PATRAP SEMEDI

0

PATRAP SEMEDI


Menawi miturut pemanggih kulo, ingkang tumindakipun sarwo-sarwi sruwat-sruwut, srengkat-srengkot, rupak ing pangerti


Wedharanipun rerumpakan “meremo sing ndhipet” puniko mengku suraos


Naliko laku patrap semedi, meleng cipto, manembah lan memuji asmaning Hyang Suksma Kawekas


Tiyang kedah resik ing pangangen-angenipun, nora kasisiban ing pangajeng-ajeng, ateges estu kedah suwung tanpo paminto punopo-nopo


Sanadyan to gelenging pikir namung angesthi kanugrahaning Gusti, puniko sayegtosipun teksih saged kinaran minongko salah satunggiling patrap ingkang taksih ngemu pamrih


Menawi taksih jelalatan gicu, pamawasipun saged benten kaliyan panggraitanipun, ingkang sami winejang mekso taksih badhe wonten bundhel nalaripun, temahan sami salang-surup dereng saged hanampeni sasmitaning ngelmi ingkang winedhar


Patrap semedi kedah estu-estu namung sumarah wasesane Hyang Kang Akarya Jagad ngantos weninging jiwa karaos wus nyep ubaling napsu kekajenganipun, sucining jiwa akaryo nyawiji mring Hyang Widdhi, kawastanan Loroning Atunggal


Tentreming batin dumunung ana ing sireping karep


Menawi hardhaning karep wus kinekes, ing pangajab sagedo manjing ing alam Suwung


Wonten pepenget mrih samyo waspodho kang dinulu, amargi jejering Suksma Murbo, inggih dat ora kasad mata, ora sipat, ora asma, tan keno kinoyo ngopo, puniko anglimputi sabarang kalir ingkang gumelar ing jagad raya


Ngeremake mripat sadhipet tamtu mboten ateges nglirwakaken kawaspadhan amargi icaling kawaspadhan mahanani sirnaning wawasan jroning batin


Hewadene wawasan ingkang sampurno pandulunipun mboten mangro tingal, teguh tumuju arah sawiji tan mulad ing jiwo lan rogo, kandheg makartining karep kang bener, wus asikep kawaspadhan pamawase mring Hyang Widdhi Wasa wonten ing salebeting alam Suwung




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)