SERAT MANIKMAYA
I.
Lumaksana sekar sarkara mrih, pininta maya mayangngéng
ngulah, kang winnarnéng pituturé, dukmaksih awing nguwung, durung ngana bumi
langit, nanging Sang Hyang Wisésa, kang kocap karuhun, menneng samadyanning
jagad, datan narsa mosik jronning tyas maleddi, enning anneges karsa.
Amurwéng ngongga anggannya titis, titissing driya tannana
kang lyan, pribadi datanna suwé, miyarsakken swara sru, tan katingngal unninya
kadi, gentha sakala kagyat, saryannon antelu, gumantung néng ngawang ngawang,
gya cinadhak sinnanggéng ngasta pinusthi, dadya tigang prakara.
Saprakara dadi bumi langit, saprakaranné téja lan cahya,
mannikmaya katiganné, kalih prasamya sujud, ing padanné Sang Maha Munni, Sang
Hyang Wisésa, dhateng Sang Hyang Guru, éh Mannik brahanniréka, sira iku
annanningsun ningsun niki, éstu kahannannira.
Ingsun pracaya sakalir kalir, saisinné jagad pramudita,
sira wenanga dadékaké, Bathara Maya matur, dhuh pukulun Sang Maha Munni, kadya punnapa tuwan, nayogya
ing ngulun, kalangkung dénning sulaya, suwarnanné pun Mannik dahat apekik,
cahya gumilang.
Warni kawula awon lan malih, cahya cememng apindha
wedellan, Sang Hyang Wisésa delingngé, iya wruhannira wus, karsanning Sang Amurbéng
Pasthi, aja sira nalongsa, iki mannira sung, aranné rêtna dumilah,
musthikanning rêtna tannana kakalih, barang sedyamu dadya.
Pinnarnah néng kukuncang lan malih, dénning cahyamu
pindha wedellan, sung warna iréng nyatanné, langgeng sapanjangngipun, lir
raditya kalawan sasi, tanggal sadinna mundhak, terkadhang lumungsur, surya
langgeng datan nowah, Sang Hyang Maha
sumungkem pada ngastuti, ngling malih Hyang Wisésa.
Iréng nyatanning wasita wengi, wengi iku dadya
pasennettan, kang ngana dadya oranné, iya dinnalih dudu, ingkang dudu dinnalih
yekti, kang mannahé sudira, miruda ing ngangkuh, awedi bok kasamarran, sira
aran Bathara Semar prayogi, amumpunni pratala.
Bathara Maya saur pranniti, angadhaton ing bumi asapta,
kunneng Hyang Wisésa angroh, Bathara Guru sampun, winnisikking salirring wadi,
widagdyanning ngamurba, murba lirring tuwuh, Sang Hyang Wisésa wussilang, ilang
saking ngarsanninné Sang Hyang Praméthi, Guru kari Hyang Gana.
Ngunandika bumi miwah langit, puwara pisah antarannira,
atebih wau prenahé, andhap kalawan luhur, luhur datan kacakréng budi, bumi
kalangkung susah, dadya sanget caun, ngawiyat sanget nalongsa, mulat dhateng
pratala sanget prihatin, tansah kambang kambangngan.
Néng samodra katiyupping ngangin, yén barat saking kulon
mangétan, yén saking wétan baratté, mangilé parannipun, lamun saking kidul kang
ngangin, bumi ngalor lumarap, saking lor anempuh, mangidul punning pratala,
lamun nuju wonten angin sarêng prapti, anempuh kang pratala.
Anéng tengah pratala kumitir, ombak kombul madyanning
samodra, sangsaya sru pannangissé, bumi langit gya metu, angin roro saking jro
bumi, saking luhur ngakasa, marutanya metu, wasta sindhung aliwawar, sindhung
bayu bajra kang saking jro bumi, gengngé sasigar jagad.
Lampahnya ngobahaken pratiwi, kang saking luhur sarêng
lampahnya, papag anunggal karsanné, manjing néng samodra, lir kinnocak punning
jaladri, datan kennaha ararywan, saéngga kinnebur, tan pegat dénnya walikkan,
pramilanné samodra temah annangis, bumi saya gambira.
Saya gambira kagiri giri, téja lan cahya datan lumampah,
tan nana siyang dalunné, mojar Bathara Guru, éh Sang Téja lan cahya wenning,
sira mangké tampiya, pangandikannipun, Hyang tan nana sira ingkang, kinnaryaha
amadhangngi ing rat bumi, lampahmu dénna gantya.
Nanging sira cahya dénna mawi, mundhak lumungsur yén wus
tumeka, tigang pupuh pamepeggé, ping limawelassipun, asennettan sajronning
warih, murya lumaku siyang, pasennetannipun, sajronning punning annala, wus
sayogya Hyang Giri Natha sakéhing, Jawata nawa sanga.
Kang ngannéng jagad wétan kakasih, Hyang Maha Déwa legi
pasarnya, Maha Déwi Batharinné, selaka kuthannipun, manuk kuntul punning
jaladri, santen ana caraka, aksara kang dhawuh, Sang Hyang Sambu wastannira,
annéng jagad kang kidul kitha tembagi, Batharinné swagyana.
Manuk ulung pasarranya pahing, segara getih punning
aksara, datan sawala sastranné, Hyang Kamajaya mungguh, jagad kulon Bathari
Ratih, murub kuthannya emas, segaranné madu, manukké manukké podhang, pasaranné
epon aksara winnarni, nenggih padha jayanya.
Bathara Wisnu kuthanné wessi, néng jagad lor wage
pasarrannya, Bathari Esri déwinné, nila segarannipun, manuk gagak sastrannya
adi, nenggih ma ga ba tha nga, gagadhuhannipun, Bathara bayu kang ngana, jagad
tengah déwinné Bathari Sumi, kaliwon pasarrannya.
Sapuluh sastra gagadhuhanning, 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0,
kaliwon papasarranné, kuthannipun parunggu, tasik wédang manukké gogik, kang
wontenning lor wétan, prit anjalatunggu, aksarannipun bya ebyak, kidul wétan
Sang Hyang Kuwéra nengganni, satranné nara sunnya.
Kidul kulon Bathara mah yekti, gandhéya aksaranné ing
ngucap, ingkang lor kulon déwanné, Bathara Sicah luhung, kang tinnengga sastra
nur witi, sadaya wus pepekkan, déwa maha wolu, kasanga bayu kang kocap, ing
carita jagad nusa jawa maksih, gonjing dénning érnawa.
Sinnerru ngadeg Sang Hyang Pramesthi, karanné luhur
punning ngakasa, winnangsul malih tingallé, mangadhap Sang Hyang Guru, dadya
lapis sapta kang bumi, jagad ingkang kapisan, rinneksa dyah ayu, ibu pratiwi
namanya, jagad ingkang kapindho rinneksa dénning, Hyang Bagawan Kusika.
Sang Hyang Dang Dhang kaping tiga bumi, kaping sakawan
Sang Hyang Sindhula, ngerampallan ping limanné, akathah yogannipun, warna tiga
ingkang rumiyin, ayoga kokowangngan, garangngan panggulu, pamuragil warni ula,
sawarninning sarpa saisinning bumi, yoganning Dherampallan.
Yén kalimpé bapakné binukti, teksaka dénning sanakké ula,
kang roro samya kaweléh, génnya mongsa sadulur, Dherampallan asanget runtik,
tinundhung ingkang putra, kalih kang pambayun, lawan kang panggulu késah, asusumbar
sira kabéh wus pinasthi, dadya mamangsanning wang.
Mila tamtunné dalasan mangkin, kokowangngan amongsa
teksaka, nenggih punnika kandhanné, kunneng ingkang tinutur, kaping nemmé kang
punnang bumi, Bagawan Mannikkara, wastanné kang tunggu, anumpak bumi kasapta,
Sang Hyang Ontoboga minongko ratunning, jawatha sapta jagad.
Saisinné dipun wikanni, bumi kapitu tanna kang liyan,
kunneng Hyang Guru karsanné, Nusa Jawi piinnaku, karsannira ywa kenna gingsir,
jumenneng sannalika, tingnngalnya sinnerru, wus dadya punning mrawata,
prennahnya néng jagad kang kulon amergil, ing ngaran jamur dipa.
Sampun tetep tanah Nusa Jawi, datannobah katempun
hérnawa, nagging asanget miringngé, ingkang wétan méh sundhul, ing ngakasa Sang
Hyang Pramesthi, aris kang pangandika, mring déwa sadarum, atannya miringnging
jagad, sarêng matur sakatahing para rêssi, mring Sang Hyang Giri Raja.
Ya pukulun sang maha pinundhi, wekassing jagad wus
kapariksa, pramila sanget miringngé, annenggih wonten gunung, wekas kilén
aminggir tasik, ageng kabinna binna, mojar Sang Hyang Guru, mwngko ana
dayanning wang, gunung ngiku sira dhungkarra prasami, alihna wekas wétan.
Payo sira mangkatta tumuli, wonten jawatha siji pinnisah,
Empu Ramadi wastanné, sira ywa milu ngusung, jamur dipa sunnawéh kardi, agawéya
gegaman, kang Linnangngan matur, datan lengannéng paréntah, sakathahing jawatha
umangkat gipih, kunneng kang winursita.
Hyang Dermajaka yoga semadi, aputra jalu wus jinulukkan,
catur Kennaka wasatanné, Sang Hyang Kennaka catur, angrangaken tapa wus dadi,
sabarang ciptannira, saka sekténnipun, Hyang Dermajaka sinnaman, nulya yoga
semadi atmaja pekik, parabkanné kaputra.
Wus pinathi karsanning Hyang Luwih, sajennengngé
sangkannéka putra, tuhu yén putra annanné, abakit tan winuruk, kinnén tapa wus
dén lampahi, wus sinungngan musthika,
éndah warnannipun, awasta Rêtna Dumilah, binekta manjing sajronning jalanidi,
tapakur nrangken raga.
Yén narsa boga myang nginum warih, Rêtna ingkang ginonda,
tan kenna ing ngarip luwé, tan teles néng jro bannyu, datan gosong manjing jro
genni, ambi sutapannira, nétrang samodra gung, sigeggan sang ngapratapa, wus
sangraga sukma warna amalih, sagung para jawatha,
Tanna mawi marga sampun prapti, prenahira gunung jamur
dipa, sagung déwa déwi kabéh, bathara sampun kumpul, myang bathari samya
anggusthi, kadi paranning karsa, Hyang Brama amuwus, ingsun kang dadi bendhaea,
dan-dannana kang nganéng dhasarring wukir, Wisnu kang ngagungkarra.
Atiwikrama Sang Wisnu Murthi, nulya gengngipun kabinna
binna, sami lan gunung gedhénné, bayu pikullannipun, Sang Hyang Ngendra dadya
tetali, bendhawa winusarran, salanggya sinnambut,pinnikul para jawatha, Sang
Hyang Surya sanget dénnya anningngalli, jawatha kapannassan,
Kapannassan déwa lawan déwi, sanget panningngallipun Hyang
Ngarka, angrasa yénnarêp ngombé, yata andulu bannyu, miyos saking lambungnging
wukir, déwa samya agahan, nulya samya nginum, satunggil tan kaliwattan, samya
pejah margannya anginum warih, siji tan nana gessang,
Sang Hyang Guru milya nginum warih, tan kalebu jronning
guwa garba, tangginnas nulya linnepéh, Sang Hyang Pramésthi muwus, angker temen
toya punniki, kamulanné semana, Hyang Prtamésthi Guru, ajujuluk Nilakontha,
dénning tenggak punika aciri putih, marganné nginum toya,
Mapan dudu sajatining warih, toya iku pan gurunning
ngpas, Hyang Calakutha wastanné, Hyang Pramésthi andulu, tirna wenning
pucakking ngardi, sru gandannira kongas, dahat mannissarum, Hyang Giri Raja
anulya, kapanjingngan sarira gandanning warih, sumrah sajronning ngongga,
Sang Hyang Jagad Natha ngling pribadi, pantessé iki toya
dimarta, Hyang Kamandhalu wastanné, Hyang Wisésa tumurun, asung swara ing Hyang
Pramésthi, iya punnika tirta, marta kamandhalu, iku saking Hyang tannana,
sajatinné iya iku bannyu urip, angurippi ngagessang,
Anggurippi salirring ngaurip, toya iku dadya
pangngurippan, kang kayu irêng ngannanné, aranning punning kayu, sandilata
panniya dadi, pangurippanning pejah, saniskarannipun, pasthi dadya pangurippan,
déwa déwi satriya rathu bupathi, lan sakéhing manungsa,
Miwah but aula lawan reksi, ejin sétan saisinning jagad,
saking kayu kaurippé, mapan rumuhun kayu, annannira jawatha kari, karanné kenna
lara, déwatha sadarum, wekassanné kena pejah, dénning ngora unninga rasanning
ngurip, pilih wong kang nginumma,
Yén sampun samya angnginum warih, déwa iku datan kenna
pejah,lan norannana laranné, mangka Sang Hyang Guru, aterampil anginum warih,
lan sarta winnadhahan, wus munggéng cucupu, aran Mannik Astaginna, raossipun
ingkang tirta luwih adi, Hyang Pramésthi kacaryan,
Langkung kacaryan
Sang Hyang Pramésthi, dénning raossé kang punning toya, wus késah
prating prennahé, déwa pejah Hyang Guru, duk ambuka cucupu mannik, ingkang
kaisénnan toya, déwa kabéh sampun, tinnétéssan lathinnira, déwa déwi bathara
lawan bathari, samnya waluya gessang,
Agessangnga paripurna urip, lir wingi unni mulya sadaya,
pra samya ambangkat gawé, nulya tinnarik asru, jamur dipa sampun dénnirid,
kérid para jawatha, jawatha kang jung jung, kajungjung ing prenahira, siti
kantun agengnya mung sagennitri, dadya gunung tempora,
Gunung dipun nagari caringin, runtuh sakemiri dadya arga,
ing banten musgigal waléh, sahantiga geng ngipun, dadya gunung ngagengnga
inggil, sakunning pajajarran, wukir wala ula, laju lampahnya mangétan, ana
gigal gedhénné mung sakemiri, dadya gunung sirêbah,
Kathah warwata awarni warni, ya ta lajeng lampahing
jawatha, akathah tiba sitinné, dadya parwata agung, tanpa cirri namanning
wukir, gunungngé wongnging tegal, kang satunggillipun, winnastan gunung
pragota, gunnung kendheng kang kécer urutting margi, angendheng sapangétan,
Runtuh rong kepel kang punnang siti, dadu gunung sumbing
lan sendara, ing kedhu gonnipun rérén, pramila bumi kedhu, mirah toya dalasan
mangkin, karingetting jawatha, wussa ngrasa lesu, angangkat datan kaangkat,
dénning samya ngungkulli punning besali, karanné datan kongang,
Besa lénna empu ramadi, dénnya pandhé annéng ing gegana,
kepel minongka pukullé, sarwi aparon dhengkul, genni miyos tung-tungnging
ngaksi, grana dadya abubban, kang minnongka sepuh, idu miyos saking lidah, kang
pinnandhé wessi bakamah eribbi, dadya gagaman swarga,
Warna-warna
gagamanning swargi, cakra gada dhendha lan musala, bajra limping gada
dénné, duduk lan alu-alu, konta boji kalawan bindi, tamsir kalawan pedhang,
trisula lan suduk, ana dadi paso patya, bramas trampuh sengkal gya rêdya
dedali, pra tuwin marcu jiwa,
Satkathahé gagama[9]nning swargi, empu ramadi ingkang
ngakarya, kathah yén tinutur kabéh, déwa prasamya dulu, mring bagawan empu
ramadi, dénné datan tumindah, ngerrig ngusung gunung, teka pijer ngéca éca, api
sadu annambut karya pribadi, oléh urdinné sapa,
Mapanning mengko keriggannaji, linnarang wong nambut gawé
ngomah, apa tan ngru wartanné, wong padha ngusung gunung, gunung gedhé
kagiri-giri, dénné nora kayaha, énnak amemalu, kaya wong tan kaparéntah,
piyangkuhé si empu mannas baranni, kaya lannang priyongga,
Bathara condra umatur raris, yén suwawi ing ngabannan
dhendha, tinrappaken salerrêssé, mojar bathara bayu, kaloréyan temen si adhi,
bok teko jinnarahan, rajakayannipun, kalamun malat binnonda, yénna rosa sedheng
tumeka ing pati, sapa kang maéluwa,
Sang Hyang Condra lumaksana aglis, prapta ngarsanné Hyang
Ngempu Rama, bramantya asru wuwussé, punning lathi kumelut, ngadeggannéng
ngarsa nudingngi, angngucap sarwi nentak, sengak muwussipun, kuingmu tanna
miyarsa, melengmu macicil datan nudanni, yén mengko akéh karya,
Wong nambut karya dhéwé tan kenni, sira iku tekaha
apiora, angénnak énnak papandhé, bathara Cakra rawuh, Sang Hyang Citra Gotra
nganthénni, ginnelut empu Rama, nulya Hyang Samburu, annarajang nebah jaja,
empu Rama angrasa yén di temenni, jumbul sarwi bramantya,
Aprawira empu Rama adi, dyan pinnenthang baunné kang
kiwa, sarta medal karingetté, awaknya pan kumutug, kadya wédang umobbing jadhi,
alunnya kadya lengnga, marucut lir welut, jawatha sami kasingsal, kang sawnnéh
tiba kongseb kasaliring, kalumah ngathang-ngathang,
Lumayu pra jawatha awing awring, bathara Sakri langkung
bramatya, purama pinnapaggaké, ramé jagur jinnagur, jeg jinnejeg asilih ukih,
datan nana kasorran, samya kuwattipun, bathara Sakri kajengkang, dipun candhak
wingkingngannya wus tinninggil, ing ngubengken ngawiyat,
Rinnebut dénning Sang para rêssi, Sang Hyang Sakri sampun
tanpa kerkat, ginnosongngan déwa kabéh, sarirannya lir kapuk, sagung para jawatha
wing wrin, Sang Hyang Bayu bramatya, amarêkking ngayun, kalih sarêng
annarajang, ramé udreg suru sinurung pra sami, dénning prakosannira,
Bagawan empu rama tarampil, bayu cinandhak iketté pinggang, Sang Hyang
Bayu nyandhak agé, iket pinggang Ramampu, panna ramé tanting tinnanting, gantya
sendhal sinnendhal, ajung-jung jinung-jung, aramé buwang-binuwang, Empu Rama
binuwang malesat tebih, angadeg
tibannira,
Narajang Ramya bithi binnithi, jagur jinnagur sami
prakosa, tanna kasorran kaliyé, kalindhih saya dangu, Sang Hyang Bayu baunnya
kalih, pinnetak nulya kalah, pratala Sang Bayu, sukunné manjing watara, waked
dhengkul sarira tanna ngulisik, rinnebutting ngakathah,
Saya krodha Empu Rama adi, akarsa banting mannahé cuwa,
Bathara Brama delingngé, yén mengko wong batur, payo sarêng lumindhih, Ki Empu
kinnembullan, ajana lumayu, pira kadar wong satunggal, amiyarsa Bagawan Empu
Ramadi, nambut durma tinnembang.
II.
Wus anambut gagaman Hyang Empu Rama, dénning dipun
kembulli, ing para jawatha, Empu Rama susumbar, iya kembul lan mami, nanging
yén sira, acundhukking jemparing,
Wurung sira alebur dadi érnawa, wruh annanira wak mami,
akarya gagaman, dudu karêp ngong dhadhak, karsanné Sang Hyang Praméthi, yén nuwis
dadya, sira king kang duwénni,
Kabéh myarsa sagungnging para jawatha, Bathara Wisnu
angling, satemenné iya, sami kirang pariksa, kabéh konca batur mami, amesthi
sira, dinukan Hyang Pramesthi,
Tanna dangu wus rawuh Hyang Jagad Natha, nitih lembu
andinni, cahyanya gumilang, kadi mrecu ngandika, Hyang Giri Raja amannis, aja
brawala, payo angkattenna glis,
Gunung ngiku yén jagad uwis arata, si[10]ra sunganjar
sami, tirta pangurippan, tan kenning
lara pejah, tumandang Sang para rêsi, nyandhak pikullan, samya arêbut
dhingngin,
Gya sinambut kang punning siti kasingsal, kalih kepel
nibanni, dhateng pawirungngan, nipun Sang Ngempu rama, tannantara dadi wukir,
kakalih jajar, wasta gunung marapi.
Lan merbabu nenggih tamtunnipun kina, murub dalasan
mangkin, gegetunning nala, Bagawan Empu Rama, pabusalén dadi wukir, sapunna
karya, yoga amuja wessi,
Waja pamor tembaga pinusthi dadya, aran brama kedhali,
sampun winurukkan, apandhé sampun bisa, aparon dhengkul asupit, jari jwapunni,
sepuh idu kang mandi,
Empu Brama Kedhali sampun nayogya, wasta Sang Onggajali,
Onggajali putra, jalu wus pinnarabban, nama Empu Songka Adi, umasuk islam,
nyabat jengngira nabi,
Punniku mencarken aksara Jawa, anuhun pangaksami, pun
Karta Mursadah, marmintanné tan pegat, prasabenning sang linuwih, wong sudra
papa, pinardika ing Gusthi,
Ingkang dahat asih dhateng bala tontra, tinrappaken
sahadil, sanget palamarta, amretakken kang samar, ring nala winratting galih,
kunneng winnarna, lampahing para rêssi.
Datan kandheg para jawatha mangétan, maletik punning
siti, wus dadya parwata, lawu sang para déwa, alon lampahnya lestari, sitinya
gigal, gengngé saka cang wilis,
Dadya gunung kadhiri sakantunnira, siti wus pinnirail,
binuwang mangétan, mangalor ingkang dadya, gunung murya kang sawiji, parwata
pandhan, gunung bancak lan malih,
Gunung soka rinnilannardi gulangngan, gunung kelud
annenggih, pucukkipun dadya, saméru mila dahat, gengngipun méh sundhul
langngit, sagung jawatha, marêkking Hyang Pramésthi,
Angandika aris Sang Hyang Jagadnatha, dhateng para rêssi,
kinnén angngambilla, kayu mawi téja, lan watu pra tuwin siti, mannira arsa,
amangngun swarga adhi,
Allah tangala nitahken bale ngaras, Sang Hyang Guru
akardi, bale marcukundha, Allah nitahken swarga, pirdos Sang Hyang Guru kardi,
sawarga loka, Allah karya yumanni,
Sang Hyang Jagad Natha akarya kakawah, Allah nitahken
malih, waélul naraka, Sang Hyang Guru akarya, endhut belegdaba nenggih, Allah
annitah, wot siratal mustakim,
Allah nitahken kang para malékat, Sang Hyang Guru
Pramésthi, ayogya jawatha, sapituturring kitab, sadaya dipun timbangngi, si
marcukundha, bale sampun dumadi,
Wot siratal mustakim timbangngannira, uwot siogal-lagil,
wus pepak sadaya, widyadari ing swarga, loka kathahé sakethi, langkung
satunggal, ita Bathari Rathih,
Sang Hyang Guru sampunna mawi sisiyan, Sang Hyang Uma
Bathari, sampunning dumadya, suwarga luwih pélag, para jawatha wus sami, pepak
sadaya, miwah para Bathari,
Aglar sandhapping bale si marcukundha, dhadhasar wus
cumawis, karsannipun samya, angnginum punning toya, kamandhalu adan lirih,
pating gariyak, sukunnira kapati,
Wonten kocap rêrêgedding marcapada, nanging warni raseks,
dannawa paparab, rêmbu culung unningnga, yén para jawatha sami, angnginum toya,
Hyang Rêmbu culung ngalis,
Medhun saking ngawiyat sedyanné arsa, tumut angnginum
warih, tanna mawi taha, punning tirta dénniras, ginnogok kunningngan dénning,
Bathara Condra, Sang Hyang Wisnu jinnawil,
Kakang Wisnu punnika wonten dennawa, tumut angnginum
warih, sinten kuwawa nglawan, Bathara Wisnu amusthi, cakra daksana, lumepas
amatitis,
Gulu pegat nanging salebetting sirah, sampun kalebon
warih, déréng manjing badan, kaselak dipun
cakra, wus pejah punnang raseksi, sirah malesat, mumbul madyanning
langit,
Dadi buta kara mumong sarêmbulan, miwah pratongga pati,
ujarré wong buda, mila wonten grahana, aramé dipun béndrongngi, minongka
tandang, kunneng ingkang winarni,
Hyang Bathara Guru alenggah kaliyan lawan Uma Bathari,
Hyang Guru lingira, marang Bathari Uma, yayi jenennengnging ngaurip, jalu
wannodya, ambabarraken wiji,
Sang Dyah Ayu cinnandhak astanné kiwa, sarya ing ngarih
arih, Sang Rêtna tur sembah, kakang ulun lengana, sinnenggaman ulun maksih,
déréng unningnga, sajatinning pawéstri,
Taksih suwung kakang sarira kawula, Bathara Guru angling,
dhuh pupujanning wang, inten rêtna mulyéndah, dasiyé nedha jajampi, Bathari
Uma, tansah angrarassati.
III.
Sang Dyah mijil sang kakung ngukuhi, rinnabaséng turon,
atangkis asta sang dyah tan péléh, sirna gempa langenning kang sari, priya
andhatengngi, jayéng prana ninimpuh,
Pinten rosanning dyah wus katitih, teka ing parêmpon,
nanging sang dyah asanget lumuhé, dupi gaduh rasanné kang jati, kén Uma
ngoncatti, dadya Sang Hyang Guru,
Kamanya nrus tumibéng jaladri, jumegur tannalon, tamah
dadya gara-gara gedhé, lir kinnocah punning jalanidhi, ing sawarga tuwin,
prabawa annempuh,
Bale marcukundha lir ginnonjing, Hyang Guru nabda lon,
mring déwa kabéh apakaranné, gara-garanné swarga kapati, matur para rêssi ing
Bathara Guru,
Sampun amba pariksa kang dadi, prabawa gumenjot, Sang
Hyang Prathiwi wonten warninné, kaulatan saged amastanni, Hyang Jagad Natha
ngling, iya jenneng ngingsun,
Kang nguningnga wastanné kang dadi, gara-gara abot, ya
sang kama salah iku ranné, geter pater samya annauri, angngandika aris, Hyang
Pramésthi Guru.
Sakathahé yo gamnningsun sami, mengko karsanning ngong,
sira mrecaya kabéh, mring si koma salah dén tumuli, kang tan naklonni, dudu
yoganningsun,
Para jawatha samya tur bekti, umangkat tan nalon, samya
ambekta sagegamanné, prapténg samodra samya glepassi, kalawan jemparing,
tibanya lir jawuh,
Sangsaya yén dipun tingalli, gya kalawon lawon, cakra
daksana dadya mukanné, limping nenggala baunné kalih, gada ingkang dadi, geger
wus alungguh,
Sang para jawatha anningalli, samya gawok gowok, Bathara
Brama alon muwussé, dénné sira padha ngaku sukci, kaya pasu mami, sirantukka
mungsuh.
Kang bisa nyepeng sastra jemparing, atannapi waos, mandah
baya kabéh palayunné, wus lumampah Hyang Kala maranni, mring déwa pra sami,
sasaran lumayu’
Rêbut dhucung karsannira ngungsi, Hyang Guru angadhaton,
para déwa prapténg ngarsa kabéh, angngandika alon Hyang Pramésthi, baya paran
dénning, pra samilumayu,
Déwa samya umatur wotsari, ing Sang Maha Kathon, mila
sadaya sru palajengngé, pun kama salah mangké awarni, dannawa ngjrihi, mangké
kados rawuh,
Wau swaranya nguwuh angerik, kawula jrih tumon, atakén
bapa wau sedyanné, mésem Hyang Guru ngandika aris, mengko ana ngendi, kang
ngarupa diyu,
Lan gya cinnatur ing Hyang Pramésthi, ing jaba gumuruh,
déwa samya gégér sadayanné, ngungsi sajronning kang sawarga di, méh prapta
ngarsanning, Hyang Bathara Guru,
Rémanya gimbal sakisi-kisi, dumugéng cicingklok, siyungngipun sacarak panjingngé, nétranya
pindha pratongga pathi, muka sawangcuri, wiwaranning ngicung,
Lir guthaka sakembarran rawit, ing lathi mangrongkob,
simbarring jaja kadya ing nguré, wulunning geger dawa mratanni, yén tinnempuh
dénning, maruta kumrusuk,
Prapta ngarsannipun Hyang Pramésthi, ngadeg swaranya gor,
éh sira iku apa wastanné, Hyang Jagad Natha ngandika aris, ya ingsun kang dadi,
rathunning tumuwuh.
Sang kawasa lah keras nauri, yén sira sayektos,
rathunning sanniskara kabéh, sunna takon prenahing sudarmi, pasthi sira unning,
yén sanyata rathu,
Angnga[12]ndika alon Hyang Pramésthi, nyata ingsun weroh,
marang sudarmannira prenahé, lamun sira anut karsa mami, kama salah angling,
iya mannira nut,
Kaya priyé maringsun kang karsi, Hyang Guru nebda lon,
iya wong anut iku tegessé, saparéntah ingsun dén lakonni, mapan sira kadi, wong
nganjongka Guru,
IV.
Lamun sira arsa wikan, ing bapakmu anembaha ing mami,
nuli mannira atuduh, mojar sang kama salah, iya gelem mannira nembahréku,
nanging yénnora kapedhak, pasthi yén sira bilai,
Sun tadhah sun tara mongsa, babalungmu pasthi ingsun
kelétti, angngandika Sang Hyang Guru, iya sakarêppira, paténnana yén goroh
sariranningsun, anulya sang kama salah, mendhak néng ngarsa ngebkti,
Tarampil Hyang
Jagadnatha, kama salah binnedhol ingkang wénni, kalih lembar nulya jumbul, tumengnga
kama salah, wus cinnandhak siyungngé karo jinnabud, lajeng sinuwuk lathinya,
upassé sadaya kenni.
Winnadhan nastaginna, winnor lawan calakutha kang warni,
siyung dadya pannah limping, kang sawiji nenggala, pannah roro wawratté amitung
ngatus, réma kakalih wus dadya, kendheng ponca wéda luwih,
Sang Hyang Guru angngandika, kama salah sira ingsun
naranni, Sang Hyang Kala ingkang sinung, jujuluk atur sembah, sasampunné
ngandika Bathara Guru, ésmu runtik dhateng garwa, Bathari Uma annuli,
Cinnandhak nulya sinungsang, sanget muwun déwi Uma
anjerrit, kadya sundari awuwuh, karsanning Hyang thannana, wus sawarna durga
panjritté sangngayu, jinnodhokken Sang Hyang Kala, pinnarnahaken tumuli,
Kayangnganné Sang Hyang Kala, annéng nusa kambangngan lan
kang rayi, dénya akrama sih lulut, Hyang Guru kang winnarna, angngandika
dhateng Hyang Bramalan Wisnu, tinuduh numpes dannawa, dadya rêrêgedding bumi,
Rêmbu Culung kang ngatmaja, kawan dasa tinumpes tanna
kari, nanging sawiji kang dipun, langkungngi apratapa, satatanné manungsa
tinnalu talu, paparab puthuk Jantaka, kunneng kang winnarnéng kawi,
Bathara Guru tumingngal, jro samodra wonten téja nelahi,
ing ngandika Sang Hyang Guru, iku téjanné sapa, sarêng matur para jawatha wot
santun, tan wrin wastanné patik bra, punnapa malih kang mawi,
Ngling malih Hyang Jagad Natha, iku téja ing ngaran suba
siti, dénning ana jronning banyu, Hyang Tamburu ing ngatag, pariksannen apa
kang ngaduwé tamtu, Sang Linningngan atur sembah, mesat tan kawarnéng margi,
Prapta prennahé kang téja, tinningngallan ana sujanma
linggih, Sang Hyang Tamburu gya wangsul, sampun prapténg ngajengngan, atur
sembah sampun kapir sapukulun, annenggih kang mawi téja, manungsa kang mangun
téki,
Apitekur jronning toya, datan teles ngandika Hyang
Pramésthi, payo godhannen dén gupuh, kabéh nuli mangkatta, sarêng nembah
mangkat jawatha sadarum, kang sami arsagogodha, miwah ingkang widya dari,
Lampahnya samya rantabban, tan kawarnéng marga lampahnya
prapti, prennahing téja kang murub, sang ngatapa katingngal, datan kenna mosik
tapanné ambisu, para jawatha wus prapta, ing ngarsanné sang Palinggih,
Adangu datan sinnapa, Sang Hyang Brama mojar wecana
mannis, gedhé temen angkuhipun, cacak tamu wandé, lumrah-lumrah wong mredayoh
di pun suguh, apait rasanning kinnang, sinnabawan srebi batin,
Dumé-duméh yén pandhitha, gawé angkuh tegessé mejannani,
maring kang samya mretamu, mojar Bathara Siwah, satemenné mannira iki ing
ngutus, maring Hyang Jagad Natha, kinnén amundhut jajampi,
Bathari Uma kalaran, lara mengko sira sungnga jajampi,
tannobah dénnira lungguh, Sang Hyang kannéka Putra, gantya gantya para jawatha
amuwus, tannana kang sinnaurran, Hyang Brama wekassan runtik,
Pamgucappira asygal, ingkang kaya sira ingsunnaranni,
wong lumuh ginnawé ayu, iki buminné sapa, sira gonni nora nganggo ijab Kabul, yén kang duwé nora lila,
tapannira tanpa kardi,
Dadi pandhitha ngathorang, Sang Hyang Sambu prapta
anggawa kendhi, Sang Pandhita dén gajurujug, tan teles dénning toya, Sang Hyang
Condra bramantyanyandhak salukun, sang Palinggih ginnitikkan, wulu salembar
tannosik,
Bathara Bayu anyandhak, mring sang tapa sinnambetken ning
curi, watu pecah mara pitu, tan wigatti sang tapa, Sang Hyang Brama
anyipta dahana murub, kadya sundhulling
ngawiyat, sang pandhita wus dén bismi,
Panyannanning pra jawatha, sang Kkannéka Putra sampun
ngemassi, urubbing dahana dangu, dangu sang saya ilang, sang ngatapa
kadyakencana sinnepuh, sagungnging para jawatha, kagawokkan anningngalli,
Samya anambut gagaman, cakra kunta raras ardadali,
neggala parasu limping, pasopati trisula, kadya udan néng ngarsannéng Sang
Palumngguh, tanna gepok sariran, menggah sagung para rêssi,
Sakalangkung dénya mérang, sarêng bubar datan kawarnéng
margi, sampun prapta ngarsannipun, Sang Hyang Guru Bathara, Brama nembah kawula
dinuta sampun, anggodha kang tapa lenggah, sakalangkung dénning sekti,
Sakathahé pra jawatha, ingkang godha samya pegel kang
galih, telas kabudayannipun, lenggahipun tan wedhar, angngandika aris Hyang
Bathara Guru, payo ngong tindak priyonggo, léngsér Hyang Guru Pramésthi,
Datan kawarna ing marga, sampun prapténg ngarsanné Sang
Palinggih, anggandika Sang Hyang Guru, sira iku pra tapa, paran karêppakennira
ingsun turut, payo sira ucappenna, mannawa arêp arabi,
Mannira sugih parawan, ayu-ayu sarêgep nambut kardi,
tongtonnana dénna gupuh, sakarêpmu liliya, datan kénjek angéca pitekur, ngling
malih Jagad Natha, iya ingsun wus udanni,
Tanpa gawé temenning wang, nama guru dadya ratunning
swargi, tan wruh ing sadurung durung, marmanné sira tapa, karêppira arsa mamadha
maringsun, nangingsun gawé lengkara, sira amadhanni gusthi,
Séwu taunna tapaha, ingsun nora anganggo mangun téki,
pinnasthi yénraganningsun, dadya ratunning swarga, tannana lyan mannira dhéwé
kang sepuh, nanging ana ingkang tuwa, téja lawan cahya wenning,
Téja cahya sepuh na lyan, kang ngatuwa bumi kalawan
langit, ana malih kang ngasepuh, Sang Hyang Wennang wise, iku datannana
ngungkulli anjumbul, Bagawan Kannéka Putra, gumuyu latah sarya ngling,
Ingsun Sang Kannéka Putra, pinutra mannira sampun udanni,
dikaran Bathara Guru, guru gurunning déwa, yénna mungnga wruh mangkénné baé
durung, waspada jatinning tunggal, Sang Hyang Wisésa dinnalih,
Dinnalih sepuh priyongga, enggonnirabestu éstunné sisip,
sisip satemah kasiku, sinniku mungguhing Hyang, Hyang Wisésa kala maksih awing
uwung, bumi langit durung ngana, kang ngana dhingin punnapi,
Swaranya kapyarsa mring Hyang, Hyang Wisésa kadya gentha
melingngi, mila wus sinung pangrungu, pangrungu dadi tondha, pratandhanné yén
wussana kang ngamengku, kang ngamengku iku sapa, duk miyarsa Hyang Pramésthi,
Hyang Pramésthi Guru Natha, tanpa ngucap pangucappé mrih
pamrih, pamrihé Bathara Guru, pinnardiya dénning Sang, Apalenggah kakang
annedha wakkingsub, ingsun kakang katénnana, ingkang tannana ing mami,
Lawan malih pakennira, ingsun gawa mungguh ing swarga
adi, para jawatha sadarum, pakennira kang réhna, sapa kang tanna ngidhep
paréntahipun, ing kakang Kannéka Putra, kajaba ing yoga mami,
Kabéh aturré sandika, Sang Kannéka Putra amuwus aris,
annenggih ingkang karungu, dénning Sang Hyang Wisésa, karsanning Hyang thannana
pramilannipun, kabéh sinung titimbangngan, ing ngandhap timbangngé nginggil,
Bumi kalawannakasa, elor kidul kulon wétan nimbangngi,
segara kalawan gunung, genni timbangngé toya, peteng padhang rinna
timbangngipun dalu, srengngéngé kalawan bulan, mung lintang kang ora mawi,
Jalu atimbang wannodya, bapa biyang nini timbangngé kaki,
bibi paman ala ayu, kumet timbangngé loma, nanging nguwa tannana
timbangngannipun, dadya timbangnganning lintang, sadurungngé wus pinnasthi,
Wus pinnasthi lawansira, apannanyar kang pedhak Hyang
Pramésthi, Sang Hyang Guru Natha muwus, lah kakang payo minggah, iya marang ing
swargaloka dén gupuh, Kannéka Putra lingngira, sumongga mangkat tumuli,
Datan kawarna ing marga, prapténg swarga atata samya
linggih, bale marcukundha dangu, dangu awas tuminggal, Sang Hyang Girinatha
dhateng astannipun, bagawan Kannéka Putra, ginnegem Hyang Guru angling,
Éh kakang Kannéka Putra, kaya paran dénning
ngastanniréki, sadangunné ingsun dulu, ginnegem datan wudhar, Sang Bagawan
Kannéka Putra umatur, punnika reran dumilah, rathunning sosotya adi,
Kasekténné punning rêtna, pan luputting luwé kalawan
narip, tan teles manjing jro banyu, ing ngobong datan pannas, ngling Hyang Guru
kakang mannira arsa wruh, umatur Sang Hyang Kannéka, sumongga ing karsa
nanging,
Alandhep yayai punnika, yén cinnepeng ngasta pan boten
kenni, kalamun boten marucut, ambotollaken nasta, agancang pannibanné ngling
Sang Hyang Guru, kakang payo uncallenna, mannira ingkang nampanni,
Lan sagung para jawatha, Sang Kannéka Putra umatur riris,
sumongga karséng pukulun, nanging dipun prayitna, ing ngumbulken rêtna dumilah
mandhuwur, karsanné Hyang Jagad Natha, sinnongga ngasta kakalih,
Tumurun rêtna dumilah, tinnampannan dhateng Sang Hyang
Pramésthi, sinnanggi asta marucut, kebat sang maha déwa, gya cinnandhak tan
kandheg dénnya dhumawuh, Bathara Sambu annongga, lestari dénnya lumaris,
Hyang Kamajaya annyandhak, datan kandheg Sang Hyang Wisnu
nanggappi, cinnepengngan ngasta marucut, Sang Hyang Bayu annyandhak, dipun
songga lumarap Hyang Brama gupuh, annampanni datan kenna, Hyang Citra Gotra
Hyang Sakri,
Tamburu Sang Hyang Kuwéra, Prita njala liwat samya
nampénni, para jawatha sadarum, nongga rêtna dumilah, datan kandheg palajengngira
annerrus, dhateng jagad pramudita, prayitna Sang Hyang Prathiwi,
Rêtna Dumilah sinnongga, datan kandheg anrus bumi ping
kalih, Bagawan Kusika gupuh, dumilah dipun songga, maksa lajeng anrus bumi
kaping telu, Sang Hyang Ganggang aprayitna, sinnanggéng ngasta lestari,
Dhateng bumi ping sakawan, Hyang Sindhula wus pratyitna
nampanni, sinnanggéng ngasta marucut, gepah Hyang Dharampallan, duk annongga
tan kandheg lajeng marucut, dhateng kaping nem pratala, Hyang Mannikkara
nampanni,
Sinnongga ing ngasta liwat, lajeng anrus dhumateng sapta
bumi, Hyang Ngontha Boga winuwus, karsannira atadhah, nuilya mangapa Hyang
Ngontha Boga annerus, gandanning tutuk angambar, tumeka ing swarga adi,
Wananen rêtna dumilah, datan kandheg apan lajeng wus
prapti, nuju mengnga punning tutuk, ipun Hyang Ngonta Boga, sarêng tiba kadya
tirta tibéng bannyu, winnadhahan nastaginna, Hyang Ngotha Boga ngingkemmi,
Sampunna turu Hyang Natha, kawarnaha wau Sang Hyang
Pramésthi, sasampunning ngical wau, ingkang rêtna dumilah, Sang Hyang Giri Raja
angandika asru, mring Sang Hyang kannéka Putra, éh kakang punnapa kapti,
Gagadhuhan pakennira, saicallé paran gonné ngalatti,
Bagawan Kannéka matur, ing pada sang winnenang, yén suwawi lan karsa paduka
tinut, aken saparannannéya, nedyan dhateng sapta bumi,
Tannapti ulun mantukka, lamun déréng kang ngical wus
kapanggih, angandika Sang Hyang Guru, sakarsannira kakang, nanging poma aja
tannora katemuy, jawatha kabéh miluwa, Sang Kinnon tur sembah amit,
Lampahipun kadya kilat, prapténg bumi pisan ibu pratiwi,
tinnakon matur yén laju, bumi kalih ping tiga, ping sakawan ping gangsal kaping
nem matur, lajeng mring bumi kasapta, para jawatha lestari,
Wus dhateng bumi kasapta, Hyang Kannéka Putra sampun
kapanggih, Hyang Ngontha Boga umatur, kakang tuwan bagéya, dénné dahat
amamarassi ing kalbu, sagungnging para jawatha, pinnarêkking sapta bumi,
Mannawi adarbé karsa, Sang Winnenang amundhut pati urip,
Sang Hyang Kannéka nglingngipun, yayai lampah mannnira, mila dhateng kasapta
bumi kautus angularri kang kagungnga,
nnipun Hyang Guru Pramésthi,
Awasta rêtna dumilah, sukur yén wus annéngnging sira
yayi, gedhé ganjarrannipun, sapa kang manggihenna, pasthi iku dadi wedannanné
sagung, ing para jawatha ingkang, angadhaton jronning bumi,
Umatur Hyang Ngonto Boga, éstu rêtna dumilah wonten
ngriki, anglocita jronning kalbu, nnira Hyang Ngonta Boga, sun jajallé pra
jawatha sektinnipun, angngucap Hyang Ngonta Boga, nanging kakang atur mami,
Kang punning rêtna dumilah, manggén wonten jronning
cucupu mannik, annenggih punning cucupu, lan sun tan kenna pisah, yén pinundhut
kudu bektannen lan ningsun, tan saged kawula kakang, minggah dhumateng sawargi,
Kannéka Putra ngling sugal, saujarmu kaya dudu sayekti,
sapa kuwasa angusung, maring sira prasasat, gawa jagad pramudita karsanningsun,
sira dhéwé lumakuwa, Hyang Natha tanpa naurri,
Linneker sarirannira, Sang Hyang Ngota Boga sampunna
guling, aguling sawerti lampus, lampus sajronning gessang, pratandhanning
gessang maksih keteggipun, sampun annirraken karsa, karsa nir ken maras medi,
Kannéka Putra angucap, kaya priyé karsanta iku yayi,
mundur sira rêp aturu, Sang Hyang Wisnu tan samar, sayektinné Hyang Ngonta Boga
sun dulu, sedya adamel paékan, andika dipunnayonni,
Anjumbul Sang Hyang Kannéka, tegessipun Hyang Natha
angayonni, angngabang ngaken simennyut, Sang Hyang Kannéka Putra, pangngucappé
asru mring jawatha sagung, timun tulis wong akathah, kang lagya sedheng
birahi,
V.
Aja kapinneng jronning tyas, lah payo dén nosik-asik,
salebetting guwa garba, ambekta sapa kuwawi, Ontha Boga winnarni, gedhé dawanné
cinnatur, amuket ngalam donnya, temu gelang boya luwih, léng ngirungngé cacahé
pan kawan dasa,
Léng ngirung satunggal tunggal, linampahan kalih sasi,
punniku ujarring weca, kandhanning serat kang nulis, sanget dénnya sumingkir,
lair batin boya weruh, sagung para jawatha, tumandang arêbut dhingin, ginna
gulung ing para jawatha kathah,
Ginnalusur pra jawatha, mennawi dipun simpenni,
ginnarayangngan tannana, telas ambanning jasmanni, cinnipta pinrih lali,
dénning Hyang Naga sadarum, mannahnya kagégérrqn, ramya sami silih ukih, panna
ramé brewala samya rowangnya,
Ramé samya kukuwellan, Sang Hyang Tamburu asilih, ukih
lan Sang Hyang Kuwéra, Bathara Condra nulungngi, Hyang Tamburu wus kenni,
pringsillan cinnekel jumbul, batur Bathara Condra, sira tulungngana mami, ana
kénné engonné rêtna dumilah,
Sang Hyang Condra tinulungngan, ing Hyang Yamadipathi,
Hyang Tamburu jola-jola, angngucap kaworran sakit, dhuh biyang aku mati, siya
mamilu kapahung, teka betha pringsillan, angngucap Yamadipathi, dudu konthol
iki mannik astaginna,
Hyang Tamburu tanpa ngucap, matanné saya malirik,
angngucap Wisnu Bathara, kabéh nora idhep ngisin, sakéhé batur mami, tannidhep
lamun binnangngus, sektinné Ontoboga, sakathahé para rêssi, jronning guyu
wirangngé kaya matiya,
Angngucap Sang Hyang Kannéka, raganné tannana sekti, mung
bathangngé Onthaboga, pada réwang dipun dolli, payo batur dén naglis, Si
Ontoboga jinunjung, pinnikul mring ka swargan, pangusungngé kadya lagi, sira
ngusung maring gunung jamur dipa,
Sang Hyang Brama dadya salang, Hyang NgVndra dadya
tetali, Bathara Bayu pikullan, Sang Hyang Wisnu ing kang nanggi, ing ngangkat
padha siji, dinné kék bendhawa sampun, pinnikul déwa kathah, mumbul dhateng
sapta langit, kadya thithtik lampahé para jawatha,
Medal saking sapta jagad, lampahé kang para rêssi, Hyang
Ngontaboga rinnembat, pan saya dangu wussalit, alit saya ngunussi, dangu-dangu
datan dulu, musna saking rêmbattan, Hyang Kannéka Putra runtik, nora ta lah angkuhé
si Ontoboga,
Bisa temen gawé wiring, sapadha padhanning ngurip, nora
suka temen ningwang kaya wong dénnisin-nisin, sun matur Hyang Pramésthi,
dhang-dhangsun nunnékken kontul, lestari lampahira, datan kawarna ing margi,
sampun prapta ngarsanné Hyang Jagad Natha,
Lagyarsa matur dhateng Sang, Jagad Natha angngadonni,
alanné Hyang Ngontoboga, nulya waspada ningngalli, Hyang Naga wus pinanggih,
néng ngandhappé Sang Hyang Guru, sirahnya linnenggahan, Sang Hyang Kannéka
nudingngi, iya benner tannana malih manungsa,
Kang ngasekti kaya sira, dénné liwat mejannanni, mojar
Sang Hyang Sang Hyang Giri Raja, kakang ngaja dadi galih, nyata kalamun sisip,
si Ontoboga kalangkung, anjaluk sukannira, tuwin sagung para rêssi, menggah
kéndel bagawan Kannéka Putra,
Ngling malih Hyang Jagad Natha, dhateng Sang Hyang Natha
mannis, payo sira wedallenna, rêtna dumilah dén naglis, Hyang Ngontoboga gipih,
punning ngastaginna katur, ing Sang Hyang Giri Raja, nulya binnuka tumuli,
datan kénging awanti-wanti binnuka,
Tinedhakaken tumulya, mring Sang Hyang Kannéka aglis,
kakang bukannen dén nénggal, wennang kang cucupu mannik, sapisan kaping kalih,
tan mengnga kang punning cupu, wanti-wanti winnengkang, wus tiba sinungkem
malih, Sang Hyang Wisnu kang mengkang meksa tan kenna,
Agantya gantya tumandang, ambuka cucupu mannik, sagungngé
para jawatha, cucupu tan kenna osik, ngandika Hyang Pramésthi, Kannéka Putra
tinnantun, paran karêpmu kakang, Sang Hyang Kannéka katur baris, mapan wonten
punnika ingkang anggadhah,
Annenggih pun Ontoboga, mokal tan saged ngungkabbi, Sang
Hyang Guru angandika, Hyang Ngontaboga tinuding, ambuka cucupu mannik, Hyang
Ngontoboga umatur, kawula darmi gadhah, mengnga minneb tannudanni, Sang Hyang
Guru kéndel tan kenna ngandika,
Anneges karsannira Sang, Murbéng Nata sarêng wus senning,
cucupu sinnanggéng ngasta, saksana nulya binnanting, mawur datan kaéksi,
papecahanning cucupu, nenggih rêtna dumilah, wus awarni jabang bayi, luwih ayu
sedhengngé angngrusak taman,
Sasirnanning ngastaginna, ing swarga wonten dumadi, kang
bale si marakata, Sang Rêtna sinung kakasih, ing Jeng Sang Hyang Pramésthi, Kên Tinawathi rannipun,
karêm sadinna dinna, Sang Rêtna tan liyan saking, wonten sajronning si
marakata,
Kunneng tan kawarna lama, Sang Hyang Ayu Tisnawathi,
lagya birahi sandhangngan, citrannira ngatawissi, tuhu yén ayu luwih, wedana
sawang sitangsu, widyadari ing swarga, Uma Ratih Dewi Esri, pantes dadya
céthinné ambekta lancing,
Awayah pa belas warsa, Hyang Jagad Natha kagimir, supé dhateng Déwi Uma, among Nikén
Tisnawathi, kang dadya rossing galih, sumelap annéng jajantung, sampunning
ngongkah garwa, tarunna Kén Tisnawathi, Sang Hyang Guru kang gra arsa
cinnangkraman,
Pangandikannya sor kilang, Sang Rêtna ing ngarih arih,
dhuh mirah juwwitanning wang, bisa temen karya brangti, Sang Rêtna atur bekti, ing pada jeng sang pukulun,
anuwun sih paduka, yén néstu karsa Déwa Ji, dhateng ngulun wonten kang kawula
tedha,
Pangngandikannya sor kilang, apa kang sira karsanni, sang
dyah matur awot sekar, tan nedha kang ngadi-yadi, kang kula suwun gusthi, sandhangngan tan
kenni kusut, papangngannan tinnedha, sapisan kanggé saurip, malihipun nedha
gamelan kathoprak,
Sang Hyang Guru angngandika, iya mirah sun tekanni,
nanging nimas ingsun tedha, wong ngayu dén tulus asih, Hyang Guru annimballi,
Hyang Citra Gotra ing ngutus, nimballi Sang Hyang Kala, nusa kambangngan kang
panti, mesat saking ngajeng datan winnarna,
Ing marga lampahé prapta, nusu kambangngan pinnanggih,
lan Sang Hyang Kala ngangucap, Hyang Citra Gotra milanni, prapta dinuta mami,
sira ngandikan Hyang Guru, Sang Hyang Kala agepah, mangkat tan kawarnéng margi,
sasampun prapta ing ngarsa Hyang Jagad Natha,
Mendakking ngarsa tur sembah, angngandika Hyang
Pramésthi, kaki marmanné sun nundang, atmajanira sun nambil, sun kongkon angngulatti,
si Kala Gumarang patut, sasandhangngan sinnandhang, kanggo sajegging ngaurip,
lawan malih angngularri papangngannan,
Pinnangan sapisan dadya, tinnimballan sampun rawuh, nég
ngarsa atur sembah, angngandika Hyang Pramésthi, éh ta Kala Gumarang sun nutus
sira,
Mudhun marang marcapada, sira ngupayaha kaki, sandhang
ngora kenna luwas, gamelan nora bosenni, papangngannan binukti, awarêg sajeggé
umur, iku sira lattana, lamun sira oléh kardi, awakkira sun karya
kakalonthongngan,
Kala Gumarang tur sembah, luméngsér saking ngarsanning,
Hyang Jagad Natha wus prapta, ing jaba sira annuli, limampah sarya jungkir,
alatah-latah gumuyu, éh désura ya, ajana purunning mami, awakingsun kinnarya kakalonthongngan,
Yén nana déwa kapapag, tinnabok dipun jagurri, wennéh
bajonné sinuwah, kang sawennéh dénnidonni, sagung déwa prasami, sakalangkung
dénnya rêngngu, annibakken sengngara, sun tedha salinna warni, aja kongsi
wangsul maring swargaloka,
Awarniya sato kéwan, geter pater annaurri, jumegur ing
ngotoriksa, kawarna ingkang lumaris, Kala Gumarang prapti, ing taman banjarran
santun, Ni Dewi Sri asiram, ning segara nila wenning, katingngallan dénning pun
Kala Gumarang,
Mannahé kadya sinendhal, Sang Kala Gumarang gipih, Déwi
Esri pinnarannan, mestas lumayu Sang Déwi, sinjangnya tan tinnolih, prapta
ngarsanné Sang Wisnu, sumungkem sarya mular, Sang Wisnu ngandika ris, ana
parang wong ayu apo poyanna,
Déwi Sri maturing raka, asiram sari mami, wontenning
sagara nila, pun Kala Gumarang prapti, kula binujeng nuli, lumajeng
watawissipun, ing mangké atut wuntat, lagya cinnatur gya prapti, celuk-celuk,
iki sapa duwé omah,
Ni Déwi Esri mujar, gumeter kadya ngemassi, Kala Gumarang
wus prapta, ngarsanné Sang Wisnu Musthi, Kala Gumarang angngling, sapa duwé
bojo mau, kang ngadus annéng taman, Bathara Wisnu lingnya ris, bojonningsun
ling malih Kala Gumarang,
Ingsun jaluk bojonnira, Bathara Wisnu naurri, iya sok uga
arêppa, Kala Gumarang lingnya ris, sira tariya aglis, nuli sun najakké turu,
mojar Wisnu Bathara, angundang Kén Déwi Esri, arinningsun Ni Déwi Sri
marénnéya,
Akarsa datan lumampah, asanget ajrih ing laki, lenggah
annéng wurinnira, Bathara Wisnu lingnya ris, akramaha mas yayi, kang sarira
dipun jaluk, mring Ki Kala Gumarang, kéringngan noran nawanni, kalothangngannipun
Sang Hyang Jagad Natha,
Déwi Sri maturing raka, leng pejahana rumiyin, lamun wus
pejah waking wang, sumongga karsa Déwa Ji, Bathara Wisnu angling, iku sun tari
tan purun, alaki lawan sira, Kala Gumarang naurri, pilih wongngé tinnari laki
arêppa,
Pasthi papanggillé kathah, apan wus tamtunning ngéstri,
gelemma ora gelemma, bojomu ingsun karêppi, Sang Hyang Wisnu bibisik, kang
garwa kinnén lumayu, dhateng Medhang Kamulan, manjingnga garwanning ngaji, atur
bekti Sang Rêtna lumayu medal,
Bathara Wisnu wus silang, saking Sang Kala ngarsanning,
sakalangkung dénning krodha, Kala Gumarang tan sipi, binuru Déwi Esri, kinuya
kuya lumayu, tinut saparannira, manjing jronning wana werit, siyang dalu Sang
Dyah tan pegat ki[18]nuya,
Sang Dyah Ayu karépottan, méh kacandhak Déwi Esri,
Bathara Wisnu saksana, senjatannira pinusthi, dadya oyod penjalin, Kala
Gumarang kasrimpung, temah tiba rumangkang, Déwi Sri amuwus saris, kaya céléng
Gumarang solahannira,
Amalih suwarnannira, Gumarang arupa babi, angadeg ngadeg
tan bisa, nulya anningalli warih, warnannira kaéksi, Kala Gumarang angadhuh,
wus mangkénné waking wang, mongsa ta ingsun nundurri, nadyan silih ngungsiya
lak-lakkana naga,
Lajeng Déwi Sri lumajar, datan kawarna ing margi, prapta
ing Medhang Kamulan, anuksma garwanning Ngaji, parab Darmanastiti, warnannira
luwih ayu, warnannen pun Gumarang, kalilab sajronning ngati, maring ngendi babo
Esri parannira,
Bathara Wisnu anuksma, Mendhang Kamulan napati, juluk
Prabu Mengukuhan, wiwitanné raja Jawi, kunneng ingkang winnarni, carita Bathara
Guru, mapan sampun unningnga, dutannya salah kadadin, Sang Hyang Guru tyassira
datan derrana,
Tan pegat kinuswa kuswa, kusuma yu Wisnu Wathi, semunné
kapti akarsa, cinneng kraman pulang rêsmi, Sang Dyah matur ngabekti, Déwa Ji
ingkang sinuhun, dipun sumenné karsa, yén carakanta wus prapti, sarta angsal
damel kang badan sumongga,
Hyang Guru mangreppa-rêppa, sinnambut sang mindha suji,
awanti wanti ing ngaras, Sang Dyah Ayu atur bekti, ing Hyang Guru Pramésthi,
pecat nyawanné Sang Ngayu, pejah annéng ngembannan, gegetun Sang Hyang
Pramésthi, annimballi bagawan Kannéka Putra,
Kakang iki arinnira, Nikén Déwi Thisna Wathi, layonné
sira bektaha, mring marcapada rannéki, negara kang ngabecik, Mendhang Kamuln
kang lungguh, si raja mangukuhan, alassé ingkang prayogi, wong nenandur ya
sikentring kendhayana,
Kayunné sawa akathah, punnika konnen babaddi, kinnon
mandeng Sang Hyang Surya, yén sampunna kang annuli, Hyang Brama kinnon bukti,
nunten punnika tinnandur, pamit Sang Hyang Kannéka, bekta layon Thisna Wathi,
tanna dangu prapta ing MendhangKamulan,
Alas kentring kendhayana, semana wus dén babaddi, sampun
berêssih jinugang, layonné Dyah Tisna Wathi, pinnager wacak puji, sarêng mongsa
wiji cukul, kang medal saking sirah, cukul kalapa ing parji, cukul pari
épék-épék cukul pisang,
Jagung kadadéyan waja, akathah yén pinnarinci, laminné
datan winnarna, wus sepuh pinnencar malih, saya kathah kang pari, ingkang dadya
juru pantun, Ki Buyut lan Ki Tuwa, Ki Bucakut kang nglurahi, Radén Jaka Puring
arinné Sang Natha,
Sangsaya lama wus pencar, kang punnangngarén wus inggil,
annenggih kang winursita, jawatha ingkang nengganni, lor wetan ingkang bumi,
prittanjala wastannipun, anglociténg wardaya, kakang Kannékan néng ngendi, wus
salam lin kakang Wisnu tannana,
Lunga maring ngendi baya, anulya miber tannaris, annéng
madyanning ngawiyat, waspada dénnya ningngalli, Mendhang Kamulan késthi, kuwuh
gandannya mrih arum, kambet saking ngawiyat, Sang Hyang Prittanjala gipih,
mudhun saking ngawiyat lampahé prapta,
Kalangkung dénnya kacaryan, dhateng suwarnanning pari,
yata nuli tiwa krama, wus sarupa manuk emprit, punning pari sinnisil,
sakalangkung écannipun, saya dangu kunningngan, ing Radén Jaka Puring, dipun
sawat ampungngan dang serkara.
VI.
Kunneng Déwi Sri sampun anunggil, myang Thisna Wathi
sampun rakettan, yata kang warni céléng, Kala Gumarang sampun, boten samar yén
Déwi Esri, wonten Mendhang Kamulan, lampahnya sinner, wus prapténg sabin tan
wang-wang, dénnya ngemah anujah aguling-guling, pinnisil kinnemah,
Sang Hyang Wisnu pannahnya pinusthi, dadya tunggak wuluh
pun Gumarang, anujah nujah polahé, katunggak jajannya trus, sumamburat ludira
dadi, wawerêng gegadhingngan, lelodhoh myang busang, ama puser mendhék walang,
atmannipun kapaung manjing sakéhing, atmajanning Jantaka,
Kunneng Hyang Prittanjala tan sipi, dénnya kacaryan asaba
sawah, ninisil tanna kandheggé, yén kawruhan kang tunggu, dipun sawat
ampungngan mungswing, dangu arén kang kenna, nenggih punning dangu, Ki Buyut
matur ring radian, Jaka Puring yén kagengngan dalem pari, wonten kang purun
mongsa,
Awarni peksi irêng tur ralit, Ki Jaka Puring alon
sahurnya, mannirarsa wruh rupanné, sarêng mangkat katelu, prapténg sawah kang
punning peksi, ingkang saya akathah, pirang-pirang puluh, kagyat andulu sujanma,
gya sinnawat méncok nesel kolang kaling, Ki Buyut aturrira,
Sampun nadatté punniku ugi, yén sinnawat tumunten
ampungngan, dangu kinnarya pangngungsén, Jaka Puring lingnya rum, iku tansah
dadya ling ngaling, mannira awéh aran, arén kayu nanggung, tegessé rén
palérénnan, yén binnalang kayunné annennanggungngi, marmannya ran mangkana,
Yén mangkonno pagassén tumuli, yén niku maksih dadya
ampungngan, ing ngama nglaleburraké, wussing ngandhannan gupuh, dipun pagas
dangunnya mijil, punning toya dinnilat, dahat mannis sarum, kakang sira
tadahana, Kyai Thuwa tarampil amecok epring, tambelang wus tinnadhah,
Kinnéndelken sadalu kawarni, énjing dénnudhuh tambelang
muncar, dénnaturken Rahadén, Jaka Puring amuwus, endi kakang sunnarsa unning,
susumpelnya pinnecat, kongas gandannya rum, Radén Jaka Puring mojar iki pantes
katurring Sri Naraphati, dudu sira kang mangngan,
Sampun kondur Radén Jaka Puring, sarwi punning waragan
binnekta, sakedhap prapta lampahé, ngarsannira Sang Prabu, Radén matur wotsari,
nuhun punnika ingkang werni wedallipun, kagengngan dalem déréssan, kayu agung
katur Rajéng Narapathi, agepah tinnampannan,
Susumpellé bumbung wussing ngambil, kongas gandanning
punnang waragang, Sri Naranatha delingngé, mring Hyang Kannéka arum, dika bekta
minggah ing swargi, katurra kang winnenang, tan lenggannéng kayun, bagawan
Kannéka Putra, gya umesat lampahé lir péndah thathit, ing marga tan winnarna,
Prapténg ngarsannipun Hyang Praméthi, Bathara Guru alon
ngandika, kakang Kannéka na gawé, kang tinnanya umatur, adhi Guru pramila kami,
umarêk ngarsa tuwan, nenggih dipun nutus, dhumateng putra sampéyan, ngaturraken
punnang toya medal saking, dangu kagengngan tuwan,
Sang Hyang Guru angngandika aris, lah payo bukannen kang
Kannéka, nulya binuka tutuppé, mancurat toyannipun, annyipratti kang punnang
lathi, Sang Hyang Kannéka Putra, kecap sarwi matur, dhuh asoplak tetemennan,
Sang Hyang Guru angngandika awor runtik, sinnamur pagujengngan,
Wong ngala datankenna bebecik, mangkana Sang Hyang
Kannéka Putra, nulya asalin warnanné, lathi nyoméh tur gingsul, punnang waja
bokongnya candhik, sarta salin pangngucap, kagét jronning kalbu, bagawan
Kannéka putra, nulya mundhut paéssan warna kaéksi, matur Sang Hyang Kannéka,
Kénging punnapa ulun punniki, asalin sipat kabinna binna,
Hyang Guru Natha dellingngé, mongsa kenna winnangsul, wus karsanné Hyang Maha
Munni, dadya déwa kabayan, lan sinung jujuluk, paparab Sang Hyang Narada,
dénningnga Narada kagepokking baring, kadya lakunning barat,
Kunnengnging kang winursita dénning, garwannira Sang
Hyang Giri Raja, Nikén Uma kakasihé, tatkala gessangngipun, Déwi Thisna Wathi
kalindhih, gennipun rêbat trisna, Sang Dyah nulya lampus, sakalangkung
sukannira, mangkya temahipun anukméng rijeki, kadhahar Hyang Naréndra,
Nikén Uma Jronning nala méri, tansah wau anutuh sarira,
raganningsun katuwonné, ya dénning Ni Sri iku, dadya ketanni Thisna Wathi, pari
kadadénnira, Nikén Numa sampun, pannedhanné dalu siyang, pinnangnganna ingkang
gedhé………………….
……………. Sampai dengan no. 41…..dst.
kking ngapti, Kyai Andhong dhadhappan,
kalangngennannipun, annama kaé wayungyang, condra mawa dasiyé pandhitadhadhing,
pangukir sarêng prapta,
Ulesnya cemeng yayah minnangsi, kak kong dedegnya gempol
awaknya, rada barojol pundakké, wetengngipun ajemblung, gulu kerrên kuping
cicipir, kopokké duléwérran, jéléh matannipun, bathuk banyakka dagingngan,
irung sunthi wedana anjerruk wangngi, kukuncangngé apanjang,
Condra mawa dedegnya ndhappalit, iya kak kong gulunné
apanjang, rada acilik sirahé, aritdhedhemennipun, sinnangkelang wontenning gigir,
malih kalingngan brama, datan kenni konus, yén dipunnangsah lulumuh, annéng
wungkal yén kala dipun sepuhi, mrekungkung néng wirungngan,
Sarêng dénnya atur sembah kalih, angngandika Ki Andhong
Dhadhapan, yayai Radén iya kuwé, kang sun gawé pitulung, sasmi kalih sampun
winneling, aturripun sandika, ngling malih sang wiku, lanniki sira bektaha,
arinningsun talempak tateken mami, dhapurré tan wikan,
Mongsa bodho akarsanné yayi, mestanni dhapur sarta
landhéyan, gogodhi myang sarungnganné, padhaamawi semu, aja among winnestan
yayi, wredinné dén kapedhak, lah wus arinningsun, tumulya sira mangkatta, yayi
Prabu kalangkung gén nganti-yanti, Sang Linningngan tur sembah,
Sumungkem padanné Sang Palinggih, rayi winnisik yén karya
awrat, talempak kingsun dénnagé, pocotten wrangkannipun, sinuntekka ngarsanning
baris, sumambung Radén Sengkan, Turunnan umatur, punnika sampéyan bekta, bamboo
saros yén karya awrat ginnitik, dénna sru ulun prapta,
Atur sembah punnang siswa kalih, Dyan Jaka Puring nembah
wus mangkat, sinnerru radén lampahé, tanna rérén yén dalu, tan winnarnéng marga
wus prapti, praja Mendhang Kamulan, tumaméng kadhatun, Sang Natha lagya
pinnarak, annéng made sapraptannipun kang rayi, ing ngawé lumayuwa,
Sangnging ngujarran wajeng wotsasari, mangusappi lebu
delamakkan, umatur sarta sembahé, pathik bathara ngutus, umarêkking sang maha
ayekti, nuhun pangétu sabda, kang mandilan nuhun, bantonni aprang lan kéwan,
pinnatedhan siswa kakalih tan sipi, pracayéng tyas rakamta,
Sinnawang nayannya ingkang lagi, dha tedanma kakalih tan
wingkang, kalamun nambang kat gawé, gya pinnatedhan suguh, myang nginumman kang
toya putih, kaé wayuyang tansah, condramawa sampun, pinnaring toya dawegan,
kawarnaha Sang Natha kén mepak baris, kang wadya ing ngundhangngan,
Sampun pepak gagamanna mregil, miyos sang natha Mendhang
Kamulan, gumrerah bala mantrinné, kadya laron nambubul, tanna dangu lampahnya
prapti, prennahnya sato kéwan, sang celéng demalung, sabrayannipun kot buta,
sang kuthila jinnada narajang wanni, tinnadhahanning wadya,
Ramé surak kang wadya tan sipi, céléng demalung
pangamukkira, sinnonggéng tumbak maléséd, sinnaligi tumimbul, wadya mendhang
Kamulan wing wring, warnanne Ki Wayungyang, kang lagya anginum, kalawan Ki
Condramawa, Tingga Riyak Wayungyang mginumman lerri, Condramawa dawegan,
Kawarna Sang Dyah Darma Nasthithi, lawan Kén Subur lagya
pinnarak, mandha parêngngnyan wartinné, Ki Wayungyang tan milu, dhateng sawah
kalangkung runtik, kusuma yu tumedhak, dhateng prennahipun, kang lagya inum
minumman, samya kagyatting nala andulu gusti, mendhak atur pra natha,
Déwa Darma Nasthithi ling runtik, sira iku kakang kenna
ngapa, baya lagi wuru genjé, yén sira tan panuju, ingur sira muliya aglis,
umaturra mring kakang, yén kang ngakon ningsun, paran dénné sira kakang, ing
ngupaya tekanning don tanpa kardi, pakvwuh tan jinnongka.
VII.
Annangngis kaé Wayungyang, Condramawa kalih samya tur
bekti, anusul dhateng Sang Prabu, lampahira lir kilat, sampun prating
paprangngan nawas andulu, wadya ing Mendhang Kamulan, mannahé sampunna ngucir,
Agepah kaé Wayungyang, sirahipun sinniram toya leri,
sarira teles anurut, mring suku kina lalar, nulya medal segawon warninné jamus,
daler sirahipun pethak, ing gigir buntut myang sikil,
Tekéng weteng gulunnira, dhateng cocot nenggih dipun
wastanni, belang wayungyang ngagupuh, Condramawa wus nyandhak, bannyu degan
sinniramken sirahipun, sarirannipun warata, dipun nusap nulya mijil,
Kucing warnannipun pethak, dalir cemeng sirah tumekeng
gigir, lepas dhateng buntuttipun, terus mring silit pisan, lajeng dhateng
gulunné malih atepung, wata kucing condramawa, kalih samya dénnabanni,
Dhumateng kaé Wayungyang, Condramawa asuka kalawan
kucing, tan sipi pambujengngipun, punnang céléng tumingngal, dhateng ngasu
dhasarré wus angsal buru, milanné tan mawi taha, sarêng mengsah wussa panggih,
Céléng sinnaut wus pejah, dhateng malih sonna dipun
kembulli, sinnaut sing ngarsa pungkur, nanging datan kuciwa, yén winnales
sinnaut endhassé rampung, tannana kongsi mindhowa, kang sawennéh datan kongsi,
Dipun saut lagya prapta, dipun jugug baé wus padha mati,
pramila tumpang ngasusun, bebathangngé waraha, katingallan dhateng pun céléng
demalung, balannipun kathah pejah, sanget krodha marêpekki,
Annempuh saking ngiringngan, punnang sonna ginnadhil tan
wigatti, sira demalung anubruk, kinnerah kinnakahan asu belang wayungyang males
annaut, cocongor kawat gata, céléng demalung wus mati,
Wadya balanné wus gempang, kutila tumingngal sanget dén
nyandik, sabrayannira tumempuh, segawon ginnagila, datan kéwran belang
wayungyang angamuk, naut anjugug mangrenjah, pangedhé kutila mati,
Kang ngalit samya lumajar, sanget bawanning ngasu wangsul
malih, sinnaut suwara lampus, kang annéng papénnékkan, dipun jugug saréng tiba
nulya lampus, dénning pun tikus jinnada, atarung kalawan kucing,
Sagendhingngipun kapapan, sampun pejah ingkang ulessé
putih, kang ngalit samya lumayu, tinututtan kacandhak, sampun tumpes sadaya
prawira tikus, surak mangambal lamballan, wong Medhang suka ningngalli,
Sirna ingkang sato kéwan, Sri Naréndra sinniwaka ing
sabin, pepak pra mantra néng nganyu, condramawa mayungyang, ing ngandika aris
Sang Prabu mangukuh, Jaka Puring kadya paran, si kakang dhadhing pangukir,
Pakirimmé ingsun suksma, punnang waos dhapurripun
punnapi, Radén Jaka Puring matur, botenna mawi aran, kang timballan wong
saborong yayai prabu, mésem Prabu Mangukuhan, ya ingsun kang amastanni,
Mongsa borong yayi emas, dapur péncok sahang deder pring
gadhing, sinulam gegodhinnipun, sarungngan kayu sawa, sawadinné kang pakirim
mawi semu, semunné pencok sahan, awrat sinnongga kakang kari,
Ujar esa prinrih awas, mring satunggal landhéyannya pring
gadhing, suwarnanné gadhing ngiku, putih asemu jennar, aputiya sujanma di lamun
durung, ambucal sahwat luamah, satemah andadi kunning,
Kunnengnging kang ginupita, sira puthut jantaka kang
winnarni, ginubel atma jannipun, sipat lembu maésa, awata pun Kala Murthi
ingkang sepuh, Kala Srenggin ningikang trunna, panggubellé nuhun pamit,
Nusul mring Medhang Kamulan, miyasrsa yén kadangngé samya
mati, nedya bélanni sadulur, mojar Puthut Janthaka, iya kaki lumakuwa nanging
dipun, prayitna wus tinutuppan, kupingngé atmaja kalih,
Pinrih sampunna miyarsa, panjuguggé srenggalanné sang
ngaji, pun Kala Murthi kalangkung, krodha sadalan dalan, yénna manggih séla dén
undha maledug, milanné dahat prakosa, cinnatur babalung wessi,
Balitumng lan otot kawat, wulu edom mur tembagi abrit,
tingngal kumala asungu, purasanni terracak, waja tumpeng [22] bol karah agetih
puput, yén tumindak kadya ngobah, aken kang sapta pratiwi,
Samarga ngundhaka kaywan, kang kamargén wana lir dén
babaddi, kadya pawana katelu, lampahira Sang Kala, Murthi Kala Srenggginni
datan winuwus, ing marga sampun dungkap pasabinnan anningngalli,
Sang Prabu lagya sinnéba, annéng sawah wadya lit
anningngalli, sato kéwan dahat tagung, galak sungunnya rangkah, ngling Sang
Natha kaé Wayungyang tinuduh, payo kakang abannana, srenggalannira tur bekti,
Ki Wayungyang Condramawa, ing ngabannan srenggala lawan
kucing, kalih pannandernya asru, sampun nayun-nayunnan, tanna mawi taha srenggala
annaut, anubruk kagulingnga gya, ginnébégken mesat tebih,
Wangsul annaut tenggoknya, dipun tujuh tiba lajeng
cinukit, ing ngundha kombul mandhuwur, tiba malih singat, mring Sang Kala
Murthi dipun singat muluk, sinningat tinnimbal-timbal, dheteng pun Kala
Srengginni,
Tumibéng siti tinujah, dipun tujah punnang ngasu lan
kucing, kakalih samya ngalumpruk, atangi tan kuwawa, sanget welas kaé
Wayungyang ngandulu, tannapi Ki Condramawa, sarêngngan deel pratiwi,
Malesatting ngabyangtara, Condramawa namber atmaja
kucing, Ki Wayungyang namber asu, madhun nulya sinniram, toya leri Ki
Condramawa annambut, dawegan Kucing sinniram, kalih samya dén kosokki,
Dhateng running wuluh pogag, sarêng tangi ngadeg nulya
kikirig, wulu rontok dadya asu, kathah awarna-warna, belang cemeng putih lorék
pirang ngatus, pun kucing datan pra bvda, ulessé awarni-warni,
Kabéh sarêng
lumaksana, dhateng prennahira Sang Kala Murthi, kalih samya ginnarumung,
dénning kucing srenggala, datan kéwran annyingat nujah anggejug, sinnaut datan
kerasa, kadya upahannéng lathi,
Tinnon kadya semut bandhang, sumengka mring pucuk gunung
merapi, kadya cacathak dinulu, Jaka Puring tumingngal, gya cinandhak pring
saros pinukul asru, rahadén Sengkan burunnan, talingngannya lir sinnebit,
Sakedhap nétra lumampah, prapténg ngarsannipun Ki Jaka
Puring, angngandika mannissarum, kaki sira bagéya, Radén Sengkan burunnan
aturré uhun, lajeng marêk ngarsa natha, atmaja kalih tur kingkin,
VIII.
Kasmaran Sri Narapathi, anningngalli paratmmaja, kalih
sudira semunné, pangngandikannya sor kilang, kaki atmajanning wang, pun bapa
annedha tulung, Sang Linningngan atur sembah,
Saha matur kawlas sasih, ping sapta janma tan montra,
montra yvn gadhah kasektén, lumajengngira paman, Prabu mosik lan munna,
pangawasa dalen rawuh, dhateng pung Sengkan Burunnan,
Manggut Sang Sri Narapathi, mangukuh lon angngandika,
adhuh putran ningsun nanggér, sadurungngé sira ngucap, kaki wus sun tarima, sur
karya wakil nakkingsun, nembah Radén Lumaksana,
Angadheg wadyanning baris, Rahadén Sengkan Burunnan,
gupuh angusap dakarré, miyos oyod pitung ngasta, lan tigang nyarinnira,
warnanné gilig arurus, alus lir péndah ngongottan,
Wong kunna dénnya ngaranni, winnastan oyod dadawa, wong
mangké dénning bisanné, adamel lemessing basa, kaprah katular-tular, winnastan
anjalin muruk, saking wurukking wong kunna,
Umangsah satriya kalih, pamecut pinnandhi ngasta, gawok
sagung ingkang tumon, dhateng papecuk kawuryan, yén ngadeg kaja téja, yén
malengkung lir kukuwung, yén kumelab kadya kilat,
Kalamunning ngobat-tabit, kadya thathit aliwerran, Sang
Kala Murthi duk tumon, sujanma ngadeg néng papan, sinnander datan wang wang,
Kala Srenginni tan kantun, sinnaut samya
sudira,
Narajeng Sang Kala Murthi, ngarsanné Rahadén Sengkan,
pinedhut kenna endhassé, Kala Srengginni Narajeng dhateng Rahadén Burunnan, pinnecut papethakkipun,
sato kalih sarêng niba,
Kantaka tan bisa nglilir, agepah [23] kaé wayungyang, lan
Condramawa rowangngé, kalih samya kinneluwan, ing tampar sinunta gya, dén nuger
lan kayu agung, sapaglilirré karunna,
Puthut jantaka winnarni, pandhita trussing panningngal,
wikan sadurung durungngé, kalangkung mannah nalongsa, mring sagung putrannira,
loci tanning tyas anglampus, déwa banjutten waking wang,
Paerandénné sun naurip, tan sami-sminning titah, sampun
lumaksana agé, pun nujung ranthi binnekta, samargi ngundhamana, nulya
anningngalli watu, satemah ing wana pringga,
Sapuluh dhepa pesagi, cinnandhak ing ngundha-undha,
lajeng dipun umbullaké, dipun tadhahi mastaka, punnang séla galepang, swarannya
kadya manguwuh, lir prakempa kang pratala,
Kadya semélu ing ngaksi, mukannipun kadya parang, lir
surya kembarr nétranné, punnang siyung kadya carak, wiwaranning kang grana,
kadya kutha kang binnandhung, kokop jéjénggot kumbala,
Simbar jaja angebekki, ing weteng tekéng pupunya,
apanjang wulu cubunné, lir cangkara bala pata, sinnerru, lampahira, tan
kawarnéng marga rawuh, prennahé Sri Naranatha,
Gégér kadya dén niterri, wandya ing Medhang Kamulan,
amiyarsaken swaranné, Puthut janthaka kapuyengngan, katur Sri Naréndra, Ki Jaka
Puring annambut, talempak Sang Natha bubar,
Para Bupatya Rahadén Sengkan carunnan, Wayungyang
Condramawanné, Dyan Jaka Puring prayitna, sarungngannya talempak, kayu sawa wus
ing ngunussa, sinuntak wus mijil sarpa,
Geng ngipun kagiri-giri, watara sabongkotting tal, amonca
warna ulessé, anglandeng kukussing wisa, ilat pindha trisula, anggigilanni
dinulu, kadya Sang Hyang Ngontaboga,
Puthut janthaka winnarni, solahipun anggigila, rémannya
gimbal dénnuré, lumampah angonja-onja, kekes wadya ing mendhang, Ki Tuwa
Nalanya gumyur, sannastis padha sadhéla,
Ki Buyut tumut macicil, gestiya ingkang kocappa, Puthut
Janthaka lampahé, kang pinnarag bubar, wadya bala ing Mendhang, angngungsi
dhateng Sang Prabu, tannana purun lumawan,
Kadya ngobahaken bumi, gurubyagging wong lumajar, méh
nungkap ngarsa sang kathong, prabu bupathi
aprayitna, Rahadén Sengkan Carunnan, annéng ngarsanning Sang Prabu,
samya angagem jatmaka,
Puthut janthaka ningngalli, dén pandeng Sri Naranatha,
pan nical mangkuhanné, Bathara Wisnu kang ngana, angagem rudaksana, Puthut
Janthaka lumayu, ngungsi dhateng wana pringga,
Tinutting Sri Narapathi, lawan sagung bala kuswa, anulak
wangsul lampahé, Ki Puthut sampun singiddan, naleceb wedi sawah, kalaras datan
kadulu, sektinné Puthut janthaka,
Kunneng Sang Prabu winnarni, sinnasak sambanning wana, Ki
Ujung Ranthi kapangguh, cinnepeng datan suwala, Ki Puthut tan kapedhak, Sri
Bupathi arsa kondur, dénnya wus datan kapedhak,
Wus kobndur Sri Narapathi, Kyai Tuwa landhang-landhang,
lumaku sarwi sisindhén, pangngucappé nyata édan, baring Puthut Janthaka, di
lécek wedi maringsung, lumayu angngungsi wana,
Iya aja lumayu maris, yén ningsun uwis bramatya, amungsuh
Puthut maloto, ja siji ja loro nadyan, ana aronggo réngngan, yén bathigal
ingsun purun, ngong pangan sega wadhang,
Ki Buyut amuwus saris, bisa temen adol mbég, mau sapa rêp
madodong, malah dadi pipikullan, Ki Tuwa sru annyentak, singa wong ngalamun
wurung, atemuwa pisan-pisan,
Yén sampunna mor ping siji, ping pindho wedi punnapa,
mapan nuwis taté benter, nora sapisan kéwala, ingsun népangngi buta, sannajan
ana aséwu, padha lannang wedi apa,
Dénnya lumampah angari, anduluwa wedi sawah, tan wruh yén
nana isinné, sinnedhal sarya lumampah, séréd turut galengngan, Puthut janthaka
angruntuh, kipu cakut kadandappan,
Ki Thuwa noléya aglis, wurimu [24] iku punnapa, Ki Thuwa sugal sahurré, mongsa
baya lumakuwa, Ki Buyut asru mojar, si thuwa tan sandé lampus, endhassé dén
plokking buta,
Yata ki thuwa aannolih, anniba napassé ilang, gumer
swaranning punnang wong, yén ki thuwa sampun pejah, sinnautting janthaka, katur
mring raja mangukuh, wangsul saha balannira,
Puthut Janthaka ningngalli, yén Sang Prabu sanget duka,
gumeter sarwi andhépok, arsa lumajeng tan bisa, Sri Bupathi wus prapta, annéng
prennahé Ki Puthut, Ki thuwa sampun rinnembat,
Dén dalih snnsndhang kannin, Ki Thuwa dipun bebayang,
Puthut Janthaka anglongsod, Sri Bupathi angandika, iku Puthut Janthaka, yén
sedyaha ambek purun, pesthi yén duwé tennaga,
Dénné iku becik-becik, si Thuwa nora karowan, kalengnger
karêppé dhéwé, umatur Puthut Jantaka, nuhun patik bathara, anjanma akaping
pitu, dadossa abdi paduka,
Kami purunna ing Gusti, milanné amba tannarsa, lumajeng
tebih lan rajéng, sakarsa jeng Naranatha, sun tedha ing ngapapa, ngandika Prabu
Mangukuh, yén mengkonno karêppira,
Lumaku sun naken dasih, mannira kang ngawéh prennah, néng
longan lumbung becikké, yén nana wong ngumpet kaya, iku bagéyannira, wong duwé
pari rong ngatus, dénnakonni karo belah,
Kang séket sira duwénni, miwah annak putunnira, néng lesung
pancuddan pawon, ing latar myang tarêteppan, dalan gadhé pawuhan, anggonné
annak putumu, nembah Ki Puthut wus silang,
Angandika Sri Bupathi, dhateng sagung wadya bala, poma
kabéh wadyanning ngong, pawéstri yén kala adang, ywa lali buwang sega, ing tumang
atawa nutu, ing lesung tilarra beras,
Miwah lamunna musussi, pabannyon tilarra beras, yén nangi
tan kenna supé, annular sega ing ngiyan, iku wekas mannira, kawarnaha punnang
santun, kang lebur pinnangngan ama,
Sinnasak dipun niderri, dhumateng punnula sawa, gessang
pari purna kabéh, tan kalong wuwulénnira, tinningngal lan anglayan, punnang
ngula sarêng sampun, mider sahambanning sawah,
Angklengker puwara mati, prennahé wonten galengngan,
katingallanning Sang Kathong, yén
punnula sampun pejah, ngungun Sri Naranatha, purwakanné annéng lumbung, dénning
walungsungngan nula,
Sampunning kang ngula mati, wonten pawéstri katingngal,
lawan sang ngula tannadoh, kadya widyadari kéndran, parab niluwih éndah, kadya
sasongka mawelu, liringngé sor madu kilang,
IX.
Wayahé lagya rumaja putrid, asembada dedeggnya pineksa,
pepek kang punnang pangnganggé, ajamang sekar suhun, amakutha binuka asri,
asawit kuswaraga, nanging maksih pinjung, sutra di amonca warna, emerripun
kencana dhinnandhang gendhis, asingsim mamanissan,
Kelangkana kencana pinnodhi, podhi sekar kennango
ginnubah, asengkang basing kennitén, inten dadya panunggal, mirah sélan dadya
pangngapit, annelahi wedana, sang saya sumuru, gumebyar kadya lilidhah, Sri
Mangukuh éram sakedhap ningngalli, dhateng Kén Luwih éndah,
Sang rêtna yu dipun parêpekki, sarya ngandika sor madu
kilang, atma jiwanningsun nanggér, pun kakang ngawu-ngawu, payo kondur marang
jro puri, darma baé atengga, sajronning kadhatun, andika gusthi kang gadhah,
kusuma yu matur sarwi awot sari, kapundhi ing mastaka,
Pangandika dalem kakang ngaji, ulun binnekta mundur
lenggana, panuhun kula Sang Rajéng, yénnéstu Sang Ngaulun, lair batin angaken
céthi, dhateng ngawak kawula, sonten lawan nésuk, ameng ngamengnga mring sawah,
pratandhanné paduka asih ing mami, éstu kula ki kawula,
Sirna saking ngasrsannya narpathi, ngungun Sang Prabu
Mendhang Kamulan, kondur sawadya balanné, malebéng jro kadhatun, langkung
ngarja punnang negari, murah sandhang lan pangan, tulus kang tinandur, wadya
lit suka pirênna, sampun tamat cariyos ingkang tinulis, wasta srat mannikmaya.