KITAB MUSARAR JAYABAYA
Asmaradana
Kitab Musarar inganggit, Duk Sang Prabu JayabayaIng
Kediri kedhatone, Ratu agagah prakosa, Tan ana kang malanga, Parang muka samya
teluk, Pan sami ajrih sedaya.
Milane sinungan sakti, Bathara Wisnu punika, Anitis ana
ing keneIng Sang Prabu Jayabaya Nalikane mangkana, Pan jumeneng Ratu Agung,
Abala para Narendra.
Wusnya mangkana winarni, Lami-lami apeputra, Jalu apekik
putrane, Apanta sampun diwasaIngadekan raja, Pagedhongan tanahipun, Langkung
arja kang nagara.
Maksihe bapa anenggih, Langkung suka ingkang rama, Sang
Prabu Jayabayane, Duk samana cinarita, Pan arsa katamiyan, Raja Pandhita saking
Rum Nama Sultan Maolana.
Ngali Samsujen kang nami, Sapraptane sinambrama, Kalawan
pangabektine, Kalangkung sinuba suba, Rehning tamiyan rajaLan seje jinis
puniku, Wenang lamun ngurmatana.
Wus lengah atata sami, Nuli wau angandika, Jeng Sultan
Ngali Samsujen, Heh Sang Prabu Jayabaya, Tatkalane ing sirekuKandhane Kitab
Musarar.
Prakara tingkahe nenggih, Kari ping telu lan para, Nuli
cupet keprabone, Dene ta nuli sinelan, Liyane teka para, Sang Prabu lajeng
andeku, Wus wikan titah Bathara.
Lajeng angguru sayekti, Sang-a Prabu Jayabaya, Mring Sang
raja pandhitane, Rasane Kitab Musarar, Wus tunumlak sadayaLan enget
wewangenipun, Yen kantun nitis ping tiga.
Benjing pinernahken nenggih, Sang-a Prabu Jayabaya, Aneng
sajroning tekeneIng guru, Sang-a Pandhita, Tinilar aneng KabahImam, Supingi
kang nggadhuh, Kinarya nginggahken kutbah.
Ecis wesi Udharati, Ing tembe ana Molana, Pan cucu Rasul
jatine, Alunga mring Tanah Jawa Nggawa ecis punika, Kinarya dhuwung puniku,
Dadi pundhen bekel Jawa.
Raja Pandhita apamit, Musna saking palenggahan, Tan
antara ing lamine, Pan wus jangkep ing sewulan, Kondure Sang Pandhita, Kocapa
wau Sang Prabu, Animbali ingkang putra.
Tan adangu nulya prapti, Apan ta lajeng binekta, Mring
kang rama ing lampahe, Minggah dhateng ardi Padhang, Kang putra lan keng rama,
Sakpraptaning ing gunung, Minggah samdyaning arga.
Wonten ta ajar satunggil, Anama Ajar Subrata, Pan arsa
methuk lampahe, Mring Sang Prabu Jayabaya, Ratu kang namur lampahTur titit
Bathara Wisnu, Njalama Prabu Jayabaya.
Dadya Sang Jayabaya ji, Waspada reh samar-samar,
Kinawruhan sadurunge, Lakune jagad karana Tindhake raja-raja, Saturute laku
putus, Kalawan gaib sasmita.
Yen Islama kadi nabi, Ri Sang aji Jayabaya, Cengkrameng
ardi wus suwe, Apanggih lawan ki Ajar, Ajar ing gunung Padhang, Awindon tapane
guntur, Dadi barang kang cinipa.
Gupuh methuk ngacarani, Wus tata denya alenggah, Ajar
angundang endhange, Siji nyunggi kang rampadan, Isine warna-warna, Sapta warna
kang sesuguh, Kawolu lawan ni endang.
Juwadah kehe satakir, Lan bawang putih satalam, Kembang
melathi saconthong, Kalawan getih sapitrah, Lawan kunir sarimpang, Lawan kajar
sawit iku, Kang saconthong kembang mojar.
Kawolu endhang sawijiKi Ajar pan atur sembah, Punika
sugataningong, Katura dhateng paduka, Sang Prabu Jayabaya, Awas denira andulu,
Sedhet anarik curiga.
Ginoco ki Ajar mati, Endhange tinuweng pejah, Dhuwung
sinarungken age, Cantrike sami lumajar, Ajrih dhateng sang nata, Sang Rajaputra
gegetun, Mulat solahe kang rama.
Arsa matur putra ajrih, Lajeng kondur sekaliyan,
Sapraptanira kedhaton, Pinarak lan ingkang putra, Sumiwi munggweng ngarsa,
Angandika Sang-a Prabu Jayabaya mring kang putra.
Heh putraningsun ta kaki, Sira wruh solahing, AjarIya
kang mati dening ngong, Adosa mring guruningwang, Jeng Sultan Maolana Ngali
Samsujen ta iku, Duk maksih sami nom-noman.
Sinom
Pan iku wus winejang, Mring guru Pandhita Ngali, Rasane
kitab MusararIya padha lawan mami, Nanging anggelak janji, Cupet lelakoning
ratuIya ing tanah Jawa, Ingsun pan wus den wangeniari loro kaping telune ta
ingwang.
Yen wis anitis ping tiga, Nuli ana jaman maning, Liyane
panggaweningwang, Apan uwus den wangeni, Mring pandhita ing nguni, Tan kena
gingsir ing besuk, Apan Maolana Ngali, Jaman catur semune segara asat.
Mapan iku ing Jenggala, Lawan iya ing Kediri, Ing
Singasari Ngurawan, Patang ratu iku maksih, Bubuhan ingsun kaki, Mapan ta
durung kaliru, Negarane raharja, Rahayu kang bumi-bumi, Pan wus wenang
anggempur kang doracara.
Ing nalika satus warsa, Rusake negara kaki, Kang ratu
patang negara, Nuli salin alam malih, Ingsun nora nduweni, Nora kena milu-milu,
Pan ingsun wus pinisah, Lan sedulur bapa kaki,
Wus ginaib prenahe panggonan ingwang,
Ana sajroning kekarah, Ing tekene guru mamiKang nama raja
pandhita, Sultan Maolana Ngali Samsujen iku kaki, Kawruhana ta ing mbesuk,
Saturun turunira, Nuli ana jaman maning,
Anderpati arane Kalawisesa.
Apan sira linambangan, Sumilir kang naga kentir, Semune
liman pepeka, Pejajaran kang negariIlang tingkahing becik, Negara kramane
suwung, Miwah yudanegara Nora ana anglabeti, Tan adil satus taun nuli sirna.
Awit perang padha kadang, Dene pametune bumi, Wong cilik
pajeke emas, Sawab ingsun den suguhi, Marang si Ajar dhingin, Kunir ta ingsun,
Nuli asalin jaman Majapahit kang nagari, Iya iku Sang-a Prabu Brawijaya.
Jejuluke Sri Narendra, Peparab Sang Rajapati, Dewanata
alam iraIngaranan Anderpati, Samana apan nenggih, Lamine sedasa windu,
Pametuning nagara, Wedale arupa picis, Sawab ingsun den suguhi mring si Ajar.
Juwadah satakir iya, Sima galak semu nenggih, Curiga
kethul kang lambang, Sirna salin jaman maning, Tanah Gelagah wangi, Pan ing
Demak kithanipun, Kono ana agama, Tetep ingkang amurwani, Ajejuluk Diyati
Kalawisaya.
Swidak gangsal taun sirna, Pan jumeneng Ratu adil, Para
wali lan pandhita, Sadaya pan samya asih, Pametune wong cilikIngkang katur
marang Ratu, Rupa picis lan uwang, Sawab ingsun den suguhi, Kembang mlathi
mring ki Ajar gunung Padhang.
Kaselak kampuhe bedhah, Kekesahan durung kongsiIku
lambange dyan sirna, Nuli ana jaman maning, Kalajangga kang nami, Tanah Pajang
kuthanipun, Kukume telat Demak, Tan tumurun marang siwi, Tigang dasa enem taun
nuli sirna.
Semune lambang Cangkrama, Putung ingkang watang nenggih,
Wong ndesa pajege sandhang, Picis ingsun den suguhiIya kajar sauwit, Marang si
Ajar karuhun, Nuli asalin jamanIng Mataram kang nagari, Kalasakti Prabu
Anyakrakusumo.
Kinalulutan ing bala, Kuwat prang ratune sugih, Keringan
ing nungsa JawaTur iku dadi gegenti, Ajar lan para wali Ngulama lan para nujum,
Miwah para pandhita, Kagelang dadi sawiji, Ratu dibya ambeg adil paramarta.
Sudibya apari krama, Alus sabaranging budi, Wong cilik
wadale reyal, Sawab ingsun den suguhi, Arupa bawang putih, Mring ki Ajar iku
mauJejuluke negara, Ratune ingkang miwiti, Surakarta semune lintang sinipat.
Nuli kembang sempol tanpa, Modin sreban lambang nenggih,
Panjenengan kaping papat, Ratune ingkang mekasi, Apan dipun lambangi, Kalpa sru
kanaka putung, Satus taun pan sirna, Wit mungsuh sekutuh sami, Nuli ana nakoda
dhateng merdagang.
Iya aneng tanah Jawa, Angempek tanah sethithik,
Lawas-lawas tumut aprang, Unggul sasolahe nenggih, Kedhep neng tanah Jawi, Wus
ngalih jamanireku, Maksih turun Mataram, Jejuluke kang negari, Nyakrawati
kadhatone tanah Pajang.
Ratu abala bacingah, Keringan ing nuswa Jawi, Kang miwiti
dadi raja, Jejuluke Layon Keli, Semu satriya brangtiIya nuli salin ratu,
Jejuluke sang nata, Semune kenyo musoni, Nora lawas nuli salin panjenengan.
Dene jejuluke nata, Lung gadhung rara nglingkasi, Nuli
salin gajah meta, Semune tengu lelaki, Sewidak warsa nuli, Ana dhawuhing
bebendu, Kelem negaranira, Kuwur tataning negari, Duk semana pametune wong ing
ndesa.
Dhuwit anggris lawan uwang’, Sawab ingsun den suguhi,
Rupa getih mung sapitrah, Nuli retu kang nagariIlang barkating bumi, Tatane
Parentah rusuh, Wong cilik kesrakatan, Tumpa-tumpa kang bilahi, Wus pinesthi
nagri tan kena tinambak.
Bojode ingkang negara, Narendra pisah lan abdi, Prabupati
sowang-sowang, Samana nglaih nagari, Jaman Kutila gentiKara murka ratunipun,
Semana linambangan, Dene Maolana Ngali Panji loro semune Pajang Mataram.
Nakodha melu wasesa, Kadhuk bandha sugih wani, Sarjana
sirep sadaya, Wong cilik kawelas asih, Mah omah bosah-basih, Katrajang marga
agung, Panji loro dyan sirna, Nuli Rara ngangsu sami, Randha loro nututi pijer
tetukar.
Tan kober paes sarira, Sinjang kemben tan tinolih,
Lajengipun sinung lambang, Dene Maolana Ngali Samsujen Sang-a Yogi, Tekane
jaman Kala BenduIng Semarang Tembayat, Poma den samya ngrawuhi, Sasmitane
lambang kang kocap punika.
Dene pajege wong ndesa, Akeh warninira sami, Lawan pajeg
mundhak-mundhak, Yen panen datan maregi, Wuwuh suda ing bumi, Wong dursila saya
ndarung, Akeh dadi durjana, Wong gedhe atine jail, Mundhak taun mundhak
bilahining praja.
Kukum lan yuda nagara, Pan nora na kang nglabeti,
Salin-salin kang parentah, Aretu patraping adil, Kang bener-bener kontit, Kang
bandhol-bandhol pan tulusKang lurus-lurus rampas, Setan mindha wahyu sami, Akeh
lali mring Gusti miwah wong tuwa.
Ilang kawiraningdyah, Sawab ingsun den suguhi, Mring ki
Ajar Gunung Padhang, Arupa endang sawiji, Samana den etangi, Jaman pitung atus,
Pitung puluh pan iya, Wiwit prang tan na ngaberi Nuli ana lamate negara rengka.
Akeh ingkang gara-gara, Udan salah mangasa prapti, Akeh
lindhu lan grahana, Dalajate salin-salin, Pepati tanpa aji, Anutug ing jaman
sewu, Wolung atus ta iya, Tanah Jawa pothar pathir, Ratu Kara Murka Kuthila pan
sirna.
Dene besuk nuli ana, Tekane kang Tunjung Putih, Semune
Pudhak kasungsang, Bumi Mekah dennya lairIku kang angratoni Jagad kabeh
ingkangmengkuJuluk Ratu Amisan Sirep musibating bumiWong nakoda milu manjing
ing samuwan.
Prabu tusing waliyulah, Kadhatone pan kekalihIng Mekah
ingkang satunggal Tanah Jawikang sawiji, Prenahe iku kaki Perak lan gunung
Perahu, Sakulone tempuran Balane samya jrih sajagad.
Kono ana pangapura, Ajeg kukum lawan adil, Wong cilik
pajege dinar, Sawab ingsun den suguhi Iya kembangsaruniMring ki Ajar iku mau
Ing nalika semana, Mulya jenenging narpati, Tur abagus eseme lir madu puspa.
Dhandhanggula
Langkung arja jamaning narpati, Nora nana pan ingkang
nanggulang, Wong desa iku wadale, Kang duwe pajeg sewu, Pan sinuda dening
Narpati, Mung metu satus dinar Mangkana winuwus, Jamanira pan pinetang, Apan
sewu wolungatus anenggih, Ratune nuli sirna.
Ilang tekan kadhatone sami, Nuli rusak iya nungsa Jawi
Nora karuwan tatane, Pra nayaka sadarum, Miwah manca negara sami, Padha
sowang-sowangan, Mangkana winuwus, Mangka Allahu Tangala, Anjenengaken Sang
Ratu Asmarakingkin, Bagus maksih tarun.
Iku mulih jeneng Narpati, Wadya punggawa sujud sadaya,
Tur padha rena prentahe, Kadhatone winuwusIng Kediri ingkang satunggil, Kang
siji tanah NgarabKarta jamanipun, Duk semana pan pinetang, Apan sewu luwih
sangang atus anenggih Negaranira rengka.
Wus ndilalah kersaning Hyang Widhi, Ratu Perangi anulya
prapta, Wadya tambuh wilangane, Prawirane kalangkung, Para ratu kalah ngajurit,
Tan ana kang nanggulang, Tanah Jawa gempur, Wus jumeneng tanah Jawa, Ratu
Prenggi berbudi kras anglangkungi, Tetep neng tanah Jawa.
Enengana Sang Nateng Parenggi Prabuing Rum ingkang
ginupta, Lagya siniwi wadyane Kya patihmunggweng ngayun, Angandika Sri
Narapati, Heh patih ingsun myarsa, Tanah Jawa iku, Ing mangke ratune sirnaIya
perang klawan Ratu Prenggi, Tan ana kang nanggulangi.
Iku patih mengkata tumuli, Anggawaa ta sabalanira, Poma
tundhungen den age, Yen nora lunga iku, Nora ingsun lilani mulih, Ki Patih
sigra budhal, Saha balanipu Ya ta prapta tanah Jawa, Raja Prenggi tinundhung
dening ki Patih, Sirna sabalanira.
Nuli rena manahe wong cilik, Nora ana kang budi sangsaya,
Sarwa murah tetukone, Tulus ingkang tinandurJamanira den jujuluki,
Gandrung-gandrung neng marga, Andulu wong gelung, Kekendon lukar kawratan,
Keris parung dolen tukokena nuli, Campur bawur mring pasar.
Sampun tutug kalih ewu warsi, Sunya ngegana tanpa
tumingal, Ya meh tekan dalajate, Yen kiamat punikuJa majuja tabatulihi, Anuli
larang udan, Angin topan rawuh, Tumangkeb sabumi alam, Saking kidul wetan
ingkang andhatengi, Ambedhol ponang arga.
.