SERAT PAMBEKANIPUN PARA NATA BINATHARA
Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang
kaping gangsal.
Ingkang putra Kangjeng Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping sekawan, ing
Surakarta.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1748: dumugi ing taun :1751:
Serat Pambekanipun Para Nata
Binathara.
Punika pambekanipun panjenengan nata binathara ing tanah Jawi, ingkang
kadamel bebuka kala panjenenganipun nata Prabu Kresna Dipayana, inggih Prabu
Abiyasa ing Ngastina.
Jumenengipun kala ing taun :665: dumugi ing taun
:686: Pambekanipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun remen ulah kapandhitan akaliyan remen
ulah dhateng pengadilan.
Ingkang kalampahan tansah amemulang dhateng
wadyabalanipun amurih karaharjaning nagari kaliyan lestantuning panembah, awit
Prabu Abiyasa amranata patraping panembah, kadosta: ingkang anembahing Sang
Hyang Guru, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Brahma, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang
Siwah, Sang Hyang Bayu, punika kapatrapaken ing papangkatanipun, utawi kenggena-ken
sagolongan-sagolongan, sarta anindakaken sama beda dana dhendha, kadosta: yen
paparing dhateng wadya bala kadamel sami.
Manawi badhe hangaoti dhateng wadya bala kang
kacelak, punika sanes dinten medal piyambakipun.
Yen mamatah padamelan kadamel beda-beda.
Ingkang lembat sami lembat, ingkang kasar sami
kasar.
Yen hangadili prakawis aming kadanakaken, boten
mawi pamrih dhendha. Yen matrapaken paukuman boten mawi bahu kapine, nadyan
putra santana, yen kaleres kokum, inggih kapatrapaken.
Panjenenganipun nata Prabu Pandhu Dewanata ing
Ngastina.
Jumeneng kala ing taun sangkala :686: dumugi taun
:710: Pambekanipun samahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah tata krami kaliyan
pengadilan.
Ingkang kalampahaken hanggelar tata krami miwah
kasujanan. Panglepasing budi, patitising wicara, asih ing pawong mitra, adamel
suka renaning wadyabala, sarta remen hangarjaken nagari.
Amewahi wawangunaning praja.
Yen nalika matrapaken pangadilan ingkang
katindakaken sama beda dana dhendha, patrapipun kados ing nginggil wau.
Panjenenganipun Prabu Dhastharata ing Ngastina.
Jumenengipun kala ing taun :710: dumgi taun :726: Pambekanipun
tanuhita kaliyan samahita.
Tegesipun remen ulah kapandhitan kaliyan ulah tata
krami, sarta amurih karaharjaning nagari, kaliyan lestantuning panembah.
Ingkang kalampahaken hanggelorak wewulang kadarmaning budi, hanyelakaken para
tapa, hangraketaken kawula warga sami pinrih suka.
Patraping pangadilan inggih taksih hanindakaken
sama beda dana dhendha.
Panjenengan nata Prabu Suyudana ing Ngastina.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :726: dumugi
ing taun :755: Pambekanipun sarahita.
Tegesipun, remen ulah ka-prajuritan.
Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah para
kawula warga sami kawulang pratingkahing gelar santosaning ngayuda sarta
tataning wadyabala.
Titi dhateng wawengkoning karaton.
Ngati-ati lebet wedaling kagunganing nata.
Manawi hang-ganjar dumunung ing damelipun.
Lampahing pangadilan amung anindakaken dana wesi
asat.
Patrapipun dana manawi anindakaken pangadilan aming
kadanakaken kemawon, boten mawi pamrih punapa-punapa.
Wesi asat patrapipun manawi anindakaken paukuman,
manawi sampun kaleres kokum inggih lajeng kaukum.
Nadyan putra santana boten sanes paukumanipun.
Panjenenganipun nata Prabu Yudhistira ing Ngastina.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :755: dumugi
ing taun :760: Pambekanipun tanuhita kaliyan samahita.
Tegesipun karem ulah kapandhitan, kaliyan tata
krami, amurih karaharjaning praja tuwin rahayuning wadyabalanipun.
Ingkang kalampahaken anggung amumulang
pratingkahing panembah, sarta hanebihaken para murka, hanyelakaken para sujana,
saged hangecani manahing sasami, tuwin hanggelaraken patraping tata krami.
Yen andhap boten kenging dipun andhapi, yen inggil
boten kenging dipun ungkuli, sarta amirahaken dana lumintu sadinten-dintenipun.
Mirah hanglang-kungi santosaning panggalih.
Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan hanindakaken sama beda dana
dhendha, hawekasan paramarta, kadosta: yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing
sanalika kapatrapaken ing kalepatanipun.
Yen sampun lajeng kaaksama. Panjenenganipun nata
Prabu Parikesit, nama Prabu Dipayana, ajujuluk nama Prabu Darmasarana, inggih
punika panjenenganipun ratu adil kapisan ing tanah Jawi, kadhaton ing Ngastina.
Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala :760: dumugi
ing taun :796: Pambekanipun tanuhita, sama-hita, darmahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan, remen puruhita
kaliyan amemuja, miwah tata krami tuwin pangadilan.
Ingkang kalampahaken ang-gung memulang patraping
tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan, utawi anata agami, kamanggenaken
piyambak-piyambak, denten lampahing agami kapatrapaken lampah-lampahipun, utawi
awisanipun kados ingkang sampun kocap wonten ing serat Darmasarana, ingkang awit
saking aturipun paramananing agami gangsal.
Saupami wonten ingkang nedya mangsul agama,
kadosta: ingkang agami Hendra, mangsul dhateng agami Brahma.
Ingkang agami Brahma mangsul dhateng agami Wisnu, kados
makaten sapanunggilanipun punika mawi kapanca-karyana, tegesipun kaun-jukan
toya gangsal warni :
1. Toya saking manungsa,
2. Toya saking sato,
3. Toya saking tetuwuhan,
4. Toya saking bumi,
5. Toya saking latu.
Mangka wonten ingkang sampun mangsul agami, nanging
lajeng amangsuli agaminipun lami malih, punika panca karyana wau kawewahan
peresan talethong sarta erahing kewan.
Kaliyan karsa amamangkat kawiryawaning wadyabala,
amewahi pranataning punggawa, kapatah-patah ing dalemipun, kadosta: ingkang
kajêjêrakên wadya senapati, inggih sapanekaripun.
Ingkang kajêjêraken wadya manginte kewuh, inggih
sapanekaripun.
Sapanung-gilanipun kados makaten.
Utawi tansah winulang panglepasan, wruh ing cipta
sasmita, sami kapurih sageda nawung kridha sambegana.
Sarta hanggelaraken sama beda.
Lampahing pangadilan hanindakaken dana dhendha,
utawi dana wesi asat. Pratelanipun kados ingkang kasebat ing nginggil wau.
Sadaya dhawahing nata ingkang sampun kagelaraken,
manawi wonten wadyabala ingkang boten anetepi ing kawajibanipun, kagantungan
paukuman.
Manawi wonten wadya ingkang kaleresan kagantungan
ganjaran, utawi Prabu Darmasarana hanetepi berbudi bawa leksana, tegesipun, berbudi
punika tansah hanggeganjar hangulawisudha ing wadya balanipun. Tegesipun ‘bawa
laksana’ punika punapa ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat, kedah
dipun laksanani.
Panjenenganipun nata Prabu Yudayana ing Ngastina.
Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala :796: dumugi
taun :809: Pambeganipun sarahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan, kaliyan remen
dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken, para wadya bala ing Ngastina sami
winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha
ing panempuh.
Hamatutaken aju unduring baris.
Amewahi papangkataning prajurit. Sami ginala gala
ing ngulik.
Manawi hangajar prang dhateng ing wana ngiras
cangkrama.
Kaliyan yen prang hangagem soratama sarta tansah
hambingahaken wadya bala santana sadaya, amargi Prabu Yudayana hanetepi berbudi
bawa laksana.
Tegesipun, tansah hanggaganjar hangulawisudha,
miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan hanin-dakaken dana wesi asat.
Tegesipun, manawi nalika hangadili punika aming
andanakaken kemawon, boten mawi pamrih punapa-punapa.
Manawi andha-wahaken paukuman, boten mawi
wigih-wigih.
Manawi sampun kaleres kokum, boten ngetang putra
santana kawula warga, lajeng kapancasa engga amancas thuthukulan.
Panjenenganipun nata Prabu Gendrayana, kala taksih
jumeneng wonten ing Ngastina.
Jumeneng kala ing taun sangkala :809: dumugi ing
taun :824: Lajeng pindhah dhateng Mamenang kala ing taun sangkala :824: dumugi
ing taun :839: Pambekanipun sarahita.
Tegesipun, ulah kaprajuritan.
Ingkang kalampah-aken, sagunging wadya bala sami
winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha
ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris.
Amewahi papang-kataning prajurit.
Manawi hangajar prang, wonten salebeting praja.
Yen sampun luwar ingajar lajeng sami ingupaboga.
Wadya gung alit sami kinarsakaken prajurit.
Manawi hangajar prang, wonten salebeting praja.
Yen sampun luwar ingajar lajeng sami ingupaboga.
Wadya gung alit sami kinarsakaken ing
bojanandrawina wonten ing pancaniti.
Saben dinten boten kenging lowong.
Patraping pangadilan anindakaken dana wesi asat, patrapipun
kados ingkang sampun kocap wonten ing ngajeng wau.
Panjenenganipun nata ingkang rayi Prabu Gendrayana,
nama Prabu Sudarsana, jejuluk Prabu Yudayaka ing Ngastina.
Jumeneng-ipun kala taun sangkala :824: dumugi taun
:838: Lajeng ngalih dhusun dhateng ing Jawa winastan ing Ngastina Enggal, kala
ing taun sangkala :839: dumugi taun :840: Pambekanipun tanuhita kaliyan
samahita.
Tegesipun remen ulah kapandhitan, kaliyan remen
ulah tata krami.
Ingkang kalampahaken anggung amumulang wadya bala
kinen sami hanetepi pratingkahing panembah.
Sarta kawijang-wijang wijining agaminipun
piyambak-piyambak, kadosta : ingkang agami Hendra inggih punapa sapatrapipun
panembahipun agami Hendra.
Ingkang agami Brahma, Wisnu, Kala, Siwah, Bayu,
Sambu, patrapipun inggih punapa sapanembahipun piyambak-piyambak.
Nadyan Prabu Yudayaka piyambak inggih anetepi ing panembahipun
dhateng dewa.
Manawi wonten ingkang boten anetepi dhawuhing nata,
kaplaksana sarta kagantungan paukuman.
Manawi hangestokaken panem-bahipun mawi kagantungan
ganjaran, amargi Prabu Yudayaka hanetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun anggung anggaganjar angula wisudha ing
wadya balanipun.
Bawa laksana’ hanetepi pangandikanipun ingkang
sampun kawijil, boten kenging oncat, utawi merang yen tan kalampahan.
Lam-pahing pangadilan taksih hanindak-aken sama
beda dana dhendha. Patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau.
Sarta hanggelaraken wuwulang tata kramining
lalampahan, kapurih sami sageda nawung kridhaning saniskara, kapatrapaken
saking ilat–ulat–ulah. Patrapipun ing ilat, manawi hamuwus ingkang saged tata
tembungipun ingkang titi wicaosanipun.
Ingkang ngati-ati wedaling cacariyosanipun, ingkang
saged amawas ing pasemon.
Patrapipun ing ulat punika dipun pardi ingkang
saged sumeh semunipun. Adamel remen rumaketing pawong mitra.
Patrapipun ing ulat ingkang saged tindak tanduk,
ing wicara utawi ingkang saged patraping saniskara.
Panjenenganipun nata Prabu Jayabaya ing Mamenang,
kasebut nama Bathara Aji Jayabaya, taksih hangadhaton ing Mamenang.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :839: dumugi
ing taun :873: Ngalih kadhaton dhateng Dhusun Galuh tanah ing Mamenang, taksih
winastan ing Mamenang.
Pangalihipun kala ing taun sangkala :873: dumugi
ing taun :886: Pambekanipun tanuhita, kali-yan samahita, miwah sarahita, tuwin
darmahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan, remen dhateng
pamuja, kaliyan karem ulah tata krami, miwah remen ulah kaprajuritan, tuwin
remen ulah pangadilan.
Ratu binathara titisipun Sang Hyang Wisnu.
Ingkang kalampahaken tansah amumulang patraping
pamuja, dhateng para putra santana punggawa tuwin para nata.
Sarta anggelaraken jangka ning jaman ingkang dereng
kalampahan ngantos dumugi ing dinten kiyamat, amargi Prabu Jayabaya sampun
puruita dhateng seh saking Arab, wasta Seh Ngali Samsuyen.
Winulang rahsaning ngelmi makripat, miwah
jangkaning jaman ingkang dereng kalampahan.
Lajeng kagelaraken dhateng para putra kawula warga
sadaya.
Sarta remen hanyelakaken sakathahing para pandhita,
tuwin hangraketaken para sujana, hane bihaken para angkara murka.
Kasusra kasudi-byanipun Prabu Jayabaya, malah para
nata ingkang dereng kabawah sami anungkul boten kalawan pinukul prang.
Sami kayungyun papoyaning kautaman. Tuhu yen ratu
hamimpuni ing aguna, hanglimputi para marta, amatrapaken pari krama, amrih
sukarenanipun sak siningrat sadaya.
Yen nalika mukul praja boten kalawan rekasa, sareh
boten kasesa, ingkang mongka dadameling ngayuda, wiwit saking basa krama,
wekasan sami anembah, utawi lampah-lampahing ngagesang punika wiwitan sami papathon
sadaya. Lampahing pangadilan hanin dakaken sama beda dana dhendha, utawi dana
wesi asat. Amargi Prabu Jayabaya hanetepi berbudi bawa laksana, kados ingkang
sampun kasebut ing ngajeng wau.
Kaliyan pauku-manipun wiwit boten kapesthi
kokumipun, mawi kawijang wijining prakawis, awrat enthengipun ing dodosan,
kadosta: tiyang colong pendhet, punika aming kawanakaken kemawon.
Saminipun sami amawrat kathah kedhikipun ingkang
kapendhet, kadosta: kapipotong sapanunggi-lanipun, punika aming amanekaken
sarta kadhendha kemawon. Ingkang kokum pejah punika inggih ingkang rajapejah
kemawon, sapanunggi-lanipun.
Sadaya sami kapathokan sadaya dening Bathara Aji
Jayabaya, supados lestantuning karaharjaning nagari, amargi Prabu Jayabaya
sampun kagungan pipiritan saking tanah Arab.
Dados, Bathara Aji Jayabaya punika ing batos sampun
islam, ananging ing lahiripun taksih anasabi.
Mila sangsaya kasub kawignyanipun.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Yudayaka,
nama Prabu Kijing Wahana, ajujuluk nama Prabu Sari Wahana, ing Ngastina.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :840: dumugi
ing taun :858: Lajeng ngalih kadhaton dhateng Malawapati, tanah ing
Medhangkamulan, kala ing taun sangkala :858: dumugi ing taun :860: Pambekanipun
samahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah tata krami kaliyan remen ulah
pangadilan.
Ingkang dipun lampahaken anggung mumulang patraping
tata krami, saged hangecani manahing sasami, amrih suka pirenaning wadya bala
miwah sageda hamiluta dhateng para nata ingkang mancapraja, wekasan sami lulut
asih sadaya, sarta anebihaken angkara murka, hanyelakaken para sujana tuwin
para pandhita, utawi remen hanglempakaken sakathahing cariyos, kaurutaken
lampahipun.
Para pujangga sakancanipun juru citra sami kinen
hanggarap wonten ing papan.
Lampahing pangadilan anindakaken sama beda dana
dhendha, kaliyan dana wesi asat.
Menggah patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing
ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Sariwahana nama Prabu
Ajidarma ing Malawapati.
Jumeneng-ipun nata kala ing taun sangkala :860:
dumugi ing taun :866: Pambekanipun samahita kali-yan darmahita.
Tegesipun remen ulah tata krami kaliyan remen ulah
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung amumulang patraping
tata krami.
Saged hangecani manahing liyan, utawi andhap asor,
tepa-tepa ing budi.
Para wadya balanipun boten wonten ingkang sambat
ngadhuh ngeres, amargi sami kalimputan dana paramartaning ratunipun.
Mila wadya balanipun gung alit sami hangulahaken
kagunan kasantikan, kasusastran, temah sami limpat ing cipta sasmita.
Lampahing pangadilan taksih hanindakaken sama beda
dana dhendha, utawi dana wesi asat.
Tuwin anetepi berbudi bawa laksana, menggah
patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Ajidarma
nama Prabu Astradarma, ajujuluk nama Prabu Purusangkara, hangalih kedhaton dhateng
ing Ngastina malih.
Jumeneng nata kala ing taun sangkala :866: dumugi ing taun :868: Pambekanipun
sarahita.
Teges-ipun remen ulah kaprajuritan.
Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah
wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing aprang, pratingkah-ing
gelar, sarta weweka dhateng samukawis.
Patrap-patraping pra-tingkah, ngati-ati pranataning
kraton.
Para wadya balanipun temah sami widagda ing
ngayuda.
Putus ing reh parikrama kairingan sasamining nata.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, sarta anindakaken dana wesi hasat.
Menggah patrapipun inggih taksih kados ingkang kasebat
ing ngajeng wau wesi Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Jayabaya, nama
Prabu Jayamijaya ing Mamenang.
Jumeneng-ipun nata kala ing taun sangkala :886: ?
(868) dumugi ing :890: Pambekanipun samahita kaliyan darmahita.
Tegesipun remen ulah tata krami, kaliyan remen ulah
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung amamulang patraping
tata krami, wedaling lesan, obahing badan.
Sarta tepa-tepa, saged hangecani manahing liyan.
Utawi hangati-ati wedaling wuwus, boten tilar
wiweka.
Hanengenaken ulah panglepasan.
Sami putus salwiring suba sita, kaliyan amurih
kara-harjaning nagari.
Sami tinata tataning pagriyan sauruting
marga-marga, sami winangun binusana.
Wawengkoning punggawa sinungan wisma ageng
panggenaning wong lang-lang pringga.
Pamengkuning wadya bala sadaya pinatut pamatahing
karya.
Boten wor suh sakathahing pada melan.
Sarta aremen hanyelakaken para sarjana sujana, sami
kaecakaken manah-ipun.
Anebihaken angkara murka, utawi pinacak ing
papacuwan.
Manawi wadya balanipun wonten ingkang angkara
murka, lajeng winasesa, boten kalilan hangambah salebeting nagari.
Sarta pinidana saengga ambucali ama.
Utawi kados ambubuti dhukut katut malah oyotipun,
boten wonten ingkang kantun.
Lembat pambirating durjana dursila, sirna sami
sakala.
Manawi wonten wadya bala ingkang idhep kasujanan, angidhep
dhateng paparentahan, madhep dhateng sasembahan, punika anggung tampi ganjaran,
taksih kinula wisudha.
Mila wadya balanipun kathah ingkang sami nawung
kridha sambegana. Tegesipun, ulah panglepasan kaliyan ulah kaengetaning manah.
Prabu Jayamijaya anetepi berbudi bawa laksana.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, utawi dana wesi hasat.
Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing
ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Jayamijaya, nama Prabu
Jayamisesa ing Mamenang.
Jumeneng-ipun nata kala ing taun sangkala :890:
dumugi ing taun :897: Pambekanipun sarahitakaliyan darmahita.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan, kaliyan remen
ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amemulang pratingkahing aprang,
miwah patraping gelar satunggal-tunggalipun, kamatuhaken sagunging wadya bala
sadaya.
Ananging Prabu Jayamisesa boten angamungaken ulah
kaptrajuritn kemawon, mawi ngrangkep remen ulah kasusastran, hangimpuni
sakathahing cariyos ageng cariyos alit, sami kaklempak-aken dados satunggal.
Lajeng kaurutaken ing lalampahanipun.
Mila remen hanyelakaken para pandhita, tuwin para
sujana sarjana, ingkang sami tadhah kagunan, sami rinaketaken.
Ingkang kinathik ipe nata, wasta Resi Sucitra,
kaliyan hangathik para juru citra turunipun Empu Panuluh, kinen amemulang
sakathahing aji jaya kawijayan.
Miwah cakeping kawignyan, kasusastran, ginelaraken
dhateng sagunging wadya bala, sadaya sami widagda.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha.
Utawi menggah patrapipun kados ingkang kasebat ing
ngajeng wau.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu
Purusangkara, nama Prabu Anglingdarma, jejuluk nama Prabu Ajidarma ing
Malawati, tanah ing Mamenang.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :890: dumugi
ing taun :920: Pambeganipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan, miwah remen ulah
pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amemulang patrap-patraping panembah,
kaliyan anggelaraken kautamaning nata, kadosta :
1. Asring angganjar,
2. Remen angula wisudha ing wadya,
3. Remen angapura ing adosa,
4. Remen amranata lampah-lampahing nagari.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu
Anglingdarma, anama Prabu Anglingkusuma, ing Bojanegara.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :920: dumugi
ing taun :923: Pambeganipun tanuhita kaliyan sarahita, tuwin darmahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan, akaliyan karem
ulah kapandhitan, akaliyan ulah tata krami amurih karaharjaning nagari kaliyan
lestantuning panembah.
Ingkang kalampahaken anggelaraken wewulang
kadarmaning budi. Hanyelakaken para tapa, hang raketaken kawula warga sami
pinrih suka. Patraping pangadilan inggih taksih hanindakaken sama beda dana
dhendha.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu
Anglingdarma, ingkang rayi Prabu Anglingkusuma, nama Prabu Danurwenda, nagari
ing Kartanagara.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :920: dumugi
ing taun :923: Pambeganipun sarahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan, kaliyan remen
ulah dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken para wadya bala sami winulang
tingkah ing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar.
Pinrih waskitha ing panempuh Amatuhaken aju
unduring baris.
Amewahi papang-kataning prajurit, sami ginala-gala
ing ngulik.
Manawi hangajar prang dhateng ing wana ngiras
cangkrama.
Sarta tansah ambi-ngahaken wadya bala santana
sadaya, amargi Prabu Danurwenda anetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun, tansah angganjar angula wisudha, miwah
samuka-wis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindakaken dana wesi asat.
Tegesipun, manawi nalika angadili punika aming
kadanakaken kemawon.
Boten mawi pamrih punapa-punapa.
Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wigah wigih.
Manawi sampun kaleres kokum, boten mawi ngetang
putra santana kawula warga.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu
Anglingkusuma, nama Prabu Gandakusuma ing Malawapati.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :920: dumugi taun
:923: Pambeganipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun remen ulah dhateng ing kapandhitan,
akaliyan pangadilan, utawi tata krami.
Ingkang kalampahaken anggung amumulang dhateng
wadya bala, kinen anetepi pratingkahing panembah.
Nadyan Prabu Gandakusuma piyambak inggih anetepi
ing panembahipun dhateng dewa.
Manawi wonten ingkang boten anetepi dhawuhing nata
kaplaksana sarta kagantungan paukuman.
Manawi hangestokaken ing panembahipun, kagantungan
ganjaran.
Amargi Prabu Gandakusuma anetepi bawa laksana
(berbudi pekerti). Tegesipun, anggung angganjar angula-wisudha ing
wadya-balanipun.
Bawa laksana, anetepi pangandikanipun ingkang
sampun kawijil, boten kenging uncat.
Utawi merang yen tan kalampahan.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, patrapipun kados ingkang kasebat ing ngajeng wau.
Sarta anggelaraken wuwulang tata kramining
lampah-lampah.
Kapurih sami sageda nawung kridha saniskara,
kapatrapaken saking ilat-ulat-ulah.
Patrapipun ing ilat manawi amuwus ingkang sageda
ing tembungipun, ingkang titi wiraosipun, ingkang angati-ati wedaling
cacariyosipun.
Ingkang saged amawas ing pasemon, sapatrapipun ing
ulat, punika dipun pardi ingkang saged sumeh semunipun, adamel resep rumaketing
pawong mitra.
Patrapipun ing ulah, ingkang saged tindak-tanduking
wicara, utawi ingkang saged patraping saniskara.
Panjenenganipun Prabu Kusumawicitra.
Ajujuluk nama Prabu Aji Pamasa, ingkang putra Prabu
Jayamisesa ing Mamenang.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :924: dumugi
ing taun :927: Sareng dumugining ing taun :928: ngalih kadhaton ing Pengging
dumugi taun :952: Pambeganipun sarahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan, kaliyan remen
ulah pangadilan.
Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah
wadya-balanipun sadaya sami winulang pratingkahing aprang, utawi pratikeling
gelar.
Sarta wiweka dhateng samukawis patrap-patraping
pratingkah, ngati-ati patrap-patraping pratingkah, ngati-ati panataning
karaton.
Para wadya-balanipun temah sami widagda ing
ngayuda, putus ing reh parikrama, kaeringan sasamining nata.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, sarta anindakaken dana wesi asat.
Menggah patrapipun inggih taksih kados ingkang
kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu
Kusumawicitra, ajujuluk nama Prabu Citrasana.
Jumenengipun kala taun sangkala :953: dumugi ing
taun :960: Pambeganipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan akaliyan remen
ulah tata krami, tuwin remen ulah pangadilan.
Ingkang kalam-pahaken anggung amamulang patraping
tata krami.
Saged hangecani manahing liyan.
Utawi, andhap asor, tepa-tepa ing budi.
Para wadya-balanipun boten wonten ingkang sambat
ngadhuh-ngeses, amargi sami kalimpudan dana paramartaning ratunipun.
Mila wadyabalanipun gung alit sami angulahaken
kagunan kasantikan, kasusastran, temah sami limpat ing cipta-sasmita.
Lampahing pangadilan taksih hanindakaken sama beda
dana dhendha, utawi dana wesi asat, tuwin anetepi berbudi bawa laksana.
Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing
ngajeng.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Citrasoma,
ajujuluk nama Prabu Pancadriya ing Pengging.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :961: dumugi
ing taun :979: Pambekanipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan akaliyan remen
ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amumulang patraping tata krami,
kedhaling lesan, obah osiking badan, sarta tepa-tepa saged hangecani manahing
kawula. Utawi hangati-ati wedaling wuwus.
Boten tilar wiweka.
Hanengenaken ulah panglepasan.
Sami putus salwiring suba sita.
Akaliyan amurih karaharjaning nagari, samya tinata
tataning pagriyan.
Saben sawa-wengkoning punggawa sinungan wisma ageng
panggenaning wong langlang pringga.
Pamengkuning wadya bala, sadaya sami pinatut
patraping karya.
Boten wor suh sakathahing padamelan.
Sarta remen hanyelakaken para sujana sarjana, sami
kaecakaken manah-ipun.
Anebihaken angkara murka.
Utawi sami pinacak ing papacuhan.
Manawi wonten wadya-balanipun ingkang angkara
murka, lajeng sami winasesa. Boten kalilan angambah salebeting nagari.
Sarta pinidana saengga ambucali ama.
Utawi kados ambubuti dhukut katut oyotipun, boten
wonten ingkang kantun. Lembat pambirating durjana dursila sirna sami sakala.
Manawi wonten wadya bala ingkang idhep dhateng
kasujanan hangidhep paparentahan punika anggung tampi ganjaran, tansah
kinulawisudha.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, utawi dana wesi asat.
Menggah patrapipun inggih kados ingkang kasebut ing
ngajeng. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Citrasoma, ajejuluk nama
Prabu Pancadriya, ing Pengging.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :961: dumugi ing
taun :979: Pambekanipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan utawi karem ulah
tata krami, tuwin dhateng para pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung amamulang
patrap-patraping panem-bah, kaliyan anggelaraken kau-tamaning nata kadosta :
1. Asring anggaganjar kaliyan remen;
2. Ulah angula-wisuda ing wadya bala;
3. Remen angapura ing ngadosa;
4. Remen amranata lampah-lampahing nagari.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu
Anglingdriya, ajujuluk nama Prabu Sindhula, ing Galuh.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :982: dumugi
ing taun :1019: Pambekanipun tanuhita kali-yan samahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan, tuwin remen ulah
tata krami.
Ingkang dipunlampahaken anggung amumulang patraping
tata krami.
Saged angecani manahing sasami, amrih suka
pirenaning wadya bala, miwah saged amiluta dhateng para nata manca praja.
Wekasan sami lulut asih sadaya.
Sarta anebihaken para angkara murka, hanyelakaken para
sujana tuwin para pandhita.
Utawi remen anglempakaken saka-thahing carios
kaurutaken lalam-pahanipun.
Para pujangga sakancanipun juru citra sami kinen
hanggarap wonten ing papan.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, kaliyan dana wesi asat.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Dipanata,
ajujuluk nama Prabu Baka, ing Parambanan.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1015: dumugi
ing taun :1017: Pambekanipun sarahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan.
Ingkang kalampahaken dhateng para wadya kawula
warga, sami kagulang pratingkahing paprangan santosaning ngayuda, sarta
tataning wadya bala. Titi dhateng wawengkoning karaton.
Ngati-ati dhateng lebet wedaling kagunganing nata.
Manawi angga-ganjar dumunung ing damelipun.
Lampahing pangadilan amung anindakaken dana wesi
asat.
Patraping dana, manawi anindakaken pangadilan aming
kadanakaken kemawon.
Boten mawi pamrih punapa-punapa.
Wesi asat patrap-ipun manawi anindakaken pauku-man
boten mawi wegah-wigih.
Manawi sampun kaleres kokum, inggih lajeng kaukum.
Nadyan putra santana manawi sampun kaleres kokum
inggih boten sanes pukumanipun.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu
Darmapamasa, ajujuluk nama Prabu Darmamaya, ing Pengging.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1018: dumugi
taun :1020: Pambekanipun darmahita kaliyan tanuhita, saha sarahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan, utawi dhateng
pangadilan, tuwin dhateng kaprajuritan.
Ingkang dipunlampahaken anggung memu-lang dhateng
para wadya balanipun, pinrih sageda angeng-geni pambegan tigang prakawis wau.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda dana dhendha kaliyan dana
wesi asat.
Menggah patrapipun inggih kados ingkang sampun
kapratelakaken ing ngajeng.
Panjenenganipun nata Prabu Dewata Cengkar, ngadhaton
ing Medhangkamulan.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1023: dumugi
ing taun :1029: Pambekanipun sarahita.
Tegesipun karem ulah kaprajuritan.
Ingkang kalampahaken dhateng para kadang, miwah
para wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing aprang, pratikeling
gelar sarta wiweka dhateng samukawis.
Patrap-patraping pra-tingkah, ngati-ati panataning
karaton.
Wadya balanipun temah sami widagda ing ngayuda
putus ing reh parikrama, kaeringan sasamining nata.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha kaliyan dana wesi asat.
Menggah patrap-ipun inggih kados ingkang sampun
kasebut ing ngajeng.
Panjenenganipun nata ingkang putra Empu Sangkala,
ajujuluk nama Prabu Widhayaka, ing Medhangkamulan.
Lajeng ngalih kadhaton ing Purwacarita.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1030: dumugi
ing taun :1036: Pambekanipun darmahita kaliyan sarahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan utawi remen ulah
pangadilan.
Ingkang kalampahaken, para wadya bala ing
Purwacarita, sami winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar,
pinrih waskitha ing panempuh.
Amatuhaken aju unduring baris.
Hamewahi papangkataning prajurit, sami ginala-gala
ing ngulik.
Sarta tansah ambingahaken wadya bala santana
sadaya.
Amargi Prabu Widhayaka anetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun, tansah anggaganjar angulawisudha.
Miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten
kenging oncat.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, kaliyan dana wesi asat.
Tegesipun, manawi nalika hangadili punika aming
kadanakaken kemawon. Boten mawi pamrih punapa-punapa.
Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah
wigih.
Manawi sampun kaleres kokum boten mawi ngetang
putra santana kawula warga.
Lajeng kapancas saengga tetuwuhan Panjenenganipun
nata Prabu Suwelacala ingkang putra Prabu Anglingdriya, ing Purwacarita.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1044: dumuigi
ing taun :1046: Pambekanipun sarahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan remen
ulah pangadilan. Ingkang kalam-pahaken para wadya bala sami winulang tingkahing
ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh.
Amatuhaken aju unduring baris.
Amewahi pepangkataning prajurit, sarta ambingahaken
wadya bala santana sadaya.
Amargi Prabu Suwelacala anetepi berbudi bawa
laksana.
Tegesipun, tansah anggaganjar miwah samukawis
ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan taksih
anindakaken dana wesi asat.
Tegesipun, nalika angadili punika aming kadanakaken
kemawon.
Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah
wigih.
Manawi sampun kaleres kokum, boten mawi ngetang
putra santana kawula warga. strategi Panjenenganipun nata Prabu Daneswara, nama Prabu Sri Mahapunggung.
Ingkang putra Prabu Suwelacala, ing Purwacarita.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1046: dumugi
ing taun :1061: Pambekanipun sarahita darmahita.
Tegesipun karem ulah kaprajuritan tuwin dhateng
pangadilan, miwah patrap-patraping gelar.
Pinrih waskitha ing panempuh.
Amatuhaken aju undur ing baris.
Amewahi papangkataning prajurit.
Manawi angajar prang wonten salebeting praja.
Yen sampun luwar ing pangajar, lajeng sami
ingupaboga.
Wadya bala gung alit sami kinarsakaken
bogandra-wina wonten ing pananiti. Saben dinten boten lowong.
Lampahing pangadilan anindakaken dana wesi asat.
Patraping kados ingkang kasebat ing ngajeng.
Panjenengnipun nata Prabu Sri Maha Punggung ingkang
kaping kalih. Ingkang putra Prabu Daneswara ing Purwacarita.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1061: dumugi taun
:1078: Pambekanipun inggih sarahita darmahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan
pangadilan.
Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah para
kawula warga, sami kagulang pratingkahing gelar, santosaning ngayuda.
Lampahing pangadilan anindakaken dana wesi asat.
Patrapipun, manawi anindakaken pangadilan aming
kadanakaken kemawon. Boten mawi pamrih punapa-punapa.
Wesi asat, patrapipun manawi anindakaken paukuman
boten mawi wegah-wigih. Manawi sampun kaleres kokum, nadyan putra santana boten
sanes paukumanipun.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Sri Maha
Punggung kaping kalih, jejuluk nama Prabu Kandhiawan, ing Purwacarita.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1084: dumugi
ing taun :1090: Pambekanipun sarahita dar-mahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan
pangadilan.
Ingkang dipunlampahaken, sagung-ing wadya bala sami
winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap-patrap pratikeling gelar, pinrih
waskitha ing panempuh.
Amatuhaken aju unduring baris.
Amewahi papangkataning prajurit.
Manawi ngajar prang wonten ing wana ngiras
cangkrama.
Yen sampun luwar ing pangajar lajeng sami
bojanandrawina wonten ing pancaniti, saben dinten boten lowong.
Lampahing pangadilan anindak-aken dana wesi asat.
Patrapipun kados ingkang kocap ing ngajeng.
Panjenenganipun nata Prabu Tejalengkara, putranipun
Prabu Jayalengkara, ing Majapura.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1090: dumugi
ing :1094: Pambekanipun sarahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan remen
ulah pangadilan.
Ingkang kalam-pahaken dhateng para kadang miwah
para kawula warga, sami kawulang pratingkahing gelar, miwah santosaning
ngayuda, sarta tata tataning wadya bala.
Titi dhateng wawengkoning karaton.
Ngati-ati lebet wedaling kagunganing nata.
Manawi angganjar dumunung ing damel-ipun.
Lampahing pangadilan amung nindakaken dana wesi
asat.
Patraping pangadilan aming andanakaken kemawon, boten
mawi pamrih punpa-punapa.
Wesi asat patrapipun manawi anindakaken paukuman
boten mawi wegah-wigih.
Manawi sampun kaleres kokum, inggih lajeng kaukum.
Nadyan putra santana, boten sanes paukumanipun.
Panjenenganipun raja pandhita ing Jenggala, anama
Resi Gathayu.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1094: dumugi
ing taun :1109: Pambekanipun ‘tanuhita’.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan.
Amurih karaharjaning nagari, tuwin rahayuning wadya
balanipun.
Ingkang kalampahken anggung amemulang pratingkahing
panembah, sarta anebihaken para murka, anyelakaken para sujana.
Saged hangecani manahing sasami, tuwin anggelaraken
patraping tata krami.
Patrapipun sakalangkung andhap asor, sarta
amirahaken dana, lumintu sadinten-dintenipun.
Miwah angling-kungi santosaning galih.
Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindakaken sama beda dana
dhendha, awekasan paramarta. Kadosta, yen wonten wadya bala ingkang kalepatan,
ing sanalika kapatrapaken ing kalepatanipun.
Yen sampun, lajeng kaaksama.
Panjenenganipun nata Prabu Lembu Amiluhur ingkang
putra Resi Gathayu ing Janggala.
Jumenengipun nata Prabu Lembu Amiluhur wau anuju
ing taun sangkala :1110: dumugi ing taun :1126: Pambekanipun sarahita kaliyan
darmahita.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan pangadilan.
Ingkang kalampahaken tansah amemulang tingkahing n
Amatuhaken aju unduring baris.
Amewahi papang-kataning prajurit, sami ginala-gala
ing ulik. Sarta tansah ambingah-aken wadya bala santana sadaya.
Tegesipun, tansah angga-ganjar angulawisudha, miwah
samukawis ingkang sampun kadha-wahaken boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindak-aken dana wesi asat.
Tegesipun, manawi hangadili, punika aming
kadanakaken kemawon.
Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah
wigih.
Manawi sampun kaleres kokum boten angetang putra
santana kawula warga, lajeng kapancas saengga thethukulan.
Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Lembu
Amiluhur, anama Prabu Suryawisesa. Jume-nengipun kala ing taun sangkala :1144:
dumugi ing taun :1156: Pambekanipun sarahita kaliyan samahita darmahita.
Tegesipun karem ulah kaprajuritan kaliyan ulah
pangadilan tuwin tata krami.
Ingkang kalampahaken anggung amemulang ing wadya
balanipun, pinrih waskitha ing panempuh, miwah patrap-patraping gelar
amatuhaken aju unduring baris, amewahi papangkataning prajurit.
Manawi angajar prang wonten salebeting praja.
Yen sampun luwar ing pangajar lajeng ingupa boga.
Wadya gung alit sami kinarsakaken bojanandrawina
wonten ing pancaniti. Saben dinten boten kendhat gaganjaran.
Patraping pangadilan taksih anindakaken dana wesi
asat.
Patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng
wau.
Panjenenganipun nata Prabu Laleyan, nama Prabu
Suryamiluhur.
Ingkang putra Prabu Suryawisesa.
Ngadhaton ing Janggala.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1157: dumugi
ing taun :1177: Pambekanipun sarahita samahita.
Tegesipun, remen ulah kaprajuritan, akaliyan ulah
tata krami.
Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah
wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing ngaprang, pratikeling
gelar, sarta wiweka dhateng samukawis patrap-patraping pratingkah.
Ngati-ati tataning kara-ton.
Para wadya balanipun temah sami widagda ing
ngayuda, kae-ringan sasamaning nata.
Lam-pahing pangadilan taksih anin-dakaken sama beda
dana dhendha, sarta anindakaken dana wesi asat.
Menggah patrapipun inggih taksih kados ingkang
kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata Prabu Banjaransari, putranipun Prabu
Mahesa Tandreman, ngadhaton ing Pajajaran.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1183: seweg
dumugi ing taun:1186: Pambekanipun ‘sarahita’ kaliyan ‘darmahita’.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan.
Ingkang kalam-pahaken anggung amemulang patraping
ngayuda miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh.
Amatuh-aken aju unduring baris. Amewahi
papangkataning prajurit. Manawi hangajar wonten salebeting praja.
Yen sampun luwar ing pangajar lajeng sami
ingupaboga.
Wadya gung alit sami kinarsakaken bojanandrawina,
saben dinten boten lowong. Panjenenganipun nata Prabu Mundingsari, putranipun
Prabu Banjaransari ing Pajajaran.
Jumenengipun nata kala ing taun sangkala :1229:
dumugi ing taun :1241: Pambekanipun ‘samahita’ ‘dar-mahita’.
Tegesipun, karem ulah tata krami akaliyan remen
ulah pang-adilan.
Ingkang kalam-pahaken anggung memulang patraping
tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan, kaliyan karsa amamangkat
kawirya-ning wadya bala.
Amewahi pranataning punggawa.
Kapatah patah ing damelipun.
Kadosta, ingkang kajêjêrakên wadya senapati, inggih
sapanekaripun.
Ingkang kajêjêrakên wadya manginte kewuh, inggih
sapanekaripun, sapanunggilanipun kados makaten.
Tuwin tansah winulang ing panglepasan.
Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana, sarta
anggelaraken sama beda.
Lampahing pangadilan anindak-aken dana dhendha,
utawi dana wesi asat.
Mundingwangi, putranipun Prabu Mundingsari.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1241: dumugi
ing taun :1249: Pambekanipun samahita kaliyan‘darmahita.
Tegesipun, karem ulah tata krami akaliyan remen
ulah pangadilan, amurih karaharjaning praja tuwin rahayuning wadya balanipun.
Ingkang kalampahaken anggung amumulang
pratingkahing panembah, sarta anebihaken para murka.
Hanyelakaken para sujana.
Saged hangecani manahing sasami.
Tuwin hanggelaraken patraping tata krami.
Yen andhap boten kenging dipun andhapi, yen asor
boten kenging dipun ungkuli.
Sarta amirahaken dana, lumintu sadinten-dintenipun mirah
hanglangkungi santosaning panggalih.
Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana
dhendha’, awekasan paramarta.
Kadosta, yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing
sanalika kapatrapaken ing kalepatanipun.
Yen sampun lajeng kaaksama.
Panjenenganipun nata Prabu Gandakusuma, putranipun
Prabu Mundingwangi, apaparap Prabu Sundha Hanyakrawati. Kasebut Prabu Pamekas
ing Pajajaran.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1249: dumugi
ing taun :1282: Pambekanipun ‘tanuhita’ ‘darmahita’ ‘samahita’.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan, remen puruwita,
kaliyan amemuja, akaliyan pangadilan, miwah tata krami.
Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping
tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan, kamang-genaken
piyambak-piyambak. Kali-yan karsa amamangkat kawiryaning wadyabala, hamewahi
pranataning punggawa. Kapatah-patah ing damelipun.
Kadosta, ingkang kajêjêrakên wadya senapati, inggih
sapanekaripun.
Ingkang kajêjêrakên wadya hanginte kewuh, inggih
sapanekaripun, sapanunggilanipun kados makaten.
Utawi tansah winulang panglepasan, wruh ing sipta
sasmita.
Kapurih sami sageda nawung kridha sambegana.
Sarta anggelaraken sama beda.
Lampahing pangadilan anindakaken dana dhendha, utawi
dana wesi asat. Pratelanipun kados ingkang sampun kasebut ing nginggil wau.
Sadaya lampah ingkang sampun kadhawahaken
timbalaning nata ingkang sampun kagelaraken, manawi wonten wadya bala ingkang
boten anetepi ing kawajibanipun, kagantungan paukuman.
Manawi wonten wadya bala ingkang anetepi ing
kawajibanipun, kagantungan ganjaran.
Utawi Prabu Gandakusuma anetepi berbudi bawa
laksana.
Tegesipun, ‘ber budi’ punika tansah hanggaganjar
hangulawisudha ing wadyabalanipun.
Tegesipun bawa laksana punika punapa ingkang sampun
kadhawahaken boten kenging oncat, kedah dipun Panjenenganipun nata Prabu
Siyungwanara, nama Sri Maharaja Sakti, putranipun Prabu Gandakusuma ing
Pajajaran.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1282: dumugi
ing taun :1283: Pambekanipun ‘sarahita’ kaliyan ‘darmahita’.
Tegesipun karem ulah kaprajuritan, akaliyan remen
dhateng para pangadilan. ingkang kalampahaken anggung memulang pratingkahing
ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, minrih waskitha ing panempuh.
amatuhaken aju unduring baris.
Amewahi papangkataning prajurit.
Manawi hangajar prang wonten salebeting praja.
Yen sampun luwar ing pangajar lajeng kinarsakaken
bojanandrawina wonten ing pancaniti.
Saben dinten boten kendhat paparingipun dhateng
wadya bala. lampahing pangadilan anindakaken ‘dana wesi asat’. Panjenenganipun
nata Prabu Jaka Suruh, jejuluk Prabu Bratana. Punika ugi putranipun Prabu
Gandakusuma, ing Majapahit. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1283: dumugi
ing taun :1298: Pambekanipun ‘sarahita’ ‘dar-mahita’.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang ing wadya
balanipun, pinrih wegig ing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, sageda
waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju undur-ing baris.
Amewahi papangkatning prajurit, sami ginala gala
ing ulik.
Manawi angajar prang dhateng ing wana ngiras
cangkrama.
Sarta tansah ambingah-aken wadya bala santana
sadaya. Amargi Prabu Jaka Suruh anetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun, tansah angganjar angula wisudha, miwah
samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindak-aken dana wesi asat.
Tegesipun, manawi angadili punika aming kadanakaken
kemawon, boten mawi pamrih punapa-punapa.
Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah wigih.
Manawi sampun kaleres kokum boten mawi ngetang
putra santana kawula warga.
Manawi sampun kaleres inggih lajeng katindakaken
ing paukuman-ipun.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha. Panjenenganipun nata Prabu Brawijaya kapisan ing Majapahit.
Putranipun Prabu Bratana.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1300: dumugi
ing taun :1315: Pambekanipun sarahita darmahita.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang pratingkahing
ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar pinrih amatuhaken aju unduring baris,
kaliyan anindakaken patraping pangadilan, sarta kedah patitis tindaking
pangadilan.
Amewahi papangkating prajurit.
Manawi angajar wadya bala wonten salebeting praja.
Sasampunipun luwar ing pangajaripun lajeng sami
kaparingan gaganjaran.
Lampahing pangadilan anindakaken dana wesi asat.
Panjenenganipun nata Prabu Bawijaya kaping kalih
ing Majapahit.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1319: dumugi
ing taun :1355: Pambekanipun ‘samahita’ kaliyan ‘darmahita’.
Tegesipun, tansah ulah tata krami.
Kaliyan anindakaken lampahing pangadilan. ingkang
kalampahaken anggung amemulang lampah-lampahing tata krami, pratikeling pamuja,
patitising pangdilan.
Utawi karsa amamangkat kawiryaning wadya bala,
amewahi pranataning pung-gawa, kapatah-patah ing pada-melanipun.
Kadosta, ingkang kajêjêrakên wadya senapati, inggih
sapanekaripun.
Ingkang kajêjêrakên wadya manginte kewuh, inggih
sapanekaripun. Sapanunggilanipun kados makaten.
Tuwin tansah winulang panglepasan, wruh ing cipta
sasmita. Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana, sarta anggelaraken sama
beda. Lampahing pangadilan anindak-aken dana dhendha, utawi dana wesi asat.
Pratelanipun kados ingkang kasebut ing nginggil
wau.
Sadaya dhawuhing nata ingkang sampun kagelaraken,
manawi wonten wadya bala ingkang boten anetepi ing kawajibanipun kagantungan
paukuman. Manawi wonten wadya ingkang anetepi ing kawajibanipun kagantungan
ganjaran.
Awit Prabu Brawijaya anetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun berbudi punika tansah anggung
anggaganjar, angulawisudha ing wadya balanipun. Panjenenganipun nata Prabu
Brawijaya ingkang kaping tiga, ing Majapahit.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1355: dumugi
ing taun :1370: Pambekanipun darmahita kaliyan samahita.
Tegesipun, anggung memulang lampahing tata krami,
akaliyan pangadilan. Amurih karaharjaning praja tuwin rahayuning wadya
balanipun.
Ingkang kalampahaken anggung memulang patrap
pratikeling pangadilan.
Utawi wadya balanipun kagulang tatas pratitising
wicara, sarta saged hangecani manahing kawulanipun.
Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindak-aken ‘sama beda’,
‘dana dhendha’, awekasan paramarta.
Yen wadya ingkang kalepatan, ing sanalika
kapatrapaken ing kalepatanipun. Yen sampun lajeng kaaksama. Kang kaleresan
ginanjar.
Panjenenganipun nata Prabu Brawijaya ingkang kaping
sekawan, ing Majapahit.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1370: dumugi
ing taun :1374: Pambekanipun ‘samahita’ ‘dar-mahita’.
Tegesipun, remen ulah tata krami kaliyan remen ulah
dhateng para pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung amemulang patrap
pratingkahing tata krami.
Sarta amamangkat kawiryaning wadya bala.
Amewahi pranataning punggawa satunggal-satunggal.
Kadosta, wadya senapati inggih dalah sapanekaripun.
Ingkang kajêjêrakên wadya panginte kewuh, inggih
sapanekaripun.
Utawi tansah winulang panglepasan, wruh ing sipta
sasmita, sarta anyelakaken para sarjana sujana, tuwin saged hangecani manahing
sasami.
Miwah anglangkungi sentosaning panggalih.
Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindak-aken ‘sama beda dana
dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’.
Tegesipun, tansah anggaganjar wadya balanipun.
Panjenenganipun nata Prabu Brawijaya ingkang kaping
gangsal ing Majapahit.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1374: dumugi
ing taun :1440: Pambekanipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘darmahita’.
Tegesipun karem ulah kapandhitan, tuwin dhateng
para pangadilan.
Amurih karaharjaning wadya balanipun.
Ingkang kalampah-aken anggung memulang
pratingkahing panembah. Sarta anebihaken para murka, hanyelakaken para sujana
saged hangecani manahing kawula.
Tuwin anggelaraken tata krami.
Yen sandhap boten kenging dipun andhapi, yen inggil
boten kenging dipun ungkuli. Amirahaken dana, lumintu sadinten-dintenipun.
Sarta anglangkungi santosaning panggalih.
Yen sampun kapesthi ing karsa datan saged ewah.
Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana
dhendha’.
Yen wonten wadya ingkang kalepatan kapatrapaken ing
paukumanipun.
Yen sampun lajeng kaluwaran.
Panjenenganipun nata Prabu Sah Ngalam Akbar ingkang
kapisan.
Punika ingkang putra Prabu Brawijaya ingkang kaping
gangsal.
Angadhaton ing Demak.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1440: dumugi
ing taun :1445: Pambekanipun ‘tanuhita’ kaliyan ‘darmahita’.
Tegesipun, remen ulah dhateng kapandhitan, akaliyan
remen dhateng para pangadilan.
Amurih karaharjaning nagari, tuwin rahayuning wadya
balanipun.
Ingkang kalampahaken tansah amemulang pratingkahing
panembah, sarta anebihaken para murka, hanyelakaken para sujana.
Saged angecani manahing kawula.
Tuwin anggelaraken patraping tata krami.
Miwah anglangkungi santosaning panggalih.
Sarta amirahaken dana lumintu saben dinten.
Sarta panggalihipun yen sampun kapesthi ing karsa
boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindakaken sama beda dana
dhendha. Panjenenganipun nata Kanjeng Sultan Sah Ngalam Akbar ingkang kaping
kalih, ingkang putra Kanjeng Sultan Sah Ngalam Akbar ingkang kaping pisan.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1445: dumugi
ing taun :1447: Pambekanipun tanuhita, (darmahita), samahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan kaliyan ulah
pengadilan, akaliyan tata krami. Amurih karaharjaning praja, tuwin rahayuning
wadya balanipun. Ingkang kalampahaken anggung memulang pratingkahing pangadilan
sarta anebihaken para murka, hanyelakaken para sujana.
Tuwin anggelaraken patraping tata krami.
Sarta saged angecani manahing sasami.
Yen sampun kapasthi ing karsa boten kenging
kaewahan.
Sarta amirahaken dana lumintu saben
dinten-dintenipun.
Miwah anglangkungi santosaning panggalih.
Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana
dhendha’, awekasan paramarta.
Kadosta, yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing
sanalika kapatrapan ing kalepatanipun.
Yen sampun luwar ing paukumanipun lajeng kaaksama.
Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Sah Ngalam
Akbar ingkang kaping tiga.
Punika ugi putranipun Sultan Sah Ngalam Akbar
kapisan, ngadhaton ing Demak.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1447: dumugi
ing taun :1480: Pambekanipun tanuhita samahita.
Tegesipun karem ulah kapandhitan, akaliyan remen
ulah tata krami.
Ingkang kalampahaken anggung memulang dhateng wadya
bala, kinen sami anetepi pratingkahing panembah.
Sarta kawiyang-wiyang wijining agama-nipun.
Nadyan Kangjeng Sultan Sah Ngalam Akbar piyambak
inggih anetepi ing panembah.
Manawi boten anetepi dhawuhing nata, lajeng
kaplaksana sarta kagantungan paukuman.
Manawi angestokaken ing panembahipun, kagantungan
ganjaran.
Amargi Kangjeng Sultan Sah Ngalam Akbar anetepi
berbudi bawa laksana.
Tegesipun anggung anggaganjar angula wisudha ing
wadya balanipun.
Bawa laksana hanetepi pangandikanipun.
Ingkang sampun kawijil boten kenging oncat.
Utawi merang yen tan kalampahan.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha. Patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau.
Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Hadi Awijaya ing Pajang, ingkang putra
Kyai Ageng Kebokenanga ing Pengging.
Ngadhaton ing Pajang.
Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala :1503: dumugi
ing taun :1536: Pambekanipun tanuhita darmahita samahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan, remen purwita
kaliyan amumuja, miwah tata krami, tuwin pengadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping
tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan.
Kaliyan karsa amamangkat kawiryaning wadya bala.
Amewahi pranataning punggawa, kapatah-patah ing damelipun.
Kadosta, ingkang kajêjêr wadya senapati, inggih
sapanekaripun.
Ingkang kajêjêrakên wadya penginte kewuh, inggih
sapa nekaripun.
Sapanunggilanipun, inggih makaten.
Tuwin taksih winulang ing panglepasan, weruh ing
cipta sasmita.
Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana, sarta
anggelaraken sama beda.
Lampahing
pangadilan anindakaken dana dhendha utawi dana wesi asat.
Pratelanipun kados ingkang kasebut ing nginggil
wau.
Sadaya dhawahing nata ingkang sampun kagelaraken.
Manawi wonten wadya bala ingkang boten anetepi ing
kawajibanipun kagantungan pau-kuman.
Manawi wonten ingkang kaleresan, kagantungan
ganjaran.
Utawi Kangjeng Sultan Hadi Awijaya anetepi berbudi
bawa laksana. Tegesipun ‘ber budi’ punika tansah hanggaganjar hangulawisudha
ing wadya balanipun.
Tegesipun bawa laksana punika punapa ingkang sampun
kadhawahaken boten kenging oncat, kedah dipun laksanani.
Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Ngawantipura,
ingkang putra Kangjeng Sultan Hadi Awijaya, ing Pajang.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1536: dumugi
ing taun :1539: Pambekanipun sarahita kaliyan samahita.
Tegesipun karem ulah kaprajuritan, akaliyan
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang para wadya
bala ing Pajang. Sami winulang pratingkahing ngayuda, miwah patrap-patraping
gelar, pinrih waskitha ing panempuh.
Amatuh-aken aju unduring baris.
Amewahi papangkataning prajurit, sami ginala-gala
ing ulik.
Manawi angajar prang dhateng wana, ngiras
cangkrama.
Sarta tansah ambingahaken wadya bala santana kawula
warga sadaya. Amargi Prabu Ngawantipura anetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun, tansah anggaganjar angulawisudha ing
wadya balanipun, miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging
oncat.
Lampahing pangadilan anindakaken dana wesi asat.
Tegesipun manawi hangadili punika aming
kadhanakaken kemawon.
Boten mawi pamrih punapa-punapa.
Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah
wigih.
Manawi sampun kaleres kokum, lajeng kapatrapaken
ing paukumanipun. Boten ngetang kawula warga, manawi sampun kaleres ing
kalepatanipun, inggih lajeng kapatrapaken Panjenenganipun nata Kangjeng
Susuhunan Prabu Wijaya.
Punika inggih putranipun Kangjeng Sultan Hadi
Awijaya, ing Pajang.
Jumenengipun kala ing taun sang-kala :1539: dumugi
ing taun :1540: Pambekanipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun, remen ulah kapandhitan akaliyan
pang-adilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang dhateng wadya
bala, kinen sami anetepi prating-kahing panembah.
Nadyan Kangjeng Susuhunan Prabu Wijaya, inggih
anetepi ing panembah. Manawi wonten wadya ingkang boten netepi dhawuhing nata,
lajeng kaplaksana sarta kagantungan pau-kuman.
Manawi angestokaken dhawuhing nata, kagantungan
ganjaran.
Utawi merang yen tan kalampahan.
Amargi, Kangjeng Susuhunan Prabu Wijaya anetepi
pangandikanipun ingkang sampun kawijil, boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha. Patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng wau.
Sarta anggelaraken wewulang tata kramining
lampah-lampah, kapurih sageda nawung kridha saniskara, kapatrapaken saking
ilat-ulat-ulah.
Patrapipun ing ngilat, manawi amuwus ingkang sageda
ing tembungipun, ingkang saged amawas ing pasemon.
Utawi patrapipun ing ulat punika, dipun pardi
ingkang saged sumeh semunipun. Ingkang ngati-ati wedaling cacariyosan, adamel
remen ru-maketing pawong mitra.
Patrapipun ing ulah, ingkang saged tindak tanduking
wicara.
Utawi ingkang saged patraping saniskara.
Panjenenganipun Kangjeng Panembahan Senapati ing
Ngalaga.
Punika ingkang putra Ki Ageng ing Mataram.
Inggih sampun angratu, nanging boten karsa anama
ratu.
Jumenengipun kala ing taun sangkala :1540: dumugi
ing taun :1544: Pambekanipun ‘sarahita’ kaliyan ‘darmahita’.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan, kaliyan
pangadilan.
Ingkang kalampahaken tansah amumulang ing wadya
bala, sami winulang pratingkahing aprang, pratikeling gelar, sarta wiweka
dhateng samukawis patrap-patraping pratingkah.
Ngati-ati panataning karaton. Para wadya balanipun
temah sami widagda ing ngayuda. Putus ing reh parikrama.
Kaeringan sasamining nata.
Lampahing pangadilan anindak-aken ‘sama beda dana
dhendha', sarta anindakaken ‘dana wesi asat’.
Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing
ngajeng wau. Panjenenganipun nata Kangjeng Susuhunan Prabu Hanyakrawati.
Punika ingkang putra Kangjeng Panembahan Senapati
ing Mataram.
Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala (1543: dumugi
ing taun :1553) Pambekanipun sarahita kaliyan darmahita.
Tegesipun karem ulah kaprajuritan kaliyan
pangadilan.
Ingkang kalampahaken, para wadya bala kinen sami
sageda tingkahing ngayuda, miwah patrap-patraping gelar, pinrih waskitha ing
panempuh.
Amatuhaken aju unduring baris.
Amewahi papangkataning jurit.
Sarta tansah ambingahaken wadya bala santana
sadaya.
Awit, Kangjeng Sinuwun anetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun, tansah angga-ganjar angula wisudha ing
wadya balanipun.
Miwah aken boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken dana wesi
asat.
Tegesipun, manawi angadili aming kadanak-aken
kemawon.
Boten mawi pamrih punapa-punapa.
Manawi andha-wahaken paukuman boten mawi
wegah-wigih.
Manawi sampun kaleres kokum, boten mawi ngetang
putra santana kawula warga sadaya.
Manawi sampun kaleres ing paukumanipun lajeng
kapatrapaken. Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma
Senapati ing Ngalaga.
Ingkang putra Prabu Hanyakrawati, ngadhaton ing
Mataram.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1553: dumugi
ing taun :1568) Pambekanipun tanuhita kaliyan darmahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan, kaliyan remen
dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping pamuja.
Tuwin saged angecani manahing kawula.
Utawi lampahing pangadilan mawi kawiyang-wiyang
wijining parka-wisipun.
Amargi sami kalimpudan dana paramartaning
ratunipun.
Mila wadya balanipun gung alit sami angulahaken
kagunan kasantikan, temah sami limpat ing sipta sasmita.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, utawi dana wesi asat.
Tuwin anetepi berbudi bawa laksana.
Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing
ngajeng.
Panjenenganipun nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan
Amangkurat Kapisan, ingkang putra Kangjeng Sinuwun Sultan Agung, ngadhaton ing
Mataram.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1568: dumugi
ing taun :1600) Pambekanipun samahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, karem ulah tata krami, akaliyan pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping
tata krami.
Saged angecani manahing sasami.
Amrih suka pirenaning wadya bala miwah saged
amiluta dhateng para nata manca praja, wekasan sami lulut asih sadaya.
Sarta anebihaken angkara murka, anyelakaken para
sujana tuwin para pandhita.
Utawi remen anglempakaken sakathahing cariyos,
kaurutaken lalampahan-ipun.
Para pujangga sakancanipun juru citra sami kinen
anggarap wonten ing papan. Lampahing pangadilan anindakaken sama beda dana
dhendha, kaliyan dana wesi asat.
Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing
ngajeng wau. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan ing
Ngalaga.
Punika putranipun Kangjeng Susuhunan Amangkurat
ingkang kapisan. Sareng jumeneng nata nama Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan
Mangkurat kaping kalih.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1601 sareng
dumugi ing taun 1603) ngalih kadhaton ing Kartasura.
Jumeneng-ipun kala ing taun (1603 dumugi ing taun 1627)
Pambekanipun tanuhita kaliyan darmahita, samahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan, remen puruwita
kaliyan amumuja, miwah tata krami tuwin pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping
tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan.
Kaliyan karsa amamangkat kawiryaning wadya bala,
amewahi pranataning punggawa, kapatah-patah ing damelipun.
Kadosta, ingkang kajêjêr-akên wadya senapati,
inggih sapanekaripun.
Inggih kajêjêr wadya manginte, inggih
sapanekaripun.
Sapanunggilanipun kados makaten.
Utawi tansah winulang panglepasan, wruh ing sipta
sasmita.
Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana.
Sarta anggelaraken sama beda.
Lampahing pangadilan anindak-aken dana dhendha,
utawi dana wesi asat.
Pratelanipun kados ingkang kasebat ing nginggil
wau.
Sadaya dhawahing nata ingkang sampun kagelaraken
boten kenging oncat. Sarta matrapaken paukuman.
Manawi wonten wadya bala ingkang boten anetepi ing
kawajibanipun, kagantungan paukuman.
Manawi wonten wadya bala ingkang anetepi ing
kawajibanipun kagantungan ganjaran.
Utawi Ingkang Sinuwun anetepi berbudi bawa laksana.
Tegesipun, berbudi punika tansah anggung
anggaganjar ing wadya balanipun.
Tegesipun bawa laksana punika, punapa ingkang
sampun kadhawahaken boten kenging oncat, ingkang kedah hangleksanani.
Panjenenganipun nata Ingkang Sinuwun Kangjeng
Susuhunan Amangkurat Mas.
Punika ingkang putra Kangjeng Sinuwun Amangkurat
kaping kalih, ngadhaton ing Kartasura.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1627: dumugi
ing taun :1630) Pambekanipun sarahita.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan.
Ingkang kalampahaken, sagunging wadya bala sami
winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap-patraping gelar, pinrih waskitha ing
panempuh.
Amatuhaken aju unduring baris.
Amewahi papangkataning prajurit.
Manawi hangajar prang wonten salebeting praja.
Yen sampun luwar ing pangajar lajeng sami
ingupaboga.
Wadya gung alit sami kinarsakaken ing pancaniti,
saben dinten boten kendhat.
Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng
Susuhunan Paku Buwana ingkang kapisan.
Ingkang putra Kangjeng Sinuhun Amangkurat ingkang
Kapisan, dados rayi Sinuhun Mangkurat kaping kalih, ngadhaton ing Kartasura.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1630 dumugi
ing taun 1643) Pambekanipun tanuhita darmahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan, kaliyan dhateng
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang
patrap-patraping panembah, kaliyan anggelaraken kautamaning nata.
Kadosta, aring anggaganjar.
Utawi remen angulawisudha ing wadya bala.
Remen angapura ing ngadosa.
Remen amranata lampah-lampahing nagari.
Lampahing pangadilan anindakaken dana dhendha, sama
beda.
Tegesipun, tansah angganjar ing wadya balanipun.
Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng
Susuhunan Amangkurat ingkang kaping tiga.
Punika ingkang putra Ingkang Sinuhun Paku Buwana
ingkang kapisan, ngadhaton ing Kartasura.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1643 dumugi
ing taun 1650) Pambekanipun sarahita kaliyan darmahita.
Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung amumulang
pratingkahing aprang miwah patrap pratikeling gelar.
Satunggal-tunggalipun kamatuhaken dhateng sagunging
wadya bala sadaya. Ananging Kangjeng Sinuhun Amangkurat boten angamungaken ulah
kaprajuritan kemawon.
Mawi ngrangkep remen ulah kasusastran.
Hangimpuni sakathahing cariyos, ageng alit sami
kaklempakaken dados satunggal, lajeng kaurutan lalampahanipun.
Mila remen anyelakaken para pandhita tuwin para
sujana sarjana ingkang sami tadhah kagunan.
Sami rinaketaken ingkang sami kinathik ipe nata,
kaliyan angathik juru citra, kinen amumulang sakathahing aji jaya kawijayan,
miwah sangkeping kawignyan kasusastran.
Ginelar-aken sagunging wadya bala, sadaya sami
widagda.
Lampahing pangadilan taksih hanindakaken sama beda
dana dhendha, utawi anetepi berbudi bawa laksana.
Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing
ngajeng wau.
Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng
Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping kalih.
Punika putranipun Ingkang Sinuhun Amangkurat
ingkang kaping tiga, ngadhaton ing Kartasura.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1650: dumugi
ing taun 1667).
Lajeng bedhahipun ing Kartasura, kajegan dening
mengsah Jeng Susuhunan Mangkurat Prabu Kuning.
Punika putranipun Kangjeng Pangeran Harya Tepasana.
Dados kaleres wayahipun Sinuhun Amangkurat.
Sareng saged anyirnakaken ratu seselan wau, ngadhaton
ing Kartasura malih.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1668 dumugi ing
taun 1670)
Boten antawis lami pindhah dhateng Surakarta.
Jumenengipun taksih tunggil warsa (1670: dumugi ing
taun 1675) Pambekanipun darmahita samahita.
Tegesipun, remen ulah tata krami, akaliyan remen
ulah pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping
tata krami, kedhaling lisan, obah osiking badan, sarta tepa-tepa saged angecani
manahing liyan.
Utawi ngati-ati kedaling wuwus, boten tilar wiweka.
Anengenaken ulah panglepasan.
Sami putus salwiring subasita.
Kaliyan amurih karaharjaning nagari.
Sami tinata tataning pagriyan.
Pamengkuning wadya bala sadaya pinatut pamatahing
karya.
Boten wor suh sakathahing pandamelan.
Sarta remen anyelakaken para sujana, sami
kaecakaken manahipun.
Sarta anebihaken angkara murka, utawi pinacak ing
papacuwan.
Manawi wadya balanipun wonten ingkang angkara
murka, lajeng winisesa.
Boten kalilan angambah salebeting nagari, sarta
pinidana saengga bucali ama.
Utawi kados ambubudi dhukut, katut dalah oyotipun.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, utawi dana wesi asat.
Menggah patrapipun inggih kados ingkang kasebut ing
ngajeng. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping tiga.
Ingkang putra Kangjeng Sinuhun kaping kalih ing
Surakarta.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1675 dumugi
ing taun 1714) Pambekanipun tanuhita dar-mahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan tuwin dhateng
pangadilan.
Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping
pangadilan sarta patitising wicara.
Saged hangecani manahing liyan.
Utawi andhap asor, tepa-tepa ing budi.
Para wadya balanipun boten wonten ingkang
asasambat, amargi sami kalimpudan dana para-martaning ratunipun.
Mila wadya balanipun gung alit sami angulahaken
kagunan kasantikan, kasusastran, temah sami limpat ing sipta sasmita.
Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda
dana dhendha, utawi dana wesi asat.
Tuwin anetepi ber udi bawa laksana.
Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing
ngajeng wau. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku
Buwana ingkang kaping sekawan.
Punika putranipun Ingkang Sinuhun Paku Buwana
ingkang kaping tiga, ngadhaton ing Surakarta.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1714 dumugi
ing taun 1747) Pambekanipun tanuhita kaliyan samahita.
Tegesipun, karem ulah kapandhitan kaliyan tata
krami, amurih karaharjaning praja, tuwin rahayuning wadya balanipun.
Ingkang kalampahaken anggung memulang pratingkahing
panembah, sarta anebihaken para murka, anyelakaken para sujana.
Saged angecani manahing sasami, tuwin anggelaraken
patraping tata krami.
Sarta amirahaken dana, lumintu saben
dinten-dintenipun.
Miwah angling-kungi santosaning panggalih.
Yen sampun kapesthi ing karsa, boten kenging oncat.
Lampahing pangadilan anindak-aken sama beda dana
dhendha, awekasan paramarta.
Kadosta, yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing
nalika punika kapatrapaken ing paukumanipun.
Yen sampun lajeng kaaksama.
Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng
Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping gangsal.
Ingkang putra Kangjeng Sinuhun Paku Buwana ingkang
kaping sekawan, ing Surakarta.
Jumenengipun kala ing taun sangkala (1748 dumugi ing
taun 1751) Pambekanipun sarahita.
Tegesipun karem ulah kaprajuritan.
Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah para
wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing aprang, pratikeling gelar,
sarta wiweka dhateng samukawis patrap-patraping prating-kah.
Ngati-ati panataning karaton.
Para wadya balanipun temah sami widagda ing
ngayuda, putus ing reh parikrama.
Kaeringan sasamining nata.
Lampahing pangadilan anindakaken sama beda dana
dhendha, sarta anindakaken dana wesi asat.
Kaliyan tansah ambingahaken wadya balanipun,
kapurih sageda nawung kridha sambegana.