WASKITANING ROSO SEJATI
Paranporo pirang-pirang paraganè
Piro-piro paring pepèrangan
Purun paring yènto pinaringan
Roso rusak anilar nalar
Nalar nalisir ing utami
Tamèng tambeng kang dèn gebeng
Bengkung mlengkung ora tepung
Tepak jalak ora gupak
Pakarti aji wis tinilar sami
Minger soko waler kang bener
Makarti aji datan diudi
Toto coro amung ukoro
Rasakno yèn rumongso sinatriyo
Ojo bungkem asto kagegem
Gempilè projo kewajibaniro
Ojo suwolo ing karyo
Ojo sèlak ing tumindak
Pudhak pungkur biso kaukur
Pendhok curigo biso karèko
Karengkuh ing pakarti tami
Mirengno panjeriting roso
Sunu loro tan ono tombo
Bondho lungo kapaèko
Kacampur awur tan biso diatur
Turasing luhur dalah turasing sudro
Dranakno kasisaniro
Ojo mèlik nugroho kang tinompo
Pancènè iku kuwajibaniro
Netepi darmo jejeging projo
Angudang kadang katantang
Tinudhing nyandhing kantandhing
Roso ruse racik rinucik
Rèwang rowa rawit rinawè
Sarèh sumèlèh suro ing roso
Galerè galar tan mesthi galur
Galurè galar wis mesthi galer
Gulang piwulang dimèn wijang
Gelar kawedhar dhatan samar
Gelung kidung tansah manekung
Dumadi wis pinasthi
Kangèlan lan kèlangan iku sandhangan
Kekurangan pinongko wewayangan
Budi doyo datan tinilar
Raharjaning onggo dèn upoyo
Manungku pujo
Angèsthi tentreming driyo