggal roso jati, konjuk mring Gusti, Hyang Widi mengku gaibe, tan arso ginunggung jalmo, ngesti nggunggung Gusti, iku sujud kang satuhu, renaning sejati roso
Suraosing gesang ingkang nunggil kaliyan suraosing Gusti, puniko kahurmatan lan pangabekti, saged langgeng wonten ing pejah soho gesang, punopo malih begja
Rumongso kuwoso datan utomo
Ubalè hawa balèkno ing karso
Karono siro mung srono
Andhedhera wewaler kang bener
Ananduro pakarti kang luhur
Rinukti klawan nastiti
Rinabuk piwulang Jawi
Wikanono sajatining Jowo
Wojo salebeting roso
Santosa ing karso
Kuwat ing tèkad
Kawuwung yèn tan ngerti