MUSTIKANING RASA

0

MUSTIKANING RASA


Mustikaning rasa

Urip sejatining urip

Kang mahanani gelar gulung kang gumelar aneng ngalam dunya

Kang bisa mumpuni rasa sedarum iku gemblenging rasa

Mumpuni rasa sekalir


Purwaning dumadine manungsa tan liya saka dening cahya suci kang sinabda tumurun gumelar aneng ngalam dunya

Kang sarwa tuwuh-manuwuh dedalane manunggal kinantenan sarwa midjil


Gelar gumelare manungsa saka dening manunggaling rasa sejati

Manunggaling bopo klawan biyung

Sakarone pada rebut rasa

Rangkul rinangkul den pada uwal uwalira lamun wis pada midjil


Mulo sakabehing para manungsa elinga purwaning dumadi

Sun njarwani marganipun nalika jenengsira kinandut mring ibunira

Ibunira rina klawan dalu tan kendat anggone meminta mring sihing gustine

Pamintanipun ibunira murih widada lan dadi tulusing kang kinandut

Sangang warsa nandang sangsara

Mbenjang mios wanita miwah kakung amung sipat derma nampa ingkang kagungan urip


Bopo biyung meniko Pengeran katon

Bopo biyung meniko alate utawi sranane Gusti nganakke manungsa mijil ing ngalam dunya


Mula jenengsira anak amargi saking jumbuhing rasa pangrasane bopo klawan biyung nganakke sira sedaya


Kawruh Jowo meniko sanes agomo

Kawruh Jowo sanes doktrin ugi dogma

Kawruh Jowo meniko ilmu kasunyatan sanes dongeng




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)