SEKAR KUSUMAWICITRA
&
KIDUNG KUSUMAWICRITRA
Sekar Kusumawicitra
32. Kusumawicitra lamp. 12 ped 6, 6 x 2: 24 x 2: 48
Sekar Kusumawicitra menika isi dasanama wewatekaning tembung ing sengkalan, saking watek satunggal dumugi watek das
1. Rupa– têmên | côndra– wulan purnama | sasi– wulan jangkêp | nabi– wudêl | sasa– lintang | dhara– wêtêng | bumi– lêmah | Budha– luwih: namaning môngsa satunggal | roning– godhong | mèdi– jubur | iku– buntut | dara– pêksi dara | janma– wong | eka– satunggal: wiji: tuduh | wak– badan sapata |suta– anak | siti– lêmah wêdhèn | awani– kêndêl: srêngenge | wungkulan– wutuhan: bundêran | wulan– wulan têmên | niyata– yêkti | tunggal kabèh– watak satunggal punika sadaya ||
2. Netra– paningal | caksuh– pasuluhan | nayana– ulat | sikara– tangan | buja– bau: namaning môngsa kalih | paksa– uwang | drasthi– alis | ama– pêpasu: wêwêri | locana– urang-uranging mata | carana– athi-athi |karna– kuping | karni– ambaning kuping: sungu | anêbah– tlapukan: anêbak | talingan– pangrunguning kuping | mata– ambaning mata | lentangana– lantangan roro | lar– wulu suwiwi | anêmbah– ngabêkti | suku loro– sikil karo ||
3. Bahni– gêni pandhe | pawaka– gêni pucuking gunung | siking– gêni upêt: têkên | guna– gêni agaran: kasagêdan | dahana– gêni tanpa sangkan | trining rana– gêni tunon: gêni paprangan | uta– lintah |ujêl– wêlut | anauti– cacing | jatha– gêni winadhahan: siyung | wedha– gêni pawon: sêrat pêpakêm: namaning môngsa tiga | analagni– gêni panasing ati | utawaka– gêni wong manggang | kayalena– gêni balubukan | puyika– gêni dilah | tiga– têlu | uninga– gêni obor ||
4. Wedang– banyu panas | sagara– banyu ngidêri jagad | karti– banyu sumur | suci– banyu padasan | jaladri– banyu rawa: sagantên | nadi– banyu kali |hèr– banyu pucuking gunung | nawa– banyu adhêm | samudra– banyu têlêng | jalanidhi– banyu angêdhung | warna– banyu sawangan | toya di– banyu jêmbangan | wahana– banyu udan | waudadi– banyu deresan: pancuran | sindu– banyu susu | warih– banyu krambil | dik– padon sakawan | tasik– banyu oyod: sagantên | catur yuga– keblat papat: namaning môngsa sakawan | pat– sakawan ||
5. Buta– buta lanang kang siyung |Pandhawa– putraning Pandhu | tata– gêtih otot | gati– kêkêtêg: pramana: namaning môngsa gangsal | wisaya– panggawe: pirantos | indri– bayuning mata | yaksa– buta wadon kang siyung | sara– lêlandhêp | maruta– angin ngirid gandaning sêkar | pawana– angin adrês | bana– alas agêng | margana– angin nèng dalan | samirana– angin ngilangakên kringêt | warayang– sanjata | pônca– gangsal | bayu– angin kang manjing mêdal | wisikan– wuruking bapa |gulingan– barat mêtu paturon | lima– gangsal ||
6. Masa– môngsa nênêm | sadrasa– rasa nênêm | winaya– anggang-anggang: namaning môngsa nênêm | nggana– tawon | rêtu– kawor: uyêk-uyêkan | anggas– kayu glinggang: ibêr-ibêran | oyag– obah | karêngya– karungu: rinêngga: kaupakara | pangrarasing nêm– pangrarasing watak nênêm | tahên– kayu taun | wrêksa– kayu tinêgor | prabata– kayu rubuh malang nèng dalan | kilating kanêm– lêlidhahing môngsa kanêm | lona– pêdhês |mla– kêcut | tikta– pait | kyasa– gurih | dura– asin | sarkara– manis ||
7. Ardi– gunung urut pasisir | prawata– gunung têpung sami gunung | turôngga– jaran | giri– gunung gêdhe | rêsi– pandhita suci | ôngsa– banyak: turun | biksuka– sapi: namaning môngsa pitu | cala– sukuning gunung | himawan– mega pucuking gunung | sapta– pitu | pandhita– putus | swara– pandhita kalok |gora– anggung | muni– pandhita muruk: muni | swa kuda– jaran kêbiri | tungganganing gunung– têngahing gunung | wiku– pandhita ing gunung | ya pêpitu– inggih pêpitu ||
8. Naga– ula gêdhe | panagan– ênggon ula gêdhe | salira– manyawak | basu– têkèk: kumaraning naga: namaning môngsa kawolu | tanu– bunglon | murti– cêcak: sangêt | kunjara– kandhang gajah: gêdhong pasakitan | gajah– gajah nèng wantilan | dwipôngga– gajah tinitihan ratu |asthi– gajah dèn palanani | samadya– gajah nèng têngahing dalan | manggala– gajah binêkta prang: pangajêng | dirada– gajah mêta | bujôngga– ula lanang | brahmanastha– pandhita sabrang wêwolu | dipara– gajah binêkta cangkrama | liman– gajah ginawa midhang | lan ula– ula lanang ||
9. Trustha– lèng bêdhil: suka | trusthi– lèng tulup | muka– rêrai | gapura– lawanging ratu | wiwara– lawang sakèthèng | dwara– lawanging omah | nanda– lèng kodhok: sêsotya: namaning môngsa kasanga |wilasita– lèng kombang | guwa– lèng patapan | rago– lèng samun | ludra– uluraning dewa | gatra– lèng gangsir | gônda– ambêt | lèng– lèng sêmut | rong– lèng ula | song– lèng landhak | têrusan– lawang butulan | yèku ôngka– inggih punika wêwilangan | babahan– lèng maling | hawa sasanga– bolonganing badan ||
10. Boma– sukêt mati: awang-awang: namaning môngsa sapuluh | sunya– suwung | gêgana– langit kesisan mega |barakan– tan katon: sêndhalan | adoh– têbih | ing langit– ing langit | anatan– katon tan kagayuh | windu– tumbuking taun | anèng wiyat– langit kang amor lan mêndhung | widik-widik– katon nuli ilang | malêtik– satêngahing langit: manculat | sirnèng gêgana– sirna ing langit | sagunging das– sakathahe kang ilang | walang– mêsat | kos– anggusah | watak sapuluh– watak sadasa ||
KIDUNG KUSUMAWICRITRA
Kidung Kusumawicitra adalah karya sastra Jawa klasik yang memuat ramalan mengenai kondisi moral, sosial, dan spiritual manusia saat memasuki zaman Kaliyoga (zaman kemerosotan moral). Teks ini menggambarkan bagaimana tatanan dunia berbalik, di mana kedudukan dan kehormatan semata-mata diukur dari kekayaan materi, kaum pandeta kehilangan wibawa, serta moralitas manusia mengalami kemerosotan yang parah.
Hong wilaheng sekaring bawana langgeng
1. Menawi dumugi ing jaman Kaliyoga, mboten wonten ingkang
ngelangkungi tiyang sugih, boten kocap tiyang ingkang guna,
ingkang prawira, utawi pandita putus, sadaya sami marek
anembah dhateng tiyang sugih.
2. Ing jaman ngriku bangsaning Pendita sirna, lawan
bangsaning ratu melarat kawelasasih, anak sampun purun di
pitenah, para pandita sami ngelampahi dados nakoda.
3. Bumi tansah gonjing, jagad tansah dahuru, Ratu keringan
arta tansah pinisungsungan ing tiyang sugih, sagung ingkang
ulah padamelan sami nurut ingepahan, seganten mili dateng
lepen.
4. Tiyang beber (darah) asor wangsul dados tiyang luhur,
kamurkanipun tiyang saya anglangkungi, Sang Ratu
kalumuhan dhateng sang Pandhita, mboten woten kang
anglampahi panembah.
5. Kaliyan wedalanipun kaluhuran saking dipun saranani arta,
karanten Sang Ratu kawisesa dhateng tiyang sugih, tiyang
salah dados awet ing damel, tiyang leres dados ketiwar tiwar,
awit saking melarat.
6. Tiyang murka sangsaya andadra dados angsal pengenan,
tiyang sabar wekasane dados kirang paramarta, tiyang dursila
durjana sami adamel cilakanipun tiyang sepuhipun.
7. Sang Ratu sasat suwita dating sang Pepatih, sagung ingkang
andum sami milih, pratingkahipun sawenang wenang, ical
berkating bumi, sami kasrakat, kadosto : oyod oyotan,
gegodhongan, woh wohan sami tanpo guna.
8. Ingkang saged, ingkang kewasa, boteng angresepi ing jagad, bangsa Pandita, Satriya, Waisya miwah bangsa Sudra sami
tunggal padamelan, karanten sajagat sami angaken saged, sami
angegung aken diri, mboten wonten ingkang purun kasoran.
9. Tiyang ulah sastra tuwin ulah puja Samadhi boten wonteng
ingkang anut ing pamardining Panditha, tanpa damel , sagung
japamatra mboten wonten ingkang katarimah, adil khukum
mboten anglabeti, temah dados durgama.
10. Sami rebah ing sekar cepaka, hangsoka, hangsana,
candhana wungu, kenanga, surastri, nagasarai, sadaya witipun
sirna sami winandungan, tinegoran, tinutuhan, kaparapalan
erining pung secang lawan pilang.
11. Sakatahing peksi : merak, banyak, dhangdhang, bango
sapanungalanipun sami lebur pinasangan pikat lajeng
sinengkeran, ingkang suko bingah namung : segawon, babi,
sami ing openan, panilala tinuwukan erah kalian daging.
12. Salebeting jaman Kaliyoga sakatahing tiyang sami langkung
amurka, tansah tukar arebat kaluhuran, tiyang sajagat
sampun mboten uningo dating sanak sadherek, mengsah
ingkang sampun kathah cacatipun rinangkul minangka kanthi.
13. Wewalering Dewa tinarajang, sakatahing candhi
rinisakaken, kabuyutan mboten wonten damelipun, sami
sumun, sagung sami carios pepakem, kagunan, kasantikan,
sami linebur dening tiyang bodho ingkang murka ing jagad.
14. Kacarios ing jaman punika saestunipun sakawan, ingkang
wiwitan nama jaman Kretayuga, Sang Hyang Premana ingkang
dados witing agesang, punika wonteng pulunging galih, saweg
tasih siniwi ing Swarga.
15. Kaping kalih jaman Tirtayuga, prenah ipun Sang Hyang
Premana wonten samdyaning paningal. Kaping tiga jaman
Dwaparayoga prenahipun Sang Hyang Premana wonten daging
kalawan erah.
16. Kaping sekawan jaman Kaliyoga, Sang Hyang Premana
manggia ing kulit lawan ulu puhung. Dene yen Jaman
Kretayuga yuswa ning Sang Hyang Premana saketi taun.
17. Ing Jaman Tirtayuga punika gesangipun Sang Hyang
Premana dumugi saleksa taun, Ing Jaman Dwaparayoga yuswa
sewu taun langkung satus taun kalian satuh wulan.
18. Yen Jaman Kaliyoga punika yuswanipun enggal enggal,
kados upaminipun gebyaring kilat wonten ing mendhung, Kala
ing Jaman Kretayuga, wiwitipun ingkang dados perang
putranipun pandita nama Dewi Nuruki.
19. Ing Jaman Tirtayoga, jalarananipun ingkang dados perang
ageng nama Dewi Sinta, ing Jaman Dwaparayoga ingkang
dados wiwitaning perang Drupadi, kocap putri linuwih.
20. Ing Jaman Kaliyoga kathah ingkang dados sababing perang
ageng, inggih punika pawestri, siti, miwah rajabrana. Mila
kaenget engetan. Sang Sujana sampun pijer olah arta, amrih
dhateng tiyang estri.



