ELING PIWELING

0

ELING PIWELING



Paribasan mutiara Jawa dadi piweling utawa pesen sing dieling-eling, diresmi, lan dileksanakake ing panguripane masyarakat Jawa. Tembung-tembung mutiara Jawa kawujud ing aksara Jawa ing media kain dawa. Wonten ing kain kawiwitan, ngaturaken seratan manah suci marganing rahayu ngengetaken bilih manah ingkang resik punika margi dhateng kawilujengan. Kain ingkang kaping kalih, aja panasten ngengetaken supados kita dados tiyang ingkang boten asring nesu merga drengki lan drengki. Utas ingkang kaping tiga, janma tan kena kiira kinaya napa, ngengetaken bilih manungsa boten saged dipun duga utawi dipun curiga.

Maknanya : 

Peribahasa mutiara Jawa menjadi piweling atau pesan-pesan yang diingat, diresapi, dan diimplementasikan dalam kehidupan bagi masyarakat Jawa. Kata mutiara Jawa diwujudkan dalam tulisan aksara Jawa di atas media kain panjang. Pada kain pertama, menyampaikan pesan ati suci marganing rahayu mengingatkan kita bahwa hati yang suci adalah jalan keselamatan. Kain kedua, aja panasten mengingatkan kita untuk menjadi orang yang tidak sering panas hati karena rasa iri dan dengki. Kain ketiga, janma tan kena kinira kinaya napa mengingatkan kita bahwa manusia itu tidak dapat diterka maupun diduga.


ELING PIWELING

Laku eling kuwi wigati wigatining wigati, dadi eling marang dat kang suci

Piweling kuwi ora keno diwoco salah siji utowo sebagian unen-unene

Piweling kuwi wigati wigatining wigati, mulo ono tetembungan :

Lamun ingsun eling ingsun eling, lamun lali ingsun lali, ingsun taleni

Pinuju opo wae kudu eling yen sejatine kersane Gusti nanging mangertiyo yen tansah cedak karo Gusti bakal selamet uripe

Piweling kuwi kroso laku nyoto, laku lumaku, nglakoni, dadi tumrape tumindak kudu eling disik sadurunge midjil kuwi luwih prayogo, tegese samubarang tumindak tansah eling, umpamane ngusadani, paweling disik banjur midjil, lamun temen-temenan pasti waluyo, waluyo jati jatining waluyo

Gusti paring dawuh ngagem boso roso mulo banjur roso, kroso, ngrasakake, awit urip kuwi wasis samubarang kalir senajan sakwise piweling banjur biso :

Krungu, mergo diparingi krungu banjur biso krungu

Weruh, mergo diparingi weruh banjur biso weruh

Anggondo, mergo diparingo anggondo banjur biso ngambu

Kroso, mergo diparingi kroso banjur biso kroso

Obah, mergo diparingi obah banjur biso obah

Nanging mangertiyo jeneng siro ora banjur krungu, weruh lan liyane iku, dene yen sing maringi mau yoiku uripe dhewe yoiku Gusti

Mulo jeneng siro kabeh yen arep nuju margi suci kudu sinau kawruh kang suci ben ngerti uripe dhewe kang dadi papan palenggahan dat kang suci yoiku Gusti


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)