Satrio Piningit dalam Kitab Musasar Jayabaya
Pupuh 18
Dene jejuluke nata
Lung gadhung rara nglingkasi
Nuli salin gajah meta
Semune tengu lelaki
Sewidak warsa nuli
Ana dhawuhing bebendu
Kelem negaranira
Kuwur tataning negari
Duk semana pametine wong ing ndesa
PUPUH 20
Bojode ingkang negara
Narendra pisah lan abdi
Prabupati sowang-sowang
Samana ngalih nagari
Jaman Kutila genti
Kara murka ratunipun
Semana linambangan
Dene Maolana Nglali
Panji loro semune Pajang Mataram
PUPUH 21
Nakoda melu wasesa
Kaduk bandha sugih wani
Sarjana sirep sadaya
Wong cilik kawelas asih
Mah omah bosah baseh
Katarajang marga agung
Panji loro dyan sirna
Nuli rara ngangsu sami
Randha loro nututi pijer tetukar
PUPUH 22
Tan kober paes sarira
Sinjang kemben tan tinoleh
Lajengipun sinung lambang
Dene Maolana Ngali
Samsujen Sang-a Yogi
Tekane Sang Kala Bendu
Sasmitane lambang kang kocap punika
PUPUH 27
Dene besuk nuli ana
Tekane kang Tunjung putih
Semune pundhak kasungsang
Bumi Mekah denya lair
Iku kang angratoni
Jagad kabeh ingkang mengku
Juluk Ratu Amisan
Sirep musibating bumi
Wong nakoda milu manjing ing samuwan
PUPUH 28
Prabu tusing waliyulah
Kadhatone pan kekalih
Ing Mekah ingkang satunggal
Tanah Jawi kang sawiji
Prenahe iku kaki
Perak lan gunung perahu
Sakulone tempuran
Balane samya jrih asih
Iya iku ratu rinenggeng sajagad