URIP SEJATI IKU GUSTI

0

URIP SEJATI IKU GUSTI


Kang ngobahke rogo manungso yoiku urip

Kang muno muni yoiku urip

Kang kroso ngrasakake yoiku urip


Mulo urip kang pinilih sakalir datan liyo kejobo urip

Kang sinembah urip

Urip kang sinembah sakabehing urip

Amergo urip kang kagungan

Kang amengkoni sakabehing kahanan


Kahanane wujud

Wewujudan kang gumelar aneng ngalam dunyo iku kabeh den wengkoni urip

Urip kang kagungan purbowaseso

Kang nguwasani kabeh kahanan


Mulo urip kang gawe gelar gulung ono soko dening urip

Datan ono, soko dening urip


Urip iku yekti

Urip kang mahanani sakabehing kahanan


Mulo sesembahan nyoto yoiku mung urip

Bukti luhur luhuring urip kang sarwo tuwuh manuwuh

Kang sarwo sumi menjemi iku yektine urip


Gumelaring jagad anyar saisine pisan

Anane mung ringgit purwo

Lampahanipun manungso manunggal


Dalangipun bocah soko gunung

Iku kang mandegani pagelaran aneng jagad agung

Waranggane roso sejati


Gamelane dudu gamelan perunggu nanging gamelan lokananta

Swarane gumludug

Kang dewe-dewe muno munining urip


Ringgit purwanipun woco

Elingo purwaning dumadi

Purwaning dumadine manungso


Tan liyo soko dening roh suci

Kang sinabdo tumurun gumelar aneng ngalam dunyo kang sarwo tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwo midjil


Nora rampung lungguh aneng jagad anyar ora biso den lakoni bathin


Sanes agomo lan ngelmu

Tangeh lamun jenengsiro tan mangerti mring sejatine iku sejatining gesang


Hyang Tunggal Jati sesebutan ingsun

Iku tumrap sakabehing manungso urip kang tumitah aneng ngalam dunyo


Toging anggo marsudio katone wujud kang anggendong mondong yekti urip


Yekti nyoto jenengsiro turu binantalan urip, kinemulan urip, kinasuran urip


Sak mobahing ragane soko krentege kalbu opo kang jenengsiro sedyo kudu podo jenengsiro tumekeng wujud


Datan ono bedane krenteg kang mahanani yekti podo ono



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)