ROSO PANGROSO AMBUKO ROSO SEJATI
Roso ora misah-misahake utowo anggolong-golongake, roso kuwi mratani sak kojur badan urip, kuwi mratani ing sakindenge jagad royo
Anggolongake kuwi pakertine poncodriyo, tegese anggolongake kuwi misah misahake, dadi lakune roso rumongso
Roso utowo urip kuwi ono, nanging ora katon, ono nanging ora wujud
Roso kuwi merdeka lan nyoto merdeka
Merdeka, marsudi marang kahanane dewe, urip kuwi ora ono kang ngereh lan diereh sopo wae
Marsudi kuwi tetep langgeng, tentrem, ora cawe-cawe, ora mbutuhake opo-opo amergo urip kuwi opo-opo wae, roso kuwi opo-opo wae, rogo kuwi biso laku roso merdeka, waton gelem kanti temenan
Nanging rogo kuwi angen-angen, tumindak kuwi lakune budi pekerti, yen dedasar kodrat manungso kuwi ora biso urip ijen, malah kudu bebarengan, anggolong kuwi bener, mulo manungso, rogo lan laku kuwi dudu roso kuwi angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo
Iki rembug kasampurnan, laku ijen-ijen mulo tan keno cawe-cawe, opo ora nyoto yen ijen-ijen ? cobo naliko lahir lan mati, opo ora ijen-ijen ?
Nanging iki rembug laku kasampurnan, dudu rembug laku budi pekerti, mulo banjur ono roso yen angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo tan keconggah angetrepi laku kasampurnan mau, mulo kuwi bener
Rogo iku tetep luput nanging wis ono roso mulung, ora ngilangake angen-angen dene pikolehe gelem angetrepi laku kasampurnan mau tumrap angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo banjur tentrem, amergo tentrem kuwi banjur biso dadi wadah gede, wadah gede kuwi mono, yo kuwi wadahe urip lungguhe ing roso