Ramalan Jayabaya Sing Dipercaya Wong Jawa
Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran. (Kelak jika sudah
ada kereta tanpa kuda)
Tanah Jawa kalungan wesi. (Pulau Jawa berkalung besi)
Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang. (Perahu berjalan di
angkasa)
Kali ilang kedhunge. (Sungai kehilangan mata air)
Pasar ilang kumandhang. (Pasar kehilangan suara)
Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak. (Itulah
pertanda zaman Jayabaya telah mendekat)
Bumi saya suwe saya mengkeret. (Sejengkal tanah dikenai
pajak)
Jaran doyan mangan sambel. (Kuda suka makan sambal)
Wong wadon nganggo pakeyan lanang. (Perempuan berpakaian
lelaki)
Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman.
(Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik)
Akeh janji ora ditetepi. (Banyak janji tidak ditepati)
Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe. (Banyak orang
berani melanggar sumpahnya sendiri)
Manungsa padha seneng nyalah. (Manusia saling lempar
kesalahan)
Ora ngendahake hukum Allah. (Tak peduli akan hukum Allah)
Barang jahat diangkat-angkat. (yang jahat
dijunjung-junjung)
Barang suci dibenci. (yang suci justru dibenci)
Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit. (Banyak orang hanya
mementingkan uang)
Lali kamanungsan. (Lupa jati diri kemanusiaan)
Lalu kabecikan. (Lupa hikmah kebaikan)
Lali sanak lali kadang. (Lupa sanak lupa saudara)
Akeh bapa lali anak. (Banyak ayah lupa anak)
Akeh anak wani nglawan ibu. (Banyak anak berani melawan
ibu)
Nantang bapa. (Menantang ayah)
Sedulur padha cidra. (Sesama saudara saling berkhianat)
Kulawarga padha curiga. (Keluarga saling curiga)
Kanca dadi mungsuh. (Kawan menjadi lawan)
Akeh manungsa lali asline. (Banyak orang lupa asal-usul)
Ukuman ratu ora adil. (Hukuman raja tidak adil)
Akeh pangkat sing jahat lan ganjil. (Banyak pejabat yang
jahat dan ganjil)
Akeh kelakuan sing ganjil. (Banyak ulah/tabiat yang
ganjil)
Wong apik-apik padha kapencil. (Orang yang baik justru
tersisih)
Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha kerasa isin.
(Banyak orang bekerja halal justru merasa malu)
Luwih utama ngapusi. (Lebih mengutamakan menipu)
Wegah nyambut gawe. (Malas untuk bekerja)
Kepingin urip mawah. (Inginnya hidup mewah)
Ngumbar nafsu angkara murka, mggedhekake duraka. (Melepas
nafsu angkara murka, memupuk durhaka)
Wong bener thenger-thenger. (Orang (yang) benar
termangu-mangu)
Wong salah bungah. (Orang (yang) salah gembira ria)
Wong apik ditampik-tampik. (Orang baik ditolak)
Wong jahat munggah pangkat. (Orang jahat naik pangkat)
Wong agung kasinggung. (Orang (yang) mulia dilecehkan)
Wong ala kapuja. (Orang jahat dipuji-puji)
Wong lanang ilang kaprawirane. (Laki-laki hilang
keperwiraan atau kejantanannya)
Akeh wong lanang ora duwe bojo. (Banyak laki-laki tak mau
beristri)
Akeh wong wadon ora setya marang bojone. (Banyak
perempuan ingkar kepada suami)
Akeh ibu padha ngedol anake. (Banyak ibu yang menjual
anaknya)
Akeh wong wadon ngedol awake. (Banyak perempuan yang
menjual diri)
Akeh wong ijol bebojo. (Banyak orang yang bertukar
istri/suami)
Wong wadon nunggang jaran. (Perempuan menunggang kuda)
Wong lanang linggih plangki. (Laki-laki naik tandu)