BONDO NDUNYO DRAJAT PANGKAT

0

BONDO NDUNYO DRAJAT PANGKAT 




Ojo murko, Wong urip kuwi sing sabar nrimo

Dadi wong urip kuwi ojo ngrekoyoso, sak madya, sak titahe, amargo Gusti Allah kuwi mboten sare

Saben-saben menungso siji-siji kuwi pinompo rejekine dewe-dewe 

Akeh sitik disyukuri.

Menawi kancane bungah ojo seri,  elingono yen drajad, pangkat kuwi ora digowo mati.

Drajat pangkat kuwi mung sampiran, mung titipan, sak madyo, sak titahe mawon


Wong urip kuwi ojo ngawulo marang ndunyo lan bondo 

Ojo mung ngejar pangkat lan drajat napsune menungsa 

Sajatine kabeh kuwi mung titipan lan sampiran 

Ora ono critane pangkat lan bondo iso digowo mati 

Urip nang ndunyo yen diniati ngibadah kanthi iklas, benjang kaleh Gusti Allah bakal diparingi kamulyan lan suwarga.


Bondo ndunyo mung titipan wenang musno

Drajat pangkat mung sampiran wenang minggat

Nyowo mung gaduhan wenang lunga

Ilmu manfaat kang bisa kaberkat tekan akherat


Drajat lan pangkat isa minggat

Banda ndonya isa muspra tanpa guna 

Bala kanca isa tindak culika 

Mula aja gampang kapilut gebyaring ndonya

Gunakna kanthi prayitna 

Nganti tumibaning titi mangsa


Bondo ndunyo kuwi mung titipan 

Pangkat lan jabatan mung ujian

Ning lek wes duwe loro-lorone iku ojo nganti angkuh lan sombong 

Kabeh iku wis ginaris


Rasane Wong urip iku yen kulina nglakoni, ewadene ora rumangsa bisa ning bisa rumangsana 

Ngrumangsani yen urip iku mung saderma. 

Banda ndonya bisa onya 

Pangkat drajad bisa oncat 

Bojo ayu bisa mlayu

Surodiro jayaningrat brasta tekap darmastuti.

Suro tegese wani, diro kendel, jaya unggul, brastha tekap lebur dening pangestuti bumi Jawa bebasan bumi saloka bokor kencana, sapa cidro ing kono bakal nemoni cilaka. 

Wong yen tekun bakal entuk teken temahan bakal tekan.


Gesang ingkang tentrem ayem rahayu punika mbetah kanugrahan kamulyan jati, tegesipun bilih gesang tentrem punika kawujudaken sarana pambeg saguh, setya, raos syukur ugi sumarah mring Gusti Kang Maha Rat. 

Ugi kamulyaning gesang mboten dumunung wonten ing raja brana, banda ndunyo hananging dumunung wonten ing batin, ingkang dumugi saking tumindak utama sarta sabar narima saliring lelakon ingkang nembe sinandang


Eling lan waspada 

Sadar lan sabar

Setiti lan ngabekti 

Sumeleh tur sareh

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)